Ki-demang.com : Kongres Bahasa Jawa 5

Kaca Ngajeng

logo-kbj5


ikon-buku-tamu

Kesekretariatan

Alamat-Sekretariat
Badan-Pekerja
Rencana-Kerja
Jadwal-Kongres

Pendaftaran

Pendaftaran-(B-Indonesia)
Pendaftaran-(Bhs-Jawa)
Pendaftaran-(Carakan)

Data & Seleksi Makalah

Data-Abstrak-Makalah
Teknis-Penulisan-Makalah
Hasil-Seleksi-Makalah

Isi Makalah

Makalah-Kunci
Makalah-Komisi-A
Makalah-Komisi-B
Makalah-Komisi-C
Makalah-Komisi-D
Makalah-Komisi-E
Makalah-Pengombyong

Rekomendasi - KBJ 5

Isi-Rekomendasi-KBJ-5

Daftar Peserta

Peserta-Luar-Negeri
Peserta-Institusi-Lembaga
Peserta-DI-Yogyakarta
Peserta-Jawa-Timur
Peserta-Jawa-Tengah
Rekap-Peserta

Galeri Foto - KBJ 5

Galeri-Foto-KBJ-5

  Jumlah Pengunjung

1874070
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :73
Minggu ini   :Minggu ini :159
Bulan ini   :Bulan ini :1848
s/d hari ini   :s/d hari ini :1874070
Jumlah Kunjungan Tertinggi
10-28-2025 : 611
Pengunjung Online : 3

Kontak Admin.

email-kidemang

Makalah Pengombyong (#05)

 

Ninthingi Kearifan Lokal Wonten Ing Naskah - Naskah Jawi  Klasik Minongko Pendidikan Watak
Dening
Sri Wahyu Widayati
Fakultas Bahasa Seni

Universitas Negeri Surabaya


 
Purwaka


            Puji Syukur kawula unjukaken dumateng Gusti Allah s w t, amargi rahmad lan hidayahipun seratan punika saget kawedar. Seratan punika maujud amargi saking raos prihatinipun panyerat, aningali kawontenan ing gesang bebrayan Jawi ingkang saya dangu saya tebih saking wewarah-werah Jawi. Para priyantun Jawi ageng utawi alit kathah-kathahipun sampun sami kapilut kabudayan manca ingkang lumebet ing Indonesia, lumantar saking globalisasi informasi. Kabudayan manca inkang lumebet ing bebrayan Jawi mboten sedaya cocok tumprap gesang bebrayan Jawi. Kathah kabudayan manca kang awujud wewarah ingkang mboten cocok tumrap gesang bebrayan Jawi, nanging ngremboko ing salebetipun bebrayang Jawi. Sadaya wahu amargi kirangipun kawruh babagan kabudayan Jawi, mliginipun budaya idiil ingkang awujud wewarahipun para leluhur. Kabudayan idiil ingkang sifatipun abtrak kala wau dening para leluhur tiyang Jawi dipun warisaken dumateng putra wayang awujud naskah.


            Naskah Jawi ngrembaka woten kalih sub-kabudayan Jawi injih punika sub-kabudayan kraton lan sub-kabudayan Jawi pasisir. Kekalihipun sub-kabudayan wahu ngasilaken naskah ingkang sinerat mawi tulisan Jawi lan tulisan Arab Pegon. Pramila kathah tiyang Jawi ingkang mboten saget maos, langkung-langkung para muda-mudinipun. Adhedhasar kawontenan kados makaten mila saperlu enggal-enggal anggarap naskah-naskah kala wau saperlu mendhet sari patinipun ingkang kanthah-kathahipun ngemu wewarah. Amrih sedaya tiyang saget ngawuningani kados pundi wewarah-wewarah Jawi ingkah adiluhung.

1. Naskah Jawi Minangka Budaya Idiil Para Leluhur Jawi

Globalisasi informasi pengaruhipun ageng sanget tumrap bebrayan bangsa Indonesia, mliginipun tumrap bebrayan Jawi. Pengaruh ingkang mufakati dumaten bebrayan Jawi antawispun injih punika masyarakat Jawi gampil mangihaken seserepan lan pengalaman inggal ingkang mufakati tumrap gesangipun. Dene pengaruh awonipun injih punika kathah budaya monco ingkang mboten cocok kaliyan budaya kita dherek lumebet dumateng bebrayan kita, lan kathah masyarakat ingkang kapilut.Lumebeting budaya manca kang mboten trep kaliyan budaya kita ageng pengaruhipun dhumateng tingkahlakuning masyarakat. Minangka conto; samenika kathah pinanggih ing masyarakat ingkang watak wantunipun saya tambah awon. Kadadosan kala wau trep kaliyan ingkang dipun njlentrehaken ing buku” The Clash of Civilinations”, injih punika kekuwatosan ingkang badhe kedadosan ing modernisasi global saget tuwuh peradaban ageng , nanging asor lan mboten gadha perikamanungsan. Satunggiling bangsa saget nyingkrihi bebaya kala wau menawi saben tiyang ing bebrayan tumanjem nilai-nilai tradisi luhur bangsa, salah satunggalipun kearifan lokal ingkang dipun gadhahi dening bangsa Indonesia khususipun masyarakat Jawi. Kabudaya bangsa inggih punika kabudayan ingkang tuwuh saking pambudidaya rakyat Indonesia piyambak. ( UUD 1945, Bab XIII pasal 32). Budaya Indonesia dumadi saking budaya daerah ingkang gugungipun sami kaliyan gugungipun suku ing Indonesia. Wonten ing budaya daerah kathah pinanggih kearifan lokal, ingkang ngantos sapunika tasih cocok dipun agem panutan warganipun. Salah satungiling budaya daerah ingkang anggadhahi kearifan lokal ingkang kathah injih punika budaya Jawi. Kearifan lokal Jawi minangka budaya idiil kathah sinerat wonten ing naskah-naskah Jawi jaman rumiyin.

Pramila saking punika saperlu enggal-enggal nintingi malih kearifan lokal ingkang tasih sinimpen wonten ing naskah-naskah Jawi kina, saperlu kangge ngengetaken malih tiyang-tiyang ingkang wonten bebrayan Jawi. Kesadaran masyarakat Jawi wangsul dhumateng pitutur luhur saget andadosi watak saperangan tiyang-tiyang Jawi sampun nalisir saking paugeran ingkang saya dangu saya tambah kathah.

            Kearifan Lokal Jawi minangka budaya ideel para leluhur masyarakat Jawi ngrembaka woten daerah keraton utawi salajengipun kawastanan tlatah mataraman lan woten tlatah paisiran.Pramila naskah-naskah Jawi dumadi saking naskah kraton, lan naskah-naskah pasisiran. Woten seratan punika badhe dipun babar tuladha saking naskah kraton lan naskah pasisir, ing pangajab sageta kangge nggugah para panaliti ingkang katarik dumateng naskah jawi supados naskah-naskah Jawi ingkang gunggungipun kathah sanget inggal saget dipun garap. Salajengipun pitutur-pitutur ingkang adi luhung ingkang saget ndamel saening watak masyarakat Jawi sageta dipun lintiraken dhumateng generasi salajengipun.

2. Kearifan Lokal Ingkang Wonten Salebeting Naskah Jawi Minangka Sarana Pangulawentahing Watak

            Wonten ing salebeting pembangunan nasional bangsa kita kedah ngenal, mahami dhateng nilai-nilai ingkang nate gesang ing jaman rumiyin, sebab bab punika minangka modal utami kangge pembangunan nasional, injih punika kabudayan ingkang wonten GBHN dipun garisaken minangka pangejawantahipun cipta, rasa lan karsa bangsa kangge ngrembakakaken pepinginan lan martabat bangsa ( Chamamah, 1997: 7). Nilai-nilai ingkang dumadi wonten ing masyarakat jaman rumiyin kala wau minangka budaya ideel masyarakat jaman rumiyin ingkang sifatipun abstrak. Menawi para leluhur jaman rumiyin medharaken panguneg-unegipun wonten ing seratan, pramila punjering budaya ideel asring wonten ing seratan lan buku-buku. Jadi naskah-naskah minangka karyanipun masyarakat bangsa kasebut (Koentjaraningrat, 1983: 5). Kasusastran kang dipun anggit masyarakat jaman rumiyin sering sinebat naskah. Robson, Baried kados kang dipun kutip ( Chamamah, 1977: 10) tembung “naskah” dipun kajengaken injih punika kasusastran tulis saking anggitanipun leluhur jaman rumiyin pramila sinebut naskah lami. Dados kasusatran anggitanipun masyarakat Jawi jaman rumiyin, sinebut naskah Jawa kina.

Kasusastran kaiket dening kode bahasa, kode sastra lan kode budaya ( Teeuw, 1978: 12). Makaten ugi kasusastran Jawi kina kaiket dening kode bahasa, kode sastra lan kode budaya, masyarakat rikala ingkang nganggit kasusastra kala wau tasih sugeng. Pramila pamaos mbudidaya amrih mahami kode sastra, kode bahasa lan kode budaya kala kasustran dipun anggit langkung kasusastran punika piyambak. Kasustra Jawi klasik ingkang badhe dipun rembak injih punika kasustra ingkang sampun ngangge bahasa Jawi inggal, ananging panyeratipun tasih ngangge tulisan Jawi utawi tulisan Arab Pegon. Pramila panyengkuyung kasusastran   punika sampun mboten wonten, ananging anggitanipun tasih kathah dipun panggihaken ing jaman sapunika. Pramila kathah tiyang-tiyang Jawi ingkang sampun mboten saget maos naskah-naskah Jawi klasik , saengga isi naskah-naskah Jawi klasik kathah ingkang mboten dimangertosi dening   masyarakat umum. ( Widayati, 2001: 5). Kanthi adhedasar punika perlu para panaliti lan sinten kemawon ingkah gadhah kawigatosan dhumateng tilaran para leluhur Jawi, saperlu nintingi isining naskah lan kasampekaken ngangge basa lan tulisan samenika, saengga nilai-nilai luhur ingkang kinandhut ing naska-naskah kasebut sanget dipun lestarekaken.

Naskah-naskah klasik Jawi ingkang tulisan Jawi, Pegon lan ingkang cetah sedaya minangka asiling budaya Jawi ingkang wujud cipta sastra, lan minangka wujuding pamedhare pesen dhateng ingkang maos. Pesen kala wau anggadhahi fungsi tartemtu, injih punika nggabaraken olah pikir, pranatan-pranatan ingkang dipun ugemi, kangge tiang ingkang gesang ing jamanipun lan kangge generasi sasampunipun (Baried, 1985: 4-5). Samanten ugi kasusastran Jawi klasik ingkang ngandhut kearifan lokal, ugi minangka pesen dhumateng sedaya tiyang ing jamanipun lan pesen tumram generasi selajengipun. Kearifan lokal miturut (Dadang Respati Puguh, 20 Maret 2011) Pandangan hidup lan seserepan saha meneka caraning urip ingkang awujud kegiatan ingkang dipun lampahi dening masyarakat lokal kangge njawab sawarnining masalah kangge nyukupi kabutuhanipun. Sistem kangge nyekapi kebetahan masyarakat injih punika; agama, seserepan, ekonomi, teknologi, organisasi sosial, basa, kesenian lan komunikasi. Dados kearifan lokal injih bab-bab ingkang wonten gandheng cenengipun kaliyan budaya tartamtu, lan nggambaraken caraning gesang bebrayan warga masyarakat tartemtu. Saengga kearifan lokal punika dumunung wonten ing budaya lokal (budaya daerah).

Budaya lokal injih punika budaya kagunganipun masyarakat ingkang dedunung ing papan tertentu ( lokalisasi) ingkang benten kaliyan budaya ing papan sanes. Pemendagri Nomor 39 th 2007 pasal 1 ngandaraken budaya daerah injih punika “ suatu sistem nilai yang dianut oleh komunikasi/kelompok masyarakat tertentu di daerah yang diyakini akan dapat memenuhi harapan-harapan warga masyarakat dan di dalamnya terdapat nilai-nilai, sikap tatacara masyarakat yang diyakini dapat memenuhi kehidupan warga masyarakatnya.   Wonten budaya lokal ngemot gagasan-gagasan (ideas, cultural system) tikah-laku (activities, social system) ingkang ngandhut nilai-nilai kawicaksanan, ingkang selanjengipun kawastanan kearifan lokal. Semanten ugi masyarakat Jawa ugi nggadhahi budaya lokal ingakang wujud nilai-nilai kawicaksanan. Kearifan lokal ing salebeting masyarakat Jawi ingkang kathah-kathahipun mundhut wewarah saking para leluhur masyarakat Jawi. Wewarah-wewarah kasebut dening para leluhur masyarakat Jawi kaserat ing Naskah. Kearifan lokal ingkang dumunung ing salebeti naskah-naskah Jawi ingkang paling kathah ngemot pitutur. Mila saget dipun dudut para leluhur Jawi pingin maringi pitutur dumateng putra wayah (generasi berikutnya)   amrih watak (karakter) masyarakat Jawi mboten gampil owah saking paugeran Jawi. Dados tiyang Jawi kedah anggadhahi watak (karakter ) tiyang Jawi. Pramila suwargi Bapak Prof Dr Suripan Sadi Hutomo, nate ngendika: wong Jawa aja Jawel, wong Jawa jawel, iku jawane kadal”. Pangandikanipun Bapak Suripan Sadi Hutomo punika kangge ngengetaken sinten kemawon menawi tasih ngakeni menawi tiyang Jawi kedah ngugemi adat lan wataking (karakter ) tiyang Jawi. Panjenenganipun saben-saben ngendika makaten amargi ing bebrayan Jawi sampun milai kirang sekedik mbaka sekedik kearifan lokal Jawi, amargi masyarakat Jawi gesangipun kathah ingkang ngeblat dhumateng budaya asing. Pramila kearifan Jawa ingkang wonten salebeting naskah kedah dipun tintingi maling lan salajengipun dipun “aktualisasikan” malih. Ing ngandhap punika badhe karembak kearifan lokal ingkang wonten ing naskah. Naskah ingkang badhe kula rembak namung winates kemawon. Kathi pangajap wotena para panaliti kang katarik dhumateng naskah Jawi lan ngembangaken makalah punika dados panaliten.

3. Naskah Jawi Ingkang Salebeting Woten Kearifan Lokal Ingkang Saget Kangge Sarana

   Pangulawethaing Watak (Pendidikan Karakter).

a. Serat Katidha anggitanipun Raden Ngabei Raden Ngabei
Ranggawarsita.


Kasusastran punika kalebet kasusastran klasik Jawa pengaruh kraton lan sampun kaloka, amargi Ronggowarsita minangka Pujangga Jawi ingkang asmanipun sampun kawental.

Kearifan lokal ingkang kinandhut ing serat Kalatidha injih punika:

Tiyang gesang punika kedah eling lan waspodo, sampun ngantos gampil kenging pengauhing lingkungan ingkang mboten sae, punapa malih kapilut dhomateng gebyaring donya ingkang mboten sedaya punika kados ingkang kita tingali. Maksudipun tiyang Jawi badhea wonten ing kahanan kados punapa kemawon kedah anggadhahi pendidirian, saget milih pundi ingkang sae pundi ingkang mboten. Pramila kedah ngatos-atos anggenipun napaki agesang, terus eling lan waspodo. Kados kutipan ing ngandhap punika:

Ujaring Panitisastra, awawarah asung peling, ing jaman keneng musibat, wong ambek jatmika kontit, mengkono yen niteni, pedah apa amituhu, pawarta lalawara, mundhak angraranta ati, angurbaya ngiketa cariteng kuna. (Kalatidha bait 5)

Keni kinaeya darsana, palambanging ala lan becik, sayekti akeh kewala, lalakon kang dadi tamsil, masalahing ngaurip, wahananira tinemu, temahan anarima, mupus papasthening takdir, puluh-puluh anglakoni kaelokan. ( Kalatidha gatra 6)

Amenangi jaman edan, ewuh aya ing pambudi , melu edan nora tahan, yen tan melu anglakoni, boya kaduman milik, kaliren wekasanipun, dilalah kersaning Allah, begja-begjane kang lali, luwih begja kang eling lawan waspada. (Klatidha, gatra 7)

Kearifan lokal sanesipun injih punika ; tiyang ingkang sampun yuswa kedah langkung nyaketaken dhumateng Gusti, kanthi ibadah ingkang saestu, supados pikantuk rahmating Gusti. Kados kutipan ing ngandhap punika:

Semono iku bebasan, padu-paduning kepengin, enggih makaten man Dhoplang, bener ingkang ngarani, nanging sajroning batin, sajatine nyamut-nyamut, wis tuwa arep apa, muhung mahasing asepi, supayantuk parimarmaning Hyang Suksma. (Kalatidha, gatra 8)

b. Wulang Estri Anggitanipun Pakubuwana IV anggitanipun Paku Buwana IV

        Wulang Estri kalebet kasusastran klasik Jawa pengaruh kraton. Kasusastran punika pinangka pitutur kagem wanita Jawi, mliginipun kagem para remaja putri. Kearifan lokal ingkang cocok kangge pangulawethaing watak (karakter) antawisipun:

Sangu ingkang utami tiyang badhe mbangun balewisma ( berumah tangga) injik punika manah. Liripun tiyang jejodhohan kedah anggadhahi raos tresna ingkang satuhu (cinta sejati). Kakung lan putri menawi anggadhahi lelandhesan katresnan sejati, mboten badhe nuntut menapa-menapa. Bungah susah badhe, sugih utawi miskin dipun lampahi sesarengan. Jaleh estri nampi menapa wontenipun pasanganipun. Amargi katresnan ingkang kangge dasar mbangun kaluarga, mboten banda lan mboten rupa.   Saliyanipun punika;   tiyang bebrayan tiyang estri kedah mbangun turut dhumateng garwanipun. Kados kutipan ing ngandhap punika:

         Pratikeling wong akrami, dudu brana dudu warna, amung ngati paitanne, luput pisan kena pisan, yen gampang luwih gampung, yen angel kelangkung, tan kena tinambak arta.
Tan keni tinambak warni, uger-uger wong akrama, amung emut dandanane, eling kawise sang priya, tan kena sumembrana, kurang eling kurang emut, iku luput ngambra-ombra.
    Wong lali rehing akrami wong kurang titi agesang, wus menang ing ngaran pedhot, titi iku kang temenan, tumanceba ing manah, yen wus ilang titinipun, ilang namaning akrama ( Wulang Estri gatra 1-3)

3. Layang Mursada Pasisira

            Layang Mursada pasisiran mboten dipun mangertosi ingkang nganggit, alias anonim.Kasusastra Jawa pasisiran   injih punika kasusastra Jawi kina ingkang asalipin saking daerah pesisir Jawi iring ler. Tiyang gesang menawi purun tetulung dhumateng tiyang sanen

kanthi ihklas, badhe pikantuk kanugrahaning Gusti kang maha agung. Kados ingkang dipun alami Kyai Nambi lan Nyai Nambi ing carios Layang Mursada. Kutipanipun kados ing ngandhap punika:

Patine kinaningaya, tanpa dosa wong wadon ta puniki, garwane Sang Ratu Ngerum, kula bekti lan dika kaki tuwa, kawula jaluk pitulung, Lah age sira gotonga, gawanen wisma mami,

Anulya tinata sira, raden ginotong gotoing wong kalih, ana dene putranipun, Kaki Nambi kang ngemban, wus binekta ngebataken lakunipun, wus prapta padhukuhan nira,Nyai Nambi kaget ningali.

            Wus purwa tekaning wekasan, Nyai Nambi pan sampun dipun tuturi, pan sami welas andulu, tan suwe binecikan, tan suwe binecikan, den halusi godhong gedhang wewungkus, kinubur sawise wisma, den tengeri watu putih ( Layang Mursada, PP2 bait 42- 44)

Sugihipun ketemu tuwa, derajate Nyai Nambi, tan kira sandhang pangan, sarta kathah wong kang ngungsi, rahina kalawan wengi, padha melu adhudhukuh, semune saya reja, dhukuhe Kaki Nambi, Nyai Nambi sugehe mas rajabrana. (Layang Mursada, PP : 3 gatra 8)

            Kados makaten tintingan winates naskah-naskah Jawi klasik, minongka panggugah para maos ingkang gadhah kawigatosan dhumateng tilaran para leluhur Jawi awujud naskah. Tilaran kala wau kanyata kathah ngemu kearifan-kearifan lokal ingkang sagen kangge nglawethah watak (pendidikan karakter) tiyang Jawi mliginipun lan ugi masyarakat umum.

4. Dudutan

            Naskah –naskah Jawi klasik minangka tilaran para leluhur tiyang Jawi ngemu budaya ideel ingkang wujud gagasan-gagasan lan cita-cita luhur.
            Kathah tiyang Jawi ingkang sampun mboten saget maos naskah, amargi naskah kaserta ngangge tulisan Jawi utawi Arap Pegon. Pramila saperlu nintingi malih dhateng naskah-naskah kasebut, supadon nilai-nilai luhur saget dipun warisi generasi samenika,
            Naskah –naskah Jawi klasik minangka asilipun budaya lokal ing lebetipun kathah dipun panggihi kearifan lokal, ingkang saget dipun angge pangulawethahing watak (pendidikan karakter). Pramila perlu dipunbeberaken malih ing sesrawungan masyarakat Jawi.
            Kearifan lokal ingkang dumunung ing naskah-naskah Jawi perlu “diaktualisasikan kembali” saperlu kangge tameng masyarakat saking pengaruh melebetipun budaya asing ingkang mboten cocok kaliyan budaya kita, khusus budaya Jawa.

Kapustakan 

 

♦ Koentjaraningrat, 1974 Kebudayan, Mentalitet dan Pembangunan,
   Jakarta: Gramedia

♦ ---------------------, 1984. Kebudayaan Jawa. Jakarta: PN Balai Pustaka ♦ Purnama,Bambang dkk, 2001 Teks traskrip Layang Mursada, Jawa
   Timur: Badan
pekerja kongres bahasa

♦ Pigeaud, 1967. Literature of Java 1. The Hague: Martinus

♦ Poerbatjaraka, R.M.Ng, 1954. Kapustakan Jawi. Batavia: JB Wolters

♦ Teeuw,A. 1983, Membaca dan Menilai Karya Sastra. Jakarta: Pustaka
   Jaya

♦ Derektorat Jenderal Kesatuan Bangsa dan Politik Departemen Dalam
   Negeri. 2007. Peraturan Menteri dalam no 39 th 2007 tentang pedoman
   fasilitas organisasi kemasyarakatan bidang kebudayaan, kraton, dan
   lembaga adat dalam pelestarian dan pengembangan budaya daerah

ikon pdf


kds penutup
wangsul-manginggil 

  • < 04 Dongeng : Sarana Ngenalaken Nilai - Nilai Moral, Pengajaran Budi Pekerti Lan Khazanah Budaya Jawi
  • 06 Reaktualisasi Ungkapan Tradisional Jawa Sebagai Sumber Kearifan Lokal Dalam Masyarakat untuk Penguat Kepribadian Bangsa >