Ki-demang.com : Kongres Bahasa Jawa 5

Kaca Ngajeng

logo-kbj5


ikon-buku-tamu

Kesekretariatan

Alamat-Sekretariat
Badan-Pekerja
Rencana-Kerja
Jadwal-Kongres

Pendaftaran

Pendaftaran-(B-Indonesia)
Pendaftaran-(Bhs-Jawa)
Pendaftaran-(Carakan)

Data & Seleksi Makalah

Data-Abstrak-Makalah
Teknis-Penulisan-Makalah
Hasil-Seleksi-Makalah

Isi Makalah

Makalah-Kunci
Makalah-Komisi-A
Makalah-Komisi-B
Makalah-Komisi-C
Makalah-Komisi-D
Makalah-Komisi-E
Makalah-Pengombyong

Rekomendasi - KBJ 5

Isi-Rekomendasi-KBJ-5

Daftar Peserta

Peserta-Luar-Negeri
Peserta-Institusi-Lembaga
Peserta-DI-Yogyakarta
Peserta-Jawa-Timur
Peserta-Jawa-Tengah
Rekap-Peserta

Galeri Foto - KBJ 5

Galeri-Foto-KBJ-5

  Jumlah Pengunjung

1873898
Hari ini     :Hari ini :48
Kemarin     :Kemarin :38
Minggu ini   :Minggu ini :334
Bulan ini   :Bulan ini :1676
s/d hari ini   :s/d hari ini :1873898
Jumlah Kunjungan Tertinggi
10-28-2025 : 611
Pengunjung Online : 11

Kontak Admin.

email-kidemang

Pendaftaran - 

 

EDARAN UMUM

KONGRES V BAHASA JAWA

TAHUN 2011

Tema:

“Bahasa dan Sastra Jawa

sebagai Sumber Kearifan dalam

Pembentukan Watak dan Pekerti Bangsa”

Sinengkalan

Manunggaling Basa Kombul Pinaesan

(surya sengkala 2011)

Surabaya, 27—30 November 2011

 

Latar Belakang

Saya bantere frekuensi komunikasi antarbudaya, apa kuwi kang asipat lokal, nasional, regional, apadene internasional, kaconggah mapanake masyarakat Jawa ana ing posisi kang kompleks. Masyarakat Jawa ora mung dituntut kanggo dadi wong Jawa, “njawa” ing antaraning masyarakat Jawa dhewe, nanging iya kudu dadi wong Jawa kang abangsa Indonesia sarta dadi wong Jawa sing mujudake anggota masyarakat donya. Sawijining kanyatan manawa teteluning tuntutan kasebut ora bisa diakomodasi kanthi becik lan timbang.
Ing tengah kalanganing budaya global kang padha rebutan unggul kanggo narik kawigatene manungsa, terkadhang masyarakat Jawa terus dadi ora “njawa” maneh; masyarakat Jawa banjur kelangan jati diri. Ilange jati diri kejawaan kasebut nyebabake karakter masyarakat Jawa dadi ringkih. Karakter kang saya ringkih kasebut pranyata njalari tuwuhe prabawa ala sambung sinambung. Ringkihe karakter nyebabake saya kurange ketegasan identitas lokal masyarakat Jawa. Identitas kejawaan kang saya tipis kasebut banjur njalari masyarakat Jawa ngalami masalah kultural nalika nganakake komunikasi antarbudaya, apa kuwi jroning lingkup nasional apadene internasional. Akibate, masyarakat Jawa condhonge dadi sinis, pesimis, lan gampang uring-uringan ing tengahing pasrawungan antarbudaya. Bab iki bisa kinawruhan saka tingkah lakune masyarakat Jawa kang condhong tumuju negatif, antara liya, kasar, ora santun, lan ora toleran.
Tansaya tipise identitas kejawaan masyarakat Jawa bisa diidentifikasi saka saya mundhak kurange wong kang padha migunakake basa Jawa lan apresiasi marang sastra Jawa. Kulawarga sing padha migunakake basa Jawa saya suda banget, semono uga ing lingkungan rukun tangga, apadene ritual-ritual kebudayaan. Daya saing basa Jawa marang basa nasional (bahasa Indonesia) lan basa asing mundhak dina uga saya kurang. Masyarakat Jawa, khususe generasi mudhane, condhong milih migunakake basa nasional lan basa asing jroning nindakake aktivitas-aktivitas kang nduweni gengsi kayata aktivitas pegaweyan, akademik, apadene aktivitas formal lliyane. Sing padha seneng marang terbitan -terbitan nganggo basa Jawa uga saya kurang jalaran generasi mudha ora padha migunakake lan sing seneng maca kang umume generasi tuwa jumlahe iya kari sethithik.
Kondisi sing kaya mangkono mau uga wis nyempyok sastra Jawa. Senajan para susastra Jawa isih sumebar ing ngendi-endi papan, apresiasi masyarakat Jawa marang karya sastra Jawa ora bisa mekar, malah sing duwe karep uga saya kurang. Yen sinawang saka mekare sastra nasional lan asing, kaya saya grengsenge wong sing padha maca novel utawa film Indonesia lan asing, apresiasi marang sastra Jawa bisa dikandhakake kethayalan.
Saya kurange kualitas dan kuantitas anggone padha migunakake basa Jawa lan apresiasi sastra Jawa dening masyarakat Jawa, mujudake indikator lunture jatidiri kejawaane. Jroning situasi persaingan antarbudaya kang saya banter, masyarakat Jawa kudune luwih waspada lan sadhar marang jatidirine, sarta gelem nyekeli kanthi kukuh marang kearifan budaya Jawa, saengga ora njalari kedadeyan krisis jatidiri.
Kanggo nyingkiri anane krisis jati diri mau, pemerintah nerbitake Undang-Undang Nomor 24 Taun 2009 bab Bendera, Bahasa, lan Lambang Negara, sarta Lagu Kebangsaan. Salah sijine amanat Undang-Undang kasebut negasake kewajiban pemerintah daerah kanggo ngembangake, mbina, lan nglindhungi basa lan sastra dhaerah mbaka sethithik, sistematis, lan terus-terusan.

 

A. Landhasan Hukum

1. Undang-Undang Dasar RI 1945

2. Undang-Undang Nomor 24 Tahun 2009 bab Gendera, Basa, Lan
    Lambang  Negara sarta Lagu Kebangsaan

3. Putusan Kongres Basa Jawa IV ing Semarang taun 2006.

 

B. Tujuan

1. Ngundhakake peran lan fungsi basa lan sastra Jawa minangka sarana
    kanggo ndhapuk watak lan pakarti kanggo sangu urip ing tengahe
    masyarakat, bangsa, lan negara.

2. Mbalekake maneh kearifan lokal Jawa marang generasi mudha supaya
    padha luwih santun, arif, lan wicaksana jroning tumindake sadina-
    dina..

3. Ndayakake basa lan sastra Jawa kanggo megarake industri kreatif,
    khususe lumantar donyaning tulis-tulisan.

4. Ngundhakake perane kang padha duwe kepentingan (stakeholder)
    marang panggulawenthahe kearifan lokal Jawa jroning pemahaman
    panguripan global lan multikultur.

 

C. Tema lan Subtema

Tema
Kongres V Basa Jawa Taun 2011 iki mawa tema “Bahasa dan Sastra Jawa sebagai Sumber Kearifan dalam Pembentukan Watak dan Pekerti Bangsa”.

Subtema
1. Basa lan Sastra Jawa minangka Sumber Kearifan jroning Pandhapuke
    Watak Bangsa
2. Basa lan Sastra Jawa minangka Sumber Kearifan jroning Pandhapuke
    Pakerti Bangsa
3. Basa lan Sastra Jawa minangka Sumber Kearifan jroning Panguripan
    ing tengahing Masyarakat
4. Basa lan Sastra Jawa minangka Sumber Kearifan jroning Panguripan
    ing tengahing Bangsa
5. Basa lan Sastra Jawa minangka Sumber Kearifan jroning Panguripan
    ing tengahing Negara.

 

D. Pemakalah Kunci lan Pemakalah Utama

1. Pemakalah Kunci
Kang dadi pemakalah kunci yaiku
(1) Menteri Koordinator Kesejahteraan Rakyat,
(2) Menteri Pendidikan Nasional,
(3) Menteri Kebudayaan dan Pariwisata,
(4) Gubernur Jawa Timur,
(5) Gubernur Jawa Tengah,
(6) Gubernur Daerah Istimewa Yogyakarta, lan
(7) Kepala Badan Pengembangan dan Pembinaan Bahasa.

2. Pemakalah Utama
Kang dadi pemakalah utama yaiku
(1) Prof. Dr. Heddy Shri Ahimsa Putra, M.A. (UGM),
(2) Prof. Dr. Titik Puji Astuti (UI),
(3) Prof. Dr. George Quinn (ANU),
(4) Dr. Sindhunata SJ (Majalah Basis),
(5) Prof. Dr. Ayu Sutarto, M.A. (Unej),
(6) Dr. Sudaryanto (Unwidha),
(7) Prof. Dr. Sri Hastanto, S. Kar. (ISI Surakarta),
(8) Prof. Dr. Suminto A. Sayuti (UNY),
(9) Prof. Dr. Kisyani-Laksono, M. Hum. (Unesa),
(10) Prof. Dr. Effendi Kadarisman (UM),
(11) Prof. Dr.H. Sumarlan (UNS), lan
(12) Prof. Dr. Eko Wardono (Unnes)

 

D. Pemakalah Tambahan
Pemakalah Komisi
yaiku pemakalah kang mresentasekake makalahe sawise abstrake lolos dibiji. Pemakalah komisi iki gunggunge wong 50 . Kabeh fasilitase ditanggung dening panitia.
Pemakalah Lepas
yaiku penulis kang makalahe lolos dibiji, nanging ora dipresentasekake ana Kongres. Pemakalah iki gunggunge wong 25. Kabeh fasilitase ditanggung dening panitia.

E. Wektu lan Panggonan

Kongres V Basa Jawa Taun 2011 dianakake suwene patang dina,
tanggal 27 - 30 November 2011 mapan ing Hotel JW Marriott,
Dalan Embong Malang,
Surabaya 60261.

 

F. Seleksi Makalah

Kongres V Basa Jawa Taun 2011 bakaln nampa lan nyeleksi makalah kang gegandhengan karo tema lan subtema kang wis ditetepake. Abstrak makalah dikirim lumantar i pos-el kanthi alamat This email address is being protected from spambots. You need JavaScript enabled to view it." data-mce-href="mailto:This email address is being protected from spambots. You need JavaScript enabled to view it.">This email address is being protected from spambots. You need JavaScript enabled to view it. utawa lan kudu wis ditampa panitia paling telat tanggal 20 Agustus 2011 (diketik 1,5 spasi). Abstrak diwatesi paling akeh dumadi atas 250 tembung. Kabeh abstrak makalah kang mlebu bakal diseleksi dening sawijining tim akademik, lan asile diumumake sewulan candhake, tanggal 20 September 2011 lumantar laman Kongres V Basa Jawa Taun 2011, www.kbj5.com. Sing ditampa minangka calon pemakalah diajab ngirim makalahe komplit paling telat tanggal 25 Oktober 2011. Makalah paling akeh dumadi saka 4.500 tembung (utawa maksimal 15 kaca) migunakake aksara Arial ukuran 11, migunakake spasi 1,5.

 

G. Peserta

Peserta Kongres V Basa Jawa Taun 2011 yaiku masyarakat sutresna basa lan sastra Jawa, peneliti, guru, dhosen, mahasiswa, siswa SD, siswa SLTP, siswa SLTA, wartawan, budayawan, LSM, lembaga-lembaga lan masyarakat umum, saka njero utawa njaban rangkah.
Calon peserta ndhaftarake diri liwat Sekretariat Panitia Jawa Timur. Kanggo peserta saka Jawa Tengah lan Daerah Istimewa Yogyakarta ndaftarake diri liwat Pemerintah Provinsi sowang-sowang. Peserta dianggep sah manawa oleh undangan resmi saka panitia.

 

H. Wektu Lan Panggonan Pendaftaran

Pendaftaran dimulai wiwit diumumake nganti tanggal 30 September 2011.
Formulir pendaftaran bisa diundhuh ing www.kbj5.com.
Sekretariat Panitia/Panggonan Pendaftaran
a. Biro Administrasi Kemasyarakatan Pemprov Jatim
    Jalan Pahlawan 110 Surabaya, Telepon 031-3524001 ekst. 1312
b. UPT Taman Budaya Jawa Timur,
    Jalan Gentengkali Nomor 85, Surabaya.
    Telepon : 031-5342128
c. Balai Bahasa Jawa Timur
    Jalan Siwalanpanji, Buduran, Sidoarjo 61252,
    Telepon/Faks. 031-8051752, Pos-el : This email address is being protected from spambots. You need JavaScript enabled to view it.
d. Majalah Panjebar Semangat
    Jalan Bubutan 87/ Jalan GNI No. 2 Surabaya.
    Telepon : 031- 5342499 email : This email address is being protected from spambots. You need JavaScript enabled to view it.
e. Majalah Jayabaya
    Jalan Sumatera No. 31 G lantai IV Surabaya.
    Telepon 031-5055063, email : This email address is being protected from spambots. You need JavaScript enabled to view it.

 

I. Liya - liya

Informasi luwih pepak bisa sesambungan karo sekretariat panitia.

 

Formulir Pendaftaran

formulir-pendaftaran

kds penutup
wangsul-manginggil 

  • < 01 Pendaftaran (Bahasa Indonesia)
  • 03 Pendaftaran (Tulisan Carakan) >