Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 39

Kontak Admin.

email-kidemang

 (12b) Kaca 169 - 184

 

( Lampahipun dumugi ing dhusun Têgarèn )

09

V. Lampahipun dumugi ing dhusun Têgarèn, sipêng ing griyanipun pêtinggi nama Candragêni. Jêbulipun punika benggoling durjana. Para andon lampah kakroyok nanging Ki Kulawirya kuwawa nanggulangi.

Dumugi ing dhusun Têgarèn, sipêng ing griyanipun pêtinggi nama Candragêni. Pêtinggi punika saèstunipun benggoling durjana. Wanci têngah dalu kancanipun para durjana sami dhatêng, sami nyêrèt, suka-suka, gêgujêngan, umuk-umukan bab ngèlmu durjana, kanuragan lss. Botên maelu wontênipun tamu. Kalirik, katingal para tamu sami mrabot, dhuwungipun sae, dados kamanah buntêlan ingkang kabêkta rancangipun punika mêsthi bandha ingkang pangaos.

Namaning durjana mawarni-warni, tingkahipun sarwi murang-tata. Ingkang karêmbag bab-bab petangan apês lan jayaning pandung sarta sami mandung, mbegal, ngrampok lss. Angajrih-ajrihi. Ing wanci lingsir dalu Candragêni suka sasmita, para durjana lajêng tumindak badhe mêrjaya para tamu pêrlu ngrêbat barang bêktanipun. Dilah kapêjahan, para tamu dipun kroyok. Jayèngrêsmi lan mire, Nuripin umpêtan ing ngandhap ambèn kaidak-idak kangge ajang tawur. Namung Ki Kulawirya piyambak ingkang lumawan kanthi trampil têguh wêntala. Para durjana ngroyok kanthi sanjata klewang, berang, tumbak, towok, granggang, ewadene Ki Kulawirya lumawan tanpa sanjata. Saking wêgig lan trampilipun sanjataning durjana tinêrjang, tinangkis sami dhawah, tiyangipun tinêrjang, jinotos, dhinupak, sinikut, tinapuk, tinêmpiling dhawah kasulayah. Wêkasan para durjana sami lumajêng bibar sarsaran. Dumadakan kapirêng suwantênipun Nuripin ngrêrintih sambat sakit ing sangandhaping ambèn, lajêng sami dipun pitulungi.

Para andon lampah oncat saking dhusun Têgarèn, nglajêngakên lampah dumugi ing dhusun Longsor. Pêtingginipun nama Raga-mênggala, modinipun Nurbayin.


Kaca 170 - 187

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 9 - Kaca : 169

4.
Ingkang têngah Pacak-wêsi |
wetan (ng)gonne Kala-momor |
ingkang êlèr Pacak kilèn suwung |
lajêng têngah wêngi |
kilèn laku lèr sonya |
têngah Kala-momor (ng)gènnya ||

5.
Kidul Pacak wetan Êsri |
bangun enjing laku nèng lor |
kang kilèn Êsrinya têngah suwung |
kidul Kala-mori |
wetan Kala-pêngantyan |
nulya Sêptu ing Ponira ||

6.
Sanga lan pitu pinanggih |
nêmbêlas pan banyu rêko |
ngècèran sorenya kang lèr laku |
wetan Kala-ngantin |
têngah pan sonya |
kang kilèn Kala-Êsrinya ||

7.
Kidul pan Kala-momori |
lajêng têngah wêngi rêko |
ingkang êlèr lampah têngah suwung |
ingkang kidul Êsri |
kilèn Kala-momoran |
ingkang wetanipun sonya ||

8.
Lajêng bangunnipun ênjing |
ingkang kilèn Kala-momor |
nèng wetan lampahnya kidul suwung |
ingkang têngah Êsri |
êlèripun pan sonya |
nulya Sêptu Wagenya ||

9.
Papat lan sanga pinanggih |
têlulas lintang kang lakon |
ngècèran sorenya wetan laku |
kidul suwung nênggih |
kang kilèn (ng)gènning Pacak |
têngah Sri lèr Kala-momornya ||

10.
Nulya têngahipun wêngi |
têngah lampah wetan lowong |
kidul Kala-ngantyan kilèn suwung |
ingkang êlèr Êsri |
lajêng bangunne enjang |
têngah lampah wetan sonya ||

11.
Ingkang kilèn Pacak-wêsi |
anèng lor kang Kala-momor |
ingkang kidul sonya wus sêdalu |
nulya Sêptunèki |
Kliwon wolu lan sanga |
apan kêtêmu pitulas ||

12.
Ingaran lakuning bumi |
sorene ngècèran andhok |
ingkang wetan lampah kidul suwung |
kilèn Kala-ngantin |
lèr Kala-momor ika |
kang têngah Êsri nggènira ||

13.
Lajêng têngahipun wêngi |
lèr Sri têngah Kala-momor |
ingkang wetan lampah kidul suwung |
lajêng bangun enjing |
lèr lampah têngah sonya |
kang wetan Kala-momoran ||

 

Jilid 9 - Kaca : 170

565 Wirangrong

14.
Ingkang kidul Pacak-wêsi |
kang kilèn pan Kala-momor |
wus têlas sêdaya dina pitu |
lan pasaranèki |
Candragêni lingira |
iku padha imanêna ||

15.
Nadyan wus pintêr ngècèri |
yèn atine tan tuwajoh |
tanggung pangandêlnya nora ampuh |
Kalamudhêngnèki |
dadya kodhêng tyasira |
dene yèn ngandêl pitaya ||

16.
Salakunira asêkti |
apan bisa nora katon |
krana lakunira dolan umur |
yèn sisip bilai |
ati kurang pracaya |
marang Kalamudhêngira ||

17.
Ilmuning wong mara bêngi |
Kalamudhêng iku anggon |
lawan rajamuka datan kantun |
kang sun-karêmêni |
pan iya derah rolas |
tanggal pisan jaba mênang ||

18.
Kang jro apês jayanèki |
tanggal ping ro jro kang jarot |
kang nèng jaba rusak tanggal têlu |
sami jayanèki |
yèn rusak samya rusak |
raharja sami raharja ||

19.
Tanggal ping pat jaya jawi |
tanggal ping lima jaya jro |
tanggal ping nêm ramya kaping pitu |
jaya kang nèng jawi |
ping wolu jro kang jaya |
tanggal kaping sanga ramya ||

20.
Ping sêpuluh jayèng jawi |
ping sawêlas jaya kang jro |
kaping rolas ramya tlulasipun |
kang jaya ing jawi |
pathêlas jro kang jaya |
tanggal ping limalas ramya ||

21.
Nêmbêlas kang jayèng jawi |
pitulas kang jaya nèng jro |
wolulas ramya lajêngipun |
sangalas kang jawi |
kalihdasa jro jaya |
tanggal ping sêlikur ramya ||

22.
Dwilikur kang jaya jawi |
tigalikur kang jayèng jro |
kawanlikur ramya limalikur |
kang jaya nèng jawi |
nêmlikur jro kang jaya |
tanggal pitulikur ramya ||

23.
Wolulikur jaya jawi |
sangalikur kang jaya jro |
tigangdasa ramya lah wus puput |
pangetangirèki |
Kala-mudhêng lan Raja |
-muka kanthine tan pisah ||

Jilid 9 - Kaca : 171

566 Kinanthi

1.
Yata ngawirya kêtêlu |
minggu tan ana kêrsa ngling |
tan jumbuh raosing driya |
gèsèh tan condhong ing kapti |
arsa muwus mênggah-mênggah |
tan pati kasdu ing galih ||

2.
Jèngrêsmi micarèng kalbu |
kèngêtan wuwusirèki |
ki tuwa ing Padhangeyan |
Wargasastra dènnira ngling |
jarwaning Panitisastra |
sêrambut datan anilib ||

3.
Kayêktin lêlèjêmipun |
sêdaya kang sami linggih |
tan ambêthèk kawistara |
sêmune angincim-incim |
mêncurêng lir kucing mulat |
ulam kang tan dèn-sasabi ||

4.
Jèngraga Kulawiryèku |
kêpagol pêgêl kang galih |
liriking para durjana |
tan ana kang wruh ing bêcik |
cipta yèn acak prakara |
ing mêngko mrih angalani ||

5.
Dadya sumuk netya rêngu |
tan beda Kulawiryèki |
kalêkêde wus kadhadha |
mapan ing tyas sêmu runtik |
tinekatkên suranira |
datan nêdya angoncati ||

6.
Marêngut netyanya sêndhu |
Nuripin tyasira sêdhih |
mulat ing para durjana |
gunêman pating barisik |
sinamur sinambi sêrètan |
kang guywan myang kang bibincil ||

7.
Nuripin ngêrês ing kalbu |
pyang-pyangan tan duwe ati |
kêlangkung ajrih kumrêngkang |
rêp nguyuh tan wani mijil |
kêmpunge mêkênêng lara |
kêbêlêt nguyuh tan sipi ||

8.
Mèngkat-mèngkot dènnya lungguh |
muring-muring jroning ngati |
bilah uyuh iki beka |
sabêne nora kadyèki |
de tan warêg dening toya |
kudu nguyuh bae iki ||

9.
Yèn nuju kêsamur wuwus |
Nuripin anggêgês lampit |
galar winêngkang supaya |
bisa nguyuh ing (ng)gonnèki |
yèn kala tan ana mojar |
ingampêt uyuhirèki ||

10.
Lamun gumêdêr angguyu |
gya nguyuh kumrocok pêsing |
Ki Wirya nolih lon mojar |
dudu wong setan Nuripin |
ambakna nguyuh gêndhila |
mêngko ga nyikut wong mami ||

Jilid 9 - Kaca : 172

11.
Nora mênêng-mênêng nguyuh |
kêparat edan Nuripin |
sêsore nguyuh ping sanga |
kêjaba kang tan wruh mami |
samangsa yèn dak tapuka |
cocotmu njêngat anjondhil ||

12.
Nuripin abêkah-bêkuh |
jrih umatur dèn-dukani |
Jèngraga mèsêm tumingal |
mring paman ambêkis ririh |
Ki Candragêni lon mojar |
mring ngawirya kèn aguling ||

13.
Kang ngaturan datan ayun |
mêksih sêkeca alinggih |
Candragêni malih mojar |
mring rowange durjanèki |
lan lakuning Naga-dina |
têlu iku aywa lali ||

14.
Dhingin Kala-mudhêng-ipun |
ping ro Rajamuka iki |
katêlu lan Naga-dina |
rujukna parênging bêcik |
yèn wus padha bêcikira |
tri prêkara iku pêsthi ||

15.
Tan ana kuwatiripun |
sasat mêthik wohing ranti |
luput ing guna sarana |
pekan pêndhêman piranti |
tulak tumbal japa-mantra |
miwah Sastra pinêdhati ||

16.
Naga-dina lampahipun |
witing dina Akat nênggih |
iku marêp ngalor-ngetan |
yèn dina Sênèn marêngi |
marêp ngetan bênêr (ng)gènnya |
yèn dina Sêlasa-nèki ||

17.
Ngidul-ngetan arêpipun |
lamun dina Rêbo nênggih |
marêp ngidul bênêr (ng)gènnya |
kêlamun ing dina Kêmis |
marêp ngidul-ngetan Naga |
yèn dina Jumungah-nèki ||

18.
Ngalor-ngulon arêpipun |
lamun dina Sêtu nênggih |
marêp ngalor bênêr (ng)gènnya |
wus jangkêp Naga winilis |
poma-poma sira padha |
anggonên kang tri prakawis ||

19.
Lan malih prantining laku |
kang nganggo wong dadi tindhih |
dèn-aranni Nujum-jaya |
apês ungguling pakêrti |
sarat gaweya pangarsa |
sulih pacalèng pakêrti ||

20.
Prang nadyan totohan iku |
myang padu rêbat prakawis |
kalamun dina Jumungah |
wong lêkêr wêdananèki |
andik tingale dikdaya |
anèng lor yajanirèki ||

21.
Kalahane wong kang mêsum |
kidul somahanirèki |
yèn dina Sêptu kang jaya |
wong kang mêsum talup lutih |
nèng kidul pomahanira |
kang kalah wong tipis rai ||

Jilid 9 - Kaca : 173

566 Kinanthi

22.
Ingkang lèr pomahanipun |
yèn dina Akat wong tipis |
wêdanane kang ajaya |
lor kilèn pomahanèki |
kalahane wong dhêdhêmpak |
lèr-kilèn pomahanèki ||

23.
Yèn ing dina Sênènipun |
wong dhêdhêmpak kang jaya-di |
lor kulon pomahanira |
wong ngrangkung kalahanèki |
kidul-kulon pomahannya |
yèn dina Sêlasa nênggih ||

24.
Kang dikdaya wong angrangkung |
kidul-kilèn (ng)gyannirèki |
wong edhor pêngawak Sêmar |
puniku kalahanèki |
kilèn lêrês wismanira |
nulya dina Rêbonèki ||

25.
Wong edhor kang dikdayèku |
lor-kulon pomahanèki |
puniku ingkang ajaya |
kalahane wong dêdêling |
kidul wetan pomahannya |
kêlamun ing dina Kêmis ||

26.
Wong kang adêdêling lurus |
kang dikdaya ing pakêrti |
kidul-wetan pomahannya |
wong lêkêr kalahanèki |
lor bênêr pomahanira |
lan ana kancane malih ||

27.
Ing dina Jumungah mau |
wong kang lêkêr ulat andik |
dikdayane akanthiya |
wong edhor pawak Nyêmari |
iku kang anjungjung jaya |
prayoga kinarya kanthi ||

28.
Kêlamun ing dina Sêptu |
wong kang mêsum talup lutih |
kang dikdaya akanthiya |
wong kang lurus adêdêling |
dadya pênjunjunging jaya |
sêlamêt ginawe kanthi ||

29.
Yèn ing dina Nga-atipun |
wong tipis wêdananèki |
dikdayane akanthiya |
wong lêkêr tingale andik |
yèku kang anjunjung jaya |
sêntosa dènnira kanthi ||

30.
Yèn ing dina Sênènipun |
wong ingkang dhêdhampak nênggih |
dikdayane akanthiya |
wong kang talup lutih-lutih |
prakosa anjunjung jaya |
prayogane kang kinanthi ||

31.
Yèn dina Sêlasanipun |
wong kang ngrangkung kang linuwih |
dikdayanya akanthiya |
wong kang wêdanane tipis |
kang mawa anjunjung jaya |
rahayu kêlawan kanthi ||

32.
Yèn ing dina Rêbonipun |
wong edhor pawak Sêmari |
dikdayane akanthiya |
wong dhêdhampak kang pinilih |
sayêkti anjunjung jaya |
tan larang kinarya kanthi ||

Jilid 9 - Kaca : 174

33.
Yèn ing dina Kêmisipun |
wong lurus ingkang dêdêling |
aywa pisah akanthiya |
wong kang angrangkung puniki |
saèstu anjunjung jaya |
sarate ingkang kinanthi ||

34.
Tamat kang Nujum-jayèku |
lakuning wong dadi tindhih |
yèku lamun sira padha |
ngrèh wong akèh ing karyèki |
tan kêna ra amiliha |
wong anom ingkang nujoni ||

567 Sinom

1.
Candragêni malih mojar |
pituhunên iku bêcik |
yèn laku gêdhe kewala |
Nujum-jaya aja lali |
dene yèn laku cilik |
tri kae mau wus cukup |
Kala-mudhêng lan Raja |
-muka Naga-dinanèki |
tan kuwatir yèn sira tumêmên nganggya ||

2.
Saur-manuk pra durjana |
inggih kadospundi malih |
kêlamun tan mituhu-a |
ing ngèlmi ingkang pinusthi |
suprih lujênging kardi |
wong sampun dèn-tohi umur |
yèn ta tan ngimanêna |
angangkah wilujêngnèki |
datan gadhah umur pamèr lan pêdinan ||

3.
Ginuyu rowange samya |
Ki Lutung-mènglèng (ng)guyoni |
yèn mojar si Kêthèk-mingkar |
angguyokkake wong linggih |
paribasan wong angling |
bisa mati kaping pitu |
rinampog tinugêla |
apan bisa urip malih |
iku priye apa ra umur pamèran ||

4.
Patine umur padinan |
umur pamèr urip malih |
mara ta yèku rasakna |
kèhing wong ana kang sêkti |
Kêthèk-mingkar nauri |
e lah ya iku ta êmbuh |
mung ngrungu ing pocapan |
kang mati bisa rip malih |
aji Pancasona mawa bisa gêsang ||

5.
Pèkne mêngkonone ingwang |
maune iya wus ngaji |
jaya aji Pancasona |
pan akèh wêjani mami |
kêlasa-bantal abrit |
lan lawan sakêbar rurub |
myang jambe suruh pisang |
tindhihe wutuh rong anggris |
kang amuruk Ki Gagang-aking Magêtan ||

6.
Wus cakêp padha sadhela |
nanging lakune ngluwihi |
bot arang wong kaduga |
mutih patang puluh ari |
pati-gêni saptari |
sartane karo ambisu |
malêbu ing kuburan |
gêrowong kang dèn-ênggonni |
datan mêtu yèn tan wusing pitung dina ||

Jilid 9 - Kaca : 175

7.
Ngalakoni tapanira |
durung tutug wangênnèki |
kasêlak ingong anyuntak |
sun-angkati wali-wali |
lawan lawasing sasi |
ambungkah batal tan tutug |
kongsi saprene iya |
nora tutug-tutug mutih |
durung ngandêl tyas-ngong aji Pancasona ||

8.
Ginuyu kiwa têngênnya |
latah Lutung-mènglèng angling |
bênêr lèhmu tan pitaya |
tapamu nora dumugi |
kabèh kadya sirèki |
ngaji Pancasona iku |
nanging arang kang kuwat |
yèn kuwat mêsthi sayêkti |
Mêrak-jamprong gumuyu sumambung mojar ||

9.
Lèhira angaji Panca |
-sona mring Ki Gagang-aking |
sakuloning Bubuk ika |
ing Mênggah ancala cilik |
Lutung-mènglèng nauri |
lan Kêthèk-mingkar sumaur |
inggih mangsa wontêna |
Ki Gagang-aking kêkalih |
namung ngriku Ki Gagang-aking ing Mênggah ||

10.
Lèhmu ngaji Pancasona |
têka seje lawan mami |
tapanipun yèn manira |
turu patangpuluh ari |
sadina lan sawêngi |
apan tangi kaping pitu |
apan mangan kaliyang |
wus datan ngangge jêjarit |
iya sarta ambisu yèn dhèhèm batal ||

11.
Mêngkono yèn mungguh ingwang |
(ng)gyanningong ngaji duk uni |
Ki Limut ing Panarukan |
ing Cêpidhas wukir cilik |
akèh ingkang (ng)guroni |
wong Bali Madura mriku |
sumawana wong Jawa |
kang samya ulah kasêktin |
akèh bae kang kêtrima jayanira ||

12.
Mara priye ucapêna |
ajimu Pancasonèki |
yèn gèsèh kêlawan ingwang |
wuruke Ki Gagang-aking |
Lutung-mènglèng ngling ririh |
mathênthêng ngapalkên ngèlmu |
ajiku Pancasona |
ana wiyat jroning bumi |
surya murub ing bantala bumi sapta ||

13.
Anêlahi sabuwana |
raina tan kêna wêngi |
urip tan kênaning pêjah |
sun pêngawak jagad iki |
amati nora mati |
tlêncêng gêni tanpa kukus |
clêng-culêng clêng-culênga |
kasangga ibu prêtiwi |
tangi dhewe urip dhewe anèng jagad ||

14.
Musthika lananging jaya |
jayane Rawana aji |
hêm aku si Pancasona |
ratuning nyawa sêkalir |
Mêrak-jamprong ngèsêmi |
sarya-lon dènnira muwus |
apa mung sagêndhaga |
tan ana lanjare malih |
Lutung-mènglèng ngling inggih mung sagêndhaga ||

15.
Kêthèk-mingkar nambung sabda |
kakang Mrak-jamprong dospundi |
aji (n)dika Pancasona |
Mrak-jamprong nauri aris |
dene ing aji mami |
pan mêngkene ing mèlipun |
sang aji Abisana |
makutha-raja sinêkti |
jati-maya mrub sacakraning gilingan ||

Jilid 9 - Kaca : 176

16.
Manêngjud-jatining Suksma |
Suksma wasesa sêjati |
Sukma jatining manungsa |
yèn sung kang badan Sukmadi |
tan ana angloroni |
mung ingsun ratuning umur |
urip tan kênèng pêjah |
langgêng uripku pribadi |
risik putih tangiya nulya wisesa ||

17.
Sun sang aji Abisana |
sabwana tan ana urip |
hêm hêm turaba turaba |
pan sarwi anatab bumi |
tan ambêgan kaping tri |
jroning gawe nora idu |
kang samya gunêm jaya |
bêdhêdhêg tan ana ering |
ngiras umbag kaprawiraning durjana ||

18.
Candragêni mèsêm mojar |
sarwi nyêrèt turon miring |
liyangan têkukan bantal |
pacitane rujak-ati |
maring ing kono bêcik |
padha ngapalêna ilmu |
ngiras pêpagêr awak |
ing wêngi ngapalkên aji |
têka-bêla kêmayan sisirêp jaya ||

19.
Dadya tan ana riringa |
dènnira ngapalkên aji |
Ki Kuwuk-mingkar rêrasan |
kêlawan Ki Kêndhil-wêsi |
sisirêpmu ingkang priye |
kang Kêndhil-wêsi |
nauri e èh iya |
mêngkene sisirêp mami |
si jêgod karubuhan gunung prakêmpa ||

20.
Mati (n)dhase rip buntutnya |
wong sakêthi padha mati |
wong salêksa padha wuta |
wong sèwu turu kêpati |
pan ora tangi-tangi |
yèn tan sun-nangèkkên iku |
nulya sawur kêmaya |
yèn sawur tan tibèng siti |
pêsthi tan ana nglêsêd kang duwe omah ||

21.
Sira piye sirêpira |
Ki Kawuk-nasak nauri |
ajiku si Begananda |
têdhuh dhipêt kapulut ing |
Naga-pasa tan osik |
jublêg mênêng kaya watu |
hêm wuta-wuta-wuta |
cat cabak satêngah mati |
aja obah molah bancèt ana ula ||

22.
Nulya asawur kêmayan |
anjêthèt gêdhèg ping siji |
yèn adhêm gêdhège tandha |
kang duwe omah lir mati |
kèh linge durjanèki |
kang samya ngapalkên èlmu |
jêjapa jaya-jaya |
kadikdayan ing kasêktin |
pan sajuru jurudêmunge kang jaya ||

Jilid 9 - Kaca : 177

568 Jurudêmung

1.
Ki Cèlèng bèlèk lon mojar |
dospundi kang Dhadhung-awuk |
Lêmbu-sakilan puniku |
êmèle Lêmbusakilan |
nauri mêngkene yèn sun |
ajiku Lêmbusakilan |
nèng jroning wayanganipun ||

2.
Brajamara magak-magak |
mêndhak puwêr dadi banyu |
sun wruh ing jijilahamu |
hêm aku si teyang-maya |
anjêjak lêmah ping têlu |
mêgêng napas tan kumêdhap |
mêkotên wuruking guru ||

3.
Lan (n)dika punapa beda |
nauri Ki Dhadhung-awuk |
yèn kula niki mèlipun |
jiku si Lêmbu-sêkilan |
tanpa kadang braja kadung |
liwang-liwung dhat clêng gêmplang |
tanpa lawan sabda ayu ||

4.
Ayu-ayu tanpa kara |
-kara hêm aku si Badhur |
nylênthik pênuduh ping têlu |
sumambung Ki Bênce-lidhah |
yèn aku datan kadyèku |
ajiku si Bandung-banda |
-wasa lênga Bima cupu ||

5.
Pahêm-hêm aku si Jongkot |
anake Jangêt-katêlun |
gumêtêr sunsapu lêbu |
Braja pupak tanpa sesa |
lêbur sumyur dadi banyu |
ajaling banyu turaban |
tauran sat anggalêpung ||

6.
Pan sarwi amêrês tangan |
ingusapan ing sikut |
datan ambêgan ping têlu |
sumrewo Ki Watukura |
yèn sun mêngkene ajiku |
si Badhor Blabag-antolan |
mêndad kiwul braja kêthul ||

7.
Kompal-kampul nora têka |
klewa-klewa hèm ya aku |
si Têgêng sarwi aidu |
ping tri ing ngèpèk-èpèknya |
dèn-usapakên ing bau |
ki Samba-ngèrèng ris mojar |
yèn pamêpêsaning bayu ||

8.
Sun matêk jiku si Macan |
si Barong ingiring aku |
sang Kala-sri ngarêpku |
pinayungan Kala-cakra |
kang andulu maring aku |
pêcat biyas lêsu lupa |
limprêg-limprêg tanpa bayu ||

9.
Hèh tanpa bayu si Jabang |
ki Kala-kêthèk amuwus |
niki krosan kuwat junjung |
Pênthung ruyung sandhang pucang |
rèng rêncêg sêsarah kayu |
-aking ampang têka ampang |
hêm aku si Kala-rêngu ||

10.
Ki Gêmblang-serang ris mojar |
iki lêlamporanaku |
pacêl lêkêl pathok tanggul |
kancang-kancing karincingan |
atali wêsi-balitung |
tangkêbe gapura mênga |
bêdrèg gègrèg kancing runtuh ||

Jilid 9 - Kaca : 178

11.
Tanpa awêr kupat-luwar |
luwar saking pangidhêpku |
Ki Prêtiyuyu amuwus |
gêgambènku Wêlut-pêthak |
iki êmèle ajiku |
Wêlut-putih winadhaban |
ing godhong lumbu alunyu ||

12.
Cot-pêrocot (m)bêsot uyah |
kinumbah ing banyu luyut |
-luyut hêm iku si Jungut |
sumambung Ki Gagak-setra |
kang sun-puputhi ismuku |
pan iya amung limunan |
wewe bang ngêmbani aku ||

13.
Angaub ing kayu muna |
-muni ngalêng lap mun-amun |
ilang blas hêm laku samun |
Ki Tambak-ladhu angucap |
mung Brajamusthi ilmuku |
(ng)gêmpurkên barang tinêbak |
tangan lir gandhèn awulu ||

14.
Mêngkene êmèling jaya |
tirab-tirab ing dhadhaku |
pukul-wêsi pèk-èpèkku |
kêpêlaku watu buta |
kaya gêrah suwaraku |
èh èh èh aku si Braja |
-musthi ngras tangan ping têlu ||

15.
Macan-gaèng nambung sabda |
mung pêngèdhêpan agêmku |
mêngkene êmèling ismu |
ajiku suraking Kala |
angoyag jagad gumulung |
gonjid sêbit sabda idhêp |
kèdhêp marang sêbawaku ||

16.
Mojar Ki Braja-lamatan |
pangagêmaningong ismu |
pan mêngkene êmèlipun |
ajiku Kidang-kêncana |
amata kumala mancur |
arikat kadya kikilat |
kêsit lir thathit hêm aku ||

17.
Si Kidang-kêncana mulya |
si Bandhang-rowang amuwus |
yèn aku iki ajiku |
si Dhali-putih anyampar |
paran lêpas majat cat-cut |
trincing-cincing tinjo-maya |
dhat clêng dhat clêng dhat clêng dhat cut ||

18.
Mancêlut gêlis tumêka |
ngusap dlamakan ping têlu |
Ki Branjang-kawat amuwus |
ismu gêgambèn manira |
tan ana pangirub kalbu |
ajiku Si Setan-kobêr |
sun-panahkên gunung jugrug ||

19.
Sun-panahkên langit bêdhah |
sun-panahkên bumi amblong |
sun panahkên ing alas gung |
liwang-liwung sirna gêmpang |
sun panahkên mêndhung larut |
sun-panahkên sêgara sat |
sun-panah tine si Anu ||

20.
Cabak mati kapisanan |
pêthot thêl gigal atimu |
kèrut kakukup kairup |
kodhêng dhêngglêng tanpa ngucap |
pangucapmu amung ayo |
iya ayo iya ayo |
iya yo cup indha-indhul ||

Jilid 9 - Kaca : 179

21.
Ki Barèng-kècèr ris mojar |
yèn ngong mêngkene ismuku |
ajiku setan Waringut |
kêri-grisi gêrah-uyang |
srita-sritu kudu milu |
mring aku pasrah dandanan |
wising mêngkono mêgatruh ||

569 Mêgatruh

1.
Pra ngawirya katri tyasnya sangêt rikuh |
diksurane durjanèki |
sêmu langar lêngguk-lêngguk |
ambêg umbak ambêdhidhig |
sapolah tingkahe rusoh ||

2.
Jayèngraga jroning tyas kêlangkung rêngu |
ewa myat ing durjanèki |
Kulawirya mingat-mingut |
mring sakèhing durjanèki |
yèn dèn-wiwitana awon ||

3.
Tan têlangke wus rinukti jroning kalbu |
datan nêdya angoncati |
mung nganti bubukanipun |
Nuripin dhêdkêt nèng wuri |
turu ngantuk mêksih lunggoh ||

4.
Asênggoran Nuripin acêklak-cêkluk |
anjêglug sarira wingking |
Ki Wirya nolih amuwus |
hus setan alas Nuripin |
têka bisane angorok ||

5.
Sasuwene (m)bijig gigir jêglag-jêglug |
gêndhila bangêt si Baring |
tita têmên nora urus |
wus tan bisa ngampêt arib |
kudu tisna ing ciciplos ||

6.
Ki Nuripin anggalêrêg sêgu matur |
inggih punika dospundi |
kewala kêdah angantuk |
ragi sangêt kraos sakit |
tan bêtah kula anjagong ||

7.
Sêpuntên-dalêm kiyai nuwun maklum |
Ki Kulawirya ambêkis |
dhasar rada edan taun |
ambêgan ngêmpus Nuripin |
sêdhih atine ngêndhorok ||

8.
Dadya gêring ngênês kêthêr atinipun |
myat sacaraning dur-juti |
samar tyase kêpyar-kêpyur |
tan duwe ati samênir |
mulês wêtênge kêraos ||

Jilid 9 - Kaca : 180

9.
Pulintiran makênêng kêkêmpungipun |
kêbêlêt nguyuh angising |
Nuripin angling ing kalbu |
lah kêpriye mono iki |
tan mênêng kêbêlêt nguyoh ||

10.
Lan kêbêlêt ngising amulês wêtêngku |
yèn mêtuwa aku wêdi |
lamun tan mêtu pakewuh |
bangêt têmên sira tai |
lan sang uyoh gawe rikoh ||

11.
Datan kêna ingampêt dènnira murus |
nekat Nuripin angising |
kêsamur gêdêring wuwus |
sruwal bêbêde cinincing |
ngêbrok ngompol kambi lunggoh ||

12.
Pra durjana tingkahe sangsaya rusuh |
guguyon myang kang bibisik |
kang èbèr-èbèran ngilmu |
ana ingkang lèngsèr mijil |
kang catur-cinatur ngomong ||

13.
Dhandhang-wiring mojar mêngkene èsmuku |
ajiku si Sêmar-kuning |
akuncung kumala murub |
nalêcêr sundhul wiyati |
cahyaku maya mêncorong ||

14.
Angunguwung kilat thathit ing kêdhèpku |
sun-linggih têngahing bumi |
sakèhing wong kang andulu |
maring aku gêdhe cilik |
tuwa anom lanang wadon ||

15.
Têka wêlas asih (n)dulu sariraku |
watêke sêlamêt bêcik |
sênadyan wis tinalikung |
kongsiya arêp pinatin |
dumadakan wêlas tumon ||

16.
Kadho-kadho têmahan wurung linampus |
nauri Ki Lalêr-wilis |
kula rumaos tan luhung |
sapikantuk balung pêking |
èsmu-ngong Bunglon-rêraton ||

17.
Glèca-glece seje rupa sun-amulut |
matane lare apidhir |
pilong pangling marang aku |
nora nyana nora dimpe |
pan sun tan kêna tinanggoh ||

18.
Watêkipun ngutil nyêlêr nyolong jupuk |
gêgabro ngapus-apusi |
lamun lumayu binuru |
nalimpêt katêmu pangling |
tan ana ngaranni ingong ||

19.
Lalêr-mêngêng ngling ajiku Bila-bilu |
ngrampêlu wong kaya ngimpi |
wong ajaman padha bilu |
aku dhewe kang mintêri |
kabèh dhênglêng dhêlog-dhêlog ||

Jilid 9 - Kaca : 181

20.
Lêngêr-lêngêr nora dhêngêr sakarêpku |
rêp-sirêp tan ana wani |
ya aku si Bila-bilu |
ambilu sakèhing janmi |
niku yèn kula mocung wong ||

570 Pocung

1.
Pamrihipun lamun kêtrima lêstantun |
sakathahing janma |
samya kadya rare alit |
dèn-bêlojodana rinêbuta gampang ||

2.
Bênce-watu mojar èh dene sirèku |
biyèn kae apa |
dèn-blêdig akêmpis-kêmpis |
lêhmu apa ginêbugan ing wong kathah ||

3.
Gêr ginuyu samya rowangira lungguh |
Lalêr-mêngêng mojar |
dandanan wong mono lagi |
kêna ing cilaka dumadak kêcandhak ||

4.
Kaya iku si Prêti-bèyès rumuhun |
anayab kêcandhak |
mèh mêcèthot dèn-gêbugi |
nyêlêr sruwal tur amoh pinè ing latar ||

5.
Kèh kang (m)buru ana wong rong puluh langkung |
gumêdêr angoyak |
saplayune dèn-cêgati |
ya bah pira wong siji binut ing kathah ||

6.
Yu-ginuyu gar-gêr lir wong adu sawung |
wau pra ngawirya |
sangsayewa jroning galih |
Ki Nuripin ngampêt guyu kacêmutan ||

7.
Mèsêm muwus Candragêni nanging iku |
yèn mêntas kêcandhak |
nuli sok nêmu sêmbulih |
sakadare olèh gawe kajurungan ||

8.
Iya êmbuh kang mawa samêrgènipun |
têka sinung gampang |
kêtrima sasolahnèki |
Prêti-bèyès njêngêngèk mêthênthêng kandha ||

9.
Dhasar sèstu lir wuwuse kyai niku |
wong sawise tiwas |
dumadakan awak-mami |
mring padesan anuju omahing dêmang ||

10.
Nuju suwung ngêblak mênga lawangipun |
sêtugêl tan ana |
janma kang tunggu wismèki |
dêmange jêg krêngkètan anèng jêro mah ||

11.
Mlêbu-mêtu manira kongsi ping têlu |
tita tan na janma |
kèh prabot jarit sumampir |
ngong-rayuki sasênêngku mèt dandanan ||

12.
Amba rêngkut kongsi mèh tan kêlar manggul |
kèh olèh manira |
liwat ing latar lêstari |
têtanggane siji tan ana uninga ||

Jilid 9 - Kaca : 182

13.
Nambung wuwus Ki Lalêr-mêngêng yaiku |
bênêr ujarira |
tan beda kêlawan mami |
sauwise kêtiwasan awak-ingwang ||

14.
Nuli untung nora mênêng-mênêng nyandhung |
bêgja kêslamêtan |
lir jupuk duwèk pribadi |
pra dur tutug dènnira kandha-kinandha ||

15.
Wancinipun lingsir dalu gagad bangun |
nglaras kang nglarasan |
sawise pating burisik |
angunusi lar-lêr mêtu maring jaba ||

16.
Rêmbagipun angêprès têtamunipun |
kang mrabot pêndhokan |
ingincim kang dadi melik |
myang gêdhongan ngêndhukur sinandhing lênggah ||

17.
Pan sinêngguh isi kèh pêngaijinipun |
wong dagang ètèran |
nyamur laku ngaku santri |
pan sêsore rinêmbug mêksih griganca ||

18.
Kang tan rêmbug nanging kèh kang samya rêmbug |
anukup dhayohnya |
prabote kang dèn-mêliki |
kang wus anèng jaba kukuk abraokan ||

19.
Kang alungguh ngaruh-aruhi ambêkuh |
èh cangkême padha |
ting barêngok si Kêpadhil |
ana apa kae cocode dèn-umbar ||

20.
Ana wuwus ya wong akèh mono iku |
sasênênge dhawak |
cangkêm cangkême pribadi |
layak tanggung turu mulane braokan ||

21.
Pan gumuyu Ki Candragêni amuwus |
marang tamunira |
wali-wali kon-aguling |
samya anauri pan wus kêtanggungan ||

22.
Kang alungguh kèjêpan dadining rêmbug |
tumuntêning karya |
Candragêni angèsêmi |
mêksih sinamur nyêrèt liyangan bantal ||

23.
Ing jaba sru dènnira abarung kukuk |
lir angitêr sima |
sauran pating jarêlih |
kang (m)bing kilèn lan êlor kidul myang wetan ||

24.
Ngawirya wus anyana badhe tinukup |
tan wurung blarutan |
Jèngrêsmi anênggak budi |
mapanakên plêng cêngêng sapalungguhan ||

25.
Tyas sumungku cipta rahayuning laku |
muga kinuwatna |
ing coba pancabayaning |
durjana kang sêdya mrih cidra piala ||

26.
Yata wau durjana kang mêksih lungguh |
Ki Braja-lamatan |
Braja-lintang Kêndhil-wêsi |
Ki Bêndha-sat Kêndhang-gumulung Jarangas ||

Jilid 9 - Kaca : 183

27.
Tambak-ladhu Gêmblang-serang Dhadhung-awuk |
miwah Gagak-setra |
Kuwuk-nasak Lutung-mèngling |
Gêrèng-èntèng Sambangèrèng Sandhang-rowang ||

28.
Namung kantun wong limalas ingkang lungguh |
nêmbêlas Ki Candra |
-gêni benggol durjanèki |
Ki Braja-lamatan muwus paliringan ||

29.
Alas grumbul kae jêge wana sêpuh |
(m)bok padha binukak |
lowung yèn mêtu misrani |
Candragêni wus wruh lèjêm kêjèpira ||

30.
Tangi lungguh dènnira nyêrèt asaguh |
mung kari sacupak |
sinêrèt plês diyan mati |
Braja-lintang tanggap wêwangsitanira ||

31.
Santak muwus marang ing têtamunipun |
bagus punapa-a |
tan purun ngaturan guling |
kadipundi têgêse tan purun nendra ||

32.
Botên ngingus mring jagongan sami lungguh |
myang kang duwe wisma |
kèh wuwus tan dèn-prêduli |
Jayèngrêsmi alon anauri sabda ||

33.
Nêdha maklum saking ngong rêmên angrungu |
kang rêrasan jaya |
Braja-lintang angling malih |
lah baguse kang ngagêm warangka ladrang ||

34.
Langkung luhung kalêrêsan kêndhitipun |
kêncêng lir sinipat |
lim-dalêm kula ningali |
Kulawirya acêngak nauri sabda ||

35.
E lah niku botên suka yèn-dinulu |
anèng saba paran |
ewuh ayatan prayogi |
wontên tiyang sawiji ngupaya doran ||

36.
Longanipun ginagapan paculipun |
mulêg mambu tinja |
lan uyuh langkung amoni |
priye kiye o ah arusuh ki sanak ||

37.
Sarwi (n)dulu diniyanan paculipun |
pan gêlaprut tinja |
kang duwe akidih kidih |
jêligrahan kudu andurma sakala ||

Jilid 9 - Kaca : 184

571 Durma

1.
Asru mojar sira Ki Braja-lamatan |
jawane (n)dika niki |
ladak ngagak-agak |
mênêng-mênêng mênyunyang |
wontên lungan dèn-isingi |
mung tata (n)dika |
tan kongang mêtu ngising ||

2.
Braja-lintang sumambung lah ulungêna |
kêrismu dèn-agêlis |
kalêbu nglarangan |
gawe sawênang-wênang |
tingkahmu kaya dipati |
ing Panaraga |
ngising ngakon nadhahi ||

3.
Lah (m)bok sisan dèn-dulangakên maring wang |
Ki Sandhang-rowang angling |
dhasar wong gêndhila |
ingkang edan-edanan |
Gêmblang-serang ngling (m)bok uwis |
sêdhêng rinêncak |
bah pira wong tri glintir ||

4.
Samba-ngèrèng ngling wus ayo dhinèdhèlan |
sumambung Kêndhil-wêsi |
wong kêparat edan |
mêjanani ing kathah |
lah wis payo dèn-taboki |
tai jêjêlna |
ing cocote si anjing ||

5.
Sru bramantya Ki Wuragil Kulawirya |
mojar mawinga wêngis |
e dubilah setan |
alit tumêkèng wayah |
durung tau dèn-abani |
sawiyah-wiyah |
ayonana wak-mami ||

6.
Tan kudu sun-tibani krisku si Randha |
dak-tangan bae uwis |
sigra pra durjana |
ambyuk parêng nêrajang |
ting sarêdhèt ngunus kêris |
Ki Kulawirya |
Jèngraga Jayèngrêsmi ||

7.
Sarêng ngadêg gya rinêmpak pinêrjaya |
Kulawirya Jèngragi |
kinarubut kathah |
sinudukan tan-pasah |
kang mêdhang ngêlewang nitir |
sakèhing braja |
kang ana kang nêdhasi ||

8.
Ting barêkuh pukêt rupêg drêg-udrêgan |
braja katangan tangkis |
tambuh mungsuh rowang |
rog caruk cinarukan |
samya rowange pribadi |
ana kêdhotan |
kang gunyèh gubrès gêtih ||

9.
Durjana kèh ing jawi myarsa kêrêngan |
parêng surak gora tri |
mangrik akukukan |
angabyag parêng mara |
masuk jêjêl rêbut dhingin |
datanpa rungwan |
wor panjriting pawèstri ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (12a) Kaca 152 - 168
  • (12c) Kaca 185 - 193 >