Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434703
Hari ini     :Hari ini :103
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :169
Bulan ini   :Bulan ini :3332
s/d hari ini   :s/d hari ini :434703
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 11

Kontak Admin.

email-kidemang

 (15b) Kaca 219 - 220

 

( Ki Bayi sapandhèrèk kapanggih Sèh Mangunarsa )

11

VI. Ing Wanataka, Ki Bayi sapandhèrèk kapanggih Sèh Mangunarsa ingkang ngaturakên bilih sagêdipun kapanggih Sèh Amongraga wontên ing Jurang Jangkung, mila Ki Bayi sakalihan lajêng mangkat daya-daya badhe kapanggih putra lan mantunipun. Pêpanggihan sawatawis, Sèh Amongraga matur bilih botên sagêd wangsul dhatêng Wanamarta. Namung Jayèngrêsmi lan Jayèngraga ingkang sagêd wangsul, nanging taksih sami sêmados badhe nutugakên anggènipun nyêpi rumiyin.

1. Ki Bayi Panurta sapandhèrèk nglajêngakên lampah dhatêng Wanataka. Lampahipun nglangkungi sêndhang Kalampeyan pangangsonipun tiyang kathah lan papan pêpanggihanipun Sèh Mangunarsa lan Sèh Anggungrimang kalihan Sèh Amongraga. Sèh Mangunarsa sampun angsal dhawuhipun Sèh Amongraga bilih Ki Bayi Panurta sakalihan badhe rawuh ing Wanataka. Sèh Mangunarsa nimbali Sèh Anggungrimang dalah semahipun, Ni Rancangkapti. Ki Monthèl lan Cênthini rêramban ing patêgalan, dumadakan sami sumêrap rawuhipun Ki Bayi Panurta sakalihan, lajêng mapagakên kanthi têtangisan.

Sèh Mangunarsa atur uninga bilih para putra tuwin mantu badhe manggihi Ki Bayi Panurta sakalihan wontên ing Jurang Jangkung. Bakda Ngisa, sasampunipun ubarampe sêsaji tuwin padupan karakit dening Cênthini, lajêng sami bidhal dhatêng Jurang Jangkung. Sasampunipun Ki Bayi sakalihan tirakat tigang dalu, Sèh Amongraga sarta garwa lan adhi-adhinipun sarimbit sami ngatingal. Para mantu lan putra sami ngabêkti. Ki Bayi lajêng dipun aturi kundur rumiyin, benjing yêkti kapanggih malih wontên ing sêndhang Kalampeyan. Sampun lêjar panggalihipun Ki Bayi sakalihan.


Kaca 192 – 209

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 11 - Kaca : 219

89.
Mênggah kusuk lan ngasik puniki |
kusuk apan wêdos |
ngasik purun marang Pangerane |
kadipunêndi nisubi yayi |
lawan kusuk wêdi |
mring Pangeranipun ||

90.
Kadi punapa puruning yayi |
punapining wêdos |
Ki Sèh Mangunarsa lon dêlinge |
kusuk ajrih yèn angloro Gusti |
lan kita puniki |
kumambèng Hyang Agung ||

91.
Tan rumangsa adarbe pribadi |
kagungan Hyang Manon |
sacacahing kita sadayane |
kawula tan kêna wor lan Gusti |
Gusti pan tan kenging |
wor kawula makhluk ||

92.
Pan sayêkti yêktinya tan kenging |
lamun kawor winor |
wus katutup ing sanalirahe |
kang basa ngasik puniku wani |
wani ngandêl yêkti |
Allahu akhadun ||

93.
Allah tangala pan datan kalih |
tuhu yèn sawiyos |
wani sanggêm ing toh jiwanggane |
pancataning ro maring sawiji |
wiji tan kawijil |
ginêdhong sinamun ||

94.
Tan lyan saking kang wus bangsa mukik |
mustakik Hyang Manon |
pan tan kengang iktekad sasambèn |
laranganipun pra ahli ngarip |
wus dhèwèkanèki |
ngilmi kang kadyèku ||

95.
Lagya madyan rarasaning ngèlmi |
kulawangsa gupoh |
Ki Salodha agita ature |
marang Kae Sèh Mangunarsèki |
kawula pan saking |
loring Jurang Jangkung ||

96.
Tumingal ramanta (n)Jêng Kiyai |
lumampah tatêlon |
lan kang garwa katri Cênthinine |
saking têbih gajêgipun inggih |
mêntas ing panêpin |
Palanggatanipun ||

97.
Anglintangi patalunan têpis |
nêre laju ngalor |
Sèh Malangkarsa laju wuwuse |
ngancarani maring sadayèki |
amêthuk Ki Bayi |
kang karsa mring dhukuh ||

98.
Sigra samya linggar sing (ng)gyannèki |
amapag kang rawoh |
Mangunarsa lan Malangkarsane |
Anggungrimang Pariminta tuwin |
Ki Sèh Amongsari |
myang kulawangsèku ||

99.
Miwah wong magêrsari umiring |
samyèlur mangalor |
Monthèl nèng ngarsa gancang lakune |
jroning ati amapag pribadi |
Mangunarsa [Ma---]

 

Jilid 11 - Kaca : 220

[---ngunarsa] angling |
Thèl mulih rumuhun ||

100.
Tata-tata gêlaranirèki |
dèn-samêktèng kono |
anudinga wong magêrsarine |
santri Monthèl mandhêg ajêgagik |
cuwa kawuwung jrih |
nimpang ngalor ngunclung ||

101.
Mangunarsa ngling mring Rancangkapti |
lah yayi sirèko |
aywa mèlu mêthuk ing ramane |
angruktiya mring wisma sasaji |
kang rayi naguhi |
tan lêngganèng tuduh ||

102.
Nimpang ingiring wong jalu èstri |
atanggên nèng pawon |
yata ingkang mangetan lampahe |
Mangunarsa Malangkarsa tuwin |
Anggungrimang katri |
myang kulawargèku ||

103.
Sangsaya parêk dènnya mêthuki |
saking wetan kulon |
samya uluk-salam sadayane |
Kae Bayi rahab anauri |
pasalamirèki |
ngalekum salamu ||

104.
Kulawarga mitra angabêkti |
sasalaman gêntos |
yata wus kering wau lampahe |
praptèng wisma palungguhanèki |
apan wus rinukti |
paglaran klasa lus ||

105.
Tata anèng paningratirèki |
kapang têpung lunggoh |
santri jalu èstri naosake |
paududan pawohanirèki |
miwah wedang kopi |
mamanisanipun ||

106.
Rancangkapti mring ngarsa ngabêkti |
mring rama myang êmbok |
matur ring raka Mangunarsane |
punika sampun kawula rukti |
Sèh Mangunarsa ngling |
saosna ing ngayun ||

107.
Kang liningan mundur sarya nuding |
pra parêkan wadon |
samya nampa dhulang rampadane |
Ni Cênthini titipi ring ngarsi |
Nikèn Rancangkapti |
wus kinèn wor lungguh ||

108.
Mangunarsa ngancarani aris |
ngaturan tuturoh |
nulya samya wanting sadayane |
nulya parêng lêkas dènnya bukti |
Ki Bayi tan pati |
anadhah kur-ukur ||

109.
Miwah sira Nikèn Malarêsmi |
kur sarat kimawon |
tan pikantuk rasèng bukti rêke |
lir pra pêri wus tan ahli bukti |
wus lantih sisirih |
manggung siyamipun ||

110.
Tur ta sarwa mênuhi mawarni |
ingkang lawoh-lawoh |
bakar gorèngan godhogan dene |
suprandene tan ana dinimik |
mung lalab kinardi |
lawuh tur kur-ukuran ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (15a) Kaca 189 - 218
  • (16a) Kaca 221 - 233 >