| Makalah Komisi - D - (#43) |
|
Mulok Wajib Basa Jawa Minangka Pambangun Ing santer-ajuning tehnologi informasi lan komunikasi, budaya (basa lan sastra) Jawa ora nate dilirwakake. Ing prastawa politik, ekonomi, sosial, seni wiwit saka tingkat lokal nganti nasional, budaya Jawa tansah “dikatutake”. Emane kabeh iku mung kaya lelamisan bae, mung minangka rerengga kanthi pawadan tinimbang ora! Ateges ora dikantheni watak kang temen murih bisa tinemu. Akibate mesthi bae sering ngrugekake upaya panguri-uri budaya kang adiluhung iki. Ewasemono, banget nggumunake dene nalika ana ada-ada duta wisata, pamilihan sing bagus lan ayu, asring daerah/kota kebingungan nemokake calon kang unggul, maksude kang mumpuni tur manjila kawruhe ing babagan keunggulan lokal minangka identitas lokal-e. Wusanane ya “kucing-kucing diraupi” Piwulang basa Jawa mujudake sarana pambangun identitas lokal lan kearifan lokal kang gedhe sumbangsihe marang kepentingan nasional ing era global. Kanthi mengkono muatan isi kurikulum basa Jawa kudune menehi papan kang cukup kanggo keunggulan lokal. Guru utawa MGMP sekolah utawa tingkat kabupaten/kota kudu setiti angati-ati ing bab kondisi, metode lan asil pasinaon basa Jawa. Senajan ta isih akeh pepalang ing lingkungan masyarakat, siswa, alat lan sumber, uga guru basa Jawa iku dhewe, nanging kepriyea bae guru basa Jawa kudu bisa mranata pasinaon basa lan sastra Jawa kanthi becik. Lumantar basa lan sastra Jawa siswa ditepungake maneh, ngerteni, lan ng-rekontruksi pengalamane ngenani sejarah, wisata, adat-istiadat, kesenian, crita rakyat kang ana ing sakupenge minangka identitas lokal kanggo kepentingan pembangunan. 1. Purwaka Sawijining dina- nalika ana rame-rame reyog lan tari pendhet diaku-aku dadi duweke bangsa liya ing televisi lan ariwarti- guru basa Jawa takon marang murid-muride. “Rek, yen reyog, tari pendhet dipek bangsa liya, diakoni dadi theke negara liya, apa lara atimu?” sakala saur manuk wangsulane. Ora lanang ora wedok kabeh padha aweh wangsulan. Ing antarane: ,”demo mawon, Pak!” ana uga sing mangkene ,’inggih boten angsal, Pak!” utawa uga “niku kesenian asli Indonesia, Pak,’ Kanggone siswa kelas IX SMP asal-usule reyog lan tari pendhet mesthi wis padha ngerti. Apamaneh yen weruh gambare sing maune mangu-mangu banjur padha yakin yen asale saka Panaraga lan Bali. Saka wangsulane arek-arek mau uga nggambarake yen para siswa wis padha paham yen budaya nasional Indonesia iku maneka warna. Ora mung Jawa bae, nanging uga Bali lan liya daerah sing atusan lan maneka warna budayane. Pak Gurune mesem. Nanging ora marem karo wangsulan mau, sebab mung pating clebung saur manuk dadi mung waton muni bae. Kanggo mbuktekake banjur ngajokake ukara pitakon kang semune nutuh lan butuh wangsulan kang jujur saka murid-muride mau. mangkene pitakone: “Rek, rek.. yen Sampeyan muring-muring, kaya arep ngamuk-ngamuka mau dhasare apa? Mung nuruti larane atimu? Coba jujur saiki, kok Sampeyan mara mbengok banter kaya ngono iku, apa se sing wis Sampeyan tindakna kanggo kesenian reyog lan tari Pendhet mau?” Murid-muride banjur meneng cep-klakep. Padha mikir dhewe-dhewe. Pak Gurune nerusake: “yen nduwe barang sing apik, padha ora gelem ngopeni. Diumbar ing pojok pekarangan malah disisih-sisihna. Bareng ana sing open, gelem ngopeni lan ngembangake, kok padha rame? Lha ramene iku amarga tresnane marang si barang aji mau apa mung sebab isin lan ora gelem ngakoni kaluwihane liyan? Ayo dipikir saiki!” Guru basa Jawa mau banjur njlentrehake dhodhok selehe perkara. Sabanjure nulis ing papan tulis : ?aj deme[nMtnNi alni= liyn\ g]yhan gi[qokM| [d[w. sateruse pamulangan dadi gampang banget, tegese murid-murid mau dadi padha temenan ngudi luhuring budaya lumantar piwulang basa Jawa. Piwulang basa Jawa minangka muatan lokal wajib kudu terus diugemi. Ing Jawa Wetan kudune ora mung tekan SMP/MTs nanging uga SMA/MA lan SMK. Sebabe ora liya basa Jawa iku mulangake tatakrama. Basa Jawa minangka muatan lokal bisa kanggo mbangun identitas lokal kang asale saka budaya lokal. Ing budaya lokal mau ana kearifan lokal kang ngandhut nilai-nilai kang migunani tumrap tata panguripan bangsa Indonesia, umpamane nilai adil, tepaslira, wicaksana, melu handarbeni lan liya-liyane. 2. Muatan Lokal Wajib Basa Jawa Dasar pemikiran anane muatan lokal ing struktur kurikulum iku semangat kebangsaan Bhineka Tunggal Ika. Amarga Indonesia iku sugih tur mblegedhu bab budaya kang maneka warna minangka ciri khas kang saya ngumbulake ngambar arume bangsa, mula kabeh mau kudu dilestarekake lan dikembangake kanthi tetep ngugemi nilai-nilai luhur bangsa lumantar donyaning pendhidhikan. (Depdiknas, 2006). Kanthi wulangan muatan lokal para siswa diajab bisa luwih raket marang lingkungane sebab ditepungake maneh klawan lingkungan sosial lan budaya kang ana ing sakupenge. Sekolah minangka bageyan saka masyarakat perlu menehi wawasan kang cukup ngenani ciri khas kang ana ing daerahe. Lumantar muatan lokal siswa nyinau identitas lokal kang ana ing lingkungane, ora mung kanggo nenandur watak melu andarbeni kang sabanjure wajib hangrungkebi, kanthi arah-arah mulat sarira hangrasa wani; nanging bebarengan iku uga nenandur watak tepa slira, prasetya, lan nedha ing panrima. Fungsi pokok pasinaon basa Jawa iku ana telu, yaiku; a. alat komunikasi; b. edukatif; lan c. kultural (Wibawa, 2006).
Fungsi komunikatif iku nduweni pangajab supaya para siswa bisa nggunakake basa Jawa kanthi becik uga bener manut papan lan keperluwane. Fungsi sepisanan iku nuduhake yen sinau basa Jawa iku bakal nyinau kearifan lokal Jawa. Nalika ngomong-matur-ngendikan kanthi basa Jawa mesthi didhasarake rasa kurmat lan ngajeni. Yen bocah marang wong kang luwih tuwa ya banjur nggunakake basa krama. Fungsi edukatif iku supaya siswa bisa nyinau lan oleh piwulang nilai-nilai budaya Jawa kanggo mbentuk kapribadhen lan identitasing bangsa. Fungsi kultural supaya nilai-nilai kang ana ing budaya Jawa bisa diwarisake marang anak putu para generasi mudha, sebab basa lan budaya iku angel dipisahake. Minangka budaya, basa iku tansah ngandhut nilai-nilai budaya (Suwarna, 2006).
a. lambang kebanggaan daerah, b. lambang identitas daerah, c. alat komunikasi ing keluwarga lan masyarakat, d. panyengkuyung kebudayaan daerah, lan e. panyengkuyung basa lan sastra Jawa (Hasal Alwi ing Prasaja, 2008)
Standar Isi Bahasa Jawa (2008) nyebutake tujuan pasinaon basa Jawa iku supaya siswa bisa :
1. menghargai dan membanggakan Bahasa Daerah sebagai bahasa 2. memahami Bahasa Jawa dari segi bentuk, makna, dan fungsi, 3. memiliki kemampuan menggunakan Bahasa Jawa untuk 4. memiliki disiplin dalam berpikir dan berbahasa (berbicara dan 5. menikmati dan memanfaatkan karya sastra untuk mengembangkan 6. menghargai dan membanggakan sastra Jawa sebagai khazanah 7. bersikap sesuai dengan tatakrama kehidupan masyarakat.
Karakteristik mulok basa Jawa iku nyakup kabisan basa lan kabisan sastra lumantar patang aspek ketrampilan basa: nyemak, wicara, maca lan nulis. Ing ketrampilan nyemak umpamane : nyemak dongeng, nyemak pawarta, nyemak tembang macapat, nyemak cerkak, nyemak geguritan, nyemak crita wayang, nyemak drama tradisional.
1. perlu diterbitake regulasi awujud peraturan daerah ngenani 2. perlu dirancang kanthi setiti kurikulum mulok wajib basa Jawa 3. perlu diupayakake anane buku-buku wacan abasa Jawa ngenani Daftar Rujukan ♦ Depdiknas, 2006. Model Mata Pelajaran Muatan Lokal SD/MI/SDLB- ♦ Wibawa, Sutrisna, 2006. Pendekatan Pembelajaran Bahasa Jawa di ♦ Suwarna, 2006. Pendekatan Budaya Dalam Pengembangan Bahan Ajar ♦ Sumarsono, 1996. Bahasa Daerah Sebagai Muatan Lokal : Ihwal materi ♦ Adipitoyo, Sugeng. 2008. Pamulangan Wonten Sekolahan Punjering ♦ Degeng, I. Nyoman S. 2005. Teori Pembelajaran 1 : taksonomi Variabel. ♦ Prasaja, Setya Amrih. 2008. Kurikulum Bahasa Jawa SMA/SMK Sebuah ♦ Saryono, Djoko. 2011. Masa Depan Bahasa Dan Sastra Jawa Dalam ♦ Ki Sumantri, 2009. Tembang Macapat Malangan (Carita Babad). SK Gubernur Jawa Timur Nomor 188/188/KPTS/013/2005 Standar Isi Bahasa Jawa Tahun 2008. Dinas P dan K Propinsi Jawa BIODATA Nama Davit Harijono Tempat, Tanggal Lahir Nganjuk, 26 Nopember 1969 Pekerjaan Guru SMPN 1 Gondanglegi Penggurit Alamat Jl. Raya Ketawang 04 Gondanglegi 0341 879003 Rt 11 Rw 03 Lumbangsari – Bululawang Malang (******************) / (******************) Kegiatan Pengurus MGMP Basa Jawa Kab. Malang Anggota Sanggar Sastra Jawa Triwidha nulis sastra Jawa wiwit taun 1991, utamane geguritan, cerkak lan artikel basa Jawa mung siji loro. Buku : ♦ Kondhanging Basa Jawa, Modul Pembelajaran Bahasa Jawa wiwit taun 2005 ♦ Gurit Panuwuning Urip : Antologi Geguritan taun 2009 Lampiran 1 SILABUS RPP Membaca Sekolah : SMP.... Kelas/Semester : VIII/1 Mata Pelajaran : Bahasa Jawa (Muatan Lokal) Standar Kompetensi : 5. Memahami unsur instrinsik tembang macapat melalui kegiatan mendengarkan Kompetensi Dasar : 5.1 Menemukan isi, pesan yang terkandung dalam tembang macapat Alokasi Waktu : 2 x 2 jam (tiap jam 40 menit) Materi Pokok/Materi Pembelajaran Kegiatan Pembelajaran (Pengalaman Belajar Siswa) Indikator Penilaian Alokasi Waktu Sumber Belajar ♦ Macapat Malangan ♦ Kata-kata, istilah sulit dalam tembang ♦ Parafrase, Nggancarna Tembang ♦ Isi dan Pesan dalam tembang ♦ Diskusi Titilaras tembang macapat malangan ♦ Mendiskusikan tata paugeran tembang macapat malangan ♦ Mendiskusikan dasanama, rerenggan basa, bali swara, tembung garba ing ♦ Menyusun parafrase ♦ Mendiskusikan isi dan pesan dalam tembang ♦ Menjelaskan macapat malangan ♦ Mengkomunikasikan gagasan dalam diskusi ♦ Melantunkan tembang macapat malangan
Proses Paugeranlan titikan ing macapat malangan yaiku :
a. guru lagu lan guru wilangane kang ora mesthi padha karo tata aturan b. nduweni cengkok kang cetha banget bedane. Bab iki kedayan saka c. lafal pangucape tembung kang nuduhake dialek khas basa malangan
1. Tata Paugerane tembang macapat iku sing umum ing antarane :
a. Nggunakna paugeran guru gatra, guru wilangan lan guru lagu. Guru b. Tembang macapat iku nggunakna pedhotan, yaiku pedhotan kendho c. Tembang macapat iku “lagu winengku sastra” maksude nalika Katrangan:
1. Maskumambang 4 12i, 6a, 8i, 8a nelangsa, keranta-ranta, 2. Pocung 4 12u, 6a, 8i, 12a Kendho, tanpa greget saut, 3. Megatruh 5 12u, 8i, 8u, 8i, 8o Sedhih, nglokro, gegetun 4. Gambuh 5 7u, 10u, 12i, 8u, 8o Raket, kulina, wanuh wani 5. Mijil 6 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u Medhar rasa, rila 6. Kinanthi 6 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i Sereng, asih tresna 7. Durma 7 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 71 Galak, muntap, muring 8. Pangkur 7 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i Sereng semu sengsem, 9. Asmaradana 7 8i, 8a, 8 e/o, 8a, 7a, 8u, 8a Sengsem, sedhih 10. Sinom 9 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a Grapyak, blater, 11. Dhandhanggula 10 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
(b) Pedhotan kang ana ing tembang ing dhuwur yaiku :
1. ukara tembang sing ringkes lan padhet iku diganti dadi ukara 3. tembung-tembung sing angel (tembung kawi, bali swara, tembung 4. sapada tembang lumrahe dadi sapada gancaran.
1. supaya manungsa ngerti dununge urip ing alam donya 2. kabeh manungsa bakale mati, lampus 3. sing mati iku mung ragane (kurungan), suksmane bakal diadhili (si 4. mulane kudu ati-ati, urip ing alam donya iki mung sedhela 5. kabeh mesthi bakal ngalami lan bali ing pangayunane Gusti.
Lampiran 2
C. Jodhokna karo ing sisih tengene !
Pada 1 |














