| Makalah Utama (#11) |
|
Bab-bab Wigatos Ingkang Kamot Wonten Ing Sastra Jawi Kina Minangka Pambangun Pekertinipun Saha Watakipun Bangsa 1. Pambuka Ngrembag ngengingi sastra Jawi Kina tansah nengsemaken tumrap seperanganipim tiyang, mliginipun para panaliti kabudayan kina Indonesia. Kanthi nyata bilih basa Jawi Kina ing Jawi samenika panci sampun boten dipun ginakaken malih wonten gesangipun manungsa padintenan [[2]] Nanging anggenipun nggiyakaken bab sastranipun taksih tetep gesang [[3]].
Menapa jalaranipun tiyang kesengsem naliti bab wau? Ngemot babagan menapa mawon ing salebetipun sastra Jawi Kina? Menapa jumbuhipun babagan ingkang kamot ing sastra Jawi Kina kaliyan gesangipun manungsa jaman samenika? Menawi-jumbuh, kanthi cara menapa ingkang kedah kula lan panjenengan sedaya tindakaken supados babagan ingkang kamot wonten ing kamot ing sastra Jawi kina menika saged rumesep dhumateng para nem - neman, saha saged kasil anggenipun nanem pakerti miwah watakipun bangsa ingkang nggadahi kapribaden Indonesia. Pinten-pinten pitakenan menika boten gampil dipun wangsuli, nanging kula dhapur nyobi, ngandharaken wangsulan wonten makalah menika. Saderengipun kula badhe ngaturaken langkung rumiyin katrangan ringkes ngengingi sastra Jawi kina.
Dene Poerbatjaraka (1954) ing salebetipun bukunipun ingkang mawi irah - irahan Kapustakan Djawi merang riptan sastra Jawi Kina dados tigang golongan, inggih menika: serat-serat Jawi Kina ingkang golongan sepuh, kadosta:
Jawi Kina ingkang mawi sekar, kadosta : Arjunawiwaha, Kresnayana, Smaradahana, Bhomakawya, Bharatayuddha, Hariwangsa, Lubdaka, Wrettasancaya, lan sapanunggalanipun, saha serat - serat Jawi kina ingkang golongan enem, kadosta:
Sadaya riptan sastra Jawa Kina ingkang golongan enem, kadosta : Brahmandapurana, Nagarakretagama, Arjunawijaya, Parthayadnya, Nitisastra, Darmasunya, lan sapanuggalnipun. Sedaya riptan sastra Jawi Kina ingkang dipun sebataken ing salebtipun buku menika dipun kompliti mawi katrangan ngengingi cariyos saha panaliti ingkang nate ngrembag riptan kasebat. Dumugi samenika, riptan sastra Jawi kina sampun radi kathah ingkang dipun taliti, dipun sunting, saha dipun pertal dening para panaliti Indonesia menapa dene mancanegari. Ing ngandhap menika saperangan riptan sastra Jawi Kina ingkang sampun kataliti saha dipun wedalaken. Kaendahanipun Ramayana kakawin Jawi kina(3) sampun dangu nengsemaken saha dados kawigatosanipun para panaliti Jawi Kina, antawisipun Kern (1900) ingkang ngedalaken edhisi kritis Ramayana kakawin, Juynboll (1922 — 1936) ingkang mertal teks Ramayana kakawin dhateng basa Landi, Hooykaas (1955) saha Zoetmulder (1983) damel ringkesanipun cariyos saha maringi katrangan ngengingi prototip, wancinipun ngripta, saha pangripta Ramayana Jawi Kina, lan Soewito Santoso (1980) ingkang ngedalaken suntingan teks saha pertalan Ramayana kakawin dhateng basa Inggris. sastra prosa (gancar) Jawi Kina sampun dipun sunting saha dipun pertal dhateng basa Landi dening H.Kem (1901). Taun 1983, Willem van der Molen ugi nyunting lan mertal dhateng basa Landi saha naliti ngangge teori enggal. Buku van der Molen menika sampun kawedalaken malih saha dipunpertal dhateng basa Indonesia. (2011). sastra parwa dipun sunting dening Juynboll (1906 sastra parwa, dipun sunting dening Juynboll (1912) kakawin riptanipun Mpu Kanwa dipunsunting saha dipun pertal dening Poerbatjaraka (1926). Taun 1990 Kuntara Wiryamartana ugi nyunting lan mertal Arjunawiwaha. kakawin riptanipun Mpu Tanakung, dipun sunting lan dipun pertal dhateng basa Inggris dening Teeuw, Robson, (lalestin, lan Worsley (1969) sastra tutur Jawi Kina dipun sunting lan dipun pertal dhateng basa Inggris dening Haryati Soebadio (1971). 8. Arjunawjjaya kakawin riptanipun Mpu Tantular dipun sunting lan dipun pertal dhateng basa lnggris dening Supomo, (1977). kakawin riptanipun Mpu Dhusun, dipun sunting lan dipun pertal dhateng basa Inggris dening Teeuw lan Robson (1981) kakawin, riptanipun Mpu Sedah lan Mpu Panuluh, dipun sunting lan dipun pertal dhateng basa Inggris dening S. Supomo (1993).
Kajawi gegiyak ingkang sipatipun panaliten kanthi ngawontenaken wedalan - wedalan sastra Jawi Kina, kados conto - conto ing nginggil, ugi dipun wontenaken gegiyak sanes rupi sarasehan utawi lokakarya ingkang gegayutan kaliyan sastra Jawi Kina, antawisipun ingkang pungkasan inggih menika Lokakarya Internasional Ramayana Jawi Kina ingkang dipun wontenaken ing taun 2009 wonten KITLV, Jakarta.
3. Nglestantunaken bab - bab wigatos ingkang kamot wonten ing sastra Jawi Kina dhatcug para nem - neman
Kadospundi caranipun nanem bab - bab wigatos wau lan nglestantunaken dhateng pan nem - neman supados dados pedoman saha kasil mujudaken pekerti saha watakipun bangsa? Bab menika tartamtu boten gampil, jalaran para nem - neman samenika langkung remen dhateng budaya mancanegari katimbang budayanipun piyambak ingkang sipatipun tradhisisional lan kina. Mila, supados para nem - neman wau langkung pitados, dipun betahaken cara - cara mirunggan ingkang jumbuh kaliyan kawontenan jaman lan raosipun nem - neman wau. Ing ngandhap menika saperangan usulan (pamrayogi) ingkang saged dipun tindakaken kangge mujudaken ancas kasebat, inggih menika :
Budidaya ing nginggil tartamtu mbetahaken wanci ingkang dangu saha sabaripun para guru. Nanging tumrap ancas ingkang luhur, boten wonten lepatipun menawi budidaya menika dipun tindakaken, saengga dumugi wanci ingkang sampun dipun temtokaken para nem - neman Indonesia gadhah pekerti lan watak bangsa ingkang jumbuh kaliyan kabudayan Indonesia.
4. Nggiyakaken “nedhak” Sastra Jawi Kina dhateng jagadipun lare.
Umur balita -- 12 taun mujudaken wanci ingkang langkung sae tumraping kula lan panjenengan sadaya nepangaken riptan sastra Jawi Kina, saengga bab wigatos ingkang gegayutan kaliyan ajaran luhur wonten salebetipun, saged katanem wonten jiwanipun lare - lare. Nanging jalaran jagadipun lare menika jagad lelangen, mila sastra Jawi Kina prayoginipun dipun tepangaken dhumateng lare - lare wau kanthi cara ingkang jumbuh kaliyan jagadipun lare - lare menika. Mila wonten seperangan cara ingkang saged dipun tindakaken, antawisipun lumantar media:
Dipun angkah, lumantar media menika, bab-bab wigatos ingkang kamot wonten ing sastra Jawi Kina saged dipun mangertosi dening lare - lare. Kanthi menika, dipun gadhang para nem - neman ingkang badhe nglajengaken bangsa Indonesia wanci ingkang badhe dhateng, minangka nem - neman ingkang kapribadenipun mujudaken pekerti saha watakipun bangsa Indonesia,
Kanthi-maos riptan riptan sastra Jawi Kina kula lan panjenengan sadaya saged methik paedahipun ingkang kamot ing lebetipun, bilih wonten gesang bebrayan donya bab - bab wigatos, kadosta:
taksih jumbuh sanget saha boten badhe telas saha risak jalaran owah gingsiripun jaman ingkang modern kados menapa menapa mawon, salebetipim gesang bebrayan ingkang katindakaken dening manungsa.
6. Penutup
Sastra Jawi Kina menika jagadipun sastra jaman rumiyin. Boten gampil mangertosi bab - bab wigatos ingkang kamot salebetipun, dipun betahaken kawruh (seserepan) ngengingi lingkungan kabudayan, caranipun mikir, aturan (norma) estetis (kaendahan), mliginipun kawruh ngengingi bab basa. Sanajan mekaten, panaliten ingkang gegayutan kaliyan sastra Jawi Kina tetep lumintu, para panaliti kabudayan kuna Indonesia tetep nggethu nekuni [1] Dosen Fakultas Ilmu Pengetahuan Budaya Universitas Indonesia, saged dipun sambeti [2] Miturut Poerbatjaraka (1954:x) ingkang dipun wastani basa Jawi Kina menika basa Jawi kala [3] Ngengingi kaendahanipun Ramayana, Poerbatjaraka (Kapustakan Djawi, Djambatan, 1952: |














