Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434706
Hari ini     :Hari ini :106
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :172
Bulan ini   :Bulan ini :3335
s/d hari ini   :s/d hari ini :434706
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 19

Kontak Admin.

email-kidemang

(25c) Kaca 170 -179

 

( Sasahidan; Lampahing Ngagêsang Dumugining Pêjah )

Wêjangan kêrohanian: Sasahidan; lampahing ngagêsang dumugining pêjah.

Taksih kathah sanèsipun, sadaya arupi wêjangan utawi tuntunan dhatêng kajatènipun Gusti Ingkang Mahakuwasa. Prasasat katumplak ngèlmunipun Panêmbahan Rama dhatêng Mas Cêbolang ingkang kinasih.


Kaca 146 - 179.


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 3 - Kaca : 170

214 Pocung

40.
Jalma èstri botên kang kasêbut ngayun |
ingkang kadunungan |
Datipun Kang Maha Sukci |
amung jalêr kadi kang sampun kawêdhar ||

41.
Wawêjangan kaping nênêm èngêt-ulun |
apan winastanan |
kaanan Kang Maha Sukci |
salajêngnya Gambuh tumrap jalma priya ||

215 Gambuh

1.
Sang Wiku lingira rum |
bênêr kabèh kulup wuwusingsun |
lagi tumrap mring jalma priya pribadi |
dene ta makikinipun |
tan prabeda lanang wadon ||

2.
Mangkene wijangipun |
kaya ta kang kasêbut ing ngayun |
konthol kaananing Bêtalmukadas-i |
dene paringsilan iku |
kaananing purba jatos ||

3.
Kalamun kyai guru |
mêdharakên rahsaning kang ngèlmu |
pambukanya Tata-malige sajroning |
Betal mukadas trapipun |
pamêjang maring wong wadon ||

4.
Mrih jumbuh rahsanipun |
wênang kiniyas mangkene kulup |
ing nalika Pangeran Kang Maha Sukci |
karsa nata-Malige gung |
jro Betalmukadas kaot ||

5.
Jumênêng anèng ngriku |
ing bagane Siti Hawa yèku |
kang nèng jroning baga purana sajati |
de kang nèng antaranipun |
purana rêtna kinaot ||

6.
Basa rêtna liripun |
yèku mani jroning mani iku |
aran madi jroning madi aran wadi |
jro wadi manikêm tuhu |
jro manikêm rahsa yêktos ||

7.
Sajroning rahsa mau |
iku Dat-ing Atma arannipun |
anglimputi marang ing kaanan jati |
dene ta jumbuhing wujud |
baga timbanganing konthol ||

8.
Purana timbangipun |
lan pringsilan jumbuh jatinipun |
sabanjure lan priya pamêjang-sami |
dènnya mêrdi amrih jumbuh |
pamarsudi waskithèng (n)don ||

Jilid 3 - Kaca : 171

9.
Lan manèh bedanipun |
wawêjangan ingkang kaping pitu |
ing Panêtêp santosaning iman yêkti |
yèn amêjang mring dyah mau |
mangkene kenang wiraos ||

10.
Sun-nêksèni satuhu |
ora ana Pangeran mung Ingsun |
lan nêksèni Ingsun Muhkhamad sayêkti |
iku pan Utusaningsun |
Ni Patimah Umatingong ||

11.
Mung iku kaotipun |
wus salêsih ingkang ingsun wuwus |
Mas Cêbolang manêmbah umatur aris |
sadaya Dahalil dhawuh |
pangandikaning Hyang Manon ||

12.
Myang Kadis sabda Rasul |
ingkang sampun kasêbut sadarum |
suraose lajêng karaos wontên ing |
dalêm raos wasanèstu |
agêng bingahing tyasingong ||

13.
Yayah marwata-sunu |
krana sampun tatela satuhu |
lamun Dat-ing Pangeran Kang Maha Sukci |
punika sampun dumunung |
têtêp anèng angganingong ||

14.
Myang kita trang satuhu |
yèn wujuding Allah Kang Maha Gung |
Panêmbahan angandikanira aris |
atut tuturira tutup |
yêktine iya mangkono ||

15.
Ananging ywa kasusu |
aja pisan wani ngaku-aku |
(m)bok kasiku kang mangkono iku kaki |
kêna uga wênang muluk |
yèn wus katon padha mêlok ||

16.
Mêloke ujar iku |
yèn wus ilang sumêlanging kalbu |
amung kandêl kumandêl ngandêl ing takdir |
akanthiya awas emut |
dèn-mêmêt yèn arsa momot ||

17.
Pramilane dhinapur |
ing pralambang kang mangkono mau |
jêr manungsa beda-beda watêgnèki |
mungguh wiwijangipun |
ana têlung warna maton ||

18.
Rungsit wêrit kalangkung |
salugune ngaurip pakewuh |
ing pambudi bisane têtêp nêtêpi |
mula banjur ana têmbung |
paribasaning wiraos ||

Jilid 3 - Kaca : 172

19.
Kang dhingin jalma iku |
langkung tuna tanpa ngawag ngèlmu |
pikajênge kalangkung tuna sujalmi |
yèn tan wruh suraosipun |
mring ngèlmu ingkang sayêktos ||

20.
Kapindho jalma iku |
gêdhe-gêdhening dosa puniku |
ora ana sujalma kang ngolah ngèlmi |
kang kurang sampurnanipun |
tanpa tuwasing dumados ||

21.
Kosokbaline kulup |
gêdhe-gêdhening kamulyan iku |
nora nana kaya wong kang ngulah ngèlmi |
kang nganti sampurna putus |
sayêkti jalma kinaot ||

22.
Kabèh ngèlmu puniku |
kalakone pasthi kanthi laku |
lêkas lan kas têgêse kas nyantosani |
satya budya tyas rahayu |
pangêkêsing angkara (n)dhon ||

23.
Anggêrêng angkara gung |
anèng angga gumlêgêr gumulung |
gêgolongan tri-loka lêkêre kongsi |
yèn dèn-umbar babar banjur |
dadi rubeda sayêktos ||

24.
Pasthi beda kalamun |
kang wus sêngsêm mahas ing ngasamun |
sêsêmune ngaksama sasami-sami |
sarwa sarèh dènnira yun |
mardi martotama kaot ||

25.
Taman limut katutup |
durgamèng tyas kang linimput-limput |
karêm ana karamat karoban ing sih |
sihing Suksma ngundhung-ngundhung |
ngrêda sahardi (m)bêgogok ||

26.
Ananging luwih ewuh |
nitik saka pangandikanipun |
para ingkang winasis ing nguni-uni |
mungguhing laku puniku |
Maskumambang kang gumantos ||

216 Maskumambang

1.
Yèn manungsa jibar-jibur sabên ari |
tansah ambaruwah |
yèku tanpa laku yêkti |
anèng donya salaminya ||

2.
Baksanandrawina manggung dèn-ubyungi |
têgêse datan sah |
suka-suka minum bukti |
ing têmbe kalamun pêjah ||

3.
Kacarita jasate bosok wor siti |
dene yitmanira |
dadi riridhu mêmêdi |
kêmamang wêdhon pocongan ||

Jilid 3 - Kaca : 173

4.
Lamun ana jalma ingkang anglakoni |
anggung tapabrata |
yèku kang karêm sasirih |
acacêgah minum nadhah ||

5.
Têmbe lamun mati jasatira garing |
atos dadya sala |
yitmanya ngalambrang kadi |
kinjêng ingkang tanpa soca ||

6.
Lamun ana janma karêm cêgah guling |
têmbe lamun pêjah |
kacrita yitmanirèki |
dadya setan jim prayangan ||

7.
Lamun jalma karêm tapa nir sarêsmi |
yèku cêgah sahwat |
têmbe pêjah yitmanèki |
dadi dhanyang smarakisma ||

8.
Mas Cêbolang gèdhèg-gèdhèg turira ris |
babo kadiparan |
mênggah patraping ngaurip |
saèstu angèl kalintang ||

9.
Panêmbahan pangandikanira aris |
ingkang wus sunucap |
laksanane kang sajati |
tumitah ing ngalamdonya ||

10.
Lumaksana kadi kang kasêbut wirit |
dhingin winalêran |
ngarani Allah tan kenging |
kapalèsètna Pangeran ||

11.
Lan aja sring ngarani namaning manik |
utêg polo ika |
sarta aja asring bukti |
ulaming manik myang utak ||

12.
Lan maninge aywa asring angarani |
angên-angên sarta |
aja sok mangan sirèki |
iwak jantung tuwin manah ||

13.
Pungkasane aja sok ngarani mani |
lan aywa sring mangan |
iwak pringsilan tan kêni |
mung iku yèn bisa nyêgah ||

14.
Kang mangkono kacrita luwange nguni |
asring katarima |
banjur dadi ngèlmunèki |
dene manawa kalepyan ||

15.
Nora dadi sabab wit sajatinèki |
ingkang parlu dadya |
larangan winanti-wanti |
mung ywa ngumbar napsu hawa ||

16.
Lamun bisa (m)birat napsu hawanèki |
adat sing kanggonan |
awas emut angrakêdi |
yèn awas emut widada ||

17.
Bokmanawa pinarêng bisa amanggih |
mulya sangkan paran |
de patrap pikantuknèki |
kadi kang kasbut wirayat ||

18.
Para mashur ahli budi ambêg ngèlmi |
dènnya sung wasita |
mungguh ngaurip puniku |
kang tabêri suci satya ||

19.
Mangka dadya pambirating durgandini |
têmbe maotira |
têgêse nyirnakkên maring |
ganda ingkang ora enak ||

Jilid 3 - Kaca : 174

20.
Angurangi panginum kalawan bukti |
iku mangka dadya |
pangluhuraning kang ragi |
ing têmbe jaman antaka ||

21.
Nyuda turu lan arang sahuwatnèki |
mangka èstu dadya |
panglulutaning jiwèki |
ing têmbe jaman palastra ||

22.
Anyunyuda wuwus napsu wuwus bêngis |
mangka iku dadya |
panglênyêpaning rahsèki |
têmbe pungkasaning gêsang ||

23.
Mangkya Kimas Cêbolang upama sari |
wus mèdêm sumringah |
nayana sumringah wêning |
sênênning cahya kawuryan ||

24.
Kacarita Nurwitri lan santri katri |
samya mring pondhokan |
Saloka myang Palakarti |
datanapi Kartipala ||

25.
lajêng nendra mung Nurwitri wangsul malih |
sapraptaning ngarsa |
Panêmbahan atanya ris |
lah Nurwitri ana paran ||

26.
Kang sinung ling manêmbah umatur aris |
wontên ing pondhokan |
botên sagêt-sagêt guling |
jalaran sontên miyarsa ||

27.
Santri maos nukilan amêndhêt saking |
murad maksudira |
suraos sorahirèki |
wasta Kakekating salat ||

28.
Golongane kitab Tasawub witnèki |
mratelakkên ingkang |
Kadis pangandika Nabi |
Muhkhamadun Rasullolah ||

29.
Jarwanipun saking kaengêtanmami |
aningali ingwang |
maring ing Pangeranmami |
kalawan Pangeraningwang ||

30.
Sasampuning kèndêl ing pamaosnèki |
tyas amba karantan |
kadiparan lajêngnèki |
ananging tanpa wasana ||

31.
Kalawau badhe caos atur ajrih |
mugi kaparênga |
paring barkah maring patik |
pambingkasing kasêngkêlan ||

32.
Panêmbahan pangandikanira aris |
mungguh pangandika |
ingkang mangkono Nurwitri |
muhung anêtêpi ika ||

33.
Ing surasa kajatène sahalati |
sabab salat ika |
karêpe iku sayêkti |
(ng)gêlêngkên rahsa kang pisah ||

34.
Dene ingkang binasakkên pisah Witri |
ana patang warna |
dununge sawiji-wiji |
lah ta iki kawruhana ||

35.
Ingkang dhingin têmbung ekram têgêsnèki |
ningali ing Allah |
dene babasan puniki |
ningali ing Allah Akbar ||

Jilid 3 - Kaca : 175

36.
Sirna paningaling kawula puniki |
kari maliginya |
paningaling Allah jati |
dadi karêping surasa ||

37.
Têmbung aningali ing Allah sajati |
kang ningali Allah |
dene kang dera tingali |
ora liya iya Allah ||

38.
Pindho têmbung munajat têgêsirèki |
amaca ing Allah |
ingkang binasakkên kaki |
maca ing Allah sanyata ||

39.
Pan wus sirna pamacane kawulèki |
salugu tan liya |
kari pamacanirèki |
pan iya Allah balaka ||

40.
Dadi mungguh karêpe têmbung puniki |
amaca ing Allah |
ingkang maca Allah ugi |
kang winaca iya Allah ||

41.
Katri têmbung anyadul têgêsirèki |
anggêntèkkên lawan |
wujuding Allah sajati |
kang binasakkên kadyèka ||

42.
Anggêntèkkên lawan wujuding Allahi |
sirna wujud kita |
kari tatela sajati |
ing kawujudaning Allah ||

43.
Dadi mungguh karêpe têmbungan iki |
(ng)gêntèkkên kalawan |
wujuding Allah sajati |
ya Allah kang maujuda ||

44.
Catur têmbung mikraj têgêse winarni |
ngluhurkên paningal |
saking Nabi Adam maring |
asaling Pangeran kita ||

45.
Ingkang mangka banjur ana manungsèki |
kang têtêp tan pêgat |
ngluhurakên samukawis |
kaya ta ngèlmuning Allah ||

46.
Pangucape Allah myang panggandanèki |
datan liyan Allah |
pamiyarsa Allah uni |
paningale iya Allah ||

47.
Dat-e Allah Sipat-e Alah sajati |
Apêngal-e Allah |
yèku têtêp anêtêpi |
rahsaning Allah balaka ||

217 Mijil

1.
Pamijile pitutur ing ngarsi |
rasakna sayêktos |
nganti têkan ing dalêm raose |
bokmanawa pinarêng ing Widdhi |
gya karaos yêkti |
mangkene liripun ||

2.
Yèn manungsa kaduga nglakoni |
tindak nistha awon |
iku padha uga lawan gawe |
kanisthaning Pangeranirèki |
yèn manungsa kardi |
alaning ragèku ||

Jilid 3 - Kaca : 176

3.
Padha uga ngala-ala maring |
Sariraning Manon |
sapa wonge ingkang mahagawe |
ing sawiyah-wiyah maring dhiri |
iku padha ugi |
nyawiyah Hyang Agung ||

4.
Sapa wonge ngrèmèhakên dhiri |
uga padha yêktos |
angrèmèhkên maring Pangerane |
manungsa yèn nyamahakên dhiri |
padha uga kardi |
nyamah ing Hyang Luhur ||

5.
Lamun ana kang ora mangêrti |
sarta tan karaos |
tumrap ana ing dalêm raose |
surasane pralambang puniki |
kêna dènaranni |
manungsa kapirun ||

6.
Awit têmbung kapir wêrdinèki |
kasumpêlan yêktos |
lawan kaling-kalingan yêktine |
dene jalma ingkang amangrêti |
lan karaos yêkti |
anêtêpi laku ||

7.
Ngluhurakên maring samukawis |
ngèlmune Hyang Manon |
kadi ingkang kasbut pralambange |
têmbung mikraj kang kasêbut ngarsi |
kêna dènaranni |
têtêp manungsèku ||

8.
Anyalira lan kaslira maring |
ing Allah sayêktos |
manawèku kang binasakake |
manungsa nung kang Islam sajati |
Islam wêrdinèki |
pasrah myang rahayu ||

9.
Yèn rinasa têmbung loro ngarsi |
ing panêmuningong |
manungsèku kang binasakake |
Islam jati têtêp nyarirani |
lan kaslira maring |
ing Allah satuhu ||

10.
Manawèku manungsa kang uwis |
kasbut wruh sayêktos |
Islaming suhul dene têgêse |
wruh êmpaning pangira bênêring |
panuju têpaning |
sujana linuhung ||

11.
Buka wênganing mangsakalèki |
babasan mangkono |
wus tinamu-tamu satuhune |
kunci gêdhong rahsaning Allahi |
kosok-balinèki |
mangkya kang winuwus ||

12.
Manungsa kang binasakkên kapir |
anyarira yêktos |
lan kaslira ing setan cêblèke |
yèn salulut mangka dadi wiji |
cilikane apik |
diwasane kumprung ||

13.
Ki Nurwitri karênan ing ati |
matur malih alon |
amba nyuwun mênggah wiwijange |
pangkat-pangkataning ponang ngèlmi |
Kasampurnan jati |
suhunan lingnya rum ||

Jilid 3 - Kaca : 177

14.
Ingkang dhingin ngèlmu sarengat-i |
dunungnya pangawroh |
ing lakune raga kita kiye |
kang kapindho ngèlmu tarekat-i |
apan angawruhi |
lakuning kang kalbu ||

15.
Katri ngèlmu kakekat puniki |
pangawruh sayêktos |
lakuning kang nyawa kita kiye |
kaping pate ngèlmu makripat-i |
pangawruh sajati |
lakuning rahsèku ||

16.
Sanepane kang patang prakawis |
mangkya cinariyos |
kang sarengat iku upamane |
lir wujuding baita sêkoci |
ngèlmu tarekat-i |
wujude palaut ||

17.
De kakekat pindha nama kadi |
mustika kinaot |
dumunung nèng têlêng samodrane |
makripat-e pindha pama kadi |
pangawruh trang titi |
kaya ta puniku ||

18.
Angawruhi lakuning sêkoci |
pasange we êrop |
myang ngawruhi jro cêthèking kang we |
anadene ngawruhi (ng)gonnèki |
ri kang musthika di |
nèng têlênging laut ||

19.
Karêping kang lampita kadyèki |
upamane uwong |
sumêdya yun (n)jupuk musthikane |
ingkang ana têlênging jaladri |
yèn gothang sawiji |
saka catur mau ||

20.
Sayêktine nora bisa dadi |
lire kang suraos |
saupama tanpa baitane |
apa bisa ngambah ana warih |
nadyan numpang kunthing |
lamun nora wêruh ||

21.
Ing dununge musthika kang adi |
sarta ora wêroh |
ewuh-pakewuh kalêksanane |
apa bisa katêkan sêdyèki |
ngaji ora odhil |
mulane kacatur ||

22.
Kudu ganêp nora kêna kongsi |
gothange sawiyos |
nora gampang mangkono yêktine |
pipiliyan jalma ingkang bangkit |
nanging laku iki |
lagi madyanipun ||

23.
Ana maning pangolahing ngèlmi |
utama kinaot |
luwih saka kang dakcaturake |
crita lêlakone para wali |
yèn jaman samangkin |
Kangjêng Sultan Agung ||

24.
Kang mandhirèng ing praja Mantawis |
kalamun sang katong |
apanuju kaparêng karsane |
mundhut barang kang nèng jro jaladri |
utawa sang aji |
yèn arsa ngalangut ||

Jilid 3 - Kaca : 178

25.
Nadyan mijil saking tanah Jawi |
tan mawa nitih jong |
nora mingsêt saking plênggahane |
bar Jumungah mring Kakbatolahi |
mangka tandha saksi |
ingkang samya mantuk ||

26.
Saka kaji jalu miwah èstri |
caritane jumboh |
(m)bên Jumungah katêmu gustine |
ana manèh caritaning nguni |
ing lalakonèki |
Sèh Lêmahbang luhung ||

27.
Pamuntoning tekat murtat maring |
agama kinaot |
wus ambuwang marang sarengat-e |
kadênangan kang nata agami |
ing kono Sèh Siti |
kukum kisas lampus ||

28.
Wusing wafat kuwanda tan kèksi |
nulya na wiraos |
lamat-lamat kapyarsa swarane |
surasane sung wasita jati |
kang myarsa dumêling |
mangkene lingipun ||

29.
Ingsun wus amurwèng (n)don linuwih |
wèh wasita jatos |
e manungsa sesa-sesa tyase |
jaman pati ing rèh puntonnèki |
tekat santa titis |
santosaning kalbu ||

30.
Nora saking anon amiyarsi |
riringa sinapon |
rêngat rêngu pan siningitake |
labêt salin ing salaganèki |
lugu dènugêmi |
agême ragèku ||

31.
Suminggahe sangka sanggarunggi |
sarak siningkur doh |
krana iku ngrurubêti bae |
karya uwas sumêlang liniling |
(m)buh-(m)buh dènandhêmi |
sakèhing kang wuruk ||

32.
Têkèng pati tiwas nguciwani |
awit keran-keron |
sajatine kang èstu lungguhe |
muhung ana ciptanta pribadi |
pusthinên pangèsthi |
tan ana kang ketung ||

33.
Wus ginêlêng dumadya sawiji |
pinasthi pinathok |
wijanging kang ngèlmu jatmikane |
nèng kaanan ênêng lawan êning |
cêp wus tan kapyarsi |
ganda ngambar arum ||

34.
Nanging aywa padha salah tampi |
surasaning criyos |
iku amung kanggo ondhe-ondhe |
poma aja nyingkur sarak Nabi |
rukuning Islami |
kono marga luhung ||

35.
Mungguh ananing carita iki |
pipiridan ingong |
kikiyasan saka ngandikane |
para alim parama bèrbudi |
ahli ing kitabi |
surasaning têmbung ||

Jilid 3 - Kaca : 179

36.
Ingkang dhingin sapa manungsèki |
sadurunge layon |
anèng donya mangka jro tekade |
anêtêpi ngêgungakên maring |
pakaryanirèki |
sarengat linuhung ||

37.
Iya iku bab lakuning dhiri |
têmbe lamun layon |
aran makam-parèk de wardine |
dunung pamisahan ora nunggil |
pisah raganèki |
lawan nyawanipun ||

38.
Kapindhone sapa manungsèku |
sadurunge layon |
anèng donya mangka ing tekade |
anêtêpi ngêgungakên maring |
pakaryan utami |
ing tarekat-ipun ||

39.
Iya iku lakuning kang ati |
têmbe lamun layon |
aran makam-jalèk de wêrdine |
dunung kukumpulan lir duk urip |
kang kumpul puniku |
raga lan nyawèku ||

40.
Kaping katri sapa manungsèki |
sadurunge layon |
anèng donya ing mangka tekade |
anêtêpi ngêgungakên maring |
ing pakaryan sidi |
kakekat linuhung ||

41.
Iya iku lakuning nyawèki |
têmbe kacariyos |
aran makam-jamèk-mujamèk-e |
wêrdi kumpul lir ngakumpul yêkti |
kang kumpul ngumpuli |
raga lan nyawèku ||

42.
Kang kaping pat sapa manungsèki |
sadurunge layon |
anèng donya kang mangka tekade |
anêtêpi ngêgungakên maring |
pakaryan linuwih |
makripat pinunjul ||

43.
Iya iku lakuning rahsèki |
têmbe kacariyos |
aran makam-baka de wêrdine |
dumunung ing langgêng nora gingsir |
raga lan nyawèki |
kapungkur katêlu ||

218 Pangkur

1.
Ujar kang wus ingsunpajar |
mrih tan uwus wawasên ywa wis-uwis |
gathuking surasanipun |
dhinapur dêdongèngan |
pinralambang rêmbuge manut têtêlu |
Gêmak lan Palatukbawang |
Brêkutut ingkang nêloni ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (25b) Kaca 158 -169
  • (26a) Kaca 180 – 188 >