Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 11

Kontak Admin.

email-kidemang

 (06) Kaca 49 – 62

 

( Jayèngrêsmi dalah paman, rayi lan santri Nuripin dumugi guwa Padhali )

09

II. Jayèngrêsmi dalah paman, rayi lan santri Nuripin dumugi guwa Padhali. Wontên kaelokan i.p. wit wringin, kelor, sawo lan sêmboja sami awoh nangka.

1. Bakda Subuh para andon-lampah nglajêngakên lampahipun tumuju dhatêng Lêmbuasta, padununganipun mitranipun Ki Bayi Panurta. Dumugi ing guwa Padhali Jayèngrêsmi lan Jayèngraga sumêrêp kaelokan, i.p. wit wringin, kelor, sawo lan sêmboja sami awoh nangka, eca katêdha. Kulawirya lan Nuripin botên sami sumêrap kaelokan wau. Dalunipun sami nyipêng ing guwa Padhali.

Jayèngrêsmi rêraosan bab lampahing gêsang ingkang botên sasar ngantos bab hikmahing ngèlmu sarengat. Bangun enjang sabakdanipun salat Subuh, kadhatêngan tiyang satêngah sêpuh ingkang ngampirakên ing griyanipun.


Kaca 49 - 62.

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 9 - Kaca : 49

524 Maskumambang

12.
Jayèngraga amajêng ngujung ngabêkti |
kang raka anabda |
kalihe liring samya jrih |
rumaos galat ing tingkah ||

13.
Jayèngrêsmi pangandikanira aris |
lah sêwawi paman |
mêruput mupung sih ratri |
ngangkah byar anèng ing marga ||

14.
Gya umangkat ngawirya tri lawan santri |
Nuripin tan têbah |
nut margi agêng lumaris |
mêngilèn lêrês lampahnya ||

15.
Sirat mabang nêrancang ing pajar sidik |
wana têratahan |
bubakan bangkan winalik |
sami tinêgal ginaga ||

16.
Pêdhut mabun rumput kasrampat ngêbêsi |
Hyang Aruna (m)babar |
silo bêlolokên dening |
katampêg ing ampak-ampak ||

17.
Angêtirah lir netra rapuh pinilis |
kawêngan ing ima |
malang alang-alang langkung |
tan sirat soroting surya ||

18.
Kang maruta midid narik tampêkani |
pêdhut kang mangampak |
mirut rapêt ing atis-tis |
ngisis pênthèr Hyang Aruna ||

19.
Anêlahi sèsining ngrat trang arêsmi |
wuryaning bawana |
katrapan ujwalèng rawi |
kadya gring mulyèngusadan ||

20.
Pahyas-hyasing langêning kanang murwani |
walêr andrawêla |
citra cawining asari |
sarênti tang mêkar wigar ||

21.
Orok-orok kalurak kalak kêlucik |
kêtèpèng pulutan |
lawatan sikatan busit |
sosotan prabu-sètmata ||

22.
Puspanyidra kacubung pêlasa sênting |
panjrah ruwèng kisma |
kamarutan têkang sami |
ruru myang ron kêtawuran ||

23.
Kêtêring puspita kasiliring angin |
lir mukaning kênya |
rêbut myat mring kang lumaris |
pêksi gêntêr mawurahan ||

24.
Kadya gêdrahing aningal angrasani |
mring kang andon mawan |
kae ngawirya kang siku |
kasayom sêlayèng kêrsa ||

25.
Kang ro kae kait karênanirèki |
Jèngrêsmi kêbancang |
bèncèng kabuncang tan cangcing |
kêcancang cacading marga ||

26.
Pêksi podhang acilu kadya maoni |
ywa (n)darung kalunta |
luhung wus wangsulèng ngriki |
tuwas rêkasèng ing lampah ||

27.
Kang pinurih ing sih tan bisa kêpanggih |
mêngkana èsthanya |
rarywan nèng sela Jèngrêsmi |
angandika lwir sarkara ||

Jilid 9 - Kaca : 50

525 Dhandhanggula

1.
Kadipundi paman kang prayogi |
punapa lajêng napa wangsula |
kang paman alon wuwuse |
sumangga manira nut |
laju wangsul ingong umiring |
priye kono anakmas |
rêmbuge jinujug |
Jèngraga anor ing raka |
jrih umatur Jayèngrêsmi angèsêmi |
mring ari Jayèngraga ||

2.
Kadingarèn sêndhêt sira yayi |
paran wadine kusud netyanta |
tan pati dhangan rêmbuge |
kang rayi lon umatur |
mring raka jrih lamun akumbi |
dadya matur pêsaja |
wit wêkasanipun |
kang raka gumujêng nabda |
dening gêntèn lan paman Kulawiryèki |
anggondhèl kadhèdhèlan ||

3.
Kadèkna kêt-ikêt kacêp alis |
lir kêt-ikêtane Widiguna |
bêksa Kêlana andhèglèg |
kang paman sru gumuyu |
kalingane angêmu wadi |
Jayèngraga alatah |
namur-namur (ng)guyu |
Jèngraga ngling pagujêngan |
paman tan jamak dudu-dudu saiki |
anjênthar anjênthara ||

4.
Untung mênthung andhuyung mring nyai |
lir mancing nèng kêndhil olèh jambal |
dhudha dhedhe olèh cindhe |
angantuk nêmu kêthuk |
lir lunga mlêng dipun-sangoni |
nglêmbarah anèng paran |
sobrah lurung-lurung |
olèh nglêlarangi randha |
randha rèndhè doyan bale angêmuli |
mulya kang kinêrêkan ||

5.
Anggalêgês Ki Kulawiryèki |
Jayèngrêsmi mèsêm myat kang paman |
lir wong nêgara prabote |
Ki Jayèngraga muwus |
mring kang paman angguguyoni |
wontên pintên sadaya |
sapêngaosipun |
angling layake ya ana |
ing pêngaji pitungpuluh para luwih |
lyan sangu rolas reyal ||

6.
Jayèngraga gumuyu sarya ngling |
ingkang pundi alim-dika paman |
kularsa uning dhuwunge |
punapa dhapuripun |
kang paman gya ngulungkên kêris |
gupuh tinampan sigra |
tinarik kang dhuwung |
dhapur parung nagasasra |
pan sêrasah ganja sanga langkung titih |
dhuwung kinêmarogan ||

7.
Kang putra ngling gèdhèg-gèdhèg mèksi |
uwe bilah eram ngong tumingal |
kêris kang mêngkene kiye |
tuwa tangguh awutuh |
pantês kagungane bupati |
dhuwungipun kewala |
pantês rêgi satus |
kêris dhe-gus tan kuciwa |
kang raka ngling êndi ngong milu ningali |
mubyar têmên srasahnya ||

Jilid 9 - Kaca : 51

8.
Ingaturkên kang raka nampèni |
angandika iya bênêr sira |
berawa dhèmês wangune |
odhol sèngoh lukipun |
sarta kabênêran mêpêki |
wêsi alus awaja |
pamor putih ngrambut |
rukmining naga tan rusak |
ganja methok mêkar sabit luntar mathis |
bêntêt traping patra mas ||

9.
Dhasar pancèn arêga kris iki |
yèn ta wus kalambunging awirya |
pêngaji kèh patut bae |
luwês sèdhêt asêmu |
mênyang ngêndi tangguhe iki |
kang paman ngling kêjaba |
Supasaning Sêdayu |
(ng)gih lêrês mangsa nimpanga |
sinungakên gya sinarungakên aririh |
Jèngraga ngliring nabda ||

10.
Mudha taru têmên ya Nuripin |
matur inggih paman jêngandika |
kêlangkung dening aèjèt |
samya sarêng gumuyu |
Kulawirya ngawêd nudingi |
sugih parikan anyar |
moyok wong si Cêblung |
calak sêmplak nora pacak |
kathik mlêpês wuwuh èjèt mêngko iki |
èjèt mono priye ta ||

11.
Matur criyose bêbasan ngriki |
èjèt mêkatên turene saras |
sampeyan saras samangke |
amubru sagêd bratu |
angsal prabot pêpak sarwa di |
kur kelangan lêgênyar |
untung winalungsung |
kris pêndhok timang reyalnya |
mase tuwa pan rêgi sèkêt sêtail |
bangkol mas wastra endah ||

12.
Lêkas angsal pupulih nyugihi |
gêntos niba lan putranta mangkya |
kemase kang krangsèng-krangsèng |
paduka ingkang unggul |
mantun kêthur nyêngkèrèk ngusir |
Jèngraga Kulawirya |
samya sru gumuyu |
wong ro anyawuri lêmah |
kêpyur-kêpyur mingkar-mingkar Ki Nuripin |
Jèngrêsmi mèsêm nabda ||

13.
Gênti niba kêpriye Nuripin |
matur sarwi gumuyu mêlapat |
rinta kapidhara mangke |
rêntah kagunganipun |
pan kasisil marang dudungik |
canthur mêndèr mangundar |
-undar masang wuwu |
nèng wuwungan angsal jambal |
gumalêbog ri-dalêm malungsungi |
têmahan anglêgêna ||

Jilid 9 - Kaca : 52

14.
Ki Kulawirya latah sarya ngling |
gajêg ngong tumon kang sira pajar |
sing kêmala yuda kae |
inggih kang lêcèn bêsus |
mêsês lalêr mencok têkên cis |
Ki Wirya saya latah |
Jèngraga gumuyu |
Nuripin rêrainira |
ingidonan gêdubang prot lir sinungging |
ingusapan rata bang ||

15.
Samya ginujêng ngawirya katri |
Jèngraga tumingal suka-suka |
ywa ko(k)-ulapi karpèknèn |
umatur (ng)guyu-(ng)guyu |
kados topèng kang rai abrit |
Jayèngrêsmi tyas lêjar |
dening rèsmu rêngu |
mèsêm alon angandika |
talah inggih paman ing gêsang puniki |
solah dadya sasmita ||

16.
sasmitaning akerat ngèmpêri |
awon pênêd lêrêse punika |
sungut prêdapaning têmbe |
tan têbih lèjêmipun |
mila ingkang sampun linêwih |
wirang yèn katitika |
dhusthaning Hyang Agung |
sadurung wus ka-adilan |
Islam kapiripun kita pan puniki |
sadrah tan wontên inang ||

17.
Mila kêdah kita taki-taki |
anèng donya wajib mrih kal tama |
kêtêmua supayane |
tuwah pituwasipun |
ing ngagêsang lir wiji sêmi |
kathah warnining wêka |
wak-awaking besuk |
gabug aos praptèng kerat |
miwah awon pênêde ahlinirèki |
ginêdhong ing dêlahan ||

18.
Kados mêkatên wirayatnèki |
putrandika kangmas Sèh Mongraga |
dènnya mêmulang sêsambèn |
kang paman nor ing sêmu |
iya talah wong wus kêdugi |
sêkadare arasa |
prayoga linampu |
ngalap murading utama |
ingkang putra Jayèngrêsmi ngandika ris |
paman rumiyin pajar ||

19.
Mitranipun rakanta jêng kyai |
warti paduka tanah ing Liman |
ing pundi mangke dhusune |
kang paman lon amuwus |
sruwa bae tan pati gati |
jênênge tan kèlingan |
mung desane emut |
gajêge ing Lêmbuasta |
lan ing Mêngkir rewange ngaji jêng kyai |
ya duk mêksih nonoman ||

20.
Ngong durung wruh ngêndi tanahnèki |
kêjaba sinambi tanya-tanya |
lamun katêmu desane |
kang putra ngandika rum |
wawi paman lajêng lumaris |
ngidul ngilèn punika |
mêrgine anggalur |
ya payo sakêrsanira |
lah wis mara sira dandana Nuripin |
gawanmu [gawan---]

[---mu] gendhongana ||

Jilid 9 - Kaca : 53

21.
Sigra Nuripin dandan sarya ngling |
bilah dene dadi sagendhongan |
lir wong arsa nopèng lènggèr |
Ki Wirya ngling gumuyu |
lah ya iku apa sirèki |
wong wis nganggo tapuk bang |
amèngèh rupamu |
Ki Ripin ngêsud dubangnya |
Jayèngraga angling lho aja Nuripin |
bêcik raimu abang ||

22.
Laju lampahe ngawirya katri |
tumurun ngambah wana gêrotan |
kêrakal watu padhase |
kawuhan kleyang runtuh |
kêpidak kumrepak ron aking |
wor krisiking cêmara |
kanginan kumrusuk |
kadya suraking baris prang |
nulya ngambah pagangan kawuryan asri |
tan ana pinagêran ||

23.
Têgal jêjanganan amêpêki |
pala kapêndhêm kasimpar muwah |
ingundhuhan mring kang duwe |
angidul (n)dhudhuk kimpul |
miwah ngundhuh kara kêcipir |
rare jalwèstri tuwa |
bungah samya ngundhuh |
ura-ura sisindhènan |
ting dhêrukir kêpanasên kudhung jarik |
wayah têngange surya ||

24.
Anèng pinggir mêrgi kang (n)dhudhuk wi |
Ki Nuripin alon atêtanya |
sanak pundi niku ênggèh |
kang tinanyan sumaur |
inggih dhusun ing Tajug têbih |
angling malih (ng)gih talah |
têgal-dika niku |
tan wontên kang pinagêran |
myang kokorak sêsawe goprak tan mawi |
sêlamêt datan rusak ||

25.
Anauri lamun dèn-pagêri |
nir tan kari salênjêr-lênjêra |
tan uman dening gus gontèng |
mangsa pijêra thukul |
yèn amawi korak sêsawi |
inggih mangsa umana |
ing pêksi angêbyuk |
sanès lan tanah ngareyan |
pan wus tanjêkipun yèn kula ingriki |
kêdah tan pinagêran ||

26.
Ki Kulawirya ngling hèh Nuripin |
ngilènana sak-ananing têgal |
sadhengah karêpmu bae |
Ki Nuripin agupuh |
(m)borong talês uwi gêmbili |
kara kêcipir kacang |
jagung tela timun |
tumbasan rêgi rong uwang |
angsal pirang-pirang tumpuk dèn-undhungi |
Ki Nuripin amlêngak ||

27.
Dhêlêg-dhêlêg kêduwung sarya ngling |
dene kèh têmên niku ki sanak |
nauri pan wus rêgine |
ngawirya katri ngantu |
Kulawirya mojar dèn-aglis |
matur ah tiyang wêgah |
kathah têmên niku |
mangsi kwawiya ngong-(m)bêkta |
lah sapa akon tutuku tan dudugi |
ya gawanên sêdaya ||

Jilid 9 - Kaca : 54

28.
Matur sintên tiyange kuwawi |
wawi ta kalih sampeyan (m)bêkta |
sêtun kabêkta sêpalèh |
Kulawirya gumuyu |
sakêlarmu bae Nuripin |
sigra wus winêratan |
nèng bagor pinanggul |
ambreyot ragi ngrêsula |
(ng)gendhong jarit ngêndhukur amangkul kandhi |
gêdhe isi borongan ||

29.
Ngrêngkuk urut mrêgi pringas-pringis |
ginaguyu ngling Ki Kulawirya |
Nuripin wus blêg wong ètèr |
kang ginuyu mêcucu |
yata laju nampak wana writ |
bondhot pêngalang-alang |
myak gêlagah rayung |
(n)jog lèpèn wêning toyanya |
pinggir kali kang kidul munggul kaèksi |
guwa anjru-dêmungan ||

526 Jurudêmung

1.
Jayèngrêsmi Jayèngraga |
katri Ki Kulawiryèku |
raryan ing kali samya dus |
katoran dènnya lampah |
wanci lingsir wêktu Luhur |
samya yêm dènnira siram |
rungsang kasêgêran ranu ||

2.
Nuripin sèlèh gendhongan |
ge-age ambyur ing ranu |
silulup kajêglug watu |
bathuke bênjut sakluwak |
dèn-têkêm ngêsês marêngut |
mênyonyong dèn-usap-usap |
Ki Kulawirya amuwus ||

3.
Nyêmoni wong si kêparat |
dak-banggal pisan raimu |
Nuripin matur malêruk |
kabèh biyang ambakna duka |
salang surupe angrawus |
durung takon (n)dadak duka |
tiyang bathuk kula bênjut ||

4.
Silulup kêtanggor sela |
puniki napa kang bênjut |
durung-durung (n)dadak bêndu |
Ki Kulawirya tumingal |
Nuripin bathuke bênjut |
Ki Wirya latah-alatah |
Jayèngrêsmi gumuywandulu ||

5.
Sasmitèng paman rinira |
samya sukanirèng guyu |
Nuripin kèpingkêl asru |
Jèngrêsmi ngling yèku paran |
Nuripin kang dera-guyu |
matur pan inggih punika |
bathuk tri tan wontên mulus ||

Jilid 9 - Kaca : 55

6.
Kadya dèn-girik tinêngran |
ting pênyonyong bathuk abuh |
sami kêdhahar ing watu |
punapa dhêmit ing paran |
nêngêri tiyang lumaku |
mung sêtunggil ingkang lêpat |
tan kenging beya ing pintu ||

7.
Jèngrêsmi gumujêng myarsa |
Jèngraga Kulawiryèku |
samya angapyuki banyu |
Ki Nuripin gulagêpan |
matur kapok biyung biyung |
lumayu mêntas wuwuda |
ginuyu sasolahipun ||

8.
Ki Kulawirya ngling latah |
hih bokonge minal-minul |
mawa konthole lir waluh |
kênthi tilas wadhah lênga |
culêse nyuplêg angathur |
kapit ing kêmpung konthol |
mênthik cilik kaya susur ||

9.
Binalang-balang tan kêna |
Nuripin endha ambêkuh |
biyang Thol leyan konthol gus |
Ki Wirya ngling parat edan |
madhakkên konthol si Cêmput |
tan wun kang samya paguywan |
nulya mêntas adus ||

10.
Dandan nyamping katrinira |
samya ngambil toya wulu |
tan kantun lan santrinipun |
nulya minggah maring guwa |
guwa Pêdhali asingup |
pêlataran sri andong bang |
puring noja sêmbon andul ||

11.
Wali-kadhêp winong nangka |
patra mênggala trikancu |
kelor sawo pêlêm madu |
kang wetan wrêksa gêng gurda |
sulur wok nambi ngêrampung |
natar-sik lir sinaponan |
kang guwa ngêngrêng dinulu ||

12.
Ngawirya tri gya tumama |
ing guwa wingit malat kung |
madalêm tidhêm makuwung |
wiyar jrambah tan kêsrambah |
lyan kang ngulati sêdya yun |
winêtaran ing ngênggyanan |
mot santrinya kapra langkung ||

13.
Wau kang sami tumama |
laju salat wêktu Luhur |
Jèngrêsmi ngimami ngayun |
wus antara bakda salat |
pêragat sunatira wus |
laju ngidêri jro guwa |
wontên pagrongan kêdulu ||

14.
Ingkang mangetan wiwara |
sumruwêng pêtêng alimut |
wiwara malih kang kidul |
asingêb mangêb limêngan |
wontên malih kang kadulu |
wetan wiwaraning guwa |
ngêlangab kadya dêlanggung ||

15.
Kêmput midêr têpung-gêlang |
wiwara gêng agêngipun |
ngalèr-ngilèn kêdhik ngayun |
kêpara ngilèn keblatnya |
wus mêngkana samya lungguh |
ngawirya tri myang santrinya |
nèng pipi kilèning pintu ||

Jilid 9 - Kaca : 56

16.
Jayèngrêsmi lon ngandika |
guwa punika kêlangkung |
rahmat raosing kalbu |
kadya tan anèng ing guwa |
lir pendah nèng wisma pangguh |
lan rayat ayêm ing driya |
kang paman nauri wuwus ||

17.
Kasinggihan lèhira jar |
wikan iki mawènipun |
atêntrêm suka sumungku |
katri samya ngalêmbana |
Ki Kulawirya andulu |
Nuripin sira ngagara |
gêni anggodhoga kimpul ||

18.
Agupuh ingkang liningan |
karya dhingkêl urub-urub |
ambênêm katela jagung |
matêng sinaoskên ngarsa |
linambaran roning sêmpu |
Jèngraga Ki Kulawirya |
nêdha bêbakaranipun ||

19.
Jèngrêsmi tan pati kêrsa |
amipil jagung kur-ukur |
lagyantuk rong larik sampun |
sinungkên mring santrinira |
kang paman nyamik asêngkut |
myang Nuripin athêkulan |
Jèngraga tan pati antuk ||

20.
Gêmbili kêdhik tan têlas |
kang paman kêlangkung tuwuk |
lajêng anggêloso turu |
kuwarêgên sarta sayah |
glis ngorok asênggur-sênggur |
alèmèk sinjang sakêbar |
bantal pêndhukuling watu ||

21.
Nuripin wusnya mêmangan |
ngaringkêl (ng)galinting turu |
ngorok sêngguran sru |
Jèngraga gumuyu miyat |
bilah lir tidhur lan tambur |
Ripin lan man Kulawirya |
dene ta ambarung umyung ||

22.
Kang raka aris ngandika |
ya kaya wis bunuhipun |
wong warêg rosa tuturu |
kang rayi dhêku nor-raga |
Jèngrêsmi malih amuwus |
lah payo ninis mring jaba |
gya sang ro wirangrong mêtu ||

527 Wirangrong

1.
Yata wau Jayèngrêsmi |
wanci akir lingsir kulon |
awal wêktu Ngasar bêntèr seyub |
sêdhêng ngaring-aring |
lan rayi Jayèngraga |
ngangin-angin soring gurda ||

2.
Jayèngrêsmi Jayèngraga |
sanalika samya anon |
wringin awoh nangka alit agung |
kêtèwèl myang gori |
babal madu kocingan |
kang mêtêng agêng-agêng kathah ||

Jilid 9 - Kaca : 57

3.
Jèngrêsmi gawok ningali |
wringin woh nangka ting grendhol |
sasmitèng Jèngraga wruh ing sêmu |
mulat ing waringin |
woh nangka gori babal |
madu kucing matêng ngambar ||

4.
Kang raka ngandika aris |
paran purwane wringin woh |
têka awoh nangka elok tuhu |
priye wahnanèki |
Jayèngraga nor-raga |
inggih manawi sasmita ||

5.
Jayèngrêsmi ngandika ris |
apa ya kena dèn-undhoh |
lah mara Jèngraga payo ngundhuh |
kang matêng saiki |
anulya samya ngalap |
uwoh nangka kang nèng gurda ||

6.
Kalihe samya angambil |
gampil pinêthik kemawon |
Jayèngraga sigra mundhut wêdhung |
mring (ng)gonne Nuripin |
samya mêksih anendra |
wangsul sangandhaping gurda ||

7.
Pinêcok nangka jinuring |
tanpa dami nyamplungan thok |
akandêl sacêngkang mawa madu |
barêsih akuning |
Jèngrêsmi Jayèngraga |
sukèng tyas kêlangkung kêrsa ||

8.
Sinuwir cur madu warih |
nyamplungan tan mawi bêton |
anulya dhinahar manis arum |
raose nglangkungi |
kalihe kanikmatan |
satunggil sewang atêlas ||

9.
Tan kirang tuwuk (m)bukti |
sêdhêng tan pae karo |
kang raka ris nabda yèn sun durung |
myat nangka kadyèki |
tan mantun manisira |
nikmat sumrah ing sarira ||

10.
Anèh lan nangka sakèhing |
lumrah nyamplung nganggo bêton |
kiye nora nana bêtonipun |
pa wus adatnèki |
waringin awoh nangka |
mung ing Pêdhali kewala ||

11.
Kang rayi umatur aris |
duka-dalêm mangsa-borong |
amba tan gêdugya yêktosipun |
adat lan botêning |
pakèwêt graitamba |
kang raka malih ngandika ||

12.
Lah payo mring guwa malih |
paman paran mêksih ngorok |
gya wangsulèng praptèng ngayun |
nataran ningali |
kelor sawo sêmboja |
tri kancu patramênggala ||

13.
Wali-kadhêp pêlêm manis |
nangka sawit ambyut woh |
sadaya woh nangka katrinipun |
tan ana kang kari |
Jèngrêsmi ya Jèngraga |
samya angungun tumingal ||

Jilid 9 - Kaca : 58

14.
Jèngrêsmi nyathêt ing galih |
sèstu sasmitèng Hyang Manon |
tyas lêjar sumringah sukur |
eloking pangèksi |
gya minggah malbèng guwa |
kang pamanira ginugah ||

15.
Ki Kulawirya gya tangi |
myang Nuripin gregah lunggoh |
Jèngrêsmi ngling paman wawi wulu |
ing wêktu mèh akir |
nulya samya mring jurang |
siram ing kali akadas ||

16.
Wangsul mring jro guwa malih |
Ki Kulawirya tan anon |
kelokaning tingal kang andulu |
mung kang putra kalih |
Jèngrêsmi Jayèngraga |
myat kitri samya woh nangka ||

17.
Wus malêbèng guwa wingit |
Ki Nuripin adan alon |
sarêng dènnya sunat ngangkat pêrlu |
Ngasar antarèki |
bakda salir pêragat |
akir surya mahacala ||

18.
Tan adangu manjing Mahrib |
Jèngraga adan tumlawong |
Ki Wirya kang dadi imamipun |
sabakdaning Mahrib |
laju ing wêktu Ngisa |
Jèngraga gantya dadi mam ||

19.
Wus pêragat bakda witir |
adhikir têpakur mansoh |
samya kajênêkan dènnya kasud |
sawuse kadyèki |
Jèngrêsmi lon ngandika |
Nuripin urub-uruba ||

20.
Ingkang liningan agipih |
dados gêni obor-obor |
padhang jroning guwa sambènipun |
ambênêm kimpul wi |
jagung lawan kêtela |
pan sarwi anggodhog wedang ||

21.
Kênthi sinapit ing êpring |
kleyang kêmadhoh ginowok |
bumbung kinêrêt ingot alus |
kang minangka cangkir |
Nuripin tyase rêna |
arêngêng-rêngêng gurisa ||

528 Girisa

1.
Sawusnya dènnya (m)bêbakar |
sinaosakên ing ngarsa |
linambaran ron war-awar |
miwah wedang tanpa gula |
cangkir bumbung sinisikan |
Jèngrêsmi mèsêm ngandika |
dene akal têmên sira |
kêndhi sinapit minangka ||

Jilid 9 - Kaca : 59

2.
Cèrèt cangkire bumbungan |
ajange godhong wêwanan |
arum mat nora kuciwa |
yèn aja amèlu sira |
arikuh samêrga-mêrga |
kang paman aris wacana |
ya ana kang dadi Sêmar |
tan samar yèn katlihatan ||

3.
Ana kang dèn-dol nèng dalan |
butuhan payu wolung wang |
Nuripin anglirik mojar |
(ng)gih (ng)gihipun pajêng pisan |
nêmbêlas wang lan sampeyan |
Ki Wirya ambêkus mulat |
êndang munthuk si Kêparat |
wani-wani mada mring wang ||

4.
Nuripin mringis turira |
inggih akados kewala |
jêr mangke sampun prêkosa |
debès jingkêngan anjanjras |
Ki Kulawirya alatah |
sarwi adhahar bênêman |
kimpul lagya minambah ||

linêpèh kinarya (m)balang ||

5.
Nuripin rêrainira |
gêluprut kêna binalang |
matane dening mamahan |
angrajuk nêntak ah biyang |
Kenthol sok amara-asta |
sakêcandhake kewala |
sadhengah dèn-(ng)go anglèmpar |
kêmba yèn tan mara-tangan ||

6.
Sami ginaguyu suka |
Ki Kulawirya wuwusnya |
cangkêmmu cok paribasan |
gêndhêng anggarap maring wang |
tambamu kowe rasakna |
Nuripin dadya paguywan |
Jayèngrêsmi lon ngandika |
mring paman lan arinira ||

7.
Sêsambèn samya rêrasan |
paduka punika paman |
tuwin sira Jayèngraga |
sêdhênge ngalap mujadah |
paedah pratingkah tama |
ywa kalunta kalulun tyas |
maksiyat têmahan siya |
mring badan kita priyangga ||

8.
Mênggah ngagêsang punika |
wajib ka-budi iktiyar |
milih nalar kang tan sasar |
soring-asor wong tan swarga |
liring swarga ku raharja |
arjèng budi wruh wêkasan |
wêkasaning kawaspadan |
mawa mlampah ing ngagêsang ||

9.
Won pênêd lêrês lan lêpat |
kang winawas dalu siyang |
pandomanira tabiyat |
keblate manah punika |
lêpat lêrês anèng keblat |
tan wande tibèng tabiyat |
tabiyat ingkang utama |
kadhang tibèng tabyat nistha ||

Jilid 9 - Kaca : 60

10.
Tabiyat ro wus pacangan |
ing awon pênêde kita |
tadhaning anèng tabiyat |
pênarikan mring swarga |
pênarikan maring nraka |
tan wus pêsthi tibanira |
ing salah sawijinira |
tan kenging botên ngagêsang ||

11.
Kêdah ngangkah-angkah keblat |
mrih tiba tabiyat tama |
mapan sampun winalêran |
lan Jêng Nabi Rasulullah |
sarengat lawan tarekat |
kakekat lawan makripat |
puniku keblat tabiyat |
kang utama linampahan ||

12.
Mupakat para pêndhita |
ngluhurkên ngèlmu sarengat |
linuri utamanira |
mila putranta kakangmas |
Sèh Mongraga kang wus keblat |
tabiyat mring kaluhuran |
mring ingkang tan kêgêlantang |
wus man ing dunya akerat ||

13.
Inggih ta mangsa wontêna |
kang kadya putranta kangmas |
susungut wahyu uliya |
rèhning kita rumaos ngam |
sapikantuk ngèmba-èmba |
kang paman lan arinira |
tumungkul samya norraga |
wusana alon lingira ||

14.
Ya talah sun-rasa-rasa |
pratingkah kang nora layak |
kêduwung kang wus kêlakyan |
tan yun sêmênir-mênira |
rong pêmbandhil dohing manah |
bênêr têmên kangmasira |
dènnya akarya wirayat |
lah payo ngalih tênagan(?) ||

15.
Bêcik padha salin ada |
binuwang kang wus linakwan |
Jèngraga mèsêm nor jiwa |
Nuripin dhèhèm carita |
sèbêt byar wau ta ingkang |
lagya asalin dhadhakan |
dhasar jadhug warnanira |
karêngga dening busana ||

16.
Na ing kono apa nyata |
Ki Kulawirya anjola |
ambêkuh brah parat edan |
bandholên cangkême ngomyang |
nyandhak wi gêmbili mêntah |
Ki Nuripin binalangan |
blag blêg lumayu alatah |
samya ginuyu tingkahnya ||

17.
Jèngrêsmi aris ngandika |
inggih Nuripin punika |
lothung sangêt anèng paran |
nyarasakên lampah sayah |
sinambi guyon tan susah |
Ki Wirya kadho ambalang |
nauri ngling mring kang putra |
pèkne mêngkonone iya ||

Jilid 9 - Kaca : 61

18.
Ing wanci wus sirêp janma |
amapan dènnya lênggahan |
samya dhikir rêratiban |
karahab tuwajuh ing tyas |
antara dhikir salêksa |
dènnira ngonjot kalimah |
kongsi lingsir dalu dahat |
tyas samya kadya ginirah ||

19.
Sawusira rêratiban |
kèndêl tan ana rêrasan |
Ki Kulawirya anendra |
Nuripin sasore mula |
turu ngorok sasênggoran |
Jèngrêsmi lan Jayèngraga |
samya tan pikantuk nendra |
mêksih anjungkung wiridan ||

20.
Nutug dènnya suhul ing Hyang |
wayahing pajar gidiban |
luwaran dènnira bengat |
kang raka alon ngandika |
wungunên man Kulawirya |
wus sêdhênge wêktu salat |
Subuh utama kang awal |
kang paman lan santrinira ||

21.
Samya tangi ting garegah |
angling lah suwawi paman |
mring kali samya akadas |
gya tumurun ing jujurang |
wus ngambil toyastutinya |
samya minggah maring guwa |
nulya adan lajêng sunat |
Jèngrêsmi kang dadya imam ||

22.
Sawusnya pêrlu pêragat |
Jayèngrêsmi Jayèngraga |
samya trap dhikir salsilah |
sinêntorkên wiridira |
praptèng byar enjing Hyang Surya |
pênthèr rumangsang dennira |
bakda dhikir kang wiridan |
luwar panjuming kanthenan ||

529 Kinanthi

1.
Ki Jayèngrêsmi asêgu |
mring paman ngandika aris |
kadipundi ingkang kêrsa |
ing rêmbag paduka mangkin |
punapa inggih lajênga |
tuwin wangsula ingriki ||

2.
Kang paman nauri wuwus |
mangsa-bodhoa sirèki |
manira anut kewala |
paran sakêrsanirèki |
lah priye kono anakmas |
Ki Jayèngraga turnya ris ||

3.
Inggih sumangga ingriku |
yèn mênggah kula pribadi |
anjawi kêrsanta kangmas |
prayogi ingkang dumugi |
ngupaya ngiras tirakat |
pikantuk kalih prakawis ||

Jilid 9 - Kaca : 62

4.
Kang raka aris amuwus |
abênêr yayi Jèngragi |
satutuging paran iya |
manawa antuk pawarti |
pandhita myang ajar-ajar |
jêjanggan lawan wêwasi ||

5.
Wau ta sêdangunipun |
nèng jroning guwa Pêdhali |
pirêmbag dènnira mentar |
yata wontên janma prapti |
satêngah kapara tuwa |
mêndhita lantaran êcis ||

6.
Mara sarwi mundhuk-mundhuk |
momori dènnira linggih |
pinapan samya ngingsêran |
sêsalaman gênti-gênti |
Jèngrêsmi alon ngandika |
punêndi paman ing wingking ||

7.
Sintên ingkang sinambat ing hyun |
umatur kang sinungan ling |
ing Tajug pawisman amba |
dhukuh sanginggiling dhingkil |
kang sudi mastani aran |
pun Sinduraga ran-mami ||

8.
Wangsul kang para binagus |
paran kang sinêdyèng kapti |
ing pundi sêsanèng wuntat |
lan ingkang sinambat wangi |
Jèngrêsmi nauri sabda |
manirèki samya santri ||

9.
Dene sêsanèngong pungkur |
wêngkon tanah Kabulêngkir |
anglampahi kawlasarsa |
ngupaya kadang tuwa nis |
ran Jèngrêsmi Jayèngraga |
katri Ki Kulawiryèki ||

10.
Ki Sinduraga andulu |
rêsêp ing awirya katri |
Jèngrêsmi aris ngandika |
punapi wontên kang gati |
paman panggih lan manira |
Ki Sinduraga turnya ris ||

11.
Mila kawula agupuh |
tuwi mring guwa Pêdhali |
wingi wanci surup surya |
kawula ningali pêksi |
sêkawan asêsambêran |
pan sampun adatirèki ||

12.
Wus dados pratandhanipun |
yèn wontên tiyang nênêpi |
anèng ing Pêdhali guwa |
yèn kathah-kathah kang paksi |
yèn kêdhik ingkang tirakat |
pêksi mring Pêdhali kêdhik ||

13.
Yèn sêpên pan inggih samun |
tan wontên pêksi satunggil |
tyas kawula kêdah dhangan |
enjing punika mariki |
kêlamun parêng ing kêrsa |
paduka kawula turi ||

14.
Pinarak ing dhusun Tajug |
rèrèh wismamba prayogi |
nadyan wangsul marang guwa |
ing mangke inggih utami |
ngawirya parêng ing karsa |
mring dhusun Tajug miranti ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (05) Kaca 46 – 48
  • (07a) Kaca 63 – 79 >