Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 39

Kontak Admin.

email-kidemang

 (13a) Kaca 194 - 204

 

( Dumugi ing dhuwun )

09

VI. Dumugi ing dhuwun

Longsor, para andon lampah sipêng ing griyanipun Kaum Ki Nurbayin ingkang gadhah anak tiga, prawan kasèp, sumêngka ing asmara sami nubruk Jayèngraga.

1. Dumugi ing dhusun Longsor, para andon lampah sipêng ing griyanipun Kaum Nurbayin. Dhusun Longsor punika kineringan dening sakiwa-têngênipun jalaran pêtingginipun nama Raga-mênggala sagêd srawung ing ngakathah, manahipun sae, budinipun santosa.

Dalunipun kasêgah nêdha dipun ladosi Nyi Nurbayin lan anakipun têtiga prawan kasèp, rupinipun kuciwa, nama Banêm, Banikêm lan Baniyah. Solah-tingkahipun dinamêl-damêl murih kinasihana. Pêtinggi Raga-mênggala kalihan tiyang sawatawis sami dhatêng pêrlu ngurmati tamunipun Ki Nurbayin. Para tamu dipun aturi lêrêm ing griyanipun pêtinggi, nanging sami milih ing griyanipun Nurbayin. Ki pêtinggi atur pasêgah sakalangkung pêpak.

Jayèngrêsmi nyariyosakên anggènipun kêsasar, sipêng ing griyanipun benggoling durjana, sami dipun kroyok, nanging wilujêng.

Mirêng cariyos wau, ki pêtinggi lajêng kèngêtan bilih ing ngriku wontên tiyang tiga saking Têgarèn, lajêng sami dipun takèni. Aturipun, para durjana sami anukup têtamu awit saking pangajakipun Brajalamatan, Brajalintang lan Dhadhungawuk. Sanèsipun namung tumut kemawon. Tiyang tiga wau sami nandhang tatu, mila sakalangkung ajrihipun. Kulawirya paring arta tigang reyal dhatêng para durjana ingkang sami nandhang tatu kangge tumbas jampi.

Ki pêtinggi atur katrangan bilih dhusun Longsor punika kalêbêt talatah Trênggalèk Lêmbuasta. Mila tindakipun para andon lampah badhe kadhèrèkakên ki pêtinggi piyambak. Lajêng rêrêmbagan bab têtanèn mawi petang tuwin sarat sarana wiwit panggaraping sabin murih wilujêng kalis ing ama. Sadaya wau miturut tuntunanipun Ki Nurbayin.


Kaca 194 - 204.

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 9 - Kaca : 194

574 Wirangrong

13.
Lêga tyasira Jèngrêsmi |
sarwi angandika alon |
lah sumangga paman maring dhusun |
kang paman nauri |
lah ya payo prayoga |
anulya samya lumampah ||

14.
Lon-lonan malbèng desa-ki |
mring wismanya kang tinanggoh |
tan na dangu prapta gupuh-gupuh |
kang duwe wisma wismèki |
sarya ris aturira |
sumangga tumamèng wisma ||

15.
Kang ngaturan nulya aglis |
mangsuk ing wisma sinaos |
kêlasa sarya-nyar tata lungguh |
umatur Nurbayin |
karaharjaning lampah |
sarta têmbening pagutan ||

16.
Sinauran sami-sami |
sarwi pajar purwaning (n)don |
Nurbayin nor-raga sakêlangkung |
dennya jrih mring tami |
sabab wus miyarsa warta |
ki guru ing Wanamarta ||

17.
Mangkya kang putra martami |
kampir dènnya ngêlana (n)don |
sru sokur ing nala sugun-sugun |
mundur saking ngarsi |
akèn angrukti sêgah |
myang kinên mènèk dawêgan ||

18.
Dadakan nêmbêlèh pitik |
têtêlu kang dhara babon |
binasêngèk samya tan adangu |
dènnya ngrêratêngi |
wus ramut sêdayanya |
anuding mring rayatira ||

19.
Miwah mring anake èstri |
têtêlu nging awon-awon |
kinèn nyaosêna maring ngayun |
sigra kang tinuding |
naoskên sugata |
Nurbayin (m)bêkta dawêgan ||

20.
Nèng ngarsa ngirit kang èstri |
kêlawan anake wadon |
praptèng palungguhan suguhipun |
sumaos ing ngarsi |
Nurbayin lon aturira |
sumangga ingkang punika ||

21.
Sumapala anaosi |
namung sarate kalêson |
wening nyu sacrêtan mugi katur |
ring paduka sami |
Jèngrêsmi rum ngandika |
ênggèh sru pênrimaningwang ||

22.
Pan sarwi samya angambil |
dawêgan sampun binolong |
nginum we sêdhêngan apikantuk |
sêgêr angganèki |
rêrêm dènnya katoran |
lorot sinungkên mangandhap ||

Jilid 9 - Kaca : 195

23.
Tinêlaskên mring Nuripin |
dêgan lajêng pinêlathok |
pan wus binêlungkang dêgan têlu |
wus têlas binukti |
Jèngrêsmi lon ngandika |
kalungsèn ing katambêtan ||

24.
Sintên paman ranirèki |
lan ing pundi raning dhukoh |
matur kang liningan nggih sang bagus |
kang sotah mastani |
pun Nurbayin kawula |
nèng ngriki katêmpah sêpah ||

25.
Momong nak putu gêng alit |
mung kula kang dèn-dhêdhaplok |
myang nak-putu prapat dhusun-dhusun |
kang sami mêrsudi |
samya dhatêng mring kawula |
anggêpe sami ambapa ||

26.
Dene kang dhusun puniki |
winastan dhusun ing Longsor |
pan ragi keringan dening kècu |
tan purun ngrêsahi |
Jèngrêsmi ris ngandika |
(ng)gih sokur Alkamdulilah ||

27.
Ki Nurbayin matur malih |
sumanggamba turi turoh |
gya ingkang ingancaran aturuh |
sarwi ngandika ris |
lah suwawi wasisan |
sami anadhah kêmbulan ||

28.
Nurbayin nuwun turnèki |
paduka nadhah sang anom |
kula wus luwaran duking wau |
yata kang abukti |
pikantuk dènnya nadhah |
nutug nulya aluwaran ||

29.
Cinarik sinungkên maring |
Nuripin nadhah adhokoh |
kongsi tan bisa bah langkung tuwuk |
akêdhik kang kari |
pan wus dènnya amangan |
sininggahkên ajangira ||

30.
Ki Wirya gumuyu angling |
lo Ripin olè (m)bêbadhog) |
jarene kêlaran gêring ngukruk |
pêmangane bêlis |
asor yèn kêwarasan |
agawok giris tumingal ||

575 Girisa

1.
Jayèngrêsmi lon ngandika |
kadipundi wau paman |
mawine dhusun kèringan |
puniku sabab punapa |
Nurbayin alon turira |
duga-dalêm ingkang mawa |
kêdah kèringan kewala |
(ng)gih wontên kêdhik kang mawa ||

Jilid 9 - Kaca : 196

2.
Kang dados pêtinggi desa |
ing Longsor ragi keringan |
sagêd ngêmori ing kathah |
dhasar pênêd manahira |
yèn kêtêmpuh ing prêkara |
dhasar sêntosa bêlaka |
bêbanthèng ing pêgunungan |
wastane Raga-mênggala ||

3.
(ng)Gih anak-anakan kula |
mêksih kêpenakan misan |
mila yèn parêng ing karsa |
mangke prayogi mangetan |
angêt datan sumêlang tyas |
inggih pun Raga-mênggala |
kêlangkung rêmên tamuwan |
wong sae ginêmatènan ||

4.
Utawi tamu prayoga |
mendahipun bungahira |
punapa kang kinarsakna |
kados tan cuwa ing karsa |
lah sumangga yinêktosan |
Jayèngrêsmi ris ngandika |
(ng)gih sokur paman utama |
nging dhêdhême tyas manira ||

5.
Kêdah nèng ngriki kewala |
nukêri wismane paman |
sêdalu lawan sêsiyang |
anêdha-lila andika |
Ki Nurbayin lon turira |
inggih sumangga kewala |
namung ngaturi prayoga |
kang pitados ing panggenan ||

6.
Jèngrêsmi nauri sabda |
inggih sapênêde paman |
mêngkana ing wancinira |
wus akir wêktu Luhurnya |
paman manira yun salat |
umatur inggih sumangga |
nulya samya marang langgar |
Nurbayin kinèn dadi man ||

7.
Matur mopo mum kewala |
Jèngrêsmi ngimami salat |
antara wêktu wus bakda |
tan kundur laju nèng langgar |
Ki Nurbayin maring wisma |
nuduh kèn saos dhaharan |
mring nak rabinya mring langgar |
samya naoskên nyamikan ||

8.
Cinaran dhahar nyamikan |
ngawirya samya dhaharan |
wowohan myang lah-olahan |
wus antara dangunira |
ing wêktu wus manjing Asar |
sêdaya sarêng akadas |
samya salat wêktu Ngasar |
wus pêragad bakda salat ||

Jilid 9 - Kaca : 197

9.
Mêksèca lênggah nèng langgar |
Ki Nurbayin marang wisma |
akèn nyaoskên dhaharan |
rabinya lan sutanira |
gupuh sêsaji mring langgar |
wus tinata anèng ngarsa |
samya mundur maring wisma |
Nurbayin nuding rowangnya ||

10.
Kinèn ngaturi pra tuwa |
manggihi têtamunira |
miwah ki pêtinggi lurah |
lurah bubundhêling desa |
sarta angrukti sugata |
-nira kang badhe jagongan |
wus nyêmbêlèh bèbèk ayam |
myang angolah pêpanganan ||

11.
Wus rumat dènnya parentah |
nulya Nurbayin myang langgar |
tundhuk lan para ngawirya |
saha nyarakkên dhaharan |
ingkang sinêmbrama samya |
adhahar sasênêngira |
wowohan myang lah-olahan |
nyamik sapikantukira ||

12.
Nurbayin alon turira |
sang bagus amba punika |
rumaos kêlangkung bêgja |
inggih tamiyan paduka |
pêndugi-kula ing manah |
andika sampun utama |
ing ngèlmi ingkang sampurna |
pun bapa angalap bêrkah ||

13.
Kula tuwa-tuwa bangka |
kakèhan taun kewala |
tan (n)dungkab babing sampurna |
ing dalêm titah ngagêsang |
kêtungkul ngèlmi nènèman |
tan dugèng ngèlmi kang tuwa |
inggih sanguning apêjah |
mugi sang bagus asunga ||

14.
Pitêdah ingkang sanyata |
Jayèngrêsmi lon ngandika |
mêne dènnya nyênyamikan |
mêksih angasta pisang mas |
saulêr sarwi anabda |
mèsêm wor ing panêmbrama |
kêlangkung atêbih paman |
pêmbatanging mring manira ||

15.
Lir ngincup antuping kombang |
cêpak lupute pêthèknya |
tangèh kêlêrêsaneka |
manira santri wêlaka |
mêksih winulang sudarma |
dèrèng wruh ngèlmu nèm tuwa |
yèn ngèlmi santri tan endah |
namung ngèlmi sêmbahyangan ||

16.
Linulud dalu lan siyang |
gumuyu Ki Kulawirya |
i bilah dene agawat |
kang Nurbayin pitakonnya |
dene kadi wohing nanas |
mawi pinilih nom tuwa |
puniku dospundi kakang |
Ki Nurbayin mèsêm nabda ||

Jilid 9 - Kaca : 198

17.
Inggih mangsa-borong samya |
ing ngriku panuwun-kula |
angalap bêrkah wuwulang |
mila ngong atur pêtanyan |
saking balilêt kawula |
dununging ngèlmi nèm tuwa |
sêsangu ginawa pêjah |
Ki Wirya sangssaya latah ||

18.
Sarya ngling kaya wong lungan |
mikir sangu kang ginawa |
Jèngraga mèsêm ngandika |
lêrês man Nurbayin (ng)gènnya |
tanya ngèlmu nom tuwanya |
kang nyata pêtanyanira |
wajibing gêsang ihtiyar |
puniku apan utama ||

19.
Ki Wirya malih ngandika |
(ng)gih gampil puniku kakang |
Nurbayin pêtanyan-dika |
tan susah matur anakmas |
sêkalihan miwah mring wang |
gampile andika tanya |
marang Nuripin kewala |
uningèng ngèlmi nom tuwa ||

20.
Yèn kula ngèlmi punika |
kang ginawa sangu pêjah |
pênêde sangu bêrambang |
kinandhut ywa ical-ical |
niku kakang kang utama |
tinandur anèng ing dunya |
suprih thukul ing akerat |
mêkotên pêsêmonira ||

21.
Kudu-kuduning agêsang |
kang tan pêgat pujinira |
lir bêrambang ingoncèkan |
tan têlas kuliting brambang |
sap-sapaning ngèlmu rasa |
Nurbayin mèsêm anjola |
matur tan pati surupan |
anyathêti kanthètira ||

576 Kinanthi

1.
Ki Kulawirya amuwus |
yèn andika kang Nurbayin |
arsa wruh ingkang têtela |
(ng)gih ngriku maring Nuripin |
kang wus tinanilan mulang |
mring murid ingkang sêdyapti ||

2.
Ambakna niku nyêkukruk |
tan kêna dèn-mêjanani |
Ki Nurbayin ngungak-ungak |
sarya ngling marang Nuripin |
kadospundi ngriku anak |
lajênge mungguhing ngèlmi ||

Jilid 9 - Kaca : 199

3.
Nuripin nauri saguh |
(ng)gih mangke kewala gampil |
mêksih apanjang onjodnya |
tiyang wus anèng ingriki |
tan susah kasêsa-sêsa |
dêdalon kewala bêcik ||

4.
Mêngkana ing wancinipun |
ancala wus tunggang wukir |
samya mudhun saking langgar |
arêbat wêktu Mahêrip |
Jèngraga kinèn dadi man |
wêwacanira dèn-apti ||

5.
Nurbayin ngalêm jro kalbu |
sangsaya dènnya jrih asih |
wus bakda wêktu Mahribnya |
nuju sunatira wabin |
gya manjing angangkat Ngisa |
Jèngraga mêksih ngimami ||

6.
Antaranira bakda wus |
pêragat sunat lan witir |
samya ngaturan mring wisma |
nulya sêdaya umiring |
wus prapta tata alênggah |
ginêlaran sarwa suci ||

7.
Ki Nurbayin sigra nuduh |
mring rabi lan anaknèki |
ingkang liningan ngêpah |
êmboke nuduh mring siwi |
padha sira rêrêsika |
ngladèni dhayoh priyayi ||

8.
Ing sêkadare wong dhusun |
aja nisthakakên kèksi |
anake samya agêpah |
nulya bêbraèn arêsik |
Banêm Banikêm Baniyah |
ting gadhuwêt salin jarik ||

9.
Banêm tapih tuluh watu |
grusan tigas dèn-anyari |
kêmbên solok turun waspa |
gêlung munjung dèn-sêkari |
usit tanjung lan kênanga |
acucundhuk sêkar kanthil ||

10.
Boborèh sari apupur |
Banikêm tapih garingsing |
mayang mêksyanyar bang-bangan |
kêkêmbên pêlangi wilis |
apupur wêdhak lamatan |
gêlung (n)dhog kagênêm jindhil ||

11.
Baniyah tapih têruntum |
kêkêmbên pêlangi abrit |
ubêd kêkêndhon sumangga |
singsêt ngarêp nglokro buri |
gêgêlungan canthèl pisang |
anggondhèl nèng githoknèki ||

12.
Tanpa sekar mung cucundhuk |
kanthilan ronne sêmlêmpit |
[---] |
pupur walêr borèh kuning |
ni rara katêlu pisan |
mèh kêlungsên ing wêwanci ||

Jilid 9 - Kaca : 200

13.
Prawan tuwa ting salêbug |
gadrug-gadrug durung laki |
wangun wagu kiwa-kiwa |
ambêbêsus mêsês linthis |
nyongar-nyongor tiru bapa |
mung Baniyah dhamis kêdhik ||

14.
Samya irêng rada suluh |
ngungkuli sarwa sêthithik |
sawuse samya adandan |
biyange mèsêm sarya ngling |
lah ya mêngkono nakingwang |
patut kadêlêng priyayi ||

15.
Wis ta mara dèn-agupuh |
ladèkna suguhmu aglis |
kang sinung ling sigra nyandhak |
pasugata maring ngarsi |
Banêm Banikêm Baniyah |
(m)bêkta bucu dhulang kêndhi ||

16.
Sinaoskên marang ngayun |
Baniyah majêng ing ngarsi |
anjongok sarwi kandhêgan |
tangan têngên nata piring |
kiwa kuwaga siduwa |
liringe amêratani ||

17.
Kêmbên kakosèr ing sikut |
marucut lukar sanisih |
bluju mêthuthuk mênthêkan |
lir wudun ngabuh-abuhi |
mêntholos ngênthos angegla |
anjingkat ni rara isin ||

18.
Bênakkên kêmbên kêsusu |
tangan sih nyêkêli piring |
isi ragi srundèng kacang |
byuk wutah mawut mratani |
arèngkodan solahira |
angimpun kêmbên sasisih ||

19.
Têngên brukut kiwa mrucut |
gênti mênthongol kaèksi |
pra tamu nênamur tingal |
bapakne (m)bêkus ngaruhi |
hih bocah tan ngarah-arah |
Banêm Banikêm ngèsêmi ||

20.
Baniyah srèwotan mundur |
mipit kêmbên kang ngêndhoni |
bug-bug lumayu mring wisma |
mêksih sarwi bêkta piring |
ni Baniyah langkung merang |
kakang wus mundur sing ngarsi ||

21.
Biyange mèsêm asêndhu |
bocah apa sira iki |
polahe sêmbèr lèwèran |
têmah angisin-isini |
samya anutuh sêdaya |
biyange lan kakangnèki ||

22.
Biyange ngungun andulu |
marang sutanira katri |
samya brangta mring tamunya |
kêtara pasanging liring |
dhasar sami prawan kawak |
mêjên mulat ing têtami ||

23.
Wau kang sami alungguh |
Ki Nurbayin ngancarani |
sumangga awêwantinga |
kula turi sami bukti |
prayogi mriku piyambak |
sumapala nênaosi ||

Jilid 9 - Kaca : 201

24.
Anuwun sêpuntênipun |
pasugata tan prayogi |
pra ngawirya ris ngandika |
ênggèh wus têrima-mami |
tan sagêd amangsulana |
sih andika sung kêndhuri ||

25.
Pan samya sarwi têturuh |
(n)dan lêkas sarêng abukti |
pikantuk dènnya anadhah |
antara dangunirèki |
anutuk dènnya kobokan |
majêng ingkang nglêladèni ||

26.
Biyange ngoso amuwus |
lo uga manèh mêndhêlis |
(m)bok sing singsêt kêkêmbênan |
Baniyah sigra ngowahi |
sih kêndho dhadhandhêmira |
tan kêna dèn-ruh-aruhi ||

27.
Kêmbênan angglathik-mungub |
ngêndhog sêtugêl kang kèngis |
bêngkêr mrih mundul kinarya |
ngegla wonga-wonganèki |
Banêm Banikêm myat ewa |
rêbut dol ayu mring tami ||

28.
Ni rara têlu mangayun |
sami ulate mumurih |
sarêng praptanirèng ngarsa |
Jèngraga Kulawiryèki |
ewa mèncêp ngling ing driya |
andruwêng têmên wong iki ||

29.
Wong padha lir bugêl sêmpu |
dol ayu tan dulu dhiri |
pangrasane yu-ayuwa |
nuliya dèn-dhêdhêmêni |
dhapure kaya bêdhigal |
tan na ngrasa ulah liring ||

30.
Ni rara têlu agupuh |
anyarik ambêngirèki |
lajêng sinungkên mêngandhap |
kabèh mring santri Nuripin |
adhacah rampadan tarap |
Nuripin glis muluk nasik ||

31.
Kêsusu tan kongsi wisuh |
lapake kêpengin bukti |
Ki Wirya anolih mojar |
lo cêkothonge Nuripin |
lir sorok tlethong gêdhogan |
ambêlabak olèh kardi ||

577 Balabak

1.
Ki Nuripin athêkul dènnira bukti |
puluke |
nora kongsi angêpêl ukur nyêkêdhung |
tangane ||

2.
Bluwa-bluwo lap-lêp tan kanthi dèn-mamah |
sêgane |
themal-thèmêl mangan iwak nora anggop |
cupake ||

Jilid 9 - Kaca : 202

3.
Kae Kulawirya myat marang Nuripin |
tandange |
ngling ambêkus dubilah Nuripin kumat |
edane ||

4.
Ambakna wong (m)bêbadhog lir tan kaupan |
dilèngèng |
nora jamak mamah-mumuh mangan iwak |
cuwake ||

5.
Ngaji pupung ngijèni tan na ngregoni |
jêbloge |
pamuluke akêrêp lir asu gancèt |
ngingkige ||

6.
Nora kongsi tugêl upane pinamah |
ge-age |
pilang-pilang gondhange bisa ngêlêdi |
kêrêpe ||

7.
Ki Nuripin ambêkuh mêksih amangan |
grundêle |
èh êng jêlèh andêlna dahwène opèn |
panastèn ||

8.
Saya nêmên pêmangane mundhak sêngkut |
cêkohe |
Ki Wirya ngling lo malah druwowo bae |
edane ||

9.
Matur e e lae angangkah punapa |
pamine |
yèn mundura mangsa siyosa amangan |
warêge ||

10.
Wus mêngkana anutug dènnya amangan |
dangune |
ingundurkên ajange marang ni rara |
katrine ||

11.
Samya mèsêm ni rara atutup lambe |
anggane |
wusnya mundur nulya naoskên dhaharan |
ge-age ||

12.
Wowohan lan olah-olahan mêpêki |
kabèhe |
Ni Baniyah tansah ngalang-ngalang liring |
lirike ||

13.
Tan kêsaman dènnira anyangkut tingal |
sêbêle |
lir tambahing timba sinurupkên lèng dom |
pamane ||

14.
Tangèh panjingira paguting pasêmon |
lèjême |
kadya sawêr dènyarsa anglèng kêbunton |
pêpête ||

15.
Wusnya naoskên dhêdhaharan ni rara |
nulya ge |
samya mundur mring wisma sêmune cuwa |
atine ||

16.
Ki Nurbayin matur sumangga punika |
sêsambèn |
sawontêne mamangsêgan sumapala |
nisthane ||

17.
Tamunira nauri inggih ngong-trima |
ing sihe |
mapan sampun ingadhêpakên ing ngarsi |
sêlote ||

Jilid 9 - Kaca : 203

18.
Tan antara kang samya êca alênggah |
dangune |
gya prapti ki pêtinggi Raga-mênggala |
alinggèh ||

19.
Tur pêmbagya marang pra tamu katrinya |
rahabe |
winangsulan wilujênge sami-sami |
wuwuse ||

20.
Wontên malih kang prapta pra tuwa-tuwa |
tanggane |
wong pipitu pan Ki Soma Wanadrêpa |
lan malèh ||

21.
Tanujaya Wrêgajaya Upagati |
Ki Moglèng |
Ki Miruda samya tinuwa ing desa |
kabèhe ||

22.
Gantya-gantya atur wilujêng mring tamu |
pambêge |
winangsulan pênarimanira sami |
sojare ||

23.
Samya dongong aningali mring têtamu |
baguse |
ing pasêmon mriyayi anjêtmikani |
sênênne ||

24.
Samya (n)duga lamun putrane Jêng Kyai |
yêktine |
kang kêkalih kêlangkung abagus anom |
warnane ||

578 Sinom

1.
Umatur Raga-mênggala |
mring sang bagus Jayèngrêsmi |
lamun pinarêng ing karsa |
paduka kula-aturi |
sarèh nèng wisma-mami |
ragi wontên ombèripun |
nèng ngriki karipêkan |
duk siyang kawula wêling |
mugi sang bagus kêrsa-a mring wismamba ||

2.
Jayèngrêsmi rum ngandika |
lah ênggèh kakang prêtinggi |
asru pênarimaningwang |
tan sagêd ngong mangsuli sih |
ngriki kemawon mami |
nunukêri wismanipun |
angrêrêmakên lampah |
krana Lah ngangkah punapi |
anèng ngriki sasat nèng wismane kakang ||

3.
Andhêku Raga-mênggala |
cuwa dènyarsa ngaturi |
langkung sêngsêmirèng driya |
marang sang atamu katri |
katrapan ing pangèksi |
tyasira akusung-kusung |
wus angrukti sugata |
sêkul pangananirèki |
Ki pêtinggi Raga-mênggala parentah ||

Jilid 9 - Kaca : 204

4.
Mring batur kinèn ngambila |
saosan kang wus miranti |
agêpah ingkang liningan |
amundhut pasugatèki |
tan dangu nulya prapti |
rong jodhang rampadanipun |
sêkul lawan panganan |
tinampan ni rara katri |
ki pêtinggi ngling êndhuk banjur ladèkna ||

5.
Banêm Banikêm Baniyah |
solahe samya kinardi |
mêsês lir ayu-ayuwa |
dol ayu dlèrènging liring |
mêjên kêjêng ningali |
tênagane mring têtamu |
ambêdhog ngadhang ulat |
anyêgat ulat pakolih |
samya ngringêt ting pêruntus irungira ||

6.
Sigra naoskên rampadan |
bubucu angêt barêsih |
sinaosakên ing ngarsa |
ni rara tri nata piring |
kabèh piring gumlêthik |
wèng-wèng tansah myat ing tamu |
mèsêm Raga-mênggala |
ngling dèn-alon nglêladèni |
ni rara tri samya mèsêm ingaruhan ||

7.
Sarwi mulat ing tamunya |
lirike amêratani |
Jèngraga ewa tyasira |
ngling ing driya bocah iki |
anggigilani ati |
kêmlakarên ing pandulu |
kaya tan kolu mangan |
ngênês gêring dening liring |
wong lir gênjik jêginik kêmêdah endah ||

8.
Wusnya gya mundur ni rara |
ki pêtinggi ngancarani |
sumangga ingkang punika |
kawula naosi bukti |
sêpala tan prayogi |
namung pêmancaling kêmul |
inggih maklum paduka |
kawula turi wêwanting |
Jayèngrêsmi alon wijiling wêcana ||

9.
Kêlangkung pênrimaningwang |
pasihaning kang prêtinggi |
tan sagêd amangsulana |
pinagut amanggih bukti |
sarya ngling jroning ati |
kêmurahaning Hyang Agung |
dene mêntas luwaran |
mawantu ana asung sih |
kaya-kaya tan kêwawa nadhahana ||

10.
Nulya wêwanting sarya jar |
lah suwawi kang prêtinggi |
myang pra sêpuh sêdayanya |
samya akêmbulan bukti |
têmbene sih pêpanggih |
kewala krana Lah-ipun |
sêdaya aturira |
paduka sami abukti |
botên susah anggalih ingkang omahan ||

11.
Pinêksa kêmbulan nadhah |
gupuh mojar ki pêtinggi |
èh sapa kuwe kang ana |
sira mêngetana aglis |
mundhuta bucu malih |
roro sarampadanipun |
kang tinuding gya mentar |
tan dangu anulya prapti |
sinaoskên tata nèng bale-watangan ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (12c) Kaca 185 - 193
  • (13b) Kaca 205 - 214 >