Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 34

Kontak Admin.

email-kidemang

 (35) Kaca 242 – 251

 

( Cariyos Siti Aklimah Ingkang Kasiya-siya lan Pinisakit Dening Bojonipun )

b). Cariyos lêlampahanipun Siti Aklimah ingkang kasiya-siya lan pinisakit dening bojonipun Ngabdulah ingkang sampun sêpuh tur sakit-sakitan jalaran saking butarêpanipun. Manawi kesah kontên dipun kunci, palataranipun dipun wur-wuri wêdhi saengga manawi wontên tiyang ingkang mlêbêt katingal tilasipun. Rawuhipun Siti Patimah putrinipun Rasululloh pêrlu tuwi Siti Aklimah ingkang mêmêlas sangêt, damêl nêpsunipun ingkang jalêr. Aklimah dipun gêbagi ngantos satêngah pêjah. Wasana èstri ingkang sêtya wau kapundhut dening Pangeran kapapanakên ing swarga. Bojonipun kasiksa ing naraka, ewadene ingkang èstri botên tega, lajêng kasuwun dhatêng Gusti Allah sagêda sêsarêngan wontên ing swarga.


Kaca 242 - 251.


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 2 - Kaca : 243

149 Mijil

20.
Iya marang para Nabi-nabi |
Hyang Suksma dènnya mong |
saluhuring para wali (ng)gènne |
pangêla-êlanira Hyang Widdhi |
malah mèh sinami |
lan putra (n)Jêng Rasul ||

21.
Ginanjar ing warna ayu ngrungih |
cahyanya mancorong |
lir basanta purnama kênyare |
jinodhokkên lan wong kaki-kaki |
wungkuk kuwu nanging |
sugiye kalangkung ||

22.
Mata bèlèk gudhigên tur mêngi |
untune mèh gogrog |
rêngkak-rêngkik (m)bêsisik awake |
kêrêp mara-tangan lêngus bêngis |
mring kang wadon luwih |
butarêpanipun ||

23.
Yèn kang wadon gumuyu tan ririh |
untu kongsi katon |
miwah têlak pasthi lamun gêdhe |
ukumira tan lyan saking rai |
kang dènsalênthiki |
kaping têlungpuluh ||

24.
Yèn ngladèkkên dhahar nuju laki |
nyèlèhkên tan alon |
kongsi kocak nèng tuwung jangane |
jangan nuli siniratkên rai |
wuwuh dèncamêthi |
iya kaping têlu ||

25.
Yèn lumaku nèng latar kasliring |
kentol kongsi katon |
kang dènukum ya karo sikile |
pan binanting kuping dèn slênthiki |
yèn kang lanang lagi |
dhayohan kongsi wruh ||

26.
Marang ing wong lanang lyan sayêkti |
rinaupan lombok |
yèn turu kinèn tunggu (n)daganne |
amêtêki tuwin angêbuti |
lamun durung nglilir |
nora kêna mêtu ||

27.
Mangka mangsanira lagi nglilir |
kang wadon tan katon |
nadyan lagi susuci myang sêne |
pasthi kêna ukum gêng pinanggih |
ginèrèt binithi |
tinapuk jinantur ||

28.
Awak tatu ngrêncêm bocah-bocih |
anuli pinopok |
uyah asêm lan jêruk wrak arèn |
suprandene mantêp dèntêtêpi |
dènnya bêktyèng laki |
tuwa kêmpong pikun ||

29.
Rêngkik-rêngkêk tuwa kuru mêngi |
cinipta jaka nom |
lêngus kêrêng lan mara-tangane |
nyipta bagus anèng tilamsari |
malah Kangjêng Nabi |
Rasul putranipun ||

30.
Siti Patimah arsa manggihi |
miyarsa pawartos |
saking ingkang rama andikane |
kinèn malap sasangêt minta sih |
mring Aklimah dening |
sru bêkti ing kakung ||

Jilid 2 - Kaca : 244

31.
Dèwi Patimah gupuh lumaris |
siji tan (m)bêkta wong |
mung kang paman Ngali ngatêrake |
mamanuki saking wuri têbih |
sapraptanira ring |
kono nuju suwung ||

32.
Lunga dagang kaki tuwa nanging |
ingkang wadon kinon |
tunggu wisma anèng gêdhong bae |
lawang-lawang kabèh dènkuncèni |
latarira sarwi |
dènwuri-wuri awu ||

33.
Pamrihira yèn wontên wong prapti |
kongsi lumêbèng jro |
pasthi lamun katara awake |
samana Siti Patimah prapti |
nguwuh minta kori |
(m)bok Aklimah krungu ||

34.
Sapa wonge kang aminta kori |
nora wlas maringngong |
ki omah sêpi ta baliya bae |
Dèwi Patimah alon nauri |
sun kang minta kori |
Habibolah sunu ||

35.
Ya kang cèthi Sayidina Ngali |
Patimah wakingong |
sadhelarsa panggih lan dhèwèke |
wadon Aklimah tetela myarsi |
yèn kang minta kori |
atmajèng (n)Jêng Rasul ||

36.
Èstri guruning wadon sabumi |
Patimah sayêktos |
minulyakên dening Hyang èstrine |
(m)bok Aklimah kewran tyasirèki |
arsa amanggihi |
jrih dukaning kakung ||

37.
Pasthi kênèng kukum gêng nêmahi |
ing satêmah layon |
lamun nora manggihana rêke |
mring tatamu ajrihe nglangkungi |
dene putrèng Nabi |
wêkasan anglalu ||

38.
Nêmah kênèng ukume kang laki |
kunci wus sinorog |
kori mênga sang rêtna nulya ge |
manjing ing jro kagyat aningali |
mring kang duwe panti |
cahyanya sumunu ||

39.
Lir banguning kartika myang maksih |
sumêdhêng yu anom |
pantês lamun kawêngku pamase |
siniwaya anèng jroning puri |
dadiya rabining |
punggawa tan patut ||

40.
Nadyan garwaning para narpati |
nora na mangkono |
nèng sawarga iku pantês (ng)gonne |
Ni Aklimah iyeram ningali |
cahyaning kang prapti |
lir wulan mabangun ||

Jilid 2 - Kaca : 245

41.
Sunaring wadana angglipati |
prabane mancorong |
tuhu ratuning èstringrat kabèh |
ratu-ratuning ayu sabumi |
Aklimah nulya glis |
nêmbah ngaras suku ||

42.
Nanging ingkang sinêmbah tan apti |
sang rêtna lingnya lon |
apan sarwi anganthi astane |
babo aja anêmbah ing kami |
pan sirèku uwis |
pinadha lan ingsun ||

43.
Sinucèkkên jênênging pawèstri |
miji sing Hyang Manon |
Jêng rama wus amuji yêktine |
marang sira minulya nèng bumi |
miwah aningali |
bawanta lan ingsun ||

44.
Nyai Aklimah umatur aris |
adhuh gustiningong |
punapa kang kinarsakkên anggèr |
anêdhaki ing dasih kaswasih |
sasat ingkang abdi |
kabanjiran madu ||

45.
Kagunturan ingkang wukir sari |
kilang hèrnawa rob |
Dèwi Patimah alon dêlinge |
nora nana sêdyaningsun naming |
arsa amangihi |
lan sira satuhu ||

46.
Payo mulih mring wismanirèki |
sun arsa wruh ing jro |
nulya kinanthi sarêng lampahe |
lênggah panti Aklimah yun mungging |
sor nanging tan kêni |
pinêksa nèng luhur ||

47.
Dèwi Patimah ngandika aris |
marmane wakingong |
praptèng kene sayêkti yun ngêmpèk |
kadang tuwa marang ing sirèki |
dènnya praptèng akir |
têtêpa sadulur ||

48.
(m)Bok Aklimah kagyat miyarsa ngling |
(m)barêbêl mêtu loh |
dhuh gustiku kang mangkana anggèr |
manamparing ing dasih kaswasih |
tan sagêt mangsuli |
si tariking gambuh ||

150 Gambuh

1.
Dangu dènnira lungguh |
sang Dyah Ibnu Mustapa andulu |
ting carènthèl nèng gêbyog luhurirèki |
lir camêthi dhapuripun |
samya wêsi kang dènanggo ||

2.
Gêdhe cilik pipitu |
sêjêmpol sajênthik sapênuduh |
ingkang agêng salêngên amung sawiji |
sang dyah (ng)garjita ing kalbu |
aris dènnira tatakon ||

Jilid 2 - Kaca : 246

3.
Apa pandhe bojomu |
duwe dandanan mangkono iku |
ting carènthèl rupane kaya cèmêthi |
piranti apa ta iku |
Aklimah umatur alon ||

4.
(m)Botên pandhe pukulun |
punika piranti yèn angukum |
mring kawula bilih anglampahi sisip |
sang rêtna ngandika arum |
iku apa wus kalakon ||

5.
Sira kêna ing ukum |
matur inggih pitu pisan sampun |
tinamakkên mring kawula kang camêthi |
inggih saking bodhonipun |
kang abdi tan wrin pakewoh ||

6.
Akathah lêpatipun |
maring laki pramila sring ngukum |
amung ingkang salêngên gêngipun gusti |
sapisan dèrèng pukulun |
tumiba ing angganingong ||

7.
Kados gadhangan lamun |
ingkang abdi dosa gêng puniku |
kang kinarya Dèwi Patimah duk myarsi |
mangkirig tyase kumêjut |
sru tobatira Hyang Manon ||

8.
Rumaos lamun durung |
mangkana dera bêkti ing kakung |
malah sangêt tobat salêbêting galih |
Aklimah sigra rinangkul |
Siti Patimah mêtu loh ||

9.
Dhuh lae kadangingsun |
Aklimah donya akeratipun |
amung sira bênêr kang padha mêmuji |
mangkono sing pratingkahmu |
tuhu musthikaning wadon ||

10.
Dongakna raganingsun |
lilanira manira gya wangsul |
lawan paman Ngali sunajake mriki |
lamun wus prapta bojomu |
apan ingsun arsa wêroh ||

11.
Sang rêtna sigra kundur |
Aklimah ngatêr jawining pintu |
yayah kadya nutakên waspanirèki |
sru onêng ing tamunipun |
sasolahe maksih katon ||

12.
Wau ta ingkang kundur |
lêstari ana marga pinêthuk |
lan kang paman nungkêmi pada kêkalih |
sru minta aksamanipun |
matur nutur dènnya panggoh ||

13.
Lan Aklimah satuhu |
punjulingrat bêktinya mring kakung |
ingkang paman mèsêm nahan ta winarni |
Aklimah saungkuripun |
amung tansah gung wirangrong ||

Jilid 2 - Kaca : 247

14.
Lawang kinunci sampun |
wangsul ing gêdhong malih (ng)gyanipun |
yata wau ki juragan lagya prapti |
sarowangira gumuruh |
kèndêl sajawining banon ||

15.
Ki juragan anguwuh |
(n)dhodhog kori kagyat duk angrungu |
(m)bok Aklimah tan samar swaranirèki |
wus anarka lakinipun |
gupuh mijil saking ing (ng)gon ||

16.
Anyangking toyèng suku |
enggal anyorog kori pan sampun |
dangu manjing Aklimah nyandhak padèki |
winisuhan toyèng suku |
wusnya mudhar ukêlnya lon ||

17.
Kinèsèdakên suku |
duk lumampah ki juragan (n)dulu |
tapak lèjèg nèng latar tilas wong kalih |
(m)basêngut sru dukanipun |
wus pasthi ciptaning batos ||

18.
Kalamun rabinipun |
tinarka ngiwa ing tindakipun |
datan kongsi tatanya kasusu runtik |
busana tan kongsi cucul |
laju angutu mring kêbon ||

19.
Camêthinira sampun |
kabèh ginawa Aklimah wêruh |
wus anyipta yèn antuk dukaning laki |
ki juragan asru muwus |
Aklimah sampungkuringong ||

20.
Sapa ta dhadhayohmu |
baya wong lanang kang luwih bagus |
nêmbah matur dhuh gustiku guru mami |
Dèwi Patimah kang rawuh |
dede wong lanang sayêktos ||

21.
Milamba kamipurun |
amanggihi mring atmajèng Rasul |
inggih amung nyuwun pangaksama gusti |
ki juragan asru ngêmpus |
têka bisa têmên goroh ||

22.
Tan wurung sira kukum |
ingsun ajrih yèn ngapura iku |
dukaning Hyang ki juragan wusira ngling |
rabine sigra sinapu |
cèmêthi pitu dènanggo ||

23.
Sijine ping sapuluh |
dadya pinukul ping pitungpuluh |
apan rênyuh sarirane lir rinujit |
sasambate tan lyan namung |
nêdha apura kemawon ||

24.
Ki juragan wus liwung |
waringutên ilang trêsnanipun |
marang rabi wus tutug dènnira (ng)gitik |
nyandhak pukul gêdhe gupuh |
mukane sêdya pinupoh ||

Jilid 2 - Kaca : 248

25.
Muncrat ludiranipun |
dadya niba ing siti tan emut |
kinèndêlan wau ta dènnira nggitik |
kinira rabine lampus |
sigra mulih saking kêbon ||

26.
Prapta ing wisma sampun |
ki juragan minggah kobong turu |
yata wau yekang kantaka wus eling |
wungunira pungun-pungun |
antuk parmane Hyang Manon ||

27.
Sadaya tatunipun |
ing sarira myang mustakanipun |
samya pulih tan ana labêt kang bucik |
malah sangsayembuh ayu |
cahyane wuwuh mancorong ||

28.
Yata Aklimah emut |
yèn lakine lagi prapta durung |
kongsi bukti sigra dènnya manjing panti |
tiningalan maksih mujung |
Aklimah sigra mring pawon ||

29.
Laju ngratêngi sampun |
sêkul ulam myang pangananipun |
sinajèkkên nèng jarambah sinasabi |
Aklimah gya nyandhak kêbut |
nusul minggah anèng kobong ||

30.
Alênggah (n)dagannipun |
amêtêki pan sarya akêbut |
ki juragan samana kagyat anglilir |
awas dènnira andulu |
pungun-pungun dènnira non ||

31.
Tan nyana rabinipun |
dene cahyanira wuwuh mancur |
aris tanya sapa wonge kang alinggih |
ing (n)dagan mêtêki mring sun |
Aklimah matur wot sinom ||

151 Sinom

1.
Kawula cèthi paduka |
pun Aklimah dhuh kiyai |
yèn sampun tuwan apura |
mring amba kula aturi |
wungu dhadhahar nasi |
cacaosane pan sampun |
ngungun kyai juragan |
duk myarsa dukane lilih |
mring rabine lan tujunenggal waluya ||

2.
Malah wuwuh cahyanira |
sumunar tejane kadi |
basanta sêdhêng purnama |
dènnya ngling wajane kengis |
gumêbyar anglir thathit |
ki juragan tyase rêmpu |
tangi asru lingira |
ya sun apura sirèki |
nanging aywa amindho laku dursila ||

Jilid 2 - Kaca : 249

3.
Ature inggih manawa |
culika tobat sayêkti |
sigra mudhun ki juragan |
caosanira binukti |
nanging tyasira maksih |
ki juragan mangu-mangu |
ciptèng tyas (m)buh wong ika |
adarbe silip ing laki |
eman têmên têka darbe ati ala ||

4.
Yèn ta aja mangkonoa |
ngupaya pasthi tan olih |
luwih bêkti rabiningwang |
tuhu yèn ayu linuwih |
tinimbang para putri |
maksih ayu rabiningsun |
sapa wonge kang (m)bedhang |
yèn ora sun paekani |
pasthi (n)dadra yèn luput ginodhèng jalma ||

5.
Dadya ki juragan arsa |
lunga dagang api-api |
pamit marang rabinira |
Aklimah dènbêcik kari |
sun arsa dagang malih |
pasthi lawas nora mantuk |
sira ja lunga-lunga |
poma ing sapungkurmami |
aturira Aklimah inggih sandika ||

6.
Sigra ki juragan mangkat |
lawang-lawange kinunci |
ngalintêr (n)jawining bata |
siyang dalu ngintip-intip |
nulya na ingkang prapti |
Jabarail pan ingutus |
amundhut Ni Aklimah |
dening Hyang Kang Maha Sukci |
saragane kinèn (ng)gawa marang swarga ||

7.
Aklimah asru tangisnya |
dene ta lakine maksih |
lunga dagang dèrèng prapta |
pinaksa dening Ijrail |
binêkta mring wiyati |
katur pinarnahkên sampun |
ing swarga luwih mulya |
sinami lan para Nabi |
nanging wadon Aklimah tansah karuna ||

8.
Pan anêdha lakinira |
tinunggilna mring swargadi |
Hyang Suksma anuduh sigra |
marang Malekat Ijrail |
kinèn mundhuta marang |
ki juragan nyawanipun |
Ngijrail lumaksana |
ki juragan kang winarni |
pan sadalu jagi anèng (n)jawi bata ||

9.
Enjing arsa ngambil andha |
tan arsa mêdal ing kori |
kasusu onêng ing garwa |
mènèk ki juragan manjing |
laju lumêbèng panti |
(n)jujug (ng)gonning garwanira |
tiningalan tan ana |
marang gêdhong kulon sêpi |
muring-muring tyasira mor langkung maras ||

10.
Gêmêd dènnira ngupaya |
jro wisma dènbalingkrahi |
gêdhonge kabèh binuka |
pawon pakiwan asêpi |
kabèh dènosak-asik |
sajroning cêpuri suwung |
ki juragan karuna |
sarwi gulung anèng siti |
sasambate Aklimah nèng ngêndi sira ||

Jilid 2 - Kaca : 250

11.
Apa ta lungane ngiwa |
marang kang (m)bedhang mu (m)bêngi |
labête mêntas sunpala |
dene nguni wus prajanji |
panjaluke pribadi |
yèn luput sun kinèn ngukum |
iya wus kalampahan |
ping pira-pira sun-gitik |
nora dadi tyase mêngko têka cidra ||

12.
Lunga nora awawarta |
dhuh Aklimah kapok mami |
abedhanga wong sadasa |
sawêngi ingsun lilani |
nora kudu ngong-gitik |
mung aweta ingsundulu |
marang ing warnanira |
yèn sirèwuh lawan mami |
lah akunên lêskarira sun narima ||

13.
Yata wau kang winarna |
malaekat ingkang prapti |
ki juragan wus cinandhak |
githoke tan bisa osik |
mênêng tan bisa nangis |
sru tanya sapa wong iku |
anyêkêl githokingwang |
saure ingsun Ngijrail |
dinutèng Hyang amundhut ing jiwanira ||

14.
Ki juragan duk miyarsa |
gumêtêr langkung dènnya jrih |
pan asru dènnya karuna |
pan kawula nyuwun alim |
inggih gusti yèn kenging |
ing benjang yèn wus kapangguh |
kalawan rayatkula |
kang kesah ing wau ratri |
dèrèng kongsi panggih arsa dènpundhuta ||

15.
Manira takèn ing wuntat |
Ngijrail asru nauri |
apa gawemu sasambat |
katêmu rabinirèki |
dene iya duk maksih |
siyasatira kalangkung |
tanpa dosa siniksa |
lah iya sandhangên mangkin |
Sang Hyang Suksma kang malêsna marang sira ||

16.
Pan ing mêngko rabinira |
wus pinundhut nèng swargadi |
luwih dening sèwu mulya |
pinadha lan para nabi |
dene sirèku benjing |
kinarya sèn-isènipun |
jroning nraka jahanam |
ki juragan wus miyarsi |
sru miduwung dènnya milara kang garwa ||

17.
Akèh-akèh sambatira |
nanging Ngijrail tan kêni |
nyawanya tinarik sigra |
tinarik saking ing sikil |
ki juragan wus mati |
luwih sangêt sakitipun |
nyawane sinangsaya |
samana wus katur maring |
ing Hyang Suksma kinèn manjingkên naraka ||

18.
Nyawanira ki juragan |
pinanjingkên nraka api |
langkung sakit kawlasarsa |
sakêthi lara wong mati |
siyang dalu anangis |
sasambat ing rabinipun |
ingkang anèng suwarga |
Aklimah wus amiyarsi |
yèn lakine siniksa anèng naraka ||

Jilid 2 - Kaca : 251

19.
Saya sru panangisira |
sru lumuh anèng swargadi |
yèn lakine tan tinunggal |
kêdah mèlwa anglakoni |
marang naraka gêni |
Hyang Suksma sigra angutus |
Jabarail ngatêrna |
marang (ng)gonning lakinèki |
dimèn wêdi miyat umobing naraka ||

20.
Wus ingatêrakên marang |
satêpining nraka api |
Aklimah mulat mring priya |
langkung saking kawlasasih |
pan kinêpung ing agni |
tan wawang Aklimah wau |
piyak api naraka |
lumayu dahat dènnya jrih |
mring Aklimah dene wus kinarya mulya ||

21.
Ki juragan nyawanira |
wus sayah lêsah nglangkungi |
nanging sasambate rosa |
Aklimah sigra nungkêmi |
sarwi lara anangis |
ki juragan sakalemut |
kagêpok dening garwa |
tatune sadaya pulih |
ingkang bangêt sadaya pan sami sirna ||

22.
Anjrit dènnira karuna |
sru tobatira mring rabi |
katur ing Hyang Maha Mulya |
wus kinèn angêntas kalih |
pinanjingkên swargadi |
Aklimah lan lakinipun |
Hyang Suksma wus ngapura |
marang ki juragan pan wis |
kocap lamun èstri mantêp marang priya ||

23.
Bisa nyangking mring sawarga |
yèn wong lanang nora bangkit |
kunêng kojabe Sèh Akbar |
dènnya pitutur mring siwi |
Murtasiyah miyarsi |
karasèng tyase kapencut |
tingkahira Aklimah |
ya mantêp bêktinirèki |
satêmahe bisa nyangking mring suwarga ||

24.
Murtasiyah wus nugraha |
graitaning tyas nglabêti |
lamun wanodya utama |
Sèh Akbar ngandika malih |
poma nini dèneling |
pira-pira bisa tiru |
kaya wadon Aklimah |
mung pintêra ngirip-irip |
dhasar bakal lakinirèku ngulama ||

25.
Akunên guru sayogya |
rara madhêpa sawiji |
buwangan trêsnamu marang |
ingsun lan ibunirèki |
mung (ng)gènnira ngladèni |
ati-atinên dènemut |
aja sira rumangsa |
(n)duwèni karkat pribadi |
pan sakèhe danakna ingkang sakira ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (34) Kaca 237 – 242
  • (36a) Kaca 251 – 263 >