Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 37

Kontak Admin.

email-kidemang

 (39) Kaca 344 – 349

 

( Ing Pandhapi Kawontênakên Kêndhurèn Sapêkênan Pêngantèn )

3. Wanci siang ing pandhapi kawontênakên kêndhurèn sapêkênan pêngantèn. Katêrangakên sinjang lan sandhangan sarta pirantosing balegriya ingkang kabêkta pangantèn boyongan. Kyai Pujangkara dalah garwanipun Nyai Pujastuti paring piwulang dhatêng pêngantèn èstri bab salaki-rabi. Dhatêng pangantèn jalêr bab trapsila tatakrama. Boyongipun, pêngantèn èstri numpak joli, ingkang jalêr numpak kapal.


Kaca 344 - 349.


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 2 - Kaca : 344

171 Mêgatruh

24.
botên wontên mung Tuwan piyambak ketung |
Hyang Wênang suka tan sipi |
hèh sira Rasa-sinamur |
uwis tampanana malih |
kang dadi ganjaraningong ||

25.
Tan lyan rasa pêkênira dhewe iku |
ingsun tanya manèh kaki |
duk kala sadurungipun |
ana langit lawan bumi |
apa kang ana ing kono ||

26.
Inggih namung Dat balaka wontêninipun |
Sang Hyang Wênang mêdhar jati |
wruhanta Rasa-ninamur |
ing rasa pakênirèki |
iku iya rasaningong ||

27.
Rasaningsun pan iya rasanirèku |
wis sira linggiha aglis |
ing Betal Balearas rum |
Sang Hyang Wênang wusira ngling |
(n)dêdêl ngawiyat tan katon ||

28.
Ri sang Rasa-sinamur gumantya wau |
kacriyos pinarak mungging |
ing dhampar Balearas rum |
sinotya jumantên wilis |
gumêbyar sajagad abyor ||

29.
Sigêg dènnya criyos Ki Panjangmas wau |
tumungkul matêka nami |
sèbêt ing satamatipun |
nyêmpala kothak mawanti |
sampak umyung tancêp kayon ||

30.
Gya tumungkul Ki Panjangmas wus apangguh |
lawan Pujangkara kyai |
wawêlingira wus putus |
ki dhalang salaman pamit |
ingatêr jawining regol ||

31.
Para tamu jalu èstri wus umantuk |
gêr-gêran samargi-margi |
kagagas luluconipun |
kakêlir wus dènrucati |
nulya ingantukkên gupoh ||

32.
Lawan sajèn gangsal jodhang para langkung |
ing pandhapi wus barêsih |
mung toya sataman kantun |
kupat luwar kawan iji |
walikukun kangge pathok ||

33.
Lawe wênang kinênthêngkên wismanipun |
mubêngi warambah katri |
kupat sakawan ginantung |
pojoking wisma nyawiji |
ing ngandhap sinungan pathok ||

Jilid 2 - Kaca : 345

34.
Toya sampun ingêjogan sumur pitu |
ngantèn Mastari rumiyin |
siniraman kaping pitu |
sarta ngampêt napasnèki |
nulya ki Juru sakloron ||

35.
Wusnya siram nulya abusana luhung |
ing pandhapa wus rinakit |
ambêngan mumule agung |
luluhurira pribadi |
Kyai Juru sakaloron ||

36.
Luluhure dhalang sakniyaganipun |
karajan saisinèki |
rampunge kêndhuri luhur |
Ki Juru wus kenging guling |
sontêne Hyang Surya ngayom ||

37.
Wus tinata kêndhuri nèng pinggir sumur |
baro-baro gangsal takir |
picis gangsal dhuwit namung |
ngajêngkên suruping rawi |
kaji Pak Goniyah gupoh ||

38.
Maring sumur rarywa jalu èstri (ng)grubyuk |
andonga Tulak-bilai |
wêkasanira rahayu |
paragat pandonganèki |
pitutur mring sakèh uwong ||

39.
Aja padha gojèg guyon pinggir sumur |
rame-rame boya kenging |
calêmêdan nora antuk |
poma èstokêna mami |
sadaya mituhu pakon ||

40.
Dalunipun lajêng amaos Maulud |
dene dalunipun malih |
maos Mekradan (n)Jêng Rasul |
ing malêm sapêkênèki |
maos Kur'an asmarandon ||

172 Asmaradana

1.
Ing ari sapêkênèki |
siyang kêndhuri lujêngan |
sapêkênira pangantèn |
mirantos isarat-sarat |
sadaya wus samêkta |
babêktan tri pêthi agung |
isi sasotya kancana ||

2.
Sinjang lêlêmês myang lurik |
sumêkan dhêsthar sêkaran |
atanapi paningsête |
rasukan manawarna |
èpèk miwah sap asta |
rimong kurasi sutra lus |
rangkêpan miwah lancingan ||

3.
Pratelane sinjang bathik |
unthuk-banyu cêplok-lintang |
cêpake-gondhok kinanthèt |
cêplok-manggis kinjêng-rênggang |
satriya awibawa |
kuwung-cakrakusuma nung |
cêpaka-mulya sridênta ||

Jilid 2 - Kaca : 346

4.
Sawe-sêmpal saking uwit |
kêmbang-kapas kêmbang-jarak |
kapi-kadhondhong salobog |
kawang-kamplang kêmbang-sêmak |
lung kêstop-parangkrêsna |
jangglêng wora-wari rumpuk |
lonthang-jamblang pêksi-krêsna ||

5.
Pakuningrat parangwèsthi |
banci-malathi salangsang |
banci-kasut sulamane |
burbanagri madubranta |
gambirsakêthi cakar |
cindhe wilis miwah tunjung |
limaran jayakusuma ||

6.
Kêmbang-kênthang nagasari |
kêndhaga kêmbang-kênanga |
truntum-krambil sacukile |
kêmbang-jêruk kahwa-pêcah |
miwah ganggong-yujana |
ganggong-winawi kapundhung |
gringsing klungsu pandêlêgan ||

7.
Galingsing-sondhe rêngganis |
tambal-miring myang kanoman |
ayam-pugêr trang-bulane |
ila-thathit bolu-rambat |
indhil-ori mrang-wêdhar |
gandasuli êlung anggur |
sêmèn-rêmêng sêmèn-rama ||

8.
Sêmèn-pêksi drata-ritis |
sêmèn jlêngut jlêngut-grudha |
ngrèni mirong trate-gendhong |
cuwiri êlung-dalima |
êlung-laos êlung mawar |
sidamukti sidaluhur |
lêkatha rêngga-puspita ||

9.
Pandhan-rangkah sangga-langit |
sêmèn-srowot sêmèn-grudha |
sêmèn-branjilin myang rondhon |
sêmèn-jolèn citralangyan |
rang-aring kalèwèran |
manyura bagah-sinawur |
kasumêkan dhêsthar modang ||

10.
Anglung-jiwa anglung-rêsmi |
tanapi sinjang awisan |
muhung kinarya suwuke |
parang-rusak warni gangsal |
klithik kagok canthèlan |
gêndrèh-barong parang-parung |
daniris parang-kusuma ||

11.
Utawi praboting panti |
bêkakas mawarna-warna |
miwah paraboting pawon |
pangantèn wusing busana |
nèng ngarêp pakrobongan |
rama bu anggung pitutur |
pratikêle wong ngakrama ||

Jilid 2 - Kaca : 347

12.
Pujastuti ngandika ris |
dhuh anggèr woting tyasingwang |
ing samêngko wus wayahe |
tinartamtu ngawruhana |
wajibe kang wanodya |
kudu nganggo kanthi tuhu |
pangkat-pangkat tigang warna ||

13.
Dene pangkat ingkang dhingin |
rigên têgên mugên karya |
kang aran rigên mangkene |
bisa ing sabarang karya |
ngrêrakit jroning wisma |
tinata-tata kang mungguh |
sambadèng pangruktinira ||

14.
Rampung nora nguciwani |
liring têgên ingkang jênak |
marang ing sabarang-gawe |
tumandang tan salèwèngan |
kongsia paripurna |
mugên wêkên wardinipun |
amungkul ati sajuga ||

15.
Tan mangro tingalirèki |
mantêp anêtêpi tekat |
luluh rèh kadursilane |
pangkat kaping loro rara |
kang dhingin gêmi ika |
ping kalih nastitinipun |
angati-ati tiganya ||

16.
Lire gêmi iku bangkit |
angrumati samubarang |
lawan mamardi dadine |
baranarta pinapangkat |
tan ithil datan loma |
tan lèrwèh ambrah-brèh mubru |
sirik saruning kang basa ||

17.
Sarwa sasab barangkardi |
tangèh yèn dènkatingalna |
adoh ing guru-alême |
lire nastiti datansah |
matitiskên ing etang |
barangkarya tuna lumuh |
ngeman laku tan pakangsal ||

18.
Lire ingkang ngati-ati |
tindak-tanduk myang pangucap |
masang netra amurwèng ngrèh |
manuara ngarah-arah |
patraping tanduk tanggap |
laku linggih solah muwus |
ngèsthi tyas wiwekatama ||

19.
Wikan pakewuh ing ngurip |
lamun lagi pinitaya |
pinasrahan ing lakine |
ngopèni wadi sabarang |
tan kênaa sêmbrana |
aywa keguh binabujuk |
ing lyan kang amrih kawêdhar ||

20.
Pangkat ping katri winarni |
gumati ngrêti mirantya |
kang gumati iku lire |
tumêmên ingkang pinanggya |
tumanêm anèng manah |
dènnya mrih ngopèni kakung |
amilala mulasara ||

Jilid 2 - Kaca : 348

21.
Kang mangarti wadinèki |
bisa manuju ing prana |
anon ngawruhi lakine |
wahyaning kang mangsakala |
wardine amirantya |
tansah anyênyadhang kayun |
manci-manci sawancinya ||

22.
Tabêri mrih condhong kapti |
jagakarya dalunira |
mangèsthi wajibing wadon |
kinasihana ing priya |
kasub dyah (m)bêg utama |
nikèn Mustari tumungkul |
mangênjali trusing prana ||

23.
Kyai Juru angsung wangsit |
babo kulup mantuningwang |
rèhning sirèku samêngko |
lagi punakawan magang |
polah tingkah micara |
dèn-angati-ati kulup |
kang tabêri tuhu sêtya ||

24.
Paitane wong angabdi |
wêdi anastiti awas |
bêkti gupuh rikat sarèh |
sarta gêmi panganggêpnya |
ing darbèking bêndara |
mungguh tataning ngalungguh |
ingaran trapsila-krama ||

25.
Kang dhingin dhadhap winarni |
angungkrêt dêdêg lakunya |
manising ulat dènkaton |
yèn mèh marêk ing ngayunan |
mundhuk-mundhuk rannira |
mungkrêt dêdêg ngêmbat dhêngkul |
walikat cêthik dènêmbat ||

26.
Gya mêndhak nyêmbah rumiyin |
nuli laku-bokong ronnya |
yèn wus laku-bokong jèngkèng |
manêmbah ririh lênggahnya |
wit sèlèh bokong kanan |
suku têngên anèng ayun |
mêpês malipis mararas ||

27.
Wiwit dhêngkul kanan ngarsi |
kang kiwa rada mring wuntat |
ywa kasusu pamuwuse |
yèn durung atrapsilanya |
(m)bok ana kang kalingkap |
têmah dêgsura rannipun |
yèn wus atrapsilanira ||

28.
Gya sikut tumumpang wêntis |
ngapurancang driji wrata |
cangklakan dènlêgakake |
lambung ingkang têngên mêmbat |
kiwa rada mring wuntat |
mènglèng ngiwa jangga manglung |
amrih karnanya miyarsa ||

29.
Pandênge netranirèki |
ukur tumanduking jaja |
nora dêksura aranne |
sarta tansah pasang cipta |
wruh karsaning bêndara |
yèn mangisor pandulumu |
datan wêruh liring ngulat ||

30.
Sêmbah yèn dinangu gusti |
ros-rosing sabda dènawas |
yèn wus tutug timbalane |
atur wangsulan dicêtha |
ywa nyurêng aywa kêmba |
lêmês tudingira tuduh |
jêmpol tangan ingkang kanan ||

Jilid 2 - Kaca : 349

31.
Lamun mundur patrapnèki |
nêmbah jèngkèng malih nêmbah |
mundur mingêr manêngêne |
laku-bokong lir ajêngnya |
gya marêg malih nêmbah |
atumindak mundhuk-mundhuk |
anuli dhadhap rêspatya ||

32.
Nahên ta mantu kang tampi |
piwulanging maratuwa |
kasaru wau praptane |
pêthukanira ki besan |
Ki Juru mring pandhapa |
kang pinatah amongtamu |
mapag anèng palataran ||

33.
Santri brai kang rumiyin |
trêbang angklunge tinatap |
rame umyung suwarane |
kêmbang-mayang nèng wurinya |
nulya krêmun binuntal |
gya kapal parabot luhung |
wêwatangan kasatriyan ||

34.
Layu-layu nganan ngering |
angurung-urung tumpakan |
panêbus ginrubyuk wadon |
kulawarga busanendah |
warga jalu pungkasan |
ingancaran gupuh-gupuh |
sadaya sampun-pinarnah ||

35.
Para èstri malbèng panti |
jalêr pinarak pandhapa |
lumintu pasunggatane |
ingkang minangka pangarsa |
mahyakkên saparlunya |
Kyai Juru wus jumurung |
sarampunge ing panata ||

36.
Pangantèn nulya ngabêkti |
mring kang rama sakaliyan |
miwah mring para wrêdane |
gya mijil kakanthèn asta |
kang rama anèng ngarsa |
kang ibu tumutut pungkur |
lawan para kadangwarga ||

37.
Wahana sampun cumawis |
èstri nèng krêmun rinêngga |
ginarubyug para wadon |
kang jalu anumpak kapal |
ingayap pra santana |
wus budhal swara gumuruh |
dadya tontonan samarga ||

38.
Nèng ngênu datan winarni |
sapraptanira ing wisma |
rinarêngga lir têmune |
sigêg kang miwaha putra |
mangkya ingkang winarna |
kajuron sapungkuripun |
atmaja kang pinangantyan ||

39.
Ing sarampunge pa-kardi |
Mas Cêbolang wus linilan |
mantuk maring pondhokane |
lawan santrinya sakawan |
miwah Amat Têngara |
nèng marga Cêbolang muwus |
adhi rèhning taksih enjang ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (38c) Kaca 328 – 344
  • (40) Kaca 349 – 356 >