Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434702
Hari ini     :Hari ini :102
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :168
Bulan ini   :Bulan ini :3331
s/d hari ini   :s/d hari ini :434702
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 19

Kontak Admin.

email-kidemang

 (26a) Kaca 180 – 188

 

( Rêrêmbaganipun Gêmak, Pêksi Pêrkutut Tuwin Platukbawang )

Rêrêmbaganipun Gêmak, pêksi Pêrkutut tuwin Platukbawang. Têtiganipun sami rêraosan bab ngèlmu kasunyatan adhêdhasar Dalil-dalil Kur'an. Mikradipun Kg. Nabi Muhammad, sarta sawatawis kitab Tasawuf. Ugi kacariyosakên rêmbagipun Ulêr-jêdhung kalihan sawêr bab gêsangipun. Ulêr dados ênthung, lajêng santun warni dados kupu; dene sawêr anglungsungi. Kalih-kalihipun kanthi lampah tapabrata ingkang pantês dados têtuladaning manungsa anggayuh kasampurnan. Kasambêt rêmbag kalihan pêksi Urang-urangan bab pakartinipun Pancadriya lan sanès-sanèsipun.


Kaca 180 - 198.

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 3 - Kaca : 180

218 Pangkur

2.
Anuju sawiji dina |
manuk Gêmak kakaring pongol wukir |
satêpining samodra gung |
kêkipu pagisikan |
kawistara sênêng nulya na tumurun |
kang pêksi Pêlatukbawang |
gêmak manêmbrama manis ||

3.
Lo kowe Pêlatukbawang |
padha bêcik têkamu ngarsamami |
baya ta ana karyamu |
ingkang rada wigatya |
kadingarèn sira sarju mring (ng)gonningsun |
kene nir kang paran-paran |
samun suwung sêpên sêpi ||

4.
Palatuk alon lingira |
awit saka pangèstumu basuki |
mula ulun nguyu-uyu |
prapta ing ngarsanira |
muga aywa dadi kagèting atimu |
katarik ing panggraita |
wus lawas (ng)gonku nitèni ||

5.
Sabên-sabên sira saba |
anèng kene lawan sukaning ati |
miwah solah-tênagamu |
beda lan grêmêt liyan |
nganggo (n)jungkir-(n)jungkir gèdhèg manthuk-manthuk |
kêkipu têpi samodra |
wulu mêngkorog kêkirig ||

6.
Ingkang mangkono èh Gêmak |
mênèk dadi dhangan parênging ati |
sarta yèn nora pakewuh |
bangêt kapenginingwang |
bisa wêruh apa kang dadi sêdyamu |
dene sira darbe patrap |
lan pratingkah kang kadyèki ||

7.
Gêmak mèsêm-mèsêm lingnya |
èh ta manuk Platukbawang mrakati |
sira tatanya arsa wruh |
marang ing sêdyaningwang |
kawruhanta (ng)gonningsun nèng têpi laut |
iku nora pisan-pisan |
murih akèhing babukti ||

8.
Walang kinjêng sasaminya |
sajatine kang dadi nêring pikir |
mung angêpyok amêmasuh |
nucèni raga-kita |
pêksi Platukbawang malih wacana rum |
hèh Gêmak apa mulanya |
raga nganggo disukcèni ||

9.
Gêmak mèsêm sung wangsulan |
mungguh (ng)gonku mangkono mau aming |
marga saka sih wêlasku |
karana salawasnya |
sun tumitah anèng ing ngalamdonyèku |
raganingsun ingkang tansah |
anglakoni lara pêrih ||

10.
Kaya ngapa têmbenira |
yèn dak tinggal ana ngalamdonyèki |
marma samêngko dak wasuh |
yèn wus suci anulya |
bisa licin lah ing kono sêdyaningsun |
ywa kari dak gawa muksa |
munggah marang swarga adi ||

Jilid 3 - Kaca : 181

11.
Donya ngakerat ywa pisah |
supayane mèluwa nandhang mukti |
enak-kêpenak linangkung |
kêkêl nèng swarga mulya |
nanging nora kêna ginagampang iku |
dene amrihe kalakyan |
kudu nganggo laku pasthi ||

12.
Kang dhingin sêmbahing raga |
kudu rêsik atiku kudu sukci |
de rahsaku kudu wêruh |
kudu madhêp jiwèngwang |
sabanjure kudu kulina ing purun |
tabêri ing karêm nyata |
kang mangkono ancas mami ||

13.
Laku-lakuning kadunyan |
kaya-kaya wis nyukupi kinardi |
srana mawas têtêsipun |
kasidan-jati mulya |
amung kabèh mau mapan êmpan kudu |
jinurung lakuning rahsa |
sawiji malela rêsik ||

14.
Platukbawang sung wangsulan |
têka bênêr mungguh sêdyanirèki |
kang kaya mangkono mau |
ananging sumurupa |
ingsun uwus tau angrungokkên wuwus |
rêrêmbuganing manungsa |
kang wus padha ahli budi ||

15.
Nyritakkên kitab musakap |
iya iku Kur'an dhawuhing Widdhi |
Surat Asra arannipun |
jus kang kaping limalas |
nyêbutake nalika (n)Jêng Nabi Rasul |
tinimbalan marang swarga |
yèku mekrad arannèki ||

16.
Wus karsa kawasannira |
ing Pangeran Kang Agung Maha Sukci |
(n)Jêng Nabi kaingsêr gupuh |
saking Masjidilkaram |
iku masjid ing tanah Mêkah satuhu |
gya prapta Masjidil-aksa |
masjid tanah prajèng Mêsir ||

17.
(n)Jêng Nabi kita Muhkamad |
samiyose saking Masjidil-aksi |
tundhuk utusan Hyang Agung |
Jabarail malekat |
andhawuhkên timbalanira Hyang Luhur |
Nabi nitih pêki Burak |
gya umêsat kadi thathit ||

18.
Prapta ing langit kapisan |
Jabarail andhodhog-dhodhog kori |
tinanya mring para sagung |
malekat jaga-lawang |
prasaja yèn dutaning Hyang Maha Luhur |
kang kori tandya binuka |
Kangjêng Nabi wus umanjing ||

Jilid 3 - Kaca : 182

19.
Pinanggya lan Nabi Adam |
wusing bage-binage (n)dum basuki |
Jêng Nabi gya mêsat gupuh |
Jabarail tan pisah |
nulya prapta langit kang kapindhonipun |
pratingkah datan prabeda |
sawusing mênga kang kori ||

20.
(n)Jêng Nabi lumêbêt panggya |
lawan Nabi Yahya Nabi Isa-i |
sawuse andum rahayu |
(n)Jêng Nabi sigra mêsat |
malaekat Jabarail tansèng pungkur |
prapta langit kang katiga |
pratingkahnya kadya ngarsi ||

21.
Wiwara wusnya binuka |
gya malêbu ing kono wusnya panggih |
kalawan (n)Jêng Nabi Yusup |
wusing bagya-binagya |
(n)dum rahayu Jêng Nabi gya mêsat gupuh |
Jabarail nora pisah |
wus prapta kacatur langit ||

22.
Pratingkah nora prabeda |
wusnya manjing Nabi kita pinanggih |
kalawan (n)Jêng Nabi Edrus |
bageyan (n)dum raharja |
nulya mêsat manèh Jabrail tan kantun |
prapta langit kang kalima |
ing pratingkah kadi ngarsi ||

23.
Sawuse lawang binuka |
Kangjêng Nabi lumêbêt wus pinanggih |
kalawan (n)Jêng Nabi Arun |
wusnya bagya-binagya |
nulya mêsat Jabarail tansah (m)buntut |
prapta ing langit kaping sad |
ing pratingkah kadya ngarsi ||

24.
Sawusing lawang binuka |
Kangjêng Nabi lumêbêt wus pinanggih |
lan Nabi Musa linuhung |
wusnya bagya-binagya |
(n)dum salamêt mêsat manèh Nabi Rasul |
Jabrail tan kêna pisah |
wus prapta kasapta langit ||

25.
Ing kono para malekat |
pitung èwu kang padha tunggu jagi |
pratingkah kadi ing ngayun |
Nabi kita Muhkamad |
lampahira lumêbu ing Betalmakmur |
kapang-kapang wus panggihan |
lawan (n)Jêng Nabi Ibrahim ||

26.
Utawa (n)Jêng Nabi Adam |
katri Nabi samya imbalan angling |
dènnira pinarak nutug |
cuthêl caritaningwang |
mula aku (ng)gêlarkên carita mau |
mungguh murad maksudira |
yêktine ulun tan uning ||

Jilid 3 - Kaca : 183

27.
Dene (ng)gon-ulun carita |
mung dadiya sumurupira yêkti |
ing sajati-jatinipun |
dadalaning kamuksan |
nora kêna ginagampang luwih ewuh |
pakewuh rikuh kewuhan |
ana ta babasannèki ||

28.
Kêna pisan luput pisan |
lire paran bisane lumastari |
mungguh ing sêdya puniku |
awit sakèhing lawang |
jinaganan malekat maèwu-èwu |
pasthi yèn sira katulak |
anggawa raganta iki ||

29.
Ewa-mangkono wakingwang |
uga darbe sêdya kaya sirèki |
ananging lêksananipun |
mangkene tekatingwang |
ingkang dhingin raga kitèki dakwasuh |
dak kêpyok marambah-rambah |
lamun wus suci barêsih ||

30.
Dakgalintir yèn gêngira |
wus padha lan mrica binubut tapis |
banjur dak bukti sun-ulu |
yèn bisa mlêbu swarga |
banjur bae dak-utahkên raganingsun |
prêlu supaya mèluwa |
angrasakakên kamuktin ||

31.
Dene ta kalakonira |
kudu nganggo sarana laku yakin |
mungguh bêktine ragaku |
kudu nglakoni sêdya |
atiningsun kudu mekani sadarum |
kudu nglêgani rahsèngwang |
jiwaku kudu ngèlingi ||

32.
Sawuse ingkang mangkana |
têmêningsun kudu santosa yêkti |
kudu marêm panrimèngsun |
kabèh ingkang wus pajar |
lamun nora kalimput batin mamêngku |
bokmanawa bakal bisa |
pranawa kamuksan-mami ||

33.
Gêmak mènglèng lon lingira |
kaya-kaya ana bênêrirèki |
tekat bakal lêksananmu |
dadi sajatinira |
ingsun lawan sira iki wus ajumbuh |
diaranni nunggal karsa |
mung gèsèh lêksananèki ||

34.
Yèn saka panêmuningwang |
iya iku kang kêna diaranni |
sadulur kang tunggal guru |
myang tunggal budi karsa |
balik ingkang dadya sulayaning laku |
yèn sira condhong ing karsa |
winantu dhanganing ngati ||

35.
Payo padha angupaya |
patakonan musawarat kang siddhi |
êndi kang bênêr ginilut |
gya padha linakonan |
supayane rujuk atut lawan runtut |
ing tyas nora sêmang-sêmang |
tindak sakabèhe iki ||

Jilid 3 - Kaca : 184

36.
Palatukbawang kawêngan |
langkung suka wacananira aris |
Gêmak kang dadi rêmbugmu |
Tuhu-tuhu dumadya |
condhonging tyas sarèhning mungguh panêmu |
saka ing panimbangingwang |
rujuk sakaronirèki ||

37.
Tur bakal malêbu marang |
ing panggawe bêcik kalawan wajib |
nuli linakonan gupuh |
supayane sampurna |
duk ing mau ulun matur luhur gunung |
lamat-lamat krungu swara |
manuk Brêkutut sru muni ||

38.
Salisik nèng wit mandera |
dumunung nèng pucake wukir iki |
bokmanawa kyai Kutut |
bisa ngruntutkên baya |
sulayane ana ing panêmu mau |
pêksi kalih gya lumêpas |
marang ing pucaking wukir ||

39.
Nahan kang samya miyarsa |
Mas Cêbolang kalawan Ki Nurwitri |
kalangkung sukaning kalbu |
manêmbah lon turira |
kaparênga anglajêngakên pukulun |
kadiparan yèn wus panggya |
siddhining salah satunggil ||

40.
Risang Panêmbahan Rama |
mêdharsabda (m)bacutke dongèng iki |
manuk Gêmak lawan Platuk |
ngênêr agraning arga |
wus pinanggih kalawan paksi Brêkutut |
sawuse bagya-binagya |
Platukbawang lingira ris ||

41.
Dhuh Brêkutut kang (m)bêg darma |
aywa kaduk-ati abela tampi |
mungguh ta ing praptaningsun |
kalawan manuk Gêmak |
sajatine mung arsa nlêsihkên kawruh |
sakirane apa dadya |
Jrudêmung sajroning pikir ||

219 Jurudêmung

1.
Pêksi Brêkutut lingira |
prayoga ora pakewuh |
nanging ingkang dadi rêmbug |
Platukbawang caritakna |
wit purwa wasananipun |
ingsun arsa amiyarsa |
supayane ing panggayuh ||

2.
Platukbawang lon lingira |
mirêngna cariyos-ulun |
kang dadya kamulanipun |
Gêmak nglairkên sêdyanya |
anucèni raganipun |
karêpe benjang yèn pêjah |
ginawa maring swarga gung ||

Jilid 3 - Kaca : 185

3.
Iku mungguh ingsun uga |
darbe karêp kang kadyèku |
ananing sauwusipun |
raga sunsucèni nulya |
dak galintir kalamun wus |
gêdhene kari samrica |
binubut mêmêt tur alus ||

4.
Ragaku banjur dak untal |
nuli dakgawa mandhuwur |
marang ing kaswargan agung |
yèn wus tumêka sawarga |
dakutahake ragèngsun |
supaya padha ngrasakna |
nandhang enak mamah mumuh ||

5.
Brêkutut mèsêm lingira |
èh ta Gêmak apa atut |
mungguh ing caritanipun |
mitranta Palatukbawang |
iya wus bênêr Brêkutut |
sulayane ing pamanggya |
kaparênga sung pituduh ||

6.
Dhuh mitrèngsun sakaronya |
sira padha kawlasayun |
de kalêbu cacad agung |
yèku pituna (ng)gonnira |
datan sumurup ing ngèlmu |
ngêndi ana jasad arsa |
ginawa marang swarga gung ||

7.
Samêngka ingsun carita |
duk dhingin ingsun wus tau |
diingu ing sujanma nung |
kêrêp dhêmên amêmaca |
ana layang arannipun |
kitab Umun-bara-inna |
iku kang tansah ginilut ||

8.
Umun-bara-inna têgêsnya |
iku kitab babonipun |
pratandha yêkti satuhu |
nyritakkên ananing gêsang |
anèng ngalamdonya iku |
kalawan ngagêm busana |
panganggone cacahipun ||

9.
Sadaya nêmbêlas rupa |
ingkang wolu asalipun |
gagawan saking Hyang Agung |
papat gawan saka bapa |
papat manèh saka biyung |
mungguh wiwijangira |
gagawan nêmbêlas mau ||

10.
Kang wolu saka Pangeran |
siji roh dwi napasipun |
katri budi iman catur |
pangrungu kalimanira |
pangganda kaping nêmipun |
kapitune pan pangucap |
paningal ganêp ping wolu ||

11.
Kang lumantar saka bapa |
sakawan siji bêbalung |
otot kulit utêg catur |
kang lumantar saka biyung |
sakawan iki liripun |
daging êrah sungsum lawan |
jêrohan ganêpe catur ||

12.
Sarèhning cacah nêmbêlas |
sadayaku mung gumadhuh |
jroning ngurip nèng donyèku |
têmbe têkane palastra |
sayêkti padha pinundhut |
iya marang kang kagungan |
lwih abot yèn sira kukuh ||

Jilid 3 - Kaca : 186

13.
Lan pinasthi bakal dadya |
rubedane jasat lampus |
lawan pakewuh ing laku |
mula mungguh sêdyaningwang |
rèhning wus têtela èstu |
busana nêmbêlas warna |
dununge muhung anggadhuh ||

14.
Kanggo sajroning tumitah |
ana ing ngalamdonyèku |
ing têmbe praptaning maut |
lah ing kono (ng)gon-manira |
ngulihkên busananipun |
marang kang padha kagungan |
titipan nêmbêlas mau ||

15.
Kalamun bisa kalakyan |
mungguh tata-basanipun |
barêsih kaananipun |
pan nora anandhang utang |
tan ana rinasa muhung |
lumaksana ing sakarsa |
nutug paranning sêdya yu ||

16.
Dene ta kalakonnira |
kudu nganggo saranèstu |
mungguh sungkême ragèngsun |
kudu lapa kurang nadhah |
kudu santosa atiku |
rahsaku kudu rumangsa |
kudu nalangsa jiwaku ||

17.
Sawuse ingkang kadyèku |
pandêng-pandênging budiku |
kudu têmên lila èstu |
saranane ora kêna |
kalimput laku sumêngguh |
manawèku bisa (m)buka |
nugraha paranning kayun ||

18.
Cuthêl dadongèngannira |
katri manuk kang sêdya yun |
(ng)gayuh ing kamuksanipun |
Nurwitri matur manêmbah |
mênggah ing pratingkahipun |
pamasuh pangluluh raga |
mrih suci bêrsih satuhu ||

19.
Panêmbahan lon ngandika |
didimène rada (ng)galur |
kêna kanggo cagak lungguh |
ana carita pralambang |
tumrap mring wong ahli laku |
pan dhinapur dêdongèngan |
(ng)gathukke lan crita ngayun ||

20.
Purwaning kang kacarita |
sawijining Ulêr-jêdhung |
tumèmplèk nèng uwit agung |
dumunung pucaking ngarga |
wit agung pange tumêlung |
manglung (n)dhuwuring talaga |
wêning nyarong toyanipun ||

21.
Êpang kang manglung talaga |
diencoki siji manuk |
Urang-urangan puniku |
anjingglêng mandêng tan pêgat |
anunggoni globakipun |
mina isining talaga |
kang dadya mamangsanipun ||

Jilid 3 - Kaca : 187

22.
Ing satêpining talaga |
dharatan cakêt wit agung |
ana Ula angalumpruk |
ngalêkêr tan mobah molah |
lah ing kono Ulêr-jêdhung |
gagunêman lawan Ula |
mangkene têmbunganipun ||

23.
Èh ta Ula muga-muga |
ywa dadi rêngating kalbu |
kang langgêng (ng)gonnira mêngku |
mring (m)bêk santa paramarta |
krana wus sawatarèku |
lawan (ng)goningsun uninga |
anyipati sariramu ||

24.
Angalêkêr datan mobah |
nèng têpining talaga gung |
kadi mêsu-sarira sru |
nglaksanani tarakbrata |
dene kalamun saèstu |
prayoga sira pojara |
apa kang dadya sêdyamu ||

25.
Pupuntonning karsanira |
supayane ingsun wêruh |
de yèn sira sajarwa wus |
ganti sun crita mring sira |
pupuntonning sêdyaningsun |
pakolèhe musawarat |
wicara supaya gathuk ||

26.
Babing panêmu lan sira |
bokmanawa iku lamun |
ana katlisiring laku |
salah sijine supaya |
bisa-a padha sumurup |
lah êndi ingkang sakira |
kapenak patut linantur ||

27.
Ula alon sung wangsulan |
karsanira kabèh mau |
prayoga nora pakewuh |
ing mêngko ingsun carita |
e wruhanta Ulêr-jêdhung |
sajatining raganingwang |
trah-tumêrahing naga gung ||

28.
Basa tumêkaning mangsa |
diwasane raganingsun |
adarbe panggraita nung |
sumêdya mor lawan bangsa |
ananging ta nora enjuh |
wit wujuding angga kita |
durung paja-paja jumbuh ||

29.
Lan bangsane ula naga |
pramilane ingsun banjur |
tapabrata sru tuwakup |
sêdya (ng)gêdhèkkên sarira |
ing têmbe kalamun uwus |
tumêkane katarima |
pipiridan kang wus uwus ||

30.
Angga kita mêsthi rucat |
luluh amor lan kismèku |
[...] |
anglungsungi salin raga |
mundhak gêdhe wimbuh bagus |
tinimbang lan jasat kita |
ing sadurunge manêkung ||

31.
Ulêr-jêdhung lon lingira |
èh ula naga manêkung |
mungguh caritamu mau |
nora susah ko banjurna |
kang awit iku kalêbu |
mring golonganing pamanggya |
ingkang budi bodho cubluk ||

Jilid 3 - Kaca : 188

32.
Nora pisan magêpokan |
marang nalare kang ngèlmu |
ngêndi ana têtapèku |
nêdya (ng)gêdhèkakên raga |
apa ora tau ngrungu |
crita lalakone pêjah |
kaananing sakèh makluk ||

33.
Upamane kadi gajah |
myang samubarang kang agung |
kabèh dêdalaning lampus |
amba-ambane mung padha |
lawan bolonganing jarum |
utawa sarupa lawan |
panggonan kang luwih ciyut ||

34.
Kang êndi margane bisa |
malêbu bolongan mau |
mangka kang dadya sêdyamu |
mundhakkên gêdhening raga |
(ng)gèr tinêmu nalaripun |
lawan sira sumurupa |
mungguh ing sajatinipun ||

35.
Tumitah nèng ngalamdonya |
mampir bae basanipun |
mulane ingsun uga wus |
krungu clathuning manungsa |
mangkene (ng)gonnira muwus |
ana-dene kang manungsa |
yèn wus tuwa padha lampus ||

36.
Ana-dene ana bocah |
utawa wong durung sêpuh |
uga ana ingkang lampus |
dadi mungguh surasanya |
calathu mangkono mau |
saka ing panampiningwang |
pasêmon mring kang angrungu ||

37.
Supaya padha mikira |
lawan marsudia èstu |
marang pakartining lampus |
karana iku pakaryan |
kang wus pasthi nora wurung |
lawan tan bisa suminggah |
maranga bumi sap pitu ||

38.
Miwah têlênging samodra |
si pati tansah tut-pungkur |
nora liwat Ula iku |
mungguh kabèh caturingwang |
sajroning rahsa amuwus |
karasa-rasa rumangsa |
tumraping rahsanirèku ||

39.
Ula nglêkêr awacana |
iya-iya Ulêr-jêdhung |
bangêt ing panarimaku |
kabèh-kabèh ujarira |
nora nana ingkang luput |
balik sira carita-a |
prasajane ing sêdyamu ||

40.
Èh ta Ula kawruhanta |
(ng)goningsun tumèmplèk kayu |
sajatine uga ingsun |
anglakoni tarakbrata |
sêdya nyunyuda ragèngsun |
cêgah dhahar lawan nendra |
ing têmbe kalamun uwus ||

41.
Wêktuning kang katarima |
jaman kita kang kadulu |
rusak salin warnanipun |
isih ana (n)jêro ingwang |
wus anganggo lawan santun |
jasat anyar luwih brêgas |
myang dak-walik wujudingsun ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (25c) Kaca 170 -179
  • (26b) Kaca 189 – 198 >