Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 12

Kontak Admin.

email-kidemang

 (12a) Kaca 152 - 168

 

( Lampahipun dumugi ing dhusun Têgarèn )

09

V. Lampahipun dumugi ing dhusun Têgarèn, sipêng ing griyanipun pêtinggi nama Candragêni. Jêbulipun punika benggoling durjana. Para andon lampah kakroyok nanging Ki Kulawirya kuwawa nanggulangi.

Dumugi ing dhusun Têgarèn, sipêng ing griyanipun pêtinggi nama Candragêni. Pêtinggi punika saèstunipun benggoling durjana. Wanci têngah dalu kancanipun para durjana sami dhatêng, sami nyêrèt, suka-suka, gêgujêngan, umuk-umukan bab ngèlmu durjana, kanuragan lss. Botên maelu wontênipun tamu. Kalirik, katingal para tamu sami mrabot, dhuwungipun sae, dados kamanah buntêlan ingkang kabêkta rancangipun punika mêsthi bandha ingkang pangaos.

Namaning durjana mawarni-warni, tingkahipun sarwi murang-tata. Ingkang karêmbag bab-bab petangan apês lan jayaning pandung sarta sami mandung, mbegal, ngrampok lss. Angajrih-ajrihi. Ing wanci lingsir dalu Candragêni suka sasmita, para durjana lajêng tumindak badhe mêrjaya para tamu pêrlu ngrêbat barang bêktanipun. Dilah kapêjahan, para tamu dipun kroyok. Jayèngrêsmi lan mire, Nuripin umpêtan ing ngandhap ambèn kaidak-idak kangge ajang tawur. Namung Ki Kulawirya piyambak ingkang lumawan kanthi trampil têguh wêntala. Para durjana ngroyok kanthi sanjata klewang, berang, tumbak, towok, granggang, ewadene Ki Kulawirya lumawan tanpa sanjata. Saking wêgig lan trampilipun sanjataning durjana tinêrjang, tinangkis sami dhawah, tiyangipun tinêrjang, jinotos, dhinupak, sinikut, tinapuk, tinêmpiling dhawah kasulayah. Wêkasan para durjana sami lumajêng bibar sarsaran. Dumadakan kapirêng suwantênipun Nuripin ngrêrintih sambat sakit ing sangandhaping ambèn, lajêng sami dipun pitulungi.

Para andon lampah oncat saking dhusun Têgarèn, nglajêngakên lampah dumugi ing dhusun Longsor. Pêtingginipun nama Raga-mênggala, modinipun Nurbayin.


Kaca 152 - 169

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 9 - Kaca : 152

558 Dhandhanggula

12.
Ingkang sarwa nglarani dènnya ngling |
sok nora têpa-têpa sarira |
dumèh yèn dudu dhèwèke |
Jayèngrêsmi lon muwus |
wawi paman Luhur wis akir |
anulya samya salat |
antara bakda wus |
umangkat dènnya lêlampah |
ngidul-ngetan tumurun lon-lonan dening |
nganti Nuripin randhat ||

13.
Dadya nanggung kongsi Asar akir |
arèrèndhon praptèng Selalawang |
kampir ing dhusun Têgarèn |
anon sêndhang ingriku |
samya siram mèt toyastuti |
asalat wêktu Ngasar |
jênêk dènnya kasud |
sawusira bakda salat |
Jayèngrêsmi ling lah Nuripin sirèki |
nêmbunga panginêpan ||

14.
Maring desa ing kene dèn-aglis |
gajêg rada desa gêdhe mana |
kang liningan mentar age |
kadhingklangan lumaku |
praptèng desa panggih pêtinggi |
anutur mula-buka |
nirandon ngêlangut |
sarwi nêmbung pasipêngan |
anauri ki pêtinggi lah ya bêcik |
Nuripin wangsul agya ||

15.
Kacingkragan tan rikat lumaris |
prapta ngarsa anèng Selalawang |
umatur ing bêndarane |
katur sêdayanipun |
Kulawirya ngling èh Nuripin |
sun-dulu lakunira |
krêp mandhêg tumungkul |
lir têmu lawan bêndara |
sapa kang nakoni sira anèng margi |
lèhmu (n)dhodhok agêpah ||

16.
Asedhokan sêmbahmu Nuripin |
satêmêne bae bêlaka-a |
atiku bangêt kagète |
sing kok sêmbah dhèk mau |
èh e sapa matur Nuripin |
umatur kutawèlan |
(ng)gèn-kula lumaku |
tan wontên punapa-napa |
kula botên (n)dhodhok-(n)dhodhok awak mami |
winastan nêmbah-nêmbah ||

17.
Botên nyêmbah-nyêmbah kêlah-kêlih |
tiyang (n)dheprok sring kêgriyul krakal |
myang kacêkrok ing drêjêge |
lir gograg raosipun |
dêlah mangke taksih asakit |
Ki Wirya wuwusira |
dhasar tukang umuk |
kapan lèhmu tau gograg |
ting palêsat balung kêjaba wong mati |
lawas gugrag balungnya ||

18.
Isih waras-wiris amêringis |
tutur gograg durung tau gograg |
Nuripin mlerok lirike |
èh e sampeyan niku |
tiyang matur dèn mimiciki |
punapa botên (ng)giha |
limrah tiyang muwus |
Ki Wirya ngling hus mênênga |
(n)dadak crèwèt lir mêrkara kêbosapi |
mau priye dinuta ||

Jilid 9 - Kaca : 153

19.
Umatur ya talah ngewuhkên ati |
ngêsês-ngêsês ngrasakakên lara |
Ki Wirya ngling lo edane |
hakkang dèn-plaur bubul |
matur mring wang asêlang-sêling |
uga bubul rinêpa |
gya cêlathu mring sun |
matur hêm inggih sumangga |
Jayèngrêsmi ngandika priye Nuripin |
apa olèh inêpan ||

20.
Matur angsal wismaning pêtinggi |
nêmbung nunukêri pasipêngan |
pêtinggi sumangga ture |
ingaturan umangsul |
maring dhusun paduka aglis |
Jèngrêsmi aris nabda |
[---] |
kang prayoga langgarira |
Ki Nuripin umatur amba tan mèksi |
duka-dalêm ing têngah ||

21.
Ya wis payo yèn kasusu Mahrib |
nulya lumampah mring padhusunan |
tan dangu praptèng Têgarèn |
pangguh lan kang tinêmbung |
bubundhêle benggol wêwêri |
brêngos crapang rinênggah |
nyêkunthêng lir sungu |
ngancarani ingkang prapta |
Jayèngrêsmi samya tumamèng ing panti |
tan pati ginêpahan ||

22.
Mêksih sabêne gêlaranèki |
ki prêtinggi nêmbramèng pambagya |
sami wilujêng baguse |
ing pundi wismanipun |
sapa sintên sinambat wangi |
Jèngrêsmi ris manabda |
inggih paman têngsun |
santri tirakat bêlaka |
ran-manira kewala karan gus santri |
asli ing Rintên-sowan ||

23.
Kang puniki ri kula Jèngraga |
kang satunggal paman Kulawirya |
katri kawlas-ayun mangke |
wangsul paman kang mungguh |
sapa sintên pêparab nami |
nauri kang liningan |
inggih manira gus |
tanya ing pêparab-ingwang |
Candragêni kados tan wontên kêkalih |
saluwaking bang-wetan ||

24.
Kang misesèng mêrga wana wukir |
myang sajroning ratri kaèdêgan |
ing Candragêni Têgarèn |
mêrgèng Bubuk puniku |
gawatipun ngong kang ngawêri |
inggih dhug-dhèng kawula |
sablakaning wuwus |
tan wontên sura lumampah |
kathah kêdhik sun-gêpuk ngong-balèjèdi |
mawur giris sar-saran ||

Jilid 9 - Kaca : 154

559 Girisa

1.
Jayèngrêsmi ling ing driya |
ya talah cobaning Suksma |
ingkang nêkani maring wang |
muga kinuwat-nèng coba |
sarta rahayuning mêrga |
luputa ing pancabaya |
jawane kêloloh lampah |
têmah nêlalah ing manah ||

2.
Wusana aris ngandika |
paman punapa wontêna |
langgar tuwin pakauman |
Candragêni wuwusira |
ingriki pan botên tatan |
amawi kaham-kauman |
wong sumuci-suci dhawak |
wong kabèh klêbu nêraka ||

3.
Aku dhewe munggah swarga |
klakuane nglêbur sêga |
mring bras pari kadi ama |
sor glathik pêking nèng gaga |
jalukan nora wèwèhan |
sungkan doyanan dêlapan |
tan nyupèkkên tekadira |
santri satru kênèng lara ||

4.
Lir kuwuk nglêburkên ayam |
mèsêm kang para ngawirya |
[---] || tanpantuk kang pasipêngan |
mêngkana kèmêngan ing tyas |
dènyarsa awêktu salat |
sung wuwus mêdal ing jaba |
inginggihan sigra mêdal ||

5.
Nuripin nambut wantining |
titiga kang kêbak toya |
cinangking binêkta mêdal |
maring ing kêbon kang simpar |
alèmèk ronning pisang |
pra ngawirya samya kadas |
tinuruhan ing wantingan |
wusing kadas lajêng kamad ||

6.
Rêbat parlu wêktunira |
aririh dènnira salat |
bakda Mahribira pragad |
wusing sunat wabin bengat |
akasud pêndonganira |
wus purna angangkat Ngisa |
antara patang rêkangat |
bakda salat myang witirnya ||

7.
Sawusnya saliring purna |
Jayèngrêsmi lon ngandika |
bibisik marang kang paman |
puniki paman ing lampah |
sakêdhik ragi kêplanggrang |
anèng wismaning durjana |
pandugi kula sêdaya |
sêdhusun sami durjana ||

8.
Kang paman nauri sabda |
nora basa sathithike |
dhasar kêlorob bêlaka |
kêpriye kono anakmas |
Jayèngraga karêpira |
matur kewala sumangga |
Nuripin matur rênggosan |
lamun pinarêng ing kêrsa ||

Jilid 9 - Kaca : 155

9.
Sêwawi wangsul kewala |
tirakat nèng Sela-lawang |
nèng ngriki tyas tan sakeca |
kawula botên anyana |
lamun wismaning durjana |
Ki Wirya ngling hus mênênga |
sira nglêbokkên loroban |
marma nèng kene kêsasar ||

10.
Mêrgane têka ing sira |
manira ngalih inêpan |
sira karia priyangga |
nèng kene dimènne sira |
dèn-pênthungi wong sadesa |
Nuripin maras tyasira |
Jayèngrêsmi ris ngandika |
punika man Kulawirya ||

11.
Ing lampah lamun wangsula |
sangsaya botên prayoga |
dadya gagaping durjana |
sami pinupus kewala |
pan tinekatakên ing tyas |
ganjaraning Hyang dhumawah |
adhapur coba rêncana |
pêparing Hyang Maha Mulya ||

12.
Amanggiha papa wirya |
wirang lamun sun-manggiha |
wus sukur suka pirêna |
nadhahi ganjaraning Hyang |
sêwawi wangsul ing wisma |
kêdangon anèng ing jaba |
sêlak ginraitanan |
kathah-kathah kang rinasa ||

13.
Gya samya masuk ing wisma |
(ng)gyanning wau dènnya lênggah |
ing salu bale-watangan |
tan ewah gêlaranira |
Ki Candragêni wuwusnya |
anuduh mring baturira |
undangên sapa kang ana |
kang tinuding sigra mentar ||

14.
Angundang têtangganira |
tan adangu samya prapta |
anyangking bêdudanira |
tan ana nyandhang prayoga |
kêmul bêbêd kèh kang cotha |
ambrubul srênti kang prapta |
têpung du-dhêngkul akapang |
dhapure akiwa-kiwa ||

15.
Mêksih bêlêg ingkang prapta |
sêsêg tan kêduman papan |
samya wangsul nèng pêndhapa |
kathah namaning durjana |
wasta Ki Braja-lamatan |
Mêrak-jamprong lan Jarangas |
Candrakolik Bênce-lidhah |
Brênggi-rowa Gagak-setra ||

16.
Kuwuk-kiwul Kawuk-nasak |
Cèlèng-bèlèk Sêndhang-asat |
Lalêr-wilis Kombang-mêngêng |
Citra-mêngêng Lalêr-mêngêng |
Barong-kècèr Brajag-ambyar |
Simbar-taji Braja-lintang |
Tumbak-lêdhu Maju-jaja |
Samba-ngèrèng Sambang-dalan ||

17.
Sabuk-alu Lêsung-bêngkah |
Bonjor-pêtung Jalu-mampang |
Banthèng-warèng Gêmblang-serang |
Kêndhil-wêsi Kala-kêthèk ||

Lingsang-tukung Giling-wajra |
Têkèk-sumpil Kidang-tlangkas |
Gathing-gayar Nila-sraba |
Prêti-yuyu Sawit-wana ||

Jilid 9 - Kaca : 156

18.
Gula-lèthèh Cabe-guna |
Prêti-bèyès Baya-ngablak |
Bênce-watu Satru-tapa |
Macan-gaèng Kêbo-udhag |
Baru-klinthing Gagak-sipat |
Rajuk-kêling Kawul-rangah |
Molot-mèlèr Megantara |
Dhandhang-wiring Branjang-kawat ||

19.
Macan-gêlut Tapêl-jlarang |
Bajing-kirig Watu-kura |
Sapu-angin Trênggiling-bang |
Gathok-rase Udan-gêlap |
Cèlèng-bolot Maducrêma |
Gêntèng-ngèrèng Tali-wawar |
Glinggang-jati Jati-ngarang |
Lutung-mènglèng Kêthèk-mingkar ||

20.
Dlèrèng-mèmrèng Sandhang-rowang |
Jalak-linglung Braja-kalpa |
Trênggiling-kêndhit Sanggabol |
Jêbug-aking Dhuplak-kawat |
Sambêr-nyawa Sêmbur-adas |
Opor-wewe Jati-wawar |
Sandhang-lawe Gancang-awas |
Sabêt-mèyèk Jrungkah-waja ||

21.
Kathah warnining durjana |
kang linggih salu sêdaya |
barungan (m)bagèkkên samya |
basane tan pati krama |
winangsulan kêlujêngan |
Candragêni wuwusira |
mring rowang kang samya prapta |
lah sapa kang olèh paran ||

22.
Rêramban jamur janganan |
nauri Braja-lamatan |
janganan kang cêlak-cêlak |
mêksih sami pupunthêsan |
wikan ing têbih tinêba |
ingkang dèrèng dipun-asag |
pangadhanganing dêdalan |
ing Bubuk lan pati mingsra ||

23.
Wontêna kang langkung mêrga |
sèkêt satus têrkadhangan |
lêt sawulan kalih wulan |
sêmantêna rêrêbatan |
ukur dados sarèwèsan |
prayogi dipun-pêpara |
mring tanah mrika têbahan |
kathah ronning lêmbayungan ||

560 Sinom

1.
Sêdangunira mêngkana |
cêcaturaning alinggih |
dènnira ngampak ambegal |
mêmaling nutur tan ering |
satingkahing ajuti |
kang samya suka winuwus |
jabèng jro tan prabeda |
kang cinatur dènnya maling |
mlêbu mêtu dêlajigan tanpa krama ||

Jilid 9 - Kaca : 157

2.
Sore kongsi sirêp bocah |
tan ana suguh mêtoni |
kinang klobot bae ora |
saya rusuh kang alinggih |
asila tumpang sikil |
sangga bêdudan ing janggud |
Gêmblang-serang angucap |
mungguh lumakwèng mêrgi |
prèhpun ngriku candrane wong kang lumampah ||

3.
Lamun wong siji lumampah |
lêlampah tiyang kêkalih |
tuwin wong tiga sêkawan |
miwah gangsal wong lumaris |
Cèlèng-bèlèk nauri |
wong siji bathang lêlaku |
wong ro bathang cap-ucap |
wong têtêlu gotong-mayit |
yèn wong papat wus angêt lima pêndhawa ||

4.
Jarangas sumambung mojar |
mungguh yèn kula ngaranni |
lamun wong siji lumampah |
candu lêlaku pinacit |
yèn wong loro lumaris |
puniku tike lêlaku |
wong tri apyun lêlampah |
wong papat kutuk anggajih |
yèn wong lima jambal mijah matêng mara ||

5.
Samya gumuyu asumyak |
sêsamur nglirik têtami |
akèh samya bibisikan |
ngrasani ngawirya katri |
Samba-ngèrèng ngling ririh |
kêlawan Ki Prêti-yuyu |
iku dhayoh wong apa |
apa iku sanaknèki |
lan Ki Candragêni myang kêkaruhira ||

6.
Nênanggung lakune samar |
tan nyantri dora mriyayi |
tirakat anggawa bandha |
pêndhoke êmas angunir |
lopak-lopak lan mawi |
tlêkêm cêthut sogok untu |
sami sêlaka pêthak |
patute wong liya mampir |
yèn sanake pêsthi rahab tinamuan ||

7.
Wong iku lir wong têbihan |
tan wruh cêcaraning ngriki |
kêjaba iku dèn-rujag |
sinêrèk kang wonge bêcik |
lumrah sêdayanèki |
mêngkono bibisikipun |
Nuripin kadhêkisan |
linggih jrih tan wani têbih |
pan kêbêlêt nguyuh dèn-ampêt tan kêna ||

8.
Nincing bêbêd tan kêtara |
ambênggang lampit kinuwik |
dèn-lon-lon thure uyuhnya |
kêsamur gumêdêr angling |
uyuh mili nêlêsi |
Kulawirya nyampingipun |
myang boconge Jèngraga |
kailèn têlêsing nyamping |
samya kagyat ririh ngêkêr kajatmikan ||

Jilid 9 - Kaca : 158

9.
Ki Wirya bibisik tanya |
banyu apa iki Ripin |
matur ngalêsik punika |
kawula ngompol sathithik |
kula-ampêt tan kêni |
kêmpung mênthêng kêdah nguyuh |
Jèngraga mèsêm myarsa |
Ki Wirya ambêkis ririh |
dudu uwong Nuripin kêparat edan ||

10.
Dèn cêkuthi pupunira |
pêngkêrêdan ajrih angling |
mênawa salah graita |
durjana kang sami linggih |
Jèngraga abibisik |
inggih paman pênêdipun |
tumbas apyun supaya |
wênang angenaki ati |
wajib nuting tabiyate gadhah griya ||

11.
Ngong lirik para durjana |
bêdudan manggung kinisik |
lir sêsêmon (n)jaluk madad |
kêlamun datan kadyèki |
pêsthi angincim-incim |
mring dhayoh akarya dudu |
dene yèn wus winoran |
kêdah adamêl tan bêcik |
inggih mupus nandhang cobaning Pangeran ||

12.
Ing rêmbag katur ing raka |
Jayèngrêsmi amarêngi |
Ki Kulawirya ris mojar |
ngong takon kang Candragêni |
ngriki inggih punapi |
wontên tiyang sade apyun |
Candragêni ris mojar |
o inggih dhi wontên ugi |
Kulawirya ngulungkên arta sareyal ||

13.
Punika kang sumapala |
Candragêni anampèni |
nulya nuding rencangira |
tênggarèng tyase kang linggih |
kang tinuding gya prapti |
Prêti-bèyès tumbas apyun |
apyun rêgi sareyal |
apan angsal wrat sêtail |
nulya kinèn angothok pinara tiga ||

14.
Kinothok ngambèn kewala |
kang saênggèn kinèn ngapti |
kang ngothok Ki Braja-lintang |
wawrat sareyal pribadi |
ginodhog umob malih |
nulya kinêcêran jêruk |
ilang rêgêd sumilak |
rêsik gêlabade minggir |
gya ingêntas sinaring mori kinarya ||

15.
Wus pinuh pamêrêsira |
rêsike anggêtih pitik |
bathokira ingarêngan |
ginêbêg mêncorong asri |
lir suwasa sinangling |
krên binuwang awunipun |
wus rêsik ginênènan |
kayu wilah malêm aking |
bathok sumalêngêt sampun ingêntasan ||

16.
Pan alon pangrèwèsira |
kumètès sru rinungwasri |
dêmodol wus mata ula |
tinanak palênthung siji |
dinuga sêdhêngnèki |
urubing gêni ingundur |
nyandu bathok ingêntas |
linèr ngulêg ing jariji |
wus ngêlancêng binakalan yah uyahan ||

Jilid 9 - Kaca : 159

17.
Cinukit anèng panglèran |
amèlèr mêlês giniling |
kang madad wus kinabulan |
macupak sêrate aglis |
ngaturakên ing ngarsi |
Candragêni lon amuwus |
ing kono saosêna |
baguse ingkang anuding |
ingaturkên pra ngawirya datan karsa ||

18.
Kang ngothok wus samya dadya |
ingaturkên ngawirya tri |
angling sampun susah-susah |
andika êsês pribadi |
samya suka ing ati |
ginèlèngan madadipun |
dinum sêgèlèng adhang |
pan dene ora wêradin |
sagèlènge sinêrèt atêtogogan ||

19.
Ramya sami sêsêrètan |
asuka pating sarênthit |
Candragêni lon lingira |
(m)bok budi-daya pêpacit |
dadak bae aglis |
wong wus sayah têngah dalu |
kang kinèn sigra mentar |
wong rolas ngupaya pacit |
tan antara ting garobyag samya prapta ||

20.
Olèh nangka wuwutuhan |
gêdhang tundhun suluh kuning |
kêtela pêndhêm kucingan |
sêmangka timun kêrai |
ginembol ing jêjarit |
têbu lonjoran pinanggul |
dènnya ngambil rikatan |
kang duwe sadhenggaknèki |
nyênyamikan winadhahan anèng panjang ||

21.
Rinumat sakênanira |
sinaosakên ing ngarsi |
cinarakkên sinauran |
sêlot-sêloting ing mangkin |
myang suguhe pribadi |
juwadah jênang ing ngayun |
pinangan ting kucapah |
sêdaya samya têtawi |
nanging para ngawirya tan arsa nadhah ||

22.
Ngambil kewala asarat |
sinèlèhkên ngarsanèki |
supaya katon nanadhah |
jatine tan rahab bukti |
kang nyêrèt ting sarêlit |
sarta kandhane kumrusuk |
kang ngetang rêbat sangat |
Raja-muka lawan Bincil |
Kala-mudhêng ginambuh gigising donya ||

561 Gambuh

1.
Gêmblang-serang amuwus |
bibincilan Kala-mudhêng iku |
lawan derah Raja-muka kukuh êndi |
Yèn ngong Raja muka |
Gagak-sêtra nambung wuwus |
yèn ngong Raja-muka kukoh ||

2.
Cabe-guna sumambung |
Raja-muka niku rupa têlu |
kang sawiji derah wowolu winilis |
satêngah derah sêpuluh |
myang derah rolas anganggo ||

Jilid 9 - Kaca : 160

3.
Nauri Sabuk-alu |
ingkang kula angge derah wolu |
nambung angling mathênthêng Ki Jêbug-aking |
tan karya derah sêpuluh |
wus sêm ing tyas ngong pitados ||

4.
Têkèk-sumpêl amuwus |
tan madhani derah rolas ampuh |
durung madal tatale yèn niniwasi |
êndi kang sun-gêpuk tumpur |
gampang tan tau kêcangkol ||

5.
Bênce-lidhah sumambung |
dangu-dangu ngong yêktèni tuhu |
Rajamuka yèn rujuk kêlawan Binci |
inggih Kala-mudhêng-ipun |
yèn nêrajang pacak pangot ||

6.
De wontên warnanipun |
pun Jarangas wus ngampak ing Pulung |
(m)bêkta kanca wong tigangdasa sasiki |
wong nênêm pêngarêpipun |
Jarangas kang dadi benggol ||

7.
Pangrasane tan luput |
dhasar randha sugine kêlangkung |
kang Jarangas sorene ngong ruh-aruhi |
dènnya nulup têngah dalu |
anêrajang pacak abot ||

8.
Bêndho kang mara rêmuk |
kang tatu nêm kang mati têtêlu |
duk patine Bajingbang Trênggiling-munir |
katêlu Ki Cabak-bisu |
Duljaya ingkang ambêstrong ||

9.
Tan kêna sinung pemut |
ngandêl Rajamukane mathêm wus |
wakne dhewe Jarangas dipun-balêdig |
kinuya-kuya binuru |
mèh kurang thithik mêcethot ||

10.
Lah ora ta kadyèku |
Jarangas gumuyu manthuk-manthuk |
katujune nora kêcandhak wak-mami |
yèn aja ageya (ng)glundhung |
ing jujurang pêsthi lodong ||

11.
Jèngraga mèsêm guyu |
lèjêm sasmita mring pamanipun |
myarsa kang cinatur (ng)gèn durjananèki |
duk pangampake ing Pulung |
kaum Duljaya kang jarot ||

12.
Sami guyu ginuyu |
sarwi nyêrèt jegang miwah timpuh |
sila tumpang angêthèngkrang turon miring |
myang pacitan sêptanipun |
têbu miwah rujak crobo ||

13.
Ana pacitan cimplung |
kang pacitan ayêm myang kêkêcut |
kang pacitan sabun sinantênan tuwin |
sêsêpêt pacitan sêndul |
Candragêni lingnya alon ||

Jilid 9 - Kaca : 161

14.
Prayoginipun bagus |
kula-turi tilêm sampun dalu |
anèng griya ing ambèn agêng abêrtib |
Jèngrêsmi nauri wuwus |
gampil ing mangke kemawon ||

15.
Candragêni malih wuwus |
ingkang pitados andika bagus |
inggih-gihan Ki Candragêni pan sarwi |
anyêrèt pacitan candu |
bêdudan ponthang mas kaot ||

16.
Wênèh bêdudanipun |
pring kuda pat kilan panjangipun |
myang pring pêtung jêjalêran kang pring lêgi |
pring lutung tutul wulung |
lumrah kang cêndhak inganggo ||

17.
Dhapure lêbus-lêbus |
tingkah gêcul diksura ing wuwus |
wus tan awor lan dhapurane wong bêcik |
êndhèk dhuwur lêmu kuru |
ulate anjênggod-jênggod ||

18.
Mata ngatal anglamuk |
surat abang lambe biru-biru |
ulat cêlom lutih-lutih wani gêtih |
manggan mripati tan gigu |
pra durjana setan katon ||

19.
Candragêni amuwus |
tutugna lèhmu caturan mau |
ti-atinên aywa ta kurang piranti |
karana paitan umur |
mênawa tiwas kêtanggor ||

20.
Cabe-guna agupuh |
majar nuduh marang Bênce-watu |
mara bincilana krikil dèn-nastiti |
aywa na kodhêng kêliru |
mijilkên bincile manggon ||

562 Mijil

1.
Candragêni wuwusira aris |
lah mara ing kono |
bincilana ingong unènane |
sun-wiwiti iya Akat Lêgi |
sami gangsalnèki |
kêtêmu sêpuluh ||

2.
Dèn-aranni Aras-pêpêt nênggih |
ingècèran andhok |
wayah sore nèng têngah lakune |
wetan suwung kidul Pacak-wêsi |
ingkang kilèn Êsri |
miwah lèr Srinipun ||

Jilid 9 - Kaca : 162

3.
Lajêng têngah wênginipun nênggih |
kang laku nèng êlor |
têngah suwung wetan Kala-ngantèn |
kidul suwung kilèn (ng)gonning Êsri |
[---] |
nèng lèr lakunipun ||

4.
Têngah suwung kilèn ingkang Êsri |
wetan apan towong |
kidul pacak pan wus sêdalune |
nulya Akat Paing dèn-ècèri |
lima lan sangèki |
pan patbêlas têmu ||

5.
Lakuning wulan kang andarbèni |
bincilane andhok |
ing sorene nèng têngah lakune |
wetan suwung kidul Kalang-ngantin |
ingkang têngah Êsri |
kilèn Kala nyamur ||

6.
Wanci têngah wêngi lajêngnèki |
yèku têngah mandhok |
wetan suwung kidul suwung dene |
kang lèr Kala-momor kilèn Êsri |
bangun lajêngnèki |
wetan lampahipun ||

7.
Kidul suwung ingkang kilèn Êsri |
kang lèr Kala-momor |
têngah Êsri pan wus sêdalune |
nulya Akat Êpon dèn-ècèri |
lima pitu nênggih |
ê-rolas pinanggih ||

8.
Ing lakuning lintang kang (n)darbèni |
bincilane andhok |
ing sorene anèng lor lakune |
têngah suwung wetan Kala-ngantin |
ingkang kilèn Êsri |
kidul Kala-nyamur ||

9.
Lajêng wanci têngahipun wêngi |
laku anèng kulon |
lèr suwung têngah Kala-pêngantin |
wetan suwung ingkang kidul Êsri |
laju bangun enjing |
ingkang têngah suwung ||

10.
Kilèn lampah ingkang kidul Êsri |
ingkang êlèr towong |
wetan pacak pan wus sêdalune |
nulya Sênèn Êpon dèn-ècèri |
papat lan saptèki |
sawêlas patêmon ||

11.
Aras-kêmbang apan dèn-ècèri |
ing sorene andhok |
êlèr lampah nèng wetan pacake |
kidul Kala-momor kilèn Êsri |
têngah suwung nênggih |
pan uwus sêdalu ||

12.
Lajêng wanci têngahipun wêngi |
kang lèr Kala-momor |
wetan laku kilèn Kala-ngantin |
kidul suwung têngah Kala-mori |
bangunipun enjing |
kidul ingkang suwung ||

13.
Wetan lampah ingkang têngah Êsri |
kidul ingkang towong |
kilèn suwung pan wus sêdalune |
nulya Sênèn Wage dèn-ècèri |
sami papatnèki |
pan kêtêmu wolu ||

Jilid 9 - Kaca : 163

14.
Ingaranan pan lakuning gêni |
ingècèran andhok |
ing sorene nèng kulon lakune |
têngah Pacak wetan Kala-ngantin |
ingkang kidul Êsri |
êlor iku suwung ||

15.
Lajêng têngah wêngi ècèraning |
wetan Kala-momor |
têngah suwung lèr Kala-pangantèn |
kilèn suwung kidul lampahnèki |
bangunipun enjing |
kilèn ingkang suwung ||

16.
Kidul lampah wetan ingkang Êsri |
têngah Pacak abot |
kang lèr suwung pan wus sêdalune |
nulya Sênèn Kaliwon binincil |
pat lan wolu nênggih |
têmu rolas iku ||

17.
Ingaranan Aras-kêmbang nuli |
ingècèran andhok |
sorene kilèn Kala-pangantèn |
kidul suwung lèr Kala-momori |
ingkang têngah Êsri |
lajêng têngah dalu ||

18.
Wetan laku kidul suwung lèr Sri |
têngah Kala-momor |
kilèn suwung lajêng ing bangunne |
kidul lampah kilèn suwung lèr Sri |
wetan Kala-mori |
têngah blabak suwung ||

563 Balabak

1.
Gantya dintên Sêlasa Lêgi wanilis |
bincile |
têlu lima kêtêmu wolu lakuning |
gênine ||

2.
Ingècèran nulyandhok sorene wetan |
suwunge |
têngah lampah kidul Pacak kang lèr Êsri |
ênggonne ||

3.
Kilèn Kala-pêngantèn gya têngah wêngi |
wancine |
wetan Kala-pêngantèn kang kilèn Kala |
-momore ||

4.
Kang lèr lampah têngah suwung anèng kidul |
Pacake |
lajêng bangunnipun-enjing ingkang têngah |
suwunge ||

5.
Wetan suwung kidul Pacak kilèn Êsri |
ênggonne |
kang lèr lampah apan wus praptèng sêdalu |
etange ||

6.
Nulya Slasa Paing têlu lan sêsanga |
nêptune |
pan kêtêmu rolas iya Aran-kêmbung |
aranne ||

Jilid 9 - Kaca : 164

7.
Ingècèran Kala-mudhênge nulyandhok |
sorene |
kilèn lampah lèr suwung kang wetan Kala |
-pêngantèn ||

8.
Wetan Kala-momor ingkang kidul Êsri |
ênggonne |
binanjurkên ècèraning Kala-mudhêng |
tutuge ||

9.
Têngah wênginipun apan anèng kilèn |
lampahe |
têngah suwung lèr suwung kang kidul Kala |
-momore ||

10.
Kilèn lampah wetan Êsri lajêngira |
bangunne |
têngah suwung kidul suwung wetan Êsri |
ênggonne ||

11.
Ingkang kilèn Kala-momor kang lèr laku |
prênahe |
nulya Slasa Pon pipitu lan têtêlu |
nêptune ||

12.
Pan kêtêmu sêpuluh kang Aran-pêpêt |
aranne |
têngah Êsri wetan sri kang kidul lampah |
sorene ||

13.
Kilèn suwung lèr Pacak gya têngah wêngi |
etange |
wetan lampah kidul suwung kilèn Kala |
-pêngantèn ||

14.
Têngah Êsri lèr suwung ing wanci enjing |
bangunne |
kidul lampah kilèn suwung wetan Kala |
-pêngantèn ||

15.
Têngah Êsri lèr Pacak nulya Sêlasa |
Wagene |
têlu papat kêtêmu pitu kang bumi |
lakune ||

16.
Kilèn lampah têngah Pacak wetan Pacak |
sorene |
kidul Êsri lèr suwung gya têngah wêngi |
bincile ||

17.
Kidul lampah kilèn suwung kang lèr suwung |
karone |
têngah Pacak wetan Sri nulya Sêlasa |
-Kliwonne ||

18.
Têtêlu lan wolu kêtêmu sawêlas |
nêptune |
Aras-tading wastanya gya ingècèran |
sorene ||

19.
Wetan lampah kidul suwung kilèn Pacak |
-wêsine |
kang lèr Kala-momor ing têngah pan Êsri |
ênggone ||

20.
Lajêng têngah wêngi lèr suwung kang kilèn |
lampahe |
wetan Kala-momor ing têngah Kala |
-pêngantèn ||

21.
Bangun enjang kilèn lampah wetan Kala |
-momore |
têngah suwung lèr suwung kang kidul Êsri |
ênggonne ||

Jilid 9 - Kaca : 165

22.
Nulya gantya ing dintên Rêbo Lêginya |
wiwite |
lima pitu kêtêmu rolasan Aran |
-kêmbange ||

23.
Ingècèran nulyandhok kang kidul lampah |
sorene |
kilèn suwung wetan Sri kang têngah Kala |
-momore ||

24.
Kang lèr Kala-pêngantèn gya têngah wêngi |
binjile |
kidul lampah kilèn suwung wetan Kala |
-momore ||

25.
Têngah Êsri lèr suwung anuntên bangun |
enjinge |
kilèn lampah lèr suwung ing wetan Kala |
-momore ||

26.
Têngah suwung kidul Sri anulya Rêbo |
Painge |
pitu lan sêsanga katêmu nêmbêlas |
nêptune ||

27.
Pan lakuning banyu ingècèran andhok |
sorene |
têngah lampah wetan suwung kilèn Kala |
-momore ||

28.
Kidul Pacak lèr Sri lajêng têngah wêngi |
wayahe |
kang lèr lampah têngah suwung wetan Kala |
-pêngantèn ||

29.
Kidul suwung kilèn Sri lajênge bangun |
enjinge |
kang lèr lampah têngah suwung kilèn Kala |
-momore ||

30.
Kidul Pacak wetan suwung nulya Rêbo |
Êpone |
sami pitu apan katêmu pathêlas |
nêptune ||

31.
Pan lakuning wulan ingècèran andhok |
sorene |
wetan lampah kidul suwung kilèn Kala |
-pêngantèn ||

32.
Têngah Sri lèr Kala-momor lajêng têngah |
wêngine |
wetan lampah kidul suwung kilèn Kala |
-pêngantèn ||

33.
Têngah Sri lèr Kala-momor lajêng wanci |
bangune |
wetan lampah kidul suwung kilèn suwung |
lèr Sri-ne ||

34.
Têngah Kala-momor bangunnipun enjing |
lèr Sri-ne |
kidul laku kilèn suwung têngah Kala |
-pêngantèn ||

35.
Wetan Kala-momor nulya Rêbo Wage |
etange |
papat lan pipitu kêtêmu sawêlas |
nêptune ||

36.
Ingranan Aras-tuding ingècèran |
andhoke |
ing sorene têngah laku kilèn Kala |
-momore ||

37.
wetan suwung kidul Pacak kang lèr Êsri |
ênggone |
têngah dalu kidul laku kang lèr Kala |
-pêngantèn ||

Jilid 9 - Kaca : 166

38.
Kilèn suwung têngah Kala-momor nênggah |
ênggonne |
wetan Pacak-wêsi lajêng bangun enjing |
wancine ||

39.
Kidul laku kilèn suwung têngah Êsri |
prênahe |
wetan Pacak nulya ing Rêbo Kaliwon |
dinane ||

40.
Pipitu lan wolu kêtêmu limalas |
nêptune |
lakuning surya ingècèran nulyandhok |
sorene ||

41.
Kilèn laku lèr suwung kang wetan Kala |
-momore |
têngah Pacak kidul Sri gya têngah wêngi |
bincile ||

42.
Kidul laku kilèn suwung kang lèr Kala |
-pêngantèn |
têngah suwung wetan Sri gya bangun enjing |
wancine ||

43.
Kidul laku kilèn suwung wetan Kala |
-momore |
têngah Pacak lèr suwung kadya asmaran |
danane ||

564 Asmaradana

1.
Gantya dintên Kêmis Lêgi |
pancastha pangguh têlulas |
lakuning lintang aranne |
ngècèran andhok sorenya |
wetan Sri kidul lampah |
kilèn suwung têngah suwung |
ingkang lèr Kala-pêngantèn ||

2.
Lajêngipun têngah wêngi |
kidul laku têngah Pacak |
ingkang wetan Kala-momor |
kilèn sonya kang lèr sonya |
bangunne kidul lampah |
kilèn suwung kang lèr suwung |
têngah suwung kilèn Sri-nya ||

3.
Nulya Kêmisipun Paing |
nawastha têmu pitulas |
lakuning bumi aranne |
bincilan (n)dhok sorenya |
kilèn Sri têngah lampah |
ing wetan apan suwung |
kidul Kala-momor (ng)gènnya ||

4.
Kang nèng lèr Kala-pêngantin |
lajêng têngah wênginira |
lèr laku têngah sonyane |
kidul so kilèn Srinya |
Pacak wetan bangunnya |
wetan laku kidul suwung |
ing têngah Kala-pêngantyan ||

5.
Lèr suwung kang kilèn Êsri |
anulya Kêmis Ponira |
pitu lan wolu nêptune |
apan kêtêmu limalas |
lakuning banyu rannya |
ingècèran andhokipun |
sorene wetan lakunya ||

Jilid 9 - Kaca : 167

6.
Kidul suwung têngah Êsri |
ingkang kilèn pacakira |
anèng lèr kang Kala-momor |
lajêng têngah wênginira |
lèr Êsri têngah lampah |
kilèn suwung wetan suwung |
kang kidul Kala-pêngantyan ||

7.
Lajêng bangunipun enjing |
têngah lampah wetan sonya |
ingkang lèr pan Kala-momor |
kidul suwung kilèn Pacak |
nulya Kêmis Wagenya |
papat kêlawan wowolu |
têmu rolas Aras-kêmbang ||

8.
Bincilan dhok sorenèki |
têngah lampah wetan sonya |
kang kidul Kala-pêngantèn |
kilèn Kala-momor Srinya |
lajêng têngah dalunya |
têngah lampah wetan suwung |
kilèn Sri kang kidul sonya ||

9.
Lajêng bangunipun enjing |
wetan lampah kidul sonya |
ing têngah pan Kala-momor |
kilèn Sri ingkang lèr sonya |
gya Kêmis Kaliwonnya |
apan sami wolu wolu |
nêmbêlas lakuning toya ||

10.
Ingècèran soranèki |
wetan laku kidul sonya |
kang kilèn Kala-pêngantèn |
ingkang lèr Kala-momoran |
têngah Kala-pêngantyan |
lajêng têngahipun dalu |
wetan lampah kidul sonya ||

11.
Kilèn sonya kang lèr Êsri |
têngah Kala-momorira |
lajêng ing bangun enjinge |
kilèn lampah kang lèr sonya |
Êsri ing kilèn dhawah |
têngah Kala-momoripun |
jangkêping Kêmis pasaran ||

12.
Gantya ing Jumungah Lêgi |
lima nêm têmu sawêlas |
ingaran Aras-tudinge |
ngècèran sora andhoknya |
kidul laku lèr Pacak |
wetan Sri kang kilèn suwung |
têngah Kala-momorira ||

13.
Lajêng têngahipun wêngi |
lèr lampah kang têngah sonya |
ingkang kidul Kala-momor |
kilèn Pacak-wêsi ika |
wetan Kala-pêngantèn |
lajêng bangunnipun esuk |
kang lèr laku têngah sonya ||

14.
Kidul Pacak kang kilèn Sri |
ingkang wetan apan sonya |
wus sadintên sadalune |
nulya malih bincilan |
Jumungah Paingira |
nênêm lan sanga kêtêmu |
limalas lakuning surya ||

15.
Ingècèran soranèki |
têngah lampah wetan sonya |
lèr Sri kilèn Kala-momor |
kidul Pacak lajêngira |
têngah dalu lèr lampah |
têngah suwung kidul suwung |
kang wetan Kala-pêngantyan ||

16.
Kilèn Sri gya bangun enjing |
lèr lampah kang têngah sonya |
ingkang kilèn Kala-momor |
kidul Pecak wetan sonya |
gya Jumungah Ponira |
nênêm pitu pan kêtêmu |
têlulas lakuning lintang ||

17.
Binincilan sorenèki |
têngah lampah wetan sonya |
lèr Sri kilèn Kala-momor |
kang kidul ênggènning Pacak |
lajêng têngah wênginya |
lèr lampah kang têngah suwung |
kilèn Sri kang kidul sonya ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (11) Kaca 144 - 151
  • (12b) Kaca 169 - 184 >