Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434668
Hari ini     :Hari ini :68
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :134
Bulan ini   :Bulan ini :3297
s/d hari ini   :s/d hari ini :434668
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 4

Kontak Admin.

email-kidemang

(05h) Kaca 249 - 255

 

( Sêrap surya sami wontên ing têlênging Wanakakas )

12

5. Sadintên muput sami lumampah, namung kèndhêg salat Luhur tuwin Ngasar sarta dhahar. Sêrap surya sami wontên ing têlênging Wanakakas ingkang kadi taman asri,

mila lajêng sami salat Mahrib sarta lêrêm ing ngriku. Dumadakan wontên tiyang kalihdasa sami dhatêng, nêmbung tumut sipêng ing ngriku, katulak mêksa botên purun, malah sami ngaturakên woh-wohan mawarni-warni. Dalunipun sami rêratiban, dhikir suhul ngantos sami dhawah kantaka botên kantênan alang ujuripun. Nalika Ki Monthèl nglilir, sumêrap ing kiwa-têngênipun sima tilêm sêsênggoran. Sima kagèt sami lumajar. Punika sima gadhungan kadadosanipun têtiyang ingkang sami nunut papan lan asung woh-wohan. Bakda Subuh rombongan mangkat malih, mêdal wana sacêlaking dhusun Kêplêng. Ing wanci lingsir surya ngancik têlênging Wanasaba, sami lèrèn salat Mahrib dumugi Ngisa. Gagat bangun mangkat malih ngancik laladan Wanamarta. Kapanggih Ki Nuripin ingkang panuju wontên ing têgalan. Ki Nuripin lumajar wêwartos dhatêng rabinipun, nanging bingung anggènipun badhe nyugata. Wêkasan kabiyantu dening tangga-têpalihipun. Sasampunipun salat lajêng kêmbul dhahar ing pandhapi. Bakda Subuh Ki Nuripin atur priksa dhatêng Wanamarta.

II. Ing krajan Wanamarta Ki Bayi Panurta gêrah dipun-tênggani Ni Malarsih, sampun katingal badhe waluya. Jayèngrêsmi, Jayèngraga dalah rombongan dhatêng adamêl rênaning panggalihipun Ki Bayi kakung putri dalah para kulawarga. Pasugatan andilir. Para tamu kapondhokakên ing griyanipun para sadhèrèk, namung Sèh Mangunarsa kapapanakên ing tajug. Dalu kataman Kur'an. Enjing bibar sarapan sami bawa-raos ngèlmi. Sèh Amongraga rawuh sakalihan kadhèrèkakên murid Ki Ragasmara, paring piwulang bab purnaning panêmbah lan sanès-sanèsipun. Wêkasan para tamu sami mantuk kanthi babêktan kathah.

Ki Bayi gêrah katêngga garwa lan para kadang-warga. Sampun katingal sakeca sasampunipun dhahar rujak. Dumadakan Ki Nuripin sowan ngirid para putra lan tamu, andadosakên rênaning panggalihipun Ki Bayi sakalihan. Para tamu kapondhokakên ing griyanipun kadang-warga, namung Sèh Mangunarsa ingkang kapapanakên ing tajug. Pasugatan ambanyumili, lajêng kêndhuri. Sontên kêmpal ing pandhapi sami ngaos kasambêt kataman Kur'an, kalajêngakên bawaraos ngèlmi. Ki Bayi kapengin kapanggih Sèh Amongraga, makatên ugi sadaya para tamunipun. Sagêd kalêksanan, Sèh Amongraga rawuh sakalihan kadhèrèkakên Ragasmara, paring piwulang bab jatining gêsang, ananing Pangeran, dununging kawula Gusti, jatining sêmbah lan Sukma ingkang kathah pralambinipun. Gagat enjing sami salat Subuh. Sèh Amongraga sapandhèrèk wangsul dhatêng kaênêngan. Sasampunipun sarapan, para tamu pamit wangsul, kaparingan sangu babêktan kathah.


Kaca 254 - 255

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 12 - Kaca : 249

630.
Kang tarekat tur ênggonne pati |
apan anèng kubur makam jamak |
manggya lalan yune reke |
kakekat pan anyatur |
(ng)gonning patinèng kubur singgih |
makam jaminul jamak |
mangguh lali emut |
ucape kang mangaripat |
(ng)gonning pati kubur makam baka singgih |
urip tan kênèng pêjah ||

631.
Marma langgêng kewala ing akir |
kang cinatur mungguh swarga nraka |
ngibarat upama bae |
rêngganing janma luhung |
lan rêngganing janma sor urip |
kang maksih sinung hayat |
kauripanipun |
wênang akarya penginan |
lawan wênang ing sorah karya wêwêdi |
supadi praptèng tama ||

632.
Pinindi ing ngèlmi pat prakawis |
sarengat lan tarekat kakekat |
makripat rêke tan pae |
ing kajatèyanipun |
kang mangka idayattolahi |
purbaning ngèlmu papat |
pedah apituduh |
marang ing agama mulya |
supamine sujalma sinuprih luwih |
punjul samèng tumitah ||

633.
Krana ngèlmi wus nampik amilih |
ngèlmi kang pedah mring kaluhuran |
wahyu donya akerate |
kikmah kamulyanipun |
lan ngèlmi mrih sosoring urip |
pituduh kang agiwar |
mring Sang Maha Catur |
ngèlmining Hyang Kang Minulya |
yakti dadya dadalaning pati urip |
pamanggiyan kamulyan ||

634.
Miwah pamanggiyan durakèki |
datan kêna linyok ing panduman |
ala kalawan bêcike |
pasthi mijil sing ngèlmu |
wulang wuruk tuduh bibisik |
pan saking ngèlmu uga |
tan lyan saking ngriku |
ihtiyar pamilihira |
swarga nraka ala ayuning pamanggih |
ing kauripanira ||

635.
Miwah pamanggih sawusing pati |
inggih ingsa Allahu Tangala |
wa hu-aklam pambagine |
ala kalawan ayu |
pasthi datan uwus pinanggih |
kadi banyoling murat |
wawadhaganipun |
dalaning pati ginawa |
mring dalanggung gêdhe ywa nimpang ing margi |
kang tutug ing kuburan ||

Jilid 12 - Kaca : 250

636.
Lamun nimpang satêngahing margi |
ambêlasak marang ing pomahan |
ambubrah dhadhah myang bêthèk |
ngambah dudu dalanggung |
pasthi nêmu srêngêning jalmi |
dèn-balak ingakathah |
sêdya ambabêntur |
malah patut binlojodan |
babathange kinèn ngèlèkkên ing kali |
kang gawa jinêmalan ||

637.
(ng)Gonning pati linuwang ing bumi |
tinunggilkên kuburing wong kathah |
dèn-atulus pamêndhême |
ewa makatênipun |
anggènnira amêndhêm jisim |
anèng natar pomahan |
tuwin joganipun |
amêsthi manggih babaya |
malah-malah rinampas sadarbèknèki |
bangkene kinèn (m)buwang ||

638.
Jisimira sami lawan wêrjit |
pati siya-siya anggagawa |
marang bilaining akèh |
Kiyai kang puniku |
datan têbih raosing ngèlmi |
ingkang sampun kacupan |
kadya ngajêng wau |
marma kang samya narima |
sarta lila ing driya marang ing ngèlmi |
agal alusing sorah ||

639.
Lir puniku guguyoning alim |
karya lèlèjêm saruning sorah |
wus maklum ngèlmu kabèhe |
prèjènganing aluhung |
datan ninang kajatyanèki |
nadyan nistha èng sabda |
utami tinêmu |
lah duk sawiji ing tangat |
ing manpangat mèngêti angaramati |
marang bangsa agama ||

640.
Ke Cariksutra mèsêm angliring |
kagawokan surasaning nala |
kacupan sakarêntêge |
kalancanganing wuwus |
asasmitèng Kulawiryèki |
kang sinasmitan tanggap |
ing naya apagut |
gumuyu Ki Kulawirya |
binayantu sadaya suka ing galih |
kalêjaraning driya ||

641.
Têrang jêrnihira binarêsih |
dènnira sang Sèh Adi Nujêmba |
lir kitri katranganing we |
mangka kadrêsan jawuh |
sêgêr ronnya ngudaya sêmi |
kêmbang mèsi mardapa |
enggal hyunnya tuwuh |
tyase kang para ngulama |
pendah ratri kadipan dening Hyang Rawi |
kawulat sèsining-rat ||

Jilid 12 - Kaca : 251

642.
Tuwin pra waela mulyan kapti |
kadya mina katêlêngan tirta |
jêmbar kalautan tyase |
tan na sangsayèng kalbu |
rasa kaidayating ngèlmi |
minulyakakên dènta |
kasuciyanipun |
katarik katrakanira |
padungkapaning tyas tan malangatèni |
jalwèstri samadaya ||

643.
Yata ing wanci kaluruk ratri |
ratri poting palilah ijabah |
(n)dungkape wêktu Subuhe |
samya kinèn awulu |
mring pahèran mèt toyastuti |
sawusnya samya kadas |
asêmbahyang Subuh |
sira Sèh Adi Nujêmba |
angimami ing asalat Subuh nênggih |
andadèkakên niyat ||

644.
Tan rêkasa ing karsa lêstari |
parênging takbir wus tan kinarya |
lir alun lan samodrane |
toyane tan kawuwus |
kawimbuhan jênêng jaladri |
kaobaning sagara |
kulatan rah makluk |
slira Pangeran balaka |
datan Sipate Asma Apêngalirèki |
pon Maha Sukci juga ||

645.
Kang mangkono salating ngaluwih |
datan ngêngkoki datan apasrah |
tan mokal lan Kalèk rêke |
lir tan kêna dinunung |
pacampuhing kawula Gusti |
lir sastra kinakata |
datan kasaliru |
ranning sastra lan uninya |
sadurunge ngunèkkên uni wus muni |
anèng piyambakira ||

646.
Ikram kasuciyaning Hyang Widdhi |
tubadilira wajah istitah |
mukramahe Patekahe |
pasêkat kir'atipun |
sakathahe datan kalêmpit |
swaranya rum kajiman |
tan na imbanipun |
wawacane wus Patekah |
apan surat Sujada awalirèki |
rêkangat sinujudan ||

647.
Wusing Patekah rêkangat akir |
Surat Kasar dêge Kinunutan |
gya tahyat akir tartibe |
lan tumaninahipun |
salam bakda laju pupuji |
dikir purna anulya |
donga limang wêktu |
tawasul Asmakul-kusna |
wus paragat salawat salaman sami |
warata sadayanya ||

Jilid 12 - Kaca : 252

648.
Wangsul tata palungguhanèki |
sang Sèh Adi Nujêmba ngandika |
yèn parêng rêke ing mangke |
singgih Kae ramèbu |
kawula yun ngèski kawingkis |
jiyarah ring kanêngan |
mupiting ngasamun |
lan putranta Ni Waela |
Salabranta kang darbe siswa sasiki |
panêngran Ragasmara ||

649.
Paduka sami kantun basuki |
andodonga kuwating ngibadah |
ngutamèkkên pamujine |
ingkang sukuring ngèlmu |
atêpakur marang Hyang Widdhi |
nuwun salamêt donya |
myang akeratipun |
tuwin Kae Adimuncar |
Arsèngbudi Rundarsa Carik Sutrèki |
miwah samadayanya ||

650.
Samya anor jumurung turnya ris |
singgih sumangga sakarsa tuwan |
sang Adi Nujêmba ring rèh |
sami anor tumungkul |
nulya asung salamirèki |
mangarsa mring kang rama |
nulya sadaya wus |
Jayèngrêsmi Jayèngraga |
Ki Sèh Malangkarsa Sèh Mangunarsèki |
lawan Sèh Anggungrimang ||

651.
Samya nguswa ing pada ngabêkti |
mring kang raka Sèh Adi Nujêmba |
Sèh Mongraga lon dêlinge |
marang ing garwanipun |
Nikèn Tambangraras sirèki |
lan siswa ngabêktiya |
marang rama ibu |
Ni Waela Selabranta |
tur pranata mring rama Kiyai Bayi |
ngaras êmbuning putra ||

652.
Atur sêmbah ring ibu Malarsih |
saha kinuswa lungayanira |
gantya mring pra waêlane |
pan asung salamipun |
Ni Wilapa wadon Palangi |
Rarasati Turida |
Rancangkapti tan wun |
samya nêmbah maring raka |
nulya siswa Ragasmara atur bêkti |
mring Ki Bayi Panurta ||

653.
Miwah mring ibu Nikèn Malarsih |
tumulya tur salaming sadaya |
sawusnya kadyèka rêke |
sang Sèh Adi Mongluhung |
uluk salam sanalika nis |
sagraha siswanira |
wisatèng ngasamun |
mursita ing palungguhan |
sinauran ngalaekumu-salami |
kang nis tan kaduluan ||

654.
Wus mangkana wau kang alinggih |
katilaring sang Adi Nujêmba |
kamangunahan driyane |
lir galinggang tinunu |
mèntèr antèr antaranèki |
mongah-mongah awangwa |
marab mawa urup |
tan kocor tahên matarang |
pra ngulama tyasnya kadi bisa ugi |
anganjat kajatmikan ||

Jilid 12 - Kaca : 253

655.
Turun sata mèh raina enjing |
karukrukan sawung kaswabawa |
atêtêgar ring natare |
amèt cucukanipun |
barung asri swaranya asri |
jalak thilang kapodhang |
cocak mrak manguwuh |
nyangungong ngakak jag-jagan |
tuwu hantu wantu nèng wrêksa gung inggil |
kokolik guligikan ||

656.
Kadya bantu pangènggaring galih |
pra ngulama kang katranganing tyas |
lir wastra binarsihake |
tan na guguluhipun |
pantên lamun kangge tumuli |
mangkana isthanira |
myang srining kang dhukuh |
karajaning Wanamarta |
kadya agring ing mangkya antuk usadi |
myang lya cêcêning(?) desa ||

657.
Mabang kambanging taruna mijil |
ring pracima nitih (ng)granning arga |
nirat sèsining rat kabèh |
kitri katrangan nrawung |
kakajêngan wuryaning rêsmi |
tiris dênta myang pucang |
ambabar mayang rum |
lumrang sinranging sadpada |
sari wêgar-wêgar kawêdharan dening |
kaèngêl ing jarahan ||

658.
Akêtêran kairiting angin |
tiyunging pang pradapa ngalayang |
adhodhor ronnira rongèh |
lir milya suka sukur |
kêkêjale kadya nganthuki |
mring kang antuk sih sabda |
-nirèng jalma luhung |
pala gumantung ngungalwah |
kadi-kadi atuduh raganya manis |
supadi binuktiya ||

659.
Yata wau kang samya alinggih |
nèng panêpèn langgar pasimparan |
Kae Bayi Panurtane |
ngandika mring pra tamu |
pênêt lunggyèng maring pandhapi |
sadaya kang liningan |
tan lêngganèng kayun |
nulya mijil sing sasana |
mring pandhapa atata dènnira linggih |
pra waela ring wisma ||

660.
Ngrukti pasugatèngirèng tami |
wus samêkta samadayanira |
anuduh pawong rowange |
ingirit marang ngayun |
santri Luci wadon Sumbaling |
Malarsih praptèng ngarsa |
Ni-nDaya abikut |
anata rampadanira |
pasèmèkan sarwa angêt sadayèki |
andhèr anèng ing ngarsa ||

 

Jilid 12 - Kaca : 254

708 Dhandhanggula

661.
Kae Bayi alon ngancarani |
sumangga sami tuturuh asta |
sasarapan sawontêne |
kewala sami kêmbul |
kasayahan anatas ratri |
ingkang liningan agya |
jalwèstri tuturuh |
(n)dan lêkas sami anadhah |
apakantuk dènnira sami abukti |
sarwa ngêt (n)jing-enjingan ||

662.
Wus antara nutug dangunèki |
aluwaran dènnira anadhah |
turuh asta sadayane |
ambêng cinarik sampun |
sinungakên santri pamburi |
anadhah ting kucapah |
wradin samya tuwuk |
nulya dhadharan mangarsa |
cinarakkên punika pangusap amis |
adhahar mamangsêgan ||

663.
Kang ingancaran samya angambil |
nyanyamikan ing sasênêngira |
myang pra waela anggape |
wau ta para tamu |
Adimuncar Ke Arsèngbudi |
Rundarsa Cariksutra |
myang Carikmudhèku |
lan Kae Sèh Malangkarsa |
lan Sèh Modang lan Ki Pariminta tuwin |
Kae Sèh Mangunarsa ||

664.
Sèh Gungrimang lan Kulawangsèki |
Ki Piturun Palakartinira |
paguting tyas sasmitane |
kang samya ning asêmu |
Kae Adimuncar ngling aris |
kakang Kae Rundaya |
yèn parênging kalbu |
kawula yun papamitan |
miwah para rinta sadayanirèki |
minta madal pasilan ||

665.
Mapan sampun kalampahan mangkin |
kajat papanggya lawan paduka |
kaidayat ing wulang rèh |
sasurasaning ngèlmu |
gêgeyongan sinungan dening |
sang Sèh Adi Nujêmba |
nampurnakkên kawruh |
aprasasat kakang uga |
kang asung rahmating tyas ing pandêling |
jalar pangguh paduka ||

666.
Sagêd patêmyan lan jalma luwih |
marang sang Sèh Otadi Mongraga |
nujêmba gosul ngalame |
gawe wruh sung pitutur |
Kae Bayi nauri angling |
singgih saking bagyanta |
priyangga amangguh |
wulang mangunahing driya |
pan manira amung darmi anaidi |
mugi pinarêngêna ||

Jilid 12 - Kaca : 255

667.
Sru kacaryan ingkang para tami |
(n)dan samapta pakartining lampah |
Ki Bayi kèh pisungsunge |
pan santri têlung puluh |
kang mimikul sanguning margi |
miwah pakintunira |
gya budhal lumaku |
warata (ng)gyan jawat-asta |
sukèng driya wau kang arsa lumaris |
nadyan ingkang tinilar ||

668.
Pan wus laju kang arsa umulih |
maring dhepokira sowang-sowang |
tarlèn karantan driyane |
anawung sukèng kalbu |
ing samarga anggung dhinisik |
cipta antuk nugraha |
wahyuning Hyang Agung |
kang lumantar sang Nujêmba |
Amongraga mong kawêkasing panggusti |
wus sampat paripurna ||

669.
Tan winarna roroncèning margi |
lalangêning marga têba-têba |
kasongan ing tyas sukane |
nanging datan winuwus |
lampahira sang Amongbrangti |
tan ana ngrasa sayah |
sadaya kang laju |
lêrême mung yèn asalat |
lamun ratri sipêng satibaning margi |
kawilut ararasan ||

670.
Ngècèr laku ingkang wus aprapti |
dhèpokira nênggih sowang-sowang |
susugun maring tamune |
tan inang lan ing dangu |
enjangira laju lumaris |
ingkang anglantun lampah |
maring dunungipun |
mangulon tujuning sêdya |
saya suda lampahe kang arsa mulih |
pamungkas Wanantaka ||

671.
Pan pinugut wêdharing palupi |
punang Sêrat Canthini karannya |
wawêjangan pamungkase |
mamardi marang kawruh |
ing kajatèn jatining urip |
wikanne rèh kahanan |
ananing Maha Gung |
sajati-jatining jalma |
wus jinajah jêjêring janma majaji |
kang jinurung ing sêja ||

672.
Kadarpaning panggalih sang aji |
kang jinumput wêjanganing kata |
tinaliti saturute |
têtelane tinutur |
titi tatas tataning gati |
sakwèhning kang kinata |
wus samya ingimpun |
ala ayuning pakaryan |
kawruh miwah ngèlmuning kang lair batin |
winêdhar mring pra mudha ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (05g) Kaca 234 - 248
  • (06) Kaca 256 - 263 >