Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434703
Hari ini     :Hari ini :103
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :169
Bulan ini   :Bulan ini :3332
s/d hari ini   :s/d hari ini :434703
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 11

Kontak Admin.

email-kidemang

 (25b) Kaca 158 -169

 

( Sasahidan; Lampahing Ngagêsang Dumugining Pêjah )

Wêjangan kêrohanian: Sasahidan; lampahing ngagêsang dumugining pêjah.

Taksih kathah sanèsipun, sadaya arupi wêjangan utawi tuntunan dhatêng kajatènipun Gusti Ingkang Mahakuwasa. Prasasat katumplak ngèlmunipun Panêmbahan Rama dhatêng Mas Cêbolang ingkang kinasih.


Kaca 146 - 179.


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 3 - Kaca : 158

211 Kinanthi

51.
Rahsa pan wawayanganipun |
Nur Muhkamad cahya wêning |
kang ingaranan Pranawa |
Ênur Muhkamad puniki |
wayangan Akyan-sabitah |
ingaran Atma sajati ||

52.
Akyan-sabitah puniku |
wayanganing Datolahi |
uga kang ingaran Sipat |
lah samêngko surasaning |
Dalil kapisan tumêka |
Dalil ingkang kaping katri ||

53.
Sarta winantu mawantu |
pratelan mrih tètèh titi |
mungguh panjing surupira |
tumrap kaananing bayi |
ana ing sira priyangga |
Mas Cêbolang matur manis ||

212 Dhandhanggula

1.
Gêgêtuning manah labêt pingging |
angrasakkên Dalil kang kapisan |
Êdate Pangeran rêke |
yèn karsa (ng)ganda muhung |
ngagêm grana kita puniki |
yèn karsa angandika |
ngagêm lesan-ulun |
bilih karsa amiyarsa |
muhung ngagêm talingan kita puniki |
miwah manawi karsa ||

2.
Angraoskên saliring rahsèki |
muhung angagêm ing rahsa-kita |
ulun gagas sadangune |
ing nalar-nalaripun |
saèstune dèrèng pinanggih |
punapa ta inggiha |
Dating Kang Maha Gung |
manawi karsa angganda |
gya cumlorot andhêsêl nèng complonganing |
grana-kita punika ||

3.
Bilih karsa micara tumuli |
amêncolot dhatêng lesan-kita |
yèn karsa ningali age |
sumêmprung gya gumandhul |
anèng idêp-kita puniki |
bilih karsa miyarsa |
lajêng mibêr pupuh |
ngalih lènging karna-kita |
bilih karsa angraosakên sakalir |
mlêbêt mring raos-kita ||

4.
Ing pratingkah upami kadyèki |
sintên tyange kang nate uninga |
pancolot tuwin encoke |
Pangeran Kang Maha Gung |
suthangipun kadi punapi |
myang sintên tiyangira |
kang nate andulu |
kêbêt ibêring Pangeran |
lar suwiwi ing warni kadi punapi |
kang mirip lir punapa ||

5.
Tuwin malih yèn lumêbêt maring |
raos kita nèng pundi dunungnya |
dèrèng dumugi ature |
Panêmbahan angguguk |
wacana ris cinuthêl kaki |
mangsa silih tan wikan |
kabèh kang kawuwus |
yèn karungu santri laka |
ingkang cubluk kinira maido maring |
ing surasaning kitab ||

Jilid 3 - Kaca : 159

6.
Ingaranan wong kupur nêmahi |
dadya grêjêg winih tutukaran |
iku kurang prayogane |
mangkya ulun mangayun |
mêdharakên ingkang dumadi |
gagasing driyanira |
supaya ywa wuyung |
anane kang tatêmbungan |
obah-osiking manungsa atas saking |
kawasaning Pangeran ||

7.
Mungguh patrap pratingkahirèki |
myang pangolah pituduhanira |
dumunung nèng wirid ranne |
Wawêjangan ping catur |
ingaranan kayêktènèki |
kaananing Pangeran |
Ingkang Maha Luhur |
yèku pambukane Tata |
-malige ing dalêm Betalmakmur yêkti |
wit dene pamêjangnya ||

8.
Pan ambuka kodratira Dat-i |
Pangeran Kang Maha Sukci Mulya |
(ng)gonne karsa (n)jumênêngke |
ing maligene Dat-u |
kang minangka ing Bètolahi |
katata ana sirah |
ing manungsa iku |
sajatine kang minangka |
pitêdahan kayêktèn kaananèki |
sawiji-wijinira ||

9.
Nandhakakên klarating Hyang Widdhi |
langgêng nora kêna gingsir owah |
saka kaanan jatine |
nahên ta wus kasêbut |
ing nulikan sorahirèki |
ing Insan-kamil kitab |
mratelakkên tuhu |
wangsiting Pangeran marang |
Nabi kita ayat kapisan kalingling |
karana dalêm rahsa ||

10.
Jinarwakkên sajatinirèki |
Ingsun anata malige ana |
sajrone Betalmakmur-e |
iku omah (ng)gonnipun |
Parameyaningsun mandhiri |
ana sirahing Adam |
kang nèng sajronipun |
ing sirah di maknanira |
iya iku utêg kang nèng antaraning |
utêg manik minulya ||

11.
Ing sajroning manik iku budi |
jroning budi iku nêpsuhawa |
sajroning nêpsuhawane |
iku Suksma linuhung |
jroning Suksma Rahsa sajati |
sajroning Rahsa ika |
satuhune Ingsun |
tan ana Pangeran liyan |
anging Ingsun Êdat ingkang anglimputi |
ing kaanan sadaya ||

Jilid 3 - Kaca : 160

12.
Gancaring kang surasaning Dalil |
sirahira Kanjêng Nabi Adam |
sirahe manungsa kiye |
punika wiyosipun |
kaananing Betalmakmuri |
wrêdi omah myang unggyan |
kang rame linuhung |
utêg kaananing kantha |
narik marang wahananing cahya dadi |
pambukaning kang netra ||

13.
Manik kaananing Pramanèki |
narik kaananing warna dadya |
pambukaning paningale |
ngudi kaananipun |
pramana pan wêrdinirèki |
padhang têranging manah |
narik wahyanipun |
ing karsa myang pamicara |
nêpsu iku kaananing hawa narik |
wahananing kang swara ||

14.
Dadya pambukaning pamiyarsi |
Suksma iku kaananing nyawa |
narik wahnaning ciptane |
dadi pambukanipun |
ing pangganda mawarni-warni |
rahsèku kaanannya |
ing Atma satuhu |
narik wahnaning wisesa |
dadya pambukaning pangrasanirèki |
tamat wirit kaping pat ||

15.
Mangkya ulun amêdharkên malih |
ing carita surasaning layang |
wirid-wirid mau kabèh |
kasbut Dalil kang ngèlmu |
kaping lima sorahe saking |
nukilan kitab aran |
Insan-kamil iku |
ayat kapindho winastan |
kaanane kayêktèn kang Maha Tinggi |
Maha Gung Maha Mulya ||

16.
Iya iku ingkang dènarani |
pambukane Tata-malige-ndah |
jroning Betalmukaram-e |
awit pamêjangipun |
(m)buka kodrat iradat Widdhi |
ênggonnira akarsa |
(n)jumênêngkên iku |
maligening Dat sanyata |
kang minangka Bèttulah katata munggwing |
ing dhadhaning manungsa ||

17.
Sajatine iku iya dadi |
ing pituduh yêktine kaanan |
sawiji-wijining kabèh |
anandhakakên iku |
klarating Dat Kang Maha Sukci |
langgêng tan kêna owah |
ing kaanan tuhu |
mungguh Dalil wangsiting Hyang |
ing (n)Jêng Nabi Muhkhamad Rasullulahi |
mangkene têmbung Jawa ||

18.
Sajatine Sun-nata Maligi |
ana sajroning Betalmukaram |
pan iku omah ênggonne |
ing lêlaranganingsun |
jumênêng nèng dhadhanirèki |
Adam kalipahIngwang |
kang anèng jronipun |
ing dhadha puniku manah |
dene ingkang ana ing sajroning ngati |
iku Jantung sanyata ||

Jilid 3 - Kaca : 161

19.
Kang nèng jroning Jantung iku Budi |
ingkang ana sajêroning Budya |
iya iku Jinêm ranne |
angên-angênirèku |
mungguh ingkang ana sajroning |
ngên-angên iku Suksma |
kang nèng jro Suksmèku |
Rahsa kang nèng jroning Rahsa |
tarlèn Ingsun Êdat ingkang anglimputi |
kaanan sajatinya ||

20.
Dunungipun kawruhana kaki |
ingkang dhingin dhadha kaanannya |
Betalmukaram têgêse |
omah larangan tuhu |
kapindhone kang aran ati |
puniku kahnanira |
pancadriya èstu |
anarik ing wahananya |
nêpsu dadya wahyaning napasirèki |
dene kang kaping tiga ||

21.
Jantung apan kaananirèki |
pancamaya narik wahananya |
birai dadya wahyane |
kêkêtêg kang kumêdut |
kaping pate budi puniki |
kahananing Pranawa |
narik wahnanipun |
ing karsa nahan dumadya |
wahananing wicara kêdaling lathi |
dene kang kaping lima ||

22.
Jinêm yèku angên-angên yêkti |
kaananing ponang panggraita |
narik wahnaning swarane |
dumadya wahyanipun |
pamiyarsa karna kakalih |
kanême Suksma ika |
kaananing nyawèku |
narik wahananing cipta |
apan dadya wahyaning pangganda yêkti |
kasapta pupungkasan ||

23.
Rahsa kaananing Atma jati |
narik wahananing kang wisesa |
iku dumadya wahyane |
ing pangrasa satuhu |
titi tamat Daliling ngèlmi |
kaping lima nukilan |
sorahing kitabu |
Insan-kamil kalih ayat |
mangkya ulun arsa amêdharkên maning |
lah kaki piyarsakna ||

24.
Kasbut anèng wêjanganing ngèlmi |
kang kaping nêm apan ingaranan |
kayêktène kaanane |
kang Maha Suci yèku |
pambukaning Tata-maligi |
jroning Betalmukadas |
wit pamêjangipun |
ambuka kodrat iradat |
-ing Pangeran Kang Maha sukci sajati |
dènnira darbe karsa ||

25.
(n)Jumênêngkên maligening Dat-i |
pan minangka Bèttulah sanyata |
nèng konthole manungsane |
iku sajatinipun |
iya dadi pituduhnèki |
kayêktène kaanan |
sajuga jugèstu |
nandhakkên kalarating Dat |
Maha Mulya langgêng ora owah gingsir |
saking kaanan kita ||

Jilid 3 - Kaca : 162

26.
Kasbut ing dalêm Daliling ngèlmi |
kang kaping nêm nukil saking sarah |
-ing kitab Insan-kamil-e |
amratelakkên dhawuh |
wangsiting Hyang Kang Maha Sukci |
marang risang Minulya |
Kanjêng Nabi Rasul |
nayakèngrat jagatraya |
Insan-kamil ayat ingkang kaping katri |
winahya têmbung Jawa ||

27.
Ingsun Anata malige adi |
ana sajroning Betalmukadas |
iya iku omah (ng)gonne |
ing pasuciyaningsun |
jumênêng nèng kontholirèki |
Adam ingkang kapisan |
kang nèng ing jronipun |
konthol iku paringsilan |
ingkang ana antara pringsilan iki |
nutpah utawa aran ||

28.
Mani jroning mani iku madi |
jroning madi iku wadi rannya |
jro wadi manikêm ranne |
jroning manikêm iku |
rahsa-jati jroning rahsèki |
iku tan ana liyan |
Pangeran mung Ingsun |
Dat kang nglimputi kaanan |
jumênênge ing sajroning Nukat-gaib |
tumurun dadya Johar ||

29.
Awal nora nana kang (n)dhingini |
kono wahananing alam sapta |
alam Akadiyat rêke |
alam Wahdat dwinipun |
alam Wakidiyat kaping tri |
alam Arwah sakawan |
alam Misal bayu |
alam Ajsam kang kanêmnya |
alam Insan-kamil kasaptanirèki |
ya alam ya martabat ||

30.
Mas Cêbolang matur mangênjali |
dhuh pukulun ing panuwun-amba |
kaparênga mêdharake |
dununge ngèlmu luhung |
têrangipun sawiji-wiji |
wijanging wawêjangan |
jinèjèr mrih jujur |
mèsêm Panêmbahan Rama |
condhong karsa wasana ngandika aris |
lah jêhèng kawruhana ||

31.
Ingkang dhingin konthol iku yêkti |
kaananing kang Betalmukadas |
omah kang sinucèkake |
kadwi pringsilanipun |
kaananing purba-sajati |
pan katumusan saka |
ing wahananipun |
(m)birai adrênging karsa |
dadya bubukaning Asmara-nalèki |
yèku kusêngsêming tyas ||

32.
Katri mani iku kaananing |
kang ran kantha katumusan saka |
ing wahanane hawane |
dadya bubukanipun |
ing Asmara-tura puniki |
kasêngsêming paningal |
catur madi iku |
kaananing warna apan |
katumusan saka wahananing pati |
dadya bubukanira ||

Jilid 3 - Kaca : 163

33.
Ing asmara-turida puniki |
yèku kasêngsêming pasêrêngan |
kalimane wadi rêke |
kaananing rupèku |
tan liyan katumusan saking |
ing wahananing cipta |
dumadya puniku |
bukaning Asmara-nada |
iyèku kasêngsêm sapocapan manis |
gandês-luwês mrakatya ||

34.
Nêm manikêm iku kahananing |
Sukma-jati katumusan saka |
wahananing pangrasane |
dadya bubukanipun |
ing Asmara-tantra sayêkti |
yèku kasêngsêmira |
pangarasan gathuk |
kasapta puniku Rahsa |
kaananing Atma katumusan saking |
wahananing wisesa ||

35.
Dumadya ing pambukanirèki |
Asmara-gama yèku ta apan |
kasêngsême salulute |
de babarpisannipun |
tetelane kang ujar rungsit |
supaya aja mamang |
wantahe puniku |
konthol iya kontholira |
paringsilan iya pringsilanirèki |
anduduk warna-warna ||

213 Mêgatruh

1.
Kang rumuhun mani iku jatinipun |
kama isih dadya warih |
warnanira surat biru |
madi sarining kang mani |
warna surat dadu kaot ||

2.
Wadi sarining madi satuhunipun |
surat jênar warnanèki |
manikêm pan sarinipun |
wadi warninipun putih |
maya lir rêtna kinaot ||

3.
Nukat-gaib apan iku têgêsipun |
wiji pêpingitan wêrit |
ginaib tan ana wêruh |
iku apan yêktinèki |
srining rahsa sajatos ||

4.
Johar-awal têgêse sosotya mancur |
ingkang wiwitan pribadi |
yaiku manik linuhung |
satuhune apan dadi |
êmbananing rahsa jatos ||

5.
Johar-awal kalamun wus adumunung |
anèng garbaning pawèstri |
ing kono wahananipun |
alam pitu diaranni |
martabat mangkya kacriyos ||

Jilid 3 - Kaca : 164

6.
Alam Wakadiyat pan kaananipun |
wanita ngandhêg sasasi |
têmbunging Arab Latakyun |
têgêse durung sayêkti |
ing kaananing dumados ||

7.
Alam Wahdat jangkêp ngandhêg kalih santun |
têmbung Arab diaranni |
Takyun-awal têgêsipun |
wiwit sanyatanirèki |
ing kaananira yêktos ||

8.
Alam Wakidiyat ngandhêg tigang santun |
têmbung Arab diaranni |
Takyun-sani têgêsipun |
dene wus sanyata kèksi |
ing kaananira yêktos ||

9.
Alam Arwah lagya ngandhêg kawan tèngsu |
têmbung Arab diaranni |
Akyan-sabitah liripun |
wus sanyata anêtêpi |
ing kaananira (m)bobot ||

10.
Alam Misal ngandhêg limang tèngsu tuhu |
têmbung Arab diaranni |
alam-Karijiyah iku |
têgêse sanyata jati |
ing kaanan nora keron ||

11.
Lawan uwis darbe sipat pêthanipun |
langkêping parabotnèki |
nanging isih padha buntu |
garit-garite kaèksi |
sêlagi gatra kemawon ||

12.
Alam Ajsan wahana ngandhêg nêm santun |
têmbung Arab diaranni |
alam Mukawiyah iku |
têgêse sanyata urip |
ing kaananira yêktos ||

13.
Lawan uwis adarbe asma puniku |
apan anama bêbayi |
banjur ana karkatipun |
ana ngwêtêng molak-malik |
lawan bisa nyêndhol-nyêndhol ||

14.
Alam Insan-kamil ing wahananipun |
ngandhêg lagi pitung sasi |
nganti wolu sangang tèngsu |
têmbung Arab diaranni |
alam Maknawiyah pantog ||

15.
Wêrdi nyata kawêdhar kaananipun |
kalawan uwus mandhiri |
sampurnaning manungsèku |
darbe pakarti yun lair |
anèng ngalamdonya katon ||

16.
Titi tamat wawêjangan dunungipun |
kang kasêbut layang wirid |
kang kaping nênêm puniku |
Mas Cêbolang matur aris |
dhuh risang tuhu kinaot ||

Jilid 3 - Kaca : 165

17.
Sampun tanggêl paparinging sih tumuntur |
bilih wontên lajêngnèki |
wiwijanganing kang ngèlmu |
wirid kang dèrèng kawijil |
sangêt ing panyuwuningong ||

18.
Nadyan botên tumrap abon-abon bumbu |
lalajêring criyos ngarsi |
saking sru kayungyun-ulun |
kumêdah atampi malih |
suraosing kawruh kaot ||

19.
Panêmbahan Rama mèsêm lingira rum |
atut pamintanya yêkti |
nora nana alanipun |
marsudi tutur prayogi |
ingsun murwani cariyos ||

20.
Kang kasêbut wirid surasaning ngèlmu |
wawêjangan ingkang kaping |
pitu ingaranan iku |
panêtêp santosanèki |
iman (m)buka sadat jatos ||

21.
Wit pamêjang mangsit kang dadya pikukuh |
pangandêl kita puniki |
dènnya ngêstokkên satuhu |
marang kayêktènirèki |
ing uripira pribados ||

22.
Yèn wus têtêp minangka tajalinipun |
Pangeran Kang Maha Sukci |
ing dalêm Ijmak kasêbut |
wirayating para wali |
kang sinung rahmat Hyang Manon ||

23.
Yèku nunukilan saking Kadim-makdum |
kasbut sajroning bab nênggih |
Maktu-maktulali yahu |
nyaritakkên kakekati |
ing tokite Hyang kinaot ||

24.
Ingkang têrus marang ihtikat puniku |
pipiridanira saking |
ing cipta sasmitanipun |
Kangjêng Nabi Muhkhamadin |
Rasullolah Ibuning roh ||

25.
Kang winangsitakên marang mantunipun |
kyatingrat Bagendha Ngali |
rapale nora cinatur |
amung supayane gampil |
jarwanira kang suraos ||

26.
Ingsun anêksèni ing satuhunipun |
ora ana maning-maning |
Pangeran iku mung Ingsun |
lan nêksèni iku yêkti |
Muhkhamad Utusaningong ||

27.
Kang sinung ling mangênjali aris matur |
bok bilih salah panampi |
ingkang binasakkên Ingsun |
myang (n)Jêng Nabi Muhkhamadin |
puniku sintên kang mêlok ||

Jilid 3 - Kaca : 166

28.
Sang awiku angandika têmbung Ingsun |
lawan têmbung Muhkhammadin |
kacarita kang kasêbut |
ing wirid Hidayat-jati |
mungguh dununge ginatos ||

29.
Ingkang dènaranni Pangeran puniku |
Dat urip kita pribadi |
sabab ing sajatinipun |
sagunging Asiya-iki |
padha kukum napi maton ||

30.
Wêrdining kang Asiya sawijinipun |
wardining napi sêmênir |
mulane mau kasêbut |
tan ana Pangeran iki |
isbate kanang suraos ||

31.
Tunggal tanpa wawangênan kacèkipun |
amung lair karo batin |
de kang dènaranni mau |
Muhkhamad iku sipating |
ing cahyakita pribados ||

32.
Mula binasakkên utusan puniku |
marga kawistara munggwing |
netra kadi kang kasêbut |
Dalil jroning Kur'an iki |
jawanira winiraos ||

33.
yêkti têmên-têmên ing sira sadarum |
Utusan Dat kang kawijil |
saka ing awakirèku |
Ingkang Maha Mulya Sukci |
Kang Maha Luhur sayêktos ||

34.
Tinartamtu mungguh ing utusan iku |
tan nalisir nêmbadani |
saciptanira kalamun |
angandêl sayêkti olih |
pangapurane Hyang Manon ||

35.
Yèn wus anêksèni ing Dalil Kur'an-u |
dhawuhing Hyang Maha Sukci |
kang kaya mangkono mau |
dipun-waskitha ing ati |
yèku urip kita yêktos ||

36.
Wahananing nugraha kaananipun |
ing kanugrahan têtèki |
dene nugraha puniku |
Dat-ing Gusti Maha Sukci |
kanugrahan Sipatingong ||

37.
Tunggal tanpa wawangênan adumunung |
nèng urip-kita pribadi |
sabab ingkang wus kasêbut |
ana kitab Insan-kamil |
amêmarah wus pinathok ||

38.
Yèn namaning Alah yèku namanipun |
(n)Jêng Nabi Muhkamad yêkti |
mangkana sanepanipun |
lir pêdhang lan rangkanèki |
loro dumadya sawiyos ||

Jilid 3 - Kaca : 167

39.
Mangkya Alah minangka warangkanipun |
Muhkhamad pêdhangirèki |
ing têmbe wasananipun |
wawangsul lan rangka manjing |
marang curiga sayêktos ||

40.
Titi tamat wirit surasaning ngèlmu |
kasapta sahadat jati |
samêngko kang ingsun tutur |
wawêjanging kang wirid |
kaping wolu Pocung pantog ||

214 Pocung

1.
Ingaranan Sasahidan iku kulup |
awit pamêjangnya |
kinèn anyahidi maring |
wahananing sakèh ingkang sanak kita ||

2.
Yèku kaananing dumadi sawêgung |
kang gumêlar ana |
ing ngalamdonya puniki |
bumi langit surya candra myang sudama ||

3.
Gêni angin banyu ing sasamenipun |
padha nêksènana |
yèn kita mangke ngakêni |
jumênêng Dat-ing Gusti Kang Maha Mulya ||

4.
Dadi sipating Alah sajatinipun |
kasbut jroning kitab |
wawarahing para sidik |
ênggonnira mêncarkên nukil laksana ||

5.
Kadim-makdam sajroning bab Maklumatul |
-oliyah winahya |
wiyosipun anartani |
ing panêtêp santosaning imannira ||

6.
Èstu dadya pamuntuning tokitipun |
bontos mring ihtekat |
uga wiwiridan saking |
cipta sasmitanya (n)Jêng Nabi Muhkhamad ||

7.
Rasullolah kakasihira Hyang Agung |
winangsitkên marang |
siswa Sayidina Ngali |
amrih cancut mangkene têmbunge Jawa ||

8.
Ingsun anêksèni kalawan satuhu |
mring Dat-ipun dhawak |
ing sayêkti-yêktinèki |
ora ana Pangeran mung Sun priyangga ||

9.
Lan nêksèni ingsun ing satuhunipun |
(n)Jêng Nabi Muhkhamad |
Utusaningsun sayêkti |
mangka iya ing sajati-jatinira ||

10.
Ingkang aran Alah iku Badaningsun |
Rasul Rahsaningwang |
Muhkhamad pan Cahyamami |
iya Ingsun kang urip tan kêna lena ||

Jilid 3 - Kaca : 168

11.
Ingsun ingkang èngêt tan kêna kalimput |
Iya Ingsun ingkang |
langgêng ing salaminèki |
nora kêna owah-gingsir ing kaanan ||

12.
Iya Ingsun kang waskitha saliripun |
nora kasamaran |
ing sawiji-wijinèki |
Iya Ingsun kang amurba amisesa ||

13.
Kang kawasa tan na maning iya Ingsun |
ingkang wicaksana |
tan kurangan ing pangarti |
byar sampurna padhang têrang tarawangan ||

14.
Apan nora krasa apa-apa tuhu |
kang katon tan ana |
amung Ingsun kang nglimputi |
alam kabèh lan Kodratingsun sanyata ||

15.
Ingkang sinung wangsit manêmbah umatur |
dhuh sang sadudibya |
kalangkung eraming ngati |
mênggah lêpasing mangêrtining manungsa ||

16.
Ingkang lajêng gadhah panganggêp satuhu |
ngakên jumênêng Dat |
-ing Gusti Kang Maha Sukci |
kang ingaran Alah punika badannya ||

17.
Ingkang aran Rasul iku Rahsaningsun |
ingaran Muhkhamad |
puniku Cahyanirèki |
mênggah ing pangrêngkuh kang kadya punika ||

18.
Sirnaning kang ringa-ringa wusanèstu |
tumimbuling tekat |
akandêl kumandêl yêkti |
ing pamêndhêt wawaton saking punapa ||

19.
Panêmbahan pangandikanira arum |
kulup bokmanawa |
rumambate amung saking |
lalantaran kalantipaning pangartya ||

20.
Winantonan ênêng-ênênging kang kalbu |
awit surasanya |
wawêjangan kang kaèsthi |
kacarita mungguh dununge winarna ||

21.
Mangka ingkang ingaran Pangeran mau |
iya nora liya |
Dat urip kita pribadi |
dene ingkang ingaran Nabi Muhkhamad ||

22.
Iya iku ora liya Sipatingsun |
cahya kita dhawak |
kasbut jroning dhikir Lai |
-lailolah Muhkhamadun Rasullolah ||

23.
Ora ana Pangeran sayêktinipun |
mung Allah tangala |
Nabi Muhkhamad puniku |
utusaning Allah ingkang Maha Mulya ||

Jilid 3 - Kaca : 169

24.
Nanging lamun kakekatira saèstu |
kang ingaran Allah |
Apngaling Rasul sayêkti |
adumunung ana ing kaanan kita ||

25.
Rasul iku asmaning Muhkhamad tuhu |
mungging rahsa kita |
Muhkhamad sipatirèki |
cahya kita dumunung ing gêsang kita ||

26.
Sayêktine urip kita iki èstu |
Êdating Pangeran |
Kang Maha Sukci sajati |
kayêktène kasbut jroning Dalil Kur'an ||

27.
Tuhu lamun Pangeran ki Maha Luhur |
kuwasa mijilna |
ing urip saka ing ati |
lan mijilkên ing pati saka ing gêsang ||

28.
Iya urip kita pribadi saèstu |
awit saka pêjah |
wêkasan tan kêna pati |
Kayun pidaraèni babasanira ||

29.
Wêrdi urip ing kaanan loro tuhu |
ingkang dhingin ana |
ngalam sahir urip jati |
ana ngalam kabir kita iya gêsang ||

30.
Tan kasupèn Dat-kita Kang Maha Agung |
tan kêna gingsira |
saking sipat-kita iki |
ingkang elok miwah ora kasamaran ||

31.
Asma-kita kang wisesa lwih kacukup |
dene Apngal kita |
ingkang sampurna sajati |
apan dadya pupuntonning tokidira ||

32.
Kang ambontos marang ihtikat satuhu |
sampurnaning gêsang |
kita punika sayêkti |
kang karasa kang katingal nora nana ||

33.
Mung waluya sajati langgêng manglimput |
ing alam sadaya |
mula têntrêm lumastari |
ora nana uwas sumêlanging nala ||

34.
Titi putus wawêjangan kang kawolu |
jêbèng lamun ana |
kang dadi rasaning ati |
tuturêna ywa wawang dimèn sampurna ||

35.
Nêmbah matur saking ing pangraos-ulun |
wus wantah sadaya |
botên mawi aling-aling |
kantun nata jumbuhing pamanggih-kita ||

36.
Duk rumuhun ulun sring mirêngkên wuwus |
cangkriman gujêngan |
-ira para ahli budi |
ing sajagad sakurêbipun akasa ||

37.
Salumahing bantala salêbêtipun |
ing sangalamdonya |
isi manungsa kèhnèki |
kacariyos mung kalih jalu wanita ||

38.
Yèn makatên pawèstri puniku jumbuh |
botên aprabeda |
lawan tiyang jalêr sami |
tinitah nèng donya jumênêng manungsa ||

39.
Nanging sarêng ulun wus tampi pituduh |
kang sampun winahya |
gathuking suraosnèki |
dodongèngan kalawan wirid wêjangan ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (25a) Kaca 146 -157
  • (25c) Kaca 170 -179 >