Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 39

Kontak Admin.

email-kidemang

 (12c) Kaca 185 - 193

 

( Lampahipun dumugi ing dhusun Têgarèn )

09

V. Lampahipun dumugi ing dhusun Têgarèn, sipêng ing griyanipun pêtinggi nama Candragêni. Jêbulipun punika benggoling durjana. Para andon lampah kakroyok nanging Ki Kulawirya kuwawa nanggulangi.

Dumugi ing dhusun Têgarèn, sipêng ing griyanipun pêtinggi nama Candragêni. Pêtinggi punika saèstunipun benggoling durjana. Wanci têngah dalu kancanipun para durjana sami dhatêng, sami nyêrèt, suka-suka, gêgujêngan, umuk-umukan bab ngèlmu durjana, kanuragan lss. Botên maelu wontênipun tamu. Kalirik, katingal para tamu sami mrabot, dhuwungipun sae, dados kamanah buntêlan ingkang kabêkta rancangipun punika mêsthi bandha ingkang pangaos.

Namaning durjana mawarni-warni, tingkahipun sarwi murang-tata. Ingkang karêmbag bab-bab petangan apês lan jayaning pandung sarta sami mandung, mbegal, ngrampok lss. Angajrih-ajrihi. Ing wanci lingsir dalu Candragêni suka sasmita, para durjana lajêng tumindak badhe mêrjaya para tamu pêrlu ngrêbat barang bêktanipun. Dilah kapêjahan, para tamu dipun kroyok. Jayèngrêsmi lan mire, Nuripin umpêtan ing ngandhap ambèn kaidak-idak kangge ajang tawur. Namung Ki Kulawirya piyambak ingkang lumawan kanthi trampil têguh wêntala. Para durjana ngroyok kanthi sanjata klewang, berang, tumbak, towok, granggang, ewadene Ki Kulawirya lumawan tanpa sanjata. Saking wêgig lan trampilipun sanjataning durjana tinêrjang, tinangkis sami dhawah, tiyangipun tinêrjang, jinotos, dhinupak, sinikut, tinapuk, tinêmpiling dhawah kasulayah. Wêkasan para durjana sami lumajêng bibar sarsaran. Dumadakan kapirêng suwantênipun Nuripin ngrêrintih sambat sakit ing sangandhaping ambèn, lajêng sami dipun pitulungi.

Para andon lampah oncat saking dhusun Têgarèn, nglajêngakên lampah dumugi ing dhusun Longsor. Pêtingginipun nama Raga-mênggala, modinipun Nurbayin.


Kaca 188 - 193.

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 9 - Kaca : 185

10.
Ki Nuripin arsa lumayu tan bisa |
kapêpêtan ing janmi |
amblusuk ing longan |
awêdi yèn kêpêdhang |
gluthêkan wor tugêlan pring |
tan bisa ngucap |
ambêgan kêmpas-kêmpis ||

11.
Pra durjana agidrah ulêng ulêngan |
jogan bêg dening janmi |
myang ambèn kèdhèkan |
ginarêjêg ing kathah |
dêlika tugêl dèn-ciki |
pêdhot antholnya |
anindhihi Nuripin ||

12.
Bêngok-bêngok dèn-idêg-idêg ing kathah |
Nuripin tan bisosik |
jêrat-jêrit sambat |
marang bêndaranira |
sangsaya ramening jurit |
granggang talêmpak |
pênthung towok suligi ||

13.
Ting carêngkling katangkis sami gêgaman |
caruk rog silih ungkih |
ambacok bat-bêtan |
tan ana kang tumama |
mêlèsèt liyan pribadi |
myang rowangira |
priyangga kèh kang kanin ||

14.
Jayèngraga raosing prang tan rêkasa |
lir sinawuran sari |
tumamèng ing ngangga |
tanpa eling kang paman |
raosing sarira kadi |
grayanging randha |
kalane (m)boborèhi ||

15.
Jayèngrêsmi lan ingkang rayi Jèngraga |
ngeca-eca tan osik |
jumênêng kewala |
nambung Ki Kulawirya |
anggrêgut ngiwung tan wigih |
pan ora kêrsa |
narik kêrisirèki ||

16.
Kewala mung tumandang kêlawan asta |
kang tinêpak jungkêlit |
pisêk irungira |
kang dinugang jrêkakang |
kang tinabok tibèng siti |
tan ana tahan |
kêtiban tanganèki ||

17.
Pra durjana akathah ingkang kacurnan |
cangkêm gugubrah gêtih |
gogrog untunira |
myang pêcah matanira |
kèh kang kalêngêr tan eling |
bêrkat wong kathah |
mêksih parêng ngêbyuki ||

18.
Angrêrêjêng tan sêla dènnya marjaya |
Kulawirya tan gingsir |
rinêbut ing kathah |
iringan wingking ngarsa |
myang Jèngrêsmi Jayèngraga |
angeca-eca |
rinampog kêhing janmi ||

19.
Kulawirya sangsaya (m)bêg kasudiran |
angrampêt tumbak kêris |
granggang pêdhang klewang |
berang myang arit bapang |
pêpênthung lawan suligi |
rêmak tinêmpak |
kèh gigol tibèng siti ||

Jilid 9 - Kaca : 186

20.
Pra durjana tan tahan linawan tangan |
tinapuk tinêmpiling |
jinêjak dhinupak |
tinapuk tinabokan |
kang sinikut sinalênthik |
irunge timpal |
kuning manguwir-uwir ||

21.
Giris giras lumayu asalang tunjang |
tan kongsi mêdal kori |
gêdhèg brol tinêbak |
rêbah katunjang kathah |
swarane gumrêdêg atri |
lir wrêksa rêbah |
sol singsal dening angin ||

22.
Sirna larut sakèhing para durjana |
samya lumayu (ng)gêndring |
kang ambruk rumangkang |
rêngkêng-rêngkêng lumajar |
pêthut benggol tan na kèri |
gusis sar-saran |
siji tan ana kèri ||

23.
Ki Wuragil Kulawirya sru susumbar |
baliya aywa (ng)gêndring |
eman kokokira |
jêjadhuging durjana |
abêrèt pating sarênthit |
liyangan bantal |
tan sêmbada si Baring ||

24.
Ki Nuripin angririntih anèng longan |
sambat bêndaranèki |
dhuh lae bêndara |
nuwun tulung kawula |
tan bêtah raosing sakit |
kaidak-idak |
ing wong kathah wak-mami ||

25.
Jayèngrêsmi Jayèngraga Kulawirya |
kagyat dènnya miyarsi |
sambate santrinya |
Nuripin biyang-biyang |
Kulawirya gya mring jawi |
tinon tan ana |
mirêng nèng jro wismèki ||

26.
Malbèng wisma angling nèng ngêndi (ng)gonnira |
santri matur nèng ngriki |
sigra Kulawirya |
murugi ing (ng)gyannira |
nèng longan santri Nuripin |
nulya ingêngkap |
ambène kang nindhihi ||

27.
Wus kabronggang Nuripin tan bisa obah |
tinarik kinèn tangi |
Nuripin sêsambat |
ingkang alon kewala |
kawula tan bisa tangi |
langkung sakitnya |
samya gupuh nulungi ||

28.
Wus mêngkana ing wanci anggagat enjang |
Jèngrêsmi ngandika ris |
kadipundi paman |
punapa lajêng lampah |
punapa rèrèh ngêntosi |
kang darbe wisma |
Ki Kulawirya tangi ||

29.
Mangsa borong manira manut kewala |
Jèngraga matur aris |
yèn parêng paduka |
luhung laju kewala |
pan wus luwar ing prakawis |
tanpa damêla |
akèndêl anèng ngriki ||

30.
Jayèngrêsmi ngêndika ya bênêr sira |
payo mangkat tumuli |
lah ta priye sira |
Nuripin apa bisa |
lumaku mangkat saiki |
alon turira |
lir pêksi srêngkara ris ||

Jilid 9 - Kaca : 187

572 Dhandhanggula

1.
Inggih bêndara kula umiring |
nanging maklum dalêm rêrandhatan |
lumampah sapikantuke |
Jayèngrêsmi lingnya rum |
ya lon-lonan bae Nuripin |
sarwi tumingal wisma |
-nira durjanèki |
rusak kêtunjang ing kathah |
kadya binêladhah tutug kanan kering |
rêbah pating julêmpah ||

2.
Nulya umangkat ngawirya katri |
janma gusis mung kari dandanan |
kang gumêlar ing wismane |
laju ing lampahipun |
wancinira ing pajar sidik |
mêdal jawining dhadhah |
pêkaranganipun |
lumampah angidul-ngetan |
nut galêngan kang pêksi asri munyènjing |
cucuwiyun branjangan ||

3.
Dhècu lan srigunting cingcing-goling |
nulya anon sêndhang pinggir marga |
kayoman ing pilang pule |
arèrèn anèng ngriku |
samya ngambil kang hèr astuti |
lajêng awêktu salat |
a-Subuh bakda wus |
pêragat pêndonganira |
samya mucang Jayèngrêsmi ngandika ris |
lah paman Kulawirya ||

4.
Inggih ta lah ing lampah puniki |
sêmunipun kenging pênagihan |
kasêngka lan rubedane |
manggih pancabaya gung |
cobaning Hyang bêncanèng pati |
yèn ta tan rinêksa-a |
mring Hyang Kang Murba Gung |
sayêkti samya pralaya |
nèng Têgarèn curês cariyosirèki |
tan wontên kang wêwarta ||

5.
Langkung ngungun ingkang sinung angling |
ingkang paman mèsêm lon lingira |
iya ta lah katujune |
nora tumêkèng lampus |
ana pangrêksanya Hyang Widi |
brêkahe wong ngatuwa |
sawabing luluhur |
yèn ta padha nêdhasana |
pêsthi bae jidèng wong sêmene iki |
tan kangsi sakrêmêsan ||

6.
Jayèngraga gumujêng dènnya ngling |
ngong tumingal mring paduka paman |
lir Samba pêrang tandange |
anèng Ngastina linut |
dening sata Kurawa sami |
malêdug Samba sumbar |
iki Samba bagus |
pêpradan têkan uyuhnya |
sore Samba bêdhug bangun Samba mijil |
bocah sanga wilangan ||

 

Jilid 9 - Kaca : 188

572 Dhandhanggula

7.
Tiba jêndhul nèng Ngastina nganjir |
pan anglera tan ana mêmadha |
nang wèk gus wèk jêlanthir wèk |
samya asru gumuyu |
Jayèngrêsmi mèsêm lon angling |
andêlna yèn angrêngga |
cèplês amêmangun |
pamane dèn-emba Samba |
Ki Wirya gumuywangling nora kadyèki |
nging satêmêne ingwang ||

8.
Ngêndi ana wong pinrêp ing jurit |
têka mundhak ilang nêpsuningwang |
padha myat lan bocah èthèng |
tan mantra-mantra nêpsu |
ngong tan nêdya anjêmalani |
nangkis-nangkis kewala |
gêgaman kang nêmpuh |
tan ngrasa kêtiban braja |
mulane tan bisa bramantya tyas mami |
lir awor rare dolan ||

9.
Yèn ta ana-a ingkang nglarani |
kaya mêtu nêpsuku tekadan |
kang putra saya guyune |
Nuripin sru ngling (ng)guguk |
bilah dene saya anjinggring |
winangun mring kang putra |
lir Samba prang pupuh |
nèng Ngastina ngendralaya |
Samba putra ing Dwarawati asêkti |
pantês kang pinaraban ||

10.
Botên kados Sambane wong ngriki |
punika wau tiyang durjana |
namanipun Samba-ngèrèng |
tan tèyèng jrih prang pupuh |
tan lir Samba ing Dwarawati |
kêjaba kae nayab |
sêtun ambêlurut |
dhapure wus kaya setan |
nora kaya hêndaraku Ki Wuragil |
bagus ngèntasi karya ||

11.
Jayèngraga gumujêng sarya ngling |
kêjaba-a tan kêna rinasa |
Samba-ngèrèng wong grès-ugrès |
Samba wêlulang asu |
tan tinatah mung dèn-irisi |
isih wulune ngiras |
pulase bang biru |
samya ginaguyu suka |
Ki Wuragil gumuyu nolih Nuripin |
nudingi sarwi mojar ||

12.
Lêkas muwus kênthol bagus Ripin |
gêring sêprandene anggêgarap |
lir wong prênjana wuwuse |
priye basamu mau |
endrajala mono kang êndi |
jawane kang (n)drajala |
Nuripin umatur |
kula ragi kirang priksa |
namung ilok-ilok myarsa dhalang ringgit |
mawi angendrajala ||

13.
Botên sêrêp ngajêng wingkingnèki |
ngling malih jêg nganggo mau ika |
bangsa jinggring mono priye |
aku tan pati surup |
Ki Nuripin matur ngèsêmi |
e botên piyambakan |
pan kêsupèn wau |
Ki Wirya ngling jêg angumpak |
anggêgarap siya-siya mring wak-mami |
dèn-padhakakên saka ||

Jilid 9 - Kaca : 189

14.
Sangsaya suka paguywan sami |
Jayèngrêsmi mèsêm ngandikanya |
suwawi umangkat age |
mupung enjing mêruput |
ingkang paman nauri aris |
iya payo prayoga |
mangkat mupung esuk |
anulya samya lumampah |
Ki Nuripin samêkta gêgendhong jarit |
lumaku kariyêgan ||

15.
Kulawirya gumuyu ngling bêcik |
dene lêntrêng-lêntrêng lakunira |
dol bagus kaya pêngantèn |
ngong apa nut sirèku |
apa sira angiring mami |
Nuripin aturira |
andang pira iku |
ngong mêksih satêngah lara |
suprandene lêkas wiwit dèn-dukani |
pyayi tan têpa-têpa ||

16.
Ki Wirya ngling dene ngong tan sakit |
matur e lah kêjawi punika |
wus kantênan sanès-sanès |
Jayêngraga gumuyu |
sêprandene biso madoni |
Jèngrêsmi lon lingira |
ya bêcik kadyèku |
nèng paran namur paguywan |
supaya mrih bêgarêng ati ngundhaki |
ing kêsêl miwah lara ||

17.
Lothung marahi kuwat sathithik |
darapon rada têngèrèng manah |
anggliyak sapêkolèhe |
Nuripin matur nuwun |
nulya laju lampahira ris |
nut lorog pêgalêngan |
anjog ing mêrga gung |
tumurun ngidul-angetan |
byar raina sumirat soroting rawi |
sumunaring pracina ||

18.
Andipani saliring dumadi |
sèsining rat katrapèng ujwala |
-nirèng surywa pamurbane |
nipat rum-rum sawêgung |
kasilaking Hyang Bagaspati |
mrabang lir netraning Hyang |
Kala ngrura ngejur |
marêrêng bintulu juga |
panrawunging urub bang ngidhêp-idhêpi |
tumênggi ing kanangrat ||

19.
Angododi undhuking sakalir |
ngulur tang wêwayangan apanjang |
Arunènjang panipate |
ron-ron rurumput mabun |
maruntusing pupus akikis |
kadi pinarênjêman |
kacrita ring lèr bun |
mêmadu prêdapèng patra |
pakis-aji lunge ngukêl ngulêr guling |
ngarêmbyung pakis-jangan ||

Jilid 9 - Kaca : 190

20.
Dhukut kalamênta lawan grinting |
tatêmbagan mêrakan lamuran |
kasrampak rumput mawa we |
ngêbêsi kang lumaku |
mawèng pagalêngan ing sabin |
bêbêran tinêgalan |
jagung myang jêwawut |
pulung asumba asinang |
papêncaran pala kasimpar ngêmohi |
janganan angayangan ||

21.
Lombok terong kara lan kêcipir |
linanjaran ambiyêt wohira |
sêmangka krai têmune |
sri pinagêran wuluh |
ririsigan dèn-ropohi ri |
ana kang wus rinêmbang |
wênèh lagya rabuk |
ngiwung nugar patêgalan |
pinggir wana têrataban gêrumbuli |
sinugat ingawugan ||

22.
Kang bêrujul kêbo lawan sapi |
ingaba bo ho hir kiya-kiya |
pating sarêlèt pêcute |
miwah kang anèng gubug |
gêgambangan kêndhangan asri |
sarwi nyawèni gaga |
angukuki manuk |
Nuripin anolih mojar |
nora jamak wong kae ngayêm-yêm ati |
tunggu kambi gambangan ||

23.
Sumêkèhan gagane andadi |
baya wong ngêndi kang samya gaga |
anggênggêng pinggir ginudhe |
wau ta kang lumaku |
ring pêgagan wu kang kawuri |
nampak wana kêtêban |
pêjatèn wrêksa gung |
kèh pêksi munya wurahan |
pêngêlinging ulung kalangan mêlingi |
anjurudêmung raras ||

573 Jurudêmung

1.
Cangak bêbayakan miwah |
manol darès jaka-wuru |
bidho dunsaka kakab rambu |
bahak bêduak gêrindan |
bango manawang mangiwung |
tumiling akêkalangan |
myang pêniyuping ngun-angun ||

2.
Srigunting angungsir kaga |
kèkèt kabundhal angasut |
kèkèt ninilap sinaut |
ngênèni pêksi lap-alap |
wingwrin pinêndir lumayu |
lap-alap nilap mêngandhap |
nibani dara kêtanggul ||

Jilid 9 - Kaca : 191

3.
Dara kèh ambyar sar-saran |
sasiki kêna rinawuk |
pratistha pêksi ngun-angun |
lumayu olèh mêmangsan |
pra ngawirya sukèng kalbu |
kèndêl dènnira lumampah |
myat pêksi ngasusut sinut ||

4.
Samya gumujêng asuka |
labêt luwar ing pakewuh |
wèh langêning kang kadulu |
pra pêksi lir ambubungah |
Nuripin angling gumuyu |
lèh gawe si alap-alap |
kaburu anêmu candu ||

5.
Hih hih lo si alap-alap |
solahe amrih kadulu |
daleya nyangkêrêm manuk |
darane ginawe dolan |
cinulkên uga sinaut |
bok uwis digawa lunga |
mènglang-mènglèng adol bagus ||

6.
Lap-alap lir wruh ing basa |
mêsat niyup ing gurda gung |
kang akèndêl gya lumaku |
umanjing wana gêrotan |
pêjatèn mêksih tumurun |
lêlêmpar angidul-ngetan |
pasitèn wêwêdhèn mawur ||

7.
Lon-lonan dènnya lumampah |
maklum marang santrinipun |
Nuripin kang mêksih ngukruk |
Jèngraga alon ngandika |
sêsambèn sarya lumaku |
si Ripin iku sih lalara |
rêmus awake sakojur ||

8.
Wuwuse kaya wong waras |
ukur wong lara cêlathu |
Nuripin alon umatur |
o inggih lêrês bêndara |
badan-kawula sêdarum |
bêbalung rêmêk sadaya |
Ki Kulawirya amuwus ||

9.
E e biyang nora jamak |
Nuripin (n)dang pira munthuk |
dene mêmêla ulatmu |
ngalêndrêg kêmlara-lara |
kaya wong gêring sawindu |
ugungan ingeman-eman |
dak-cawuk nyênthak janggutmu ||

10.
Nuripin agarundêlan |
andêlna yèn srêngên batur |
matur wong sakit sêtuhu |
dèn-ranni kêmlara-lara |
Ki Kulawirya sru muwus |
ngêndi ana wong gring bisa |
lumaku juwèh cêlathu ||

11.
Samya ginuyu kang putra |
awêlas mring santrinipun |
lumakyèng wana mèh kêmput |
wisan-gawe wancinira |
rarywan pinggiring dêlanggung |
parêrêbaning alampah |
nèng soring wit trênggulun gung ||

12.
Aseyub samya amucang |
Jayèngrêsmi ngandika rum |
Nuripin sira ngong dulu |
awakmu dene sangsara |
wong ribug wuwuh kabubuh |
matur o inggih punika |
dados bêbantêning kewuh ||

Jilid 9 - Kaca : 192

13.
Cilaka kêtula-tula |
saking sruning manah bingung |
myating durjana angiwung |
dadya ngungsi marang longan |
têmah kêblabag ambèn gung |
kaidak-idak wong kathah |
sasat karêbahan gunung ||

14.
Tan anyana manggih gêsang |
raosing badan sêkojur |
pan kados kinêpruk-kêpruk |
pisêking antol dêlika |
nindhihi badan sêdarum |
ya talah Nuripin sira |
awêlas têmên ngong (n)dulu ||

15.
Umatur nuwun nor-raga |
Ki Wirya mêncêp amuwus |
èh êngdene saya mumblug |
jêjèrèh wong (n)dongèng kalah |
sirike nanging ya patut |
dèn-dak-idak lir rinêncak |
jêr sira nasarkên laku ||

16.
Wong dèn-pakakkên durjana |
tujune ènthèng sinangkul |
ya iku Ripin tambamu |
wong gêndhila kêlèmêngan |
tan kongang kumringkang nguyuh |
gêdhidhak dadi prakara |
mèh thithik sira ngong-bubuh ||

17.
Nuripin tan bisa mojar |
Jèngrêsmi mèsêm amuwus |
lah sêwawi paman laju |
wus nipis wana kang kambah |
mênawi mangke ing ngayun |
yèn amanggih padhusunan |
kewala ananggêl laku ||

18.
Maklum mring santri kang lara |
mêlarat anèng ing purug |
kang paman alon amuwus |
paran ing sakêrsanira |
manira kewala anut |
wus mêngkana gya umangkat |
alon-lonan lampahira ||

19.
Pungkas wana pêjatènan |
nampak têrataban grumbul |
mêrga lêmpar wêdhèn mawug |
sarwi dulu têtanêman |
kèh dhuwêt jambu kêluthuk |
têrag tan nuju mangsa wah |
mung jali jarakcina gung ||

20.
Wus cêlak ing padhusunan |
kitrine katon ngarêmbyung |
akêtêb ijo kadulu |
anapak têgal papagan |
neka-neka palanipun |
kacaryan ingkang lumampah |
wirangrongan andudulu ||

574 Wirangrong

1.
Wanci Hyang Kalandaragni |
nêngah panase angobob |
tumapuk jiwangga lir tinunu |
roron lum mêrkitik |
kêtênggêl ing Hyang Surya |
saliring rat kalêsahan ||

Jilid 9 - Kaca : 193

2.
Tumumpêr lir anggêsêngi |
Nuripin ngrêsula kagok |
bilah nora jamak panasipun |
gumamplêng (ng)gêdhêgi |
tan ana ub-auban |
lêmah tinapak apanas ||

3.
Lêbu wêdhèn kang amawi |
lir amênyak wedang umob |
Nuripin lampahnya agêriguh |
saking panasnèki |
kêkicatan tan bêtah |
ngalincak lèrèn sêdhela ||

4.
Sinampyêng lampahirèki |
dènyarsa kampir ing dhukoh |
praptèng pinggir dhadhah nèng sor bulu |
samya rarywan linggih |
Jèngrêsmi lon ngandika |
lan Ripin sira mèntara ||

5.
Mring pomahan dèn-agêlis |
anêmbung lèrènan kono |
Ki Kulawirya jar lo iku gus |
ywa kaya kang uwis |
yèn kongsi ko(k)pindho-a |
amêsthi bilai sira ||

6.
Jèngraga gumuyu angling |
ya nèk manèh sira ngompol |
Ki Nuripin sigra maring dhusun |
angulat-ulati |
janma ingkang prayoga |
supaya ywa mêlang ing tyas ||

7.
Takèn pakaumanèki |
marang wong ingkang kaprêgok |
yèn (n)dika têtanya kaumipun |
niku Ki Nurbayin |
tan wontên pangulunya |
nging Ki Nurbayin punika ||

8.
Pitutuwaning desa ki |
dhik-kêdhik ragi ginuron |
maring ingakathah sami mriku |
barang kang kinapti |
Nuripin sukèng driya |
nulya marang wismanira ||

9.
Tinudingan wismanèki |
Ki Nuripin mara gupoh |
praptèng wismanira amitêmbung |
nêdya nunukêri |
angandhar mula buka |
ing salampah rèh dinuta ||

10.
Anauri Ki Nurbayin |
inggih prayogi kemawon |
nging ngong tan kêwasa pênêdipun |
maring (ng)gèn pêtinggi |
barang rèh tan kuciwa |
lan pênêd watêkanira ||

11.
Nanging (ng)gih (n)dika-aturi |
mêriki kularsa tumon |
Ki Nuripin sigra gupuh wangsul |
praptanirèng ngarsi |
Nuripin aturira |
paduka sami ngaturan ||

12.
Sami pitados tan watir |
botên kadya kang kêlakon |
punika prayogi wismanira |
nênggih Ki Nurbayin |
ingkang tinuwa-tuwa |
ragi ginuron ing kathah ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (12b) Kaca 169 - 184
  • (13a) Kaca 194 - 204 >