Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 34

Kontak Admin.

email-kidemang

 (12a) Kaca 151 – 167

 

( Jayèngrêsmi, Jayèngraga tuwin Kulawirya badhe ngupadosi Sèh Amongraga )

VI. Pêpuntoning rêmbag Jayèngrêsmi, Jayèngraga tuwin Kulawirya badhe kesah tirakat ngiras-pantês ngupadosi Sèh Amongraga. Lampahipun katanggor-tanggor ing salah wèwèng maksiyatan.

1. Jayèngrêsmi, Jayèngraga tuwin Kulawirya kadhèrèkakên Nuripin ing sadèrèngipun Subuh lumampah mangidul, salat ing margi, sêrap surya kampir ing dhusun Kêplêng, sipêng ing griyanipun patinggi nama Suradigdaya, anakipun pêtinggi satunggal èstri taksih prawan sunthi nama Matiyah kaparaban pun Êndhuk, kapenakanipun wulanjar, sakalih-kalihipun sami ngladosi tamu.

Santri-santri ing dhusun Kêplêng sami gêcul, rêmênipun têtabuhan lan maksiyatan. Kulawirya ngajak têtabuhan wasana dados tayuban. Talèdhèkipun nama Gêndra. Jayèngrêsmi sumingkir dhatêng tajug. Jayèngraga anggrumut Matiyah, nanging botên pakolih, wasana kalampahan kalihan pun wulanjar. Kulawirya kalihan pun Gêndra.


Kaca 151 – 171

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 8 - Kaca : 151

448 Sinom

4.
Manirarsa asêsanjan |
mring arimu Jayèngragi |
ana rêmbuge maring wang |
durung pasaja mring mami |
êmbuh kang dadi pikir |
mulane sun arsa têmu |
marang Ki Jayèngraga |
mung lopak-lopakku cilik |
kêdhawungan suwasa glis isènana ||

5.
Kang kêbak ngisèni kinang |
Turida gupuh angrukti |
mèsêm sarwi aturira |
dingarèn nganyar-anyari |
mrono bae tan têbih |
(n)dadak sangu masak pênuh |
sabêne datan karsa |
mundhut gantèn kang ngêbêki |
sêtun kêrsa sakênyèh kewala mentar ||

6.
Wus katur kang pamasakan |
tinampan lajêng kinêmpit |
alon dènnira lumampah |
mring wismane Jayèngragi |
kang rayi lagya linggih |
nèng wisma lan garwanipun |
sinaji dhêdhaharan |
pateyan sangkêp nèng ngarsi |
Jayèngraga arsa sowan mring kang raka ||

7.
Wus dadya rêmbug dhèk siyang |
nanging tyas mangke sakêdhik |
lagyarsa siwo asmara |
mring kang garwa Rarasati |
Jayèngraga ngling aris |
sun-arsa sêsanjan dalu |
ngulon marang kakangmas |
lopak-lopakku mas cilik |
isènana masakan sangkèt sadhela ||

8.
Kang garwa mèsêm turira |
mring raka amagut liring |
bok benjing-enjing kewala |
kawula wus burat-wangi |
Jèngraga gumuywa-ngling |
sarwi narik astanipun |
niyung lungayanira |
kêbangêtên sira yayi |
wong ge-age jare besok (m)bèn kewala ||

9.
Kang garwa sarwi ingaras |
linunggyèngakên ing wêntis |
ingadhêp pra sêlirira |
nulya ingkang raka prapti |
amêngakakên kori |
Jayèngraga kagyat gugup |
kang garwa arèngkodan |
ngling ah mau mula suthik |
mêksa bae ambakna wong tan kaopan ||

10.
Jayèngraga latah-latah |
bilah gêlis têmên malih |
kang raka gumujêng nabda |
kobêr têmên sira iki |
sore èntèh adhingdhing |
sêlire samya gumuyu |
Rarasati anêntak |
mring sêlir kang guguyoni |
si Di-êblong (n)dadak guguyu maring wang ||

11.
Kang raka alon ngandika |
mring rayi Ki Jayèngragi |
payo sasanjan sadhela |
mring paman Kulawiryèki |
kang rayi wus atampi |
mring raka dadinya rêmbug |
gya mundhut pêmasakan |
sinaosan mring kang rayi |
(n)dan umangkat Jayèngrêsmi Jayèngraga ||

Jilid 8 - Kaca : 152

12.
Mring wismane Kulawirya |
tan adangu mulya prapti |
Kulawirya wus samêkta |
cadhong karsane putrèki |
praptane putra kalih |
kang paman mingsêr kang lungguh |
wus tata dènnya lênggah |
Jayèngrêsmi matur aris |
prayogine wanci punapa umangkat ||

13.
Kulawirya wuwusira |
sukarsane ngong umiring |
sanajan saiki iya |
mangsa rubêda ing ati |
kang putra matur aris |
inggih paman pênêdipun |
ing mangke bêdhug tiga |
kewala Subuh ing margi |
kêbyarana nèng wana Cangkring ingrika ||

14.
Iya sêdhêng byare-rina |
tan kawruhan ing wong ngriki |
Jayèngraga nambung sabda |
punika lamun kapyarsi |
dinangu mring jêng kyai |
inggih kados pundinipun |
sintên ingkang pratela |
kang paman aris nauri |
iya bibinira bae kang winarah ||

15.
Mring ngêndi ta kang sêmbada |
pêndhak dina bae mulih |
kajaba awat tirakat |
lah inggih sampun prayogi |
sadalu tan aguling |
ing wanci wus bêdhug têlu |
kang samyarsa tirakat |
rabine samya winêling |
dyah umangkat ing wêngi panguwuh sata ||

449 Pangkur

1.
Laju ngidul lampahira |
mudhun raryan aSubuh anèng kali |
wus bakda dènnira wêktu |
Jayèngraga aturira |
paminipun pun paman Nuripin tumut |
yèn parêng bok ingampiran |
sakêdhap ngajak Nuripin ||

2.
Kamêrgèn dèn-wuh kewala |
Kulawirya nauri iya bêcik |
abênêr karsanirèku |
mungguh ing wong lulungan |
dadi sarat parigêle nèng dêlanggung |
bêcike katêlu ana |
kapat ala salah siji ||

3.
Ki Jayèngrêsmi turira |
inggih lêrês paman (ng)gèn ngiratani |
wontên kang ngawoni laku |
lamun gragoning lampah |
inggih wawi paman ingampiran gupuh |
tan dangu lampahe prapta |
sigra Ki Kulawiryèki ||

Jilid 8 - Kaca : 153

4.
Anguwuh saking ing marga |
hèh Nuripin apa wus sira tangi |
digage mreneya Cêblung |
kang èstri aturira |
inggih sawêg kêtanggêlan salat Subuh |
Kulawirya ngling enggalna |
Nuripin myarsa nulya glis ||

5.
Tan kongsi puji-pujian |
gupuh-gupuh lumayu langkung ajrih |
wus prapta mandhêg nèng ngayun |
Kulawirya nglingira |
payo banjur andhèrèka bêndaramu |
aku marene sadhela |
matur sandika Nuripin ||

6.
Nulya laju lampahira |
Kulawirya Jèngrêsmi Jayèngragi |
kapat Nuripin tut-pungkur |
praptèng wana trataban |
wana Cangkring bondhot rêgêd ing garumbul |
swaraning pêksi sikatan |
cuwiyun lawan srigunting ||

7.
Jêgigèring sata-wana |
mawurahan langkung asri kapyarsi |
wanci pajar akir Subuh |
mèh raina sêmu bang |
Hyang Haruna lir rapuh ing tingal bangun |
kêwayoning pagulingan |
ngatirah mêntas kapilis ||

8.
Sumirat kang ima mabang |
lir tumênginira dyah duk ma-èksi |
ujwalèng surya maruput |
mranani kang bawana |
lwah-lwah pangol kasilakan ing suryèsuk |
rujit marêmit ing kisma |
cawèn citraning ron kèksi ||

9.
Katri katrangan dipèngrat |
tejaning prêdapa mêmungu mirir |
sakêtêr katyup kang bayu |
kadya kênyaring langwan |
inaèsan oya gwèng-kang ing pang katub |
ingangin ron tuwa wiwal |
ngaleyang marugwèng siti ||

10.
Mimba layoning puspita |
kang tan kasingsêtan ing kèswa midih |
sari sah sesaning gêlung |
ninang anèng pungkurun |
kang kêrantan kirabing pangukêlipun |
tiyunging pang kapawanan |
lir pandhêngklange sêrimpi ||

11.
Tan wus langêning mahawan |
Jayèngrêsmi raryan soring kusambi |
tambining oyod alungguh |
samya mucang katrinya |
Ki Nuripin ririh gêrunêngan muwus |
Ki Kulawirya lingira |
paran ko(k) wuwus Nuripin ||

Jilid 8 - Kaca : 154

12.
Ki Nuripin lon turira |
inggih ta lah tan nyana lamun têbih |
tiwas tan kongsi sêsangu |
hardana miwah karag |
pan lumajêng kewala kalih kêkêmul |
sêdhah salêmbar tan (ng)gawa |
dalah kacu tan kêpikir ||

13.
Jare kur mrono kewala |
uninga-a yèn karsa lampah têbih |
kêdhik-kêdhik mikir sangu |
nabda Ki Kulawirya |
sira iku jawane nyêrêg maringsun |
lah iya wis aja susah |
tan sêsangu anèng margi ||

14.
Tan kurang rêjêki Allah |
sukêt akèh uwuh akèh kang kèksi |
sadhêngah panganên tuwuk |
kali mili gumladhag |
nora nana bedane anggêre tuwuk |
Nurupin agêrundêlan |
èh nyanaku dèn-paringi ||

15.
Enak apa wuh godhongan |
banyu kali dèn-tawakkên mami |
Ki Kulawirya gumuyu |
Jayèngrêsmi wuwusnya |
lah suwawi paman mangkat mupung esuk |
anulya samya umangkat |
kang paman kang dadya kanthi ||

450 Kinanthi

1.
Yata wau lampahipun |
Jayèngrêsmi Jayèngragi |
katiga Ki Kulawirya |
kapate santri Nuripin |
angambah wana gênêngan |
raryan wêktu anèng margi ||

2.
Sawusira bakda Luhur |
laju kewala lumaris |
kadhang dhusun kang kamêrgan |
kêrsa mundhut wohing tiris |
duwêgan dening katoran |
Nuripin ingkang (n)juroni ||

3.
Barang kêrsa nèng mêrga gung |
kewala namung Nuripin |
tutumbas kang tan tinumbas |
lêstari lampahira ris |
arêrêp kadalon marga |
nèng dhusun Kêplêng sawêngi ||

4.
Ki Nuripan amitêmbung |
panginêpan mring pêtinggi |
aran Ki Suradigdaya |
umbuling para pêtinggi |
Nuripin sojar gêgênah |
kadang siwine (n)jêng kyai ||

5.
Tirakatan karsanipun |
ki pêtinggi wus mangêrti |
pinajar yèn putranira |
satunggil sadhèrèknèki |
ki guru ing Wanamarta |
nanging dèrèng wruh ing warni ||

Jilid 8 - Kaca : 155

6.
Nuripin jawab klasa lus |
gya sinungkên ing pêtinggi |
wus tinampan sigra mentar |
nulya ingaturkên aglis |
wus ginêlar anèng langgar |
langgare alit bak wêlit ||

7.
Kur longkang sêdhêng wong têlu |
tan ana padasannèki |
Nuripin mundhut lantingan |
têtêlu olèh wus prapti |
pan sarwi agarundêlan |
jênênge bae ngêbêgi ||

8.
Kêtara têmên yèn kupur |
tan doyan kalimah kalih |
tajuge cilik tan pakra |
kêbak tutumpukan wêlit |
kêtungkul ngothok sêrètan |
katri gumujêng miyarsi ||

9.
Anulya gantya awulu |
Nuripin ingkang nuruhi |
wusnya gya minggah ing langgar |
dènnira asalat Mahrib |
wong papat adhêdhêsêkan |
rêbut wêktuning ngabêkti ||

10.
Mahrib lajêng Ngisanipun |
wus pêragat bakda witir |
Nurpin sigra sung wikan |
mring Suradigdaya aglis |
ambèn-gêng wus ginêlaran |
kêlasa kang sarwi rêsik ||

11.
Ki pêtinggi sigra mêthuk |
ing latar akèn ngaturi |
Jayèngrêsmi Jayèngraga |
katri samya malbèng panti |
pandhapa binale-watang |
sampun ingancaran linggih ||

12.
Ki Suaradigdaya gupuh |
trapsila atur pêmbagi |
winangsul rahabing krama |
wus tata dènnira linggih |
nulya ki pêtinggi gêpah |
nudingi kang nglêladèni ||

13.
Mijilkên sunggatanipun |
sêkul rampadan mawarni |
sangkêp sakèh lêlawuhan |
sampun ingancaran bukti |
punika kang sumapala |
supaya lêjar kêlantih ||

14.
Sumangga paduka suruh |
Jayèngrêsmi ngandika ris |
lah paman Suradigdaya |
suwawi wasisan bukti |
kang liningan sru lênggana |
nulya samya alêlanting ||

15.
dènnira bukti pikantuk |
nutug dènnya nadhah sami |
awijik nulya luwaran |
linorod marang Nuripin |
thêkul sêmbari siduwa |
wêtênge malang (ng)gambuhi ||

Jilid 8 - Kaca : 156

451 Gambuh

1.
Ki Nuripin pikantuk |
nêmên dènnya nadhah amathêngkuk |
anyarêmpêng dèn-êpêng tan nolih-nolih |
lêmpènge lêmpêng lir limpung |
adhokoh kokoh acekoh ||

2.
Dhasar rada kêlantur |
sayah sêdina dènnya lêlaku |
nêmu suguh sarwènak ulam mêpêki |
kongsi (m)bèthêm bitha-bithu |
pêmuluke (n)junjung bokong ||

3.
Sêkul sapanjang munjung |
têlas tan ana korèdanipun |
Kulawirya gumuyu angling nudingi |
lah ati-atinên bagus |
wêtêngmu manawa jêbol ||

4.
Ki Nuripin asêgu |
gya wus dènnya mangan nulya wisuh |
mèthèk-mèthèk kadya bagor dèn-isèni |
mudal karingête kumyus |
kandhêg nèng lêmpèng ngacêmbong ||

5.
Kulawirya saya sru |
suka gumuyu mring santrinipun |
hèh Nuripin kiye wayah apa mangkin |
matur maksih sontênipun |
mangsi bingunga ing panon ||

6.
Kulawirya amuwus |
mênèk kok-aranni bêdhug têlu |
kang miyarsa samya (ng)gêguyu Nuripin |
anjêgèg tumungkul wêdhung |
ambêgane kêmpas-kêmpos ||

7.
Ajange wus ingundur |
ki pêtinggi myat ing tamunipun |
tan riringa sajake samya mriyayi |
nulya malbèng wismanipun |
paparentah mring kang wadon ||

8.
Kinèn (m)bagèkkên tamu |
saha lan pawohan ingkang mungguh |
sêgah nyênyamikan kang sarwa di-adi |
ingkang ngladosi mangayun |
kewala sadaya wadon ||

9.
dènnya parentah sampun |
nulya mêdal malih mring (ng)gyannipun |
tan adangu wus angrukti nulya mijil |
angirid nak-putunipun |
ni pêtinggi (m)bêkta gembol ||

10.
Sumaos anèng ngayun |
mundur gantya kang ngladèni laju |
kanêm rare tanggungan ragi têrampil |
dhasar cêcawangan alus |
akuning wêdana suloh ||

Jilid 8 - Kaca : 157

11.
(m)Balerah netranipun |
alit mêthit angganthêng angimpun |
lathi mathis idêpnya raras tumênggi |
athi-athine angundhup |
-ing turi ruruh pasêmon ||

12.
Jêbên kêmbên sih pinjung |
kadhang cêtha sabukwala patut |
rare desa kogung sakadarirèki |
satunggil wulanjar bêsus |
amêsês mulat dhêdayoh ||

13.
dènnya ngladèni kisruh |
piring kang dèn-ajokkên gumluthuk |
apan pijêr salah wèngwèng anglêlirik |
gêgrimingan tanganipun |
(m)bênakkên kêmbêne kêndho ||

14.
Wusnya angrukti mundur |
nèng wurine ni pêtinggi lungguh |
alon matur mring têtamu tur pêmbagi |
kang sinêmbraman lingnya rum |
(ng)gih bibi sangêt trimèng ngong ||

15.
Kang paman (n)jawil pupu |
mring Jayèngraga bibisik muwus |
iku bêlo pêthèke cêcalon dadi |
pada wadana katêmu |
lagi sêmamar wus katon ||

16.
Jayèngraga anjumbul |
bisik-bisik anauri wuwus |
sarwi gumuyu inggih paman mèh thithik |
kula wicantênkên niku |
kasêlak paman miraos ||

17.
Inggih sayêktosipun |
pancèn pilalan kanggo wong agung |
alis ngadêg atajêm nyanyundêp ati |
pantêse rare kaugung |
si kuncung agawe lamong ||

452 Pocung

1.
Wayahipun kuciwane maksih tanggung |
kirang rong taun kas |
liringe sagêd nglawani |
dèn-gêgêlak kaya kêna kinambilan ||

2.
Naur wuwus malah tan kongsi rong taun |
sêtaun kewala |
ya uwis kêna dèn-êmping |
wong ngrarapih ngur kêpara durung mangsa ||

3.
Ing-alulut akèh wilêting pakewuh |
mirungga marwasa |
rêkasaning sari kincip |
kawêdhêngên kodhêng pangudining karsa ||

4.
Ngoyog pupu Jayèngraga sru gumuyu |
winor bibisikan |
ah paman (n)dadak dèn-angling |
têmah gawe prakara anggugah kala ||

5.
Alon muwus Kulawirya bêdhèk iku |
bandhamu (m)bêngkayang |
dèn-ngati-ati mênawi |
mênèk nyêmbur ambeyani dus jinabat ||

Jilid 8 - Kaca : 158

6.
Wong ro barung gumuyu samya dinulu |
Jayèngrêsmi mulat |
mring kang paman lan kang rayi |
Jayèngraga sêmu jrih liniring raka ||

7.
Samya minggu datan gugujêgan muwus |
ni pêtinggi turnya |
punika anggèr binukti |
awon kèndêl sawêntène sumapala ||

8.
Kawlas-ayun sadintên lumampah rapuh |
katri wuwusira |
(ng)gih sêlot-sêlote bibi |
tiyang sampun nèng riki mangsa ringga-a ||

9.
Sawusipun sami mucang katrinipun |
saking pamasakan |
mêncorong suwasa rukmi |
ki pêtinggi tumingal wêwah jrihira ||

10.
Kang têtamu samya sêsambèn amundhut |
nyamikan sêgêran |
ni pêtinggi ngatag aglis |
mring anake kae piringmu ajokna ||

11.
Gupuh maju nêsêgakên piringipun |
Jèngraga ngandika |
iku anak (n)dika bibi |
pintên kabèh tunggale niku (m)bok-rara ||

12.
Alon matur datan wontên tunggilipun |
ingkang sami gêsang |
nêm sadaya sami mati |
namung gêsang satunggil èstri dêdaman ||

13.
Sangêt cubluk mêlulu kêcambah watu |
ambêsur ugungan |
dene kang agêng punika |
apan kapenakan kawula wulanjar ||

14.
Malihipun punika kaprênah putu |
mangke dados randha |
ingkang titiga puniki |
awon-awon dados ampile pun paman ||

15.
Pan gumuyu Jêngraga alon amuwus |
Mas Suradigdaya |
kuwat wayuh kapat padmi |
ki patinggi matur nuwun ingkang barkah ||

16.
Malih muwus putranta sintên rannipun |
matur kang liningan |
kakèkipun kang marabi |
pun Watiyah nging karan Endhuk kewala ||

17.
Inggih patut putranta aran si Endhuk |
Mas Suradigdaya |
kula milu ngêmpèk siwi |
lamun benjing ing têmbe akhir mah-imah ||

18.
Lamun kêsdu paman nèh pelokkên têmu |
marang Wanamarta |
yèn kula sagêd mèwèhi |
ki patinggi jalwèstri matur sumangga ||

19.
Nulya mundur parèstri saking ing ngayun |
samya malbèng wisma |
Jayèngraga anglud liring |
ni wulanjar angêcêr ulat sêdhatan ||

20.
Lakunipun luwês (m)barêngi (m)bok Endhuk |
Jèngraga rêngu tyas |
blêgo ngaling-alingi |
edan taun pêngrasane kinêsmaran ||

Jilid 8 - Kaca : 159

453 Asmaradana

1.
Jayèngrêsmi wus andugi |
kalêthêke Jayèngraga |
asabil sajroning tyase |
ya talah Ki Jayèngraga |
dene tan nêbut pisan |
bocah durung bisa idu |
dèn-pikir kaya matiya ||

2.
Yèn kongsiya têlung ratri |
nèng kene agawe beka |
kaya mêngkono akale |
sinamun-samun dhêdharan |
datan katarèng netya |
wasana ngandika arum |
lah paman Suradigdaya ||

3.
Padesan ing Kêplêng niki |
bobote desa wêwanan |
anglangkungi ing gêdhene |
kuciwa kurang agama |
pintên bara ngadêga |
mungguh ing Jumungahipun |
namung ta ênggèn kawula ||

4.
Kang pênêd jêmbar sakêdhik |
sêmbada nora ngibadah |
kalamun bêcik langgare |
manawi kandhêg kampiran |
mring santri wah utama |
patinggi matur gumuyu |
alêrês kang pangandika ||

5.
Duka-dalêm ingkang mawi |
tiyang ing ngriki punika |
ancog-ancogên manahe |
kalangkung (ng)gèn-kula prentah |
wêwarah kèn ngibadah |
kêdah dên-pilalu gêcul |
tan wontên rêmên sêmbahyang ||

6.
Namung rêmên asêsabin |
tan kobêr atugar wana |
mila tan wontên kaume |
kaume bêrah kewala |
lêbe angiras lurah |
yèn mêntas (ng)garu maluku |
nuntên sêrètan gambangan ||

7.
Kang paman lan Jayèngragi |
sarêng guyune alatah |
asuka nambung wuwuse |
dadi mêkatên man Sura |
sanak ngriki karêmnya |
gambangan sêrètan guyub |
pundi tukange kang (ng)gambang ||

8.
Pênêd nèh undang mariki |
wong nganggur kèn kalênèngan |
sokur yèn wontên gêndhole |
ginawa tamba lèk-lèkan |
saniyagane pisan |
Suradigdaya gumuyu |
pan inggih wontên kewala ||

9.
Sigra nuding rêncangnèki |
undangên si Citraguna |
kae bêcik panggambange |
karo banjura mring Gêbang |
timbalana si Gêndra |
badhute si Nayagêcul |
Bêndhul-jaya sapanjaknya ||

10.
Sigra mentar kang tinuding |
Ki Kulawirya ngandika |
punapa pênèd tlèdhèke |
dene jênênge si Gêndra |
punapa sababira |
matur (ng)gih sawawratipun |
dene sring pyambak tinanggap ||

Jilid 8 - Kaca : 160

11.
Pangraose kang ngrêmêni |
wangkit lampahan sadina |
tan wontên kados pyambake |
milane nama pun Gêndra |
sring dados rêrêbatan |
rare kang nèm-nèm puniku |
dados gêndra ing kalangan ||

12.
Dalah tiyang sêpuh inggih |
kaki-kaki kakêrêngan |
apêthès patèn-pinatèn |
inggih rêbatan pun Gêndra |
mèh sabên agegeran |
tan wontên kang ngetang patut |
kabuntut dhatêng pun Gêndra ||

13.
Samya sru guyunirèki |
Jèngrêsmi mèsêm ngandika |
si paman bisa anggotèk |
Ki Kulawirya Jêngraga |
gumuyu sambung nabda |
man Sura bisa wèh guyu |
pundhuh lan man Kulawirya ||

14.
Ki Kulawirya nganthuki |
kaduga têmên manira |
kang Suradigdaya kuwe |
bubudèn mangsa gèsèha |
kêtara kênyamira |
wong pasaja gothak-gathuk |
anglêgakakên ing manah ||

15.
Ki pêtinggi ambêdhidhig |
ginunggung winoran umpak |
tan riringa rumakête |
tan dangu kang kinèn ngundang |
ronggèng anulya prapta |
wus katur patinggi gupuh |
nguwuh mareneya Gêndra ||

16.
Pra majuwa ngalor thithik |
lah ya ing kono kang padhang |
aja sok nèng ngundhuk bae |
doyan têmên undhuk diyan |
marahi bocah lanang |
mêngko suwe-suwe rusuh |
sok marahi dadi gêndra ||

17.
Kulawirya Jayèngragi |
saya gumuyu alatah |
dhasar mas pêtinggi kuwe |
atutuk lamun micara |
bisa gawe bêbasan |
nora (m)bosêni yèn muwus |
Ki Wirya ngling dhasar iya ||

18.
Ki pêtinggi matur aris |
lah puniku warnanira |
pun Dèwi Tragnyana ngèdhèng |
Ki Kulawirya anjola |
e e kowe jawanya |
rupane kang dadya riwuk |
nyata yèn anduduk manah ||

454 Mêgatruh

1.
Kulawirya krêp aliyan dènnya lungguh |
punapa-a kang pêtinggi |
mawi ngêlèh naminipun |
umatur mila puniki |
ran Dèwi Taragnyana katon ||

Jilid 8 - Kaca : 161

2.
Tiyang ingkang sami kerut mring (m)bokayu |
sasat katêluh ing dhêmit |
awis ingkang sagêd mantuk |
yèn botên sampun barindhil |
dèn-undang-undanga ngepon ||

3.
Jayèngraga angling lah paman dèn-gupuh |
niyaga kèn-lêkas muni |
sadhengahe gêndhingipun |
coba ronggêng kèn nyindhèni |
Ki Kulawirya ngling alon ||

4.
Kang pêtinggi mara bêdhèk bisa nabuh |
matur inggih kêdhik-kêdhik |
Ki Jayèngraga gumuyu |
punapa kang dèn-bisani |
ing ngrêbab awon-awonan ||

5.
Kulawirya ngling lah apa ta ujarku |
lah (n)dawêg kang dèn-rêbabi |
Ki Suradigdaya gupuh |
rêbab pinatut nêmnèki |
lan gambang klèng klèng klong klong klong ||

6.
Jayèngraga angling lah suwawi talu |
Nang-onang kewala bêcik |
wusnya pathêt nulya talu |
nga nga ngi ngi nga nga ngi ngi |
cêngkèngèng cêngèngèng ngèngngong ||

7.
Kulawirya Jèngraga samya gumuyu |
mring pacake ki pêtinggi |
ibut badane sakojur |
wilêde sahambêsusi |
tutuping tangan sêjojor ||

8.
Pangrêbabe sarwi (m)bêgènggèng abêsus |
sikute ngêmbyak nut gêndhing |
yèn ngêlik gulu tumungkul |
yèn mring agêng gulu tangi |
awake mèlu (ng)gak-enggok ||

9.
Kang anggambang ngorèk wawalik abêsus |
klang klèng klang klèng rik-thur rik-thir |
kakêndhange angguguk |
kêmpyang ngaplak ambagèni |
kokosèkan rara ciblon ||

10.
Nulya ronggèng ngêlik mêthit manis arum |
gêtah rênyah muluk rujit |
kalih rongèh dènnya lungguh |
Kulawirya Jayèngragi |
tyasira samya katujon ||

11.
Wusnya nutug dènnra gêndhingan talu |
nulya suwuk gêndhingnèki |
Ki Kulawirya amuwus |
iya tan kaya pawèstri |
lan wong lanang bêcik wadon ||

Jilid 8 - Kaca : 162

12.
Kari amblas ngêsing swara wilêtipun |
Jèngraga nauri aris |
gih-gihane paman niku |
kantun sampun anggènèki |
anyamlêng uloning wadon ||

13.
Dènnya samya arêrasan langkung pundhuh |
kêtiga lan ki pêtinggi |
Jayèngrêsmi duk kadulu |
mring kang paman lan kang rayi |
tyas sigug kalangkung rikoh ||

14.
Tan kadugi ngunandika jroning kalbu |
dhasar wong tan pati mikir |
si paman ngubungi kayun |
lalu lamun anênêpi |
ngupaya kang lunga andon ||

15.
Jayèngrêsmi alon dènnira amuwus |
manira paman pêtinggi |
arsa singit maring tajug |
sun ragi puyêng sakêdhik |
yayi tutugna anjagong ||

16.
Lawan paman Kulawirya pênêd kantun |
kula mring tajug pribadi |
kang liningan samyandhêku |
ing karsa sampun andugi |
ki pêtinggi gupoh-gupoh ||

17.
Ngling mring rabi asaos gêlaran alus |
kang kinèn gupuh nyaosi |
Jayèngrêsmi lon amuwus |
ngriku kewala Nuripin |
tata kalasa paturon ||

18.
Gya cinandhak mring Nuripin klasanipun |
wus ginêlar anèng masjid |
Jèngrêsmi tumamèng tajug |
Nuripin kinèn mêtêki |
sinaji dhêdharan nèng (ng)gon ||

19.
Yata ingkang nèng pandhapa kang cacengkung |
Jayèngraga angling aris |
kyaine tan pati rêmbug |
Kulawirya anauri |
layake iya mangkono ||

20.
Ki pêtinggi matur kados botênipun |
maklum ingkang sami linggih |
Ki Wirya angling gumuyu |
dhasar pintêr ki pêtinggi |
anjrudêmung kang kawiyos ||

Jilid 8 - Kaca : 163

455 Jurudêmung

1.
Ki Jayèngraga ngandika |
suwawi paman ywa tanggung |
sami sasêmbèn wong nganggur |
Kulawirya nambung sabda |
ingon-ingone puniku |
sènggane bok pinupuran |
dandan pêsajan kang mungguh ||

2.
Si Gêndra krêbèn drawela |
Suradigdaya gumuyu |
lah age sira bokayu |
malbuwèng wisma sadhela |
ngayu-ayuwa warnamu |
dèn-kongsi dubilah setan |
bèn padha mêjên andulu ||

3.
Ronggèng nulya manjing wisma |
wong nonton arêbut dhucung |
samya masuk pandhapa gung |
ngrungu gêndhènge si Gêndra |
jalwèstri tan ana kantun |
sêsêg jêjêl yêl-uyêlan |
sabab tan nyana yèn nyêngkung ||

4.
Jayèngraga lon lingira |
dawêg paman malih talu |
matur nanging rêbabipun |
tan pati sagêd nganggeya |
kêlayan gamêlanipun |
kirang nglêgakakên manah |
Ki Kulawirya amuwus ||

5.
Punapa malih kinarya |
tan wontên saliyanipun |
puniku kewala sampun |
kajawi wakane gadhah |
Suradigdaya umatur |
awon-awon inggih gadhah |
Jayèngraga sru gumuyu ||

6.
Sarwi muwus dene paman |
puniku gadhah gangsa gung |
suwawi nèh kèn-amundhut |
Ki Suradigdaya sigra |
kèngkèn mring wong baturipun |
kang kinèn sigra mring wisma |
amêndhêt gamêlanipun ||

7.
Nulya tinatèng pêndhapa |
rêbabe punthang abagus |
ki pêtinggi nyandhak gupuh |
laju pinatut nêmira |
lan gambang sampun pikantuk |
ki pêtinggi wuwusira |
glis padha wangana gupuh ||

8.
Si Citraguna majuwa |
panjake mèluwa nabuh |
ki pêtinggi tan sumurup |
yèn tamune sarwa bisa |
ing gêndhing barêng tinabuh |
gya pathêtan cara desa |
nulya ronggèng praptèng ngayun ||

9.
Ki Kulawirya duk mulat |
mring ronggèng si Gêndra bêsus |
e e bilah nyata ayu |
jowal-jawil mring Jèngraga |
sarya ngling yo padha nabuh |
ngrêbaba kang apik mana |
karbèn eram kang andulu ||

Jilid 8 - Kaca : 164

10.
Kang putra mêsêm ngandika |
inggih mangke kula nabuh |
lan paman prayoginipun |
tanya mring Suradigdaya |
paman kang (ng)gambang puniku |
rikat kêciwa carukan |
matur sadhèrèk Madiyun ||

11.
Rumiyin lurah niyaga |
tan pati kangsalan kayun |
nèng ngriki krasan dêdunung |
Jèngraga amundhut rêbab |
coba ngong milu anabuh |
angrêbab manawa bisa |
pêtinggi ngaturkên gupuh ||

12.
Rêbabe nulya tinampan |
sinênggrèng ngèk nêm wus patut |
Jèngraga mèsêm amuwus |
lambanên bae anggambang |
Citraguna sandika wus |
gya sasêndhon pathêt sanga |
kosok lamba lus amuput ||

13.
Jarijinya nyêkênthung raras |
lir kalajêngking angêntup |
ngêmbat kawat ngêntul-êntul |
gêtêre miwil angapag |
tumèmbêl tutupanipun |
pacake nyètra Mêdura |
kang ningali samya wuyung ||

14.
Mring dhayoh kang bisa ngrêbab |
ni pêtinggi dènnya (n)dulu |
kêlawan nak putunipun |
nèng lawang wisma winêngan |
bok lanjar mèsêm abêsus |
tingkahe amrih kêtara |
krêp idu krêp malbu mêtu ||

15.
Kedanan mring Jayèngraga |
angrêbab bêsus abagus |
ni lanjar kèh polahipun |
kedanan nora kêlawan |
Jèngraga ewa andulu |
kang dadya paraning tingal |
mring bok rara (n)Dhuk kayungyun ||

16.
Mêksih jêbên kêtanggungan |
ni rara wayah rumucuh |
suluh mukanya sumunu |
lir sudama miyak ima |
Suradigdaya malengak |
ningali mring tamunipun ||

17.
Niyaga (n)jomblong sadaya |
mring kang ngrêbab wilêtipun |
sor pra niyaga sêdarum |
ki pêtinggi suka-suka |
kasmaran marang sang bagus |
matur sumangga gêndhingan |
kawula ngaos ngêsipun ||

18.
Ki Jayèngraga lingira |
lah paman sêwawi ngriku |
prayogi sami nênabuh |
pun paman ingkang angêndhang |
Ki Kulawirya amuwus |
ya mara coba ngong-ngêndhang |
Ki Jayèngraga agupuh ||

Jilid 8 - Kaca : 165

19.
Anyênggrèng rêbab gya buka |
Gambirsawit gêndhingipun |
tinampan kêndhang gongipun |
sêrancak munya araras |
kinèn ririh kang anabuh |
cinara ing Wanamarta |
nulya aririh kang nabuh ||

20.
Sêdhêngan iramanira |
ririh sru kapara landhung |
rêmpêk ricike ambyantu |
sêjanturing pêwayangan |
ki pêtinggi sakêlangkung |
dènnira asuka-suka |
mring tamu sangêt angugung ||

21.
Jèngraga ngliring mring Gêndra |
ki pêtinggi wruh ing sêmu |
ngling wus mara ta dèn-gupuh |
sarya ngêjèpi Jèngraga |
gya gêndhèng ngêlik mrit arum |
swarane kanthi sêmbaga |
dhêsthi pèlèt cinthung dhuyung ||

22.
Ulate atitilapan |
Ki Kulawirya kêsangkut |
ing mêmanising pandulu |
kerut ing sumbaga gêndam |
dènnira ngêndhang agathung |
busuk tyasira sêkala |
sakênong tangannya kêju ||

23.
(n)Jêbèbèk nganggur tan ngêndhang |
akodhêng iramanipun |
Jêngraga mèsêm andulu |
ki pêtinggi latah-latah |
Kulawirya dhat anjumbul |
saryangling mara ngadêga |
pêtinggi gupuh anuduh ||

24.
Lah wus (m)bok Gêndra ngibinga |
kang liningan dyan anggambyung |
ngarigêg jêjêran alus |
Gambirsawite aniba |
nêsêg sêdhêng ambiyantu |
ronggèng nalètèr kalangan |
sirig tingtingan ngêdhuyuk ||

25.
Sarwa wèh ulat sêdhètan |
longah-langèh nampèl pupu |
ngujiwat ngècèr pandulu |
wong nonton kenging ngèsêman |
pating galêmbor akukuk |
samya (m)bêkik sumyak-sumyak |
kacinthung atine bingung ||

26.
yèn gambyong ronggèng si Gêndra |
anangèkakên babêndhul |
anocong kadi tinangkur |
(m)bêngkayang padha sadhela |
kabèh padha kudu ngrangkul |
grêgêtên anganta-anta |
sawênèh ana kang (m)bêsur ||

27.
Gramèh wong wadon dhêsêkan |
cêg guwêg anyuwol susu |
ngengokkên janggut angambung |
sru (n)jêlih biyang dilabrag |
dikrocok uwong angambung |
wonge glis dènnya umpêtan |
brêkate wong akèh rusuh ||

Jilid 8 - Kaca : 166

28.
Turut gêdhèg yêl-uyêlan |
carup wor èstri lan jalu |
cêlêr-cinêlèr calimut |
ana salendhange ilang |
jariting bocah rinawuk |
pêndhok myang kêris dèn-wilah |
gègèr sadhela gya tungtum ||

29.
Mangkana kang talèdhèkan |
gêndhingira nulya suwuk |
Kulawirya gung gumuyu |
muwus mring Suradigdaya |
kèn-minggah ngambèn puniku |
bok Gêndra ngong yun waspada |
Suradigdaya agupuh ||

30.
Angatag minggah bok Gêndra |
kang liningan sigra lungguh |
kêdhêkês asila panggung |
Ki Kulawirya aberag |
supe pranataning laku |
ragi katêmbèn tanggapan |
krajane dhewe tan laku ||

31.
Bisik-bisik mring Jèngraga |
sènggane talèdhèk iku |
binêdhong sadhela yèn wus |
Jèngraga ngling kenging uga |
kawula tan pati kudu |
namung kang dadya tyas-kula |
niku sang rare rumucuh ||

32.
Kadya sun pêksa-pêksa-a |
si Êndhuk kang maksih tanggung |
dos-pundi mring kengingipun |
cêdhaka turu kewala |
marêm tyas-kula tan riwut |
Ki Kalawirya anabda |
ya iku rada pakewuh ||

33.
Wa-mono mêngko yèn ana |
jalaraning rêmbug patut |
Jèngraga lêga tyasipun |
gya Ki Kulawirya mojar |
kang pêtinggi sèngganipun |
prayogi kakang ambêksa |
amrih rakêting apangguh ||

34.
Suradigdaya abèngkrak |
inggih sumangga ing kayun |
nging wontên kuciwanipun |
prayoga mawi lodhongan |
Ki Kulawirya gumuyu |
lodhongan prèhipun kakang |
matur yèn ngriki anginum ||

35.
Arak brêm tape wêragang |
owêl gêndhing-gêndhingipun |
angibing sarwi anginum |
Jayèngraga Kulawirya |
anjurung sakayunipun |
samya gumujêng lah paman |
punapa gêndhinganipun ||

36.
Matur ki pêtinggi latah |
kajawi pun Pêtung-wulung |
Kulawirya sru gumuyu |
lah niku inggih prayogi |
sêwawi anakmas talu |
Jayèngraga nyandhak rêbab |
sigra buka Pêtung-wulung ||

37.
Tinampan kêndhang gongira |
rucik barung umyang arum |
Ki Suradigdaya gupuh |
mundhut sondhèr plangi abang |
wus mêndhêt arak nèng buyung |
ngundang sanak-sanakira |
kèn nyêlak dènnira lungguh ||

38.
Wus kapang nèng ngisorira |
samya rak-arakan nginum |
glis rame brabah gumuruh |
ngombe ciyu ciya-ciya |
glênggang-glênggêng cara banyu |
Jayèngraga Kulawirya |
giris myat kang sami nginum ||

Jilid 8 - Kaca : 167

456 Girisa

1.
Ki pêtinggi wuwusira |
mêngko yèn manira bêksa |
kang rame padha kêploka |
samya sumaur agiyak |
têlèdhèk wus ngadêg tandhak |
Kulawirya wuwusira |
lah kakang Suradigdaya |
wawi sêdhênge malandang ||

2.
Kang liningan sigra tandhak |
(m)balêdhèh wêtêng (m)balêndhang |
kêkêrisane singkuran |
ikêt du-mancung dhèblèngan |
kacu bathik talêkêman |
sabendha salaka lusan |
ngêlèwèr sumampir pundhak |
brêngose pinidih ranggah ||

3.
Capang godhèg pèlawangan |
simbar dhadha ambêlabar |
marang wêtêng wudêlira |
sêmbada pawakanira |
(m)balênthot lêngèn kucingan |
mathêkêl otot byuk kiyal |
têpak pundhake gandhikan |
ambêdhudhag dhadha jêmbar ||

4.
Sêmbada lan bêksanira |
kêthuwêl gluwêr kêbatnya |
andhasar tangan mèk-mèkan |
lir gogo iwak jron toya |
angêntrog awak (n)jot-njotan |
anyangkrung-nyangkrung incêngan |
ulêt lir manuk lolohan |
pacak gulune êlêdan ||

5.
Pinondhong têlèdhèkira |
sinurak wong kusêntanan |
kêploke abêbendrongan |
wor gumyake janma kathah |
gumêrah sru mawurahan |
samya gumuyu gêr-gêran |
têlèdhèk anèng pondhongan |
sarya gambyung ngayang-ayang ||

6.
Têlèdhèk ngêlik araras |
gumrining anggêtas rênyah |
lir suling ngêlong tutupan |
aliyu-liyu liyêpan |
sêmbada parikanira |
cêcak gombèl macan galar |
ambêlarat dhasar mlèrèt |
pêtinggining wong ing Kêplêng ||

7.
Buta marta dwijawara |
dênawa panglêbur jagad |
dadi ati kawulane |
kalane nora dhèwèkan |
puspa laya ing gêlungan |
pari majêr anggêlagah |
layonana-layonana |
si Gêndra anèng kalangan ||

8.
Kang nonton samya gumêrah |
kêplokira nora tata |
saking sangêt bungahira |
mangkana ingkang ambêksa |
ingudhunkên talèdhèknya |
akathah ing rekanira |
ronggèng nandêr anêrancag |
ing pupu gya pinagolan ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (11) Kaca 138 – 150
  • (12b) Kaca 168 – 177 >