Ki-demang.com : Kongres Bahasa Jawa 5

Kaca Ngajeng

logo-kbj5


ikon-buku-tamu

Kesekretariatan

Alamat-Sekretariat
Badan-Pekerja
Rencana-Kerja
Jadwal-Kongres

Pendaftaran

Pendaftaran-(B-Indonesia)
Pendaftaran-(Bhs-Jawa)
Pendaftaran-(Carakan)

Data & Seleksi Makalah

Data-Abstrak-Makalah
Teknis-Penulisan-Makalah
Hasil-Seleksi-Makalah

Isi Makalah

Makalah-Kunci
Makalah-Komisi-A
Makalah-Komisi-B
Makalah-Komisi-C
Makalah-Komisi-D
Makalah-Komisi-E
Makalah-Pengombyong

Rekomendasi - KBJ 5

Isi-Rekomendasi-KBJ-5

Daftar Peserta

Peserta-Luar-Negeri
Peserta-Institusi-Lembaga
Peserta-DI-Yogyakarta
Peserta-Jawa-Timur
Peserta-Jawa-Tengah
Rekap-Peserta

Galeri Foto - KBJ 5

Galeri-Foto-KBJ-5

  Jumlah Pengunjung

1873898
Hari ini     :Hari ini :48
Kemarin     :Kemarin :38
Minggu ini   :Minggu ini :334
Bulan ini   :Bulan ini :1676
s/d hari ini   :s/d hari ini :1873898
Jumlah Kunjungan Tertinggi
10-28-2025 : 611
Pengunjung Online : 19

Kontak Admin.

email-kidemang

Sambutan Sekretaris Daerah (Basa Jawi)

 

 

logo jatim

 

ATUR PAMBAGYA
SEKRETARIS DAERAH PROPINSI JAWA TIMUR
ING SASANA ADICARA
KOORDINASI LAN SINKRONISASI
PENGEMBANGAN SASTRA BUDAYA ING JAWA TIMUR

ASSALAMU’ALAIKUM WR. WB.
Ingkang dahat sinudarsana para Empu, para Pujangga saha dwija ingkang tansah luhur ing pangudi,
Para kadang panggilut kasusastran Jawi, kadang panggurit, ugi para kadang sutresna basa lan kasusastran Jawi ingkang dahat kesdu ing budi.
Sumangga sareng-sareng muji syukur dumateng Alloh awit lubering sih berkahipun kula lan panjenengan sami rahayu pepanggihan nir ing sambekala.
Wonten Ing papan panggenan menika kula lan panjenengan sami mligi pepanggihan melengaken kawigatosan kangge ngrembag mekar biwaranipun basa lan kasusastran jawi. Sumangga sami sareh-sarehan, sarasehan ngudhar gagasan bab saha prekawis mekar ngrembakanipun kasusastran jawi. Kathah prekawis ingkang remit….kathah prekawis ingkang rungsit ingkang kedah kawawas… salebeting ngudi nggegilut kagunan basa lan kasusastran jawi.

Para Kadang kinasih,

Lampahing ewah-ewahan ingkang manjila katitik saking pesat canggihipun ilmu teknologi jagad sak menika pranyata namung sak godhong kelor. Paran para ingkang sami nggegilut “komunikasi kelir Maya” pranyata kelampahan ngregem jagad. Kanthi pucuking driji sakkedheping netra sampun saged ngudaneni mayuta-yuta informasi saking saindenging bawana. Amerika namung katutul… eropa namung sak nyunyukan kemawon. Sampun mboten wonten malih tembung “tebih amba bawera “ruang dan waktu telah begitu mudahnya dilipat” Tamtu kula panjenengan ingkang nggegilut basa lan kasusastran jawi kedah tanggap dhumateng ewah-ewahan ingkang gumelar menika, kedah ngudi murih basa lan sastra jawi mboten gingsir dening budaya global.

Kangge ngawekani bab menika mbetahaken rekadaya ngrantam strategi budaya ingkang jumbuh kaliyan kawontenan. Pemerintah propinsi Jawa Timur ing taun menika kedhawahan sampur ngadani Kongres Basa Jawa V Kongres ingkang kagelar sakderengipun rancag atur pisusungsun rekomendasi magepokan kaliyan pangudi pangleluri amrih basalan kasusastran jawi lestari. Ewo semanten rekomendasi kalawau dereng paya-paya awoh pangrekadaya awit dereng sakwetahipun saged katindakaken.

Ingkang dahat sinudarsana para Empu, para Pujangga saha dwija ingkang tansah luhur ing pangudi, Para kadang panggilut kasusastran Jawi, kadang panggurit, ugi para kadang sutresna basa lan kasusastran Jawi ingkang dahat kesdu ing budi. Pramila panjenegan sedaya karawuhaken ing pasamuan menika kaancas andingini lampah mligi ngrantam, angrembag prekawis-prekawis ingkang magepokan kaliyan kasusastran jawi. Religiusitas, etika saha estetika ingkang wonten saklebeteipun kasusastran jawi pantes kalenggahaken minangka manggala biwara ing saklebeting Kongres Bahasa Jawa V. Pramila ing pasamuan menika sageda angudi langkung mentes langkung bebles bobot saha momotipun kasusatraan jawi.

Para kadang kinasih,

Mawantu-wantu dhawuhipun bapak gubernur bilih kasusastran Jawi kedah dados roh saklebetipun kongres bahasa jawa V ingkang badhe mbabar tema BAHASA DAN SASTRA JAWA SEBAGAI SUMBER KEARIFAN DALAM PEMBENTUKAN WATAK DAN PEKERTI BANGSA. Mired tema ingkang kapacak tartamtu kasusastran mbetahaken pangudi ingkang mirunggan, sumangga ing pasamuan menika sageda meper murih prekawis ingkang mangke kausung wonten kongres menika pantes, mentes saha bebles. Pasamuan menika piniji sageda dados panyengkuyung dhumateng Kongres Bahasa Jawa V.

Para Empu, Pujangga, saha Dwija ingkang tansah luhur ing pangudi, Para kadang panggilut kasusastran Jawi, kadang panggurit, ugi para kadang sutresna basa lan kasusastran Jawi ingkang dahat kesdu ing budi. Mugi sedaya ingkang kula aturaken dados panjurung karsa ngudi tuwuh lan mekaripun basa kasusastran jawi, sugeng ngayahi jejibahan mugi Alloh tansah ngijabahi niyat kajat ingkang luhur saha suci menika. kanti maos ”BISMILLAHIROHMANNIROHIM” pasamuan KOORDINASI LAN SINKRONISASI PENGEMBANGAN SASTRA BUDAYA ING JAWA TIMUR, Mugi-mugi tansah sinung karahayon.amin ya robbal alamin.


WASSALAMU’ALAIKUM WR. WB.

A.n. GUBERNUR JAWA TIMUR
SEKRETARIS DAERAH


kds penutup

wangsul-manginggil

  • < 02 Badan Pekerja Pra Kongres Bahasa Jawa V Di Jawa Timur
  • 04 Sambutan Sekretaris Daerah (Basa Indonesia) ) >