Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434703
Hari ini     :Hari ini :103
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :169
Bulan ini   :Bulan ini :3332
s/d hari ini   :s/d hari ini :434703
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 11

Kontak Admin.

email-kidemang

 (16a) Kaca 221 - 233

 

( Ing Sêndhang Kalampeyan Ki Bayi sami tirakat )

11

2. Ing Sêndhang Kalampeyan Ki Bayi sakalihan lan pandhèrèk sami tirakat sadintên sadalu kanthi padupan kumêlun. Sadaya sami dhikir lan ngêningakên panuwun. Kabuling panuwun katingal wêwèntèhan Sèh Amongraga sakalihan, Sèh Raras lan Sèh Rêsmi sasemahipun sami ngatingal. Sadaya lajêng ngabêkti rama-ibu tuwin salaman kalihan para kulawangsa. Ki Bayi ngasih-asih supados para putra lan mantu sadaya wangsul dhatêng Wanamarta. Sèh Amongraga botên sagêd minangkani karsanipun Ki Bayi, jêr sampun karsaning Allah pisah kawontênanipun. Namung putra kakung kêkalih dalah semahipun badhe sagêd wangsul ing Wanamarta. Sèh Amongraga asung pitêdah paugêraning agêsang kinarilana ing Hyang Widhi sarana sabar tawakal. Ni Cênthini ngirid rampadan dhadharan dhatêng Kalampeyan. Sadaya sami nêdha kajawi Sèh Amongraga sakalihan. Jayèngrêsmi tuwin Jayèngraga kadhawuhan nêdha dening Sèh Amongraga supados wangsul kasujanmanipun, tilar alam kaalusan.

Bakda Ngasar sami dhatêng Jurang Jangkung ningali paguwan panêpènipun Sèh Amongraga.

Sabibaripun salat Mahrib lan Ngisa, sami dhikir, lajêng dipun dongani dening Ki Bayi Panurta binarunging lêlagon dening Ki Piturun ingkang ing nguni wasta Nurwitri pandhèrèkipun Sèh Anggungrimang, ing nguni wasta Mas Cêbolang. Sakalihipun swantênipun arum, undha-usuk kalihan swantênipun Jayèngraga.


Kaca 221 – 233

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 11 - Kaca : 221

672 Mijil

111.
Wus antara dènnira abukti |
gya kinèn anglorod |
laju sinungkên ing pamburine |
kulawangsa jalu lawan èstri |
warata tan kari |
samadayanipun ||

112.
Nulya nyamikanira mangarsi |
mawarni sumaos |
cinarakkên ngalap sasênênge |
Ki Sèh Mangunarsa matur aris |
marang Kae Bayi |
kadospundinipun ||

113.
Nalikanya paduka nênêpi |
nèng Palanggat Pulo |
paran wontên prapta kang pinurèh |
Kae Bayi anauri aris |
rèyang nalikaning |
anèng Jurang Jangkung ||

114.
Ing wêkasaning antuk tri ari |
ênggèh pan sayêktos |
wontên ingkang kaèksan mawantèh |
rakanta Sang Sèh Adi Mongragi |
Tambangraras tuwin |
Jayèngrêsminipun ||

115.
Jayèngraga lan rabine sami |
prapta anèng Pulo |
pan wus cêtha pratela sojare |
datan kumalamar ring kajatin |
ning wontên sadhidhik |
pasêmadosipun ||

116.
Benjang rambahnya ing wuri malih |
sagah atêtêmon |
nèng sêndhang taman kalampahane |
ing ngriku dènnira matos angling |
pan dèrèng linair |
rakêning pamuwus ||

117.
Rèyang kinèn rèrèh mundur saking |
Jurang Jangkung rêko |
sarta kinèn kaèlsanta(?) jêbèng |
marmanira amundur mariki |
rakanta kang tuding |
rèyang maring dhukuh ||

118.
Sêndhang Kalampeyan ingkang pundi |
manirarsa wêroh |
Ki Sèh Mangunarsa lon ature |
winginipun ingkang dènlintangi |
sawetaning margi |
pinggir Jurang Jangkung ||

119.
Manthuk-manthuk sira Kae Bayi |
myarsa turira doh |
Ki Sèh Malangkarsa lon wuwuse |
yèn kadyèka paduka Jêng Kyai |
wus antuk andêling |
idayat kang pangguh ||

120.
Luwar saking raosing tyas kingkin |
nir tan walangatos |
Ki Sèh Anggungrimang nambung ture |
lamun sampun lêjaring abrangti |
jêng paduka mangkin |
amba turi rawuh ||

121.
Mring brang kidul dhukuh Wanasari |
inggih kang supados |
uninga-a banjar pakarange |
mapan sampun tan wontên dadyapti |
Ki Bayi nauri |
kadi datan wurung ||

Jilid 11 - Kaca : 222

122.
Ki Sèh Malangkarsa matur aris |
yayi mungguh ingong |
paran andika mari gêlake |
kajat kita drêng ayun pêpanggoh |
mênggah kang prayogi |
paran mangkenipun ||

123.
Sèh Mangunarsa nauri aris |
kang punika kados |
benjing dalu malêm Jumungahe |
sami majêmukan anênêpi |
nèng taman sêndhanging |
Kalampeyanipun ||

124.
Malangkarsa lêga tyasirèki |
sinaguhan tudoh |
cipta anganti dina êmbène |
saking dènnira angandhêg benjing |
malêm Jumngahnèki |
narèhkên tri dalu ||

125.
Wus mangkana dènnya sami linggih |
apan winiraos |
sira Kae Bayi Panurtane |
langkung kinurmataning sasaji |
pangrêngganing ngasih |
lêladosanipun ||

126.
Siyang dalu pan rinukti-rukti |
jiarahing langon |
Jurang Jangkung misor mandhuwure |
sasênêtanya kèh ting clakuthik |
myang têpèng wanadri |
Pasimparanipun ||

127.
Maring brang kidul ing Wanasari |
kalangkung rinojong |
ing sakarsanira tan kirange |
mring paguwan pagumukan wingit |
pakadharan sêpi |
ra-ara watwa lus ||

128.
Tansah Kae Bayi Panurtèki |
lawan ingkang wadon |
rêna myat paniratane akèh |
Mangunarsa Malangkarsa tuwin |
pamitranya kalih |
Anggungrimangipun ||

129.
Pariminta lan Sèh Amongsari |
kulawangsa kawong |
samya tansah umiring paranne |
Rancangkapti pan tan kêna têbih |
mring Nikèn Malarsih |
saparan tut-pungkur ||

130.
Tinisnan lir kadya (ng)gyannya yogi |
kêdhap tan kêna doh |
rewang gunêm lilirahan dhewe |
tanggap condhong wirasaning galih |
Rancangkapti pan wis |
winasis ing ngèlmu ||

131.
Ing sarengat tarekat utawi |
kakekating raos |
makripat wus wruk ing lêlèjême |
rèrèh arah patitising angling |
sumingkir ing kibir |
(m)bokmanawa luput ||

Jilid 11 - Kaca : 223

132.
Yata wus andungkap kalih ratri |
tri ratri ing mêngko |
sarêng wanci bakda Sar akire |
gunêm samya tirakating mangkin |
mring taman sêndhanging |
Kalampeyanipun ||

133.
Samya tarak sadina sawêngi |
siyam angêlowong |
Malangkarsa alon andikane |
yayi paran karsanta ing mangkin |
punapi ing ratri |
myang tumuntênipun ||

134.
Ki Sèh Mangunarsa angling aris |
pan mangke kemawon |
bakda Ngisa marang ing panêpèn |
utawi kang bar Jumungah masjid |
wus samya ngrêmbugi |
yata (n)dungkap wêktu ||

135.
Mahrib samya amahèr astuti |
myang pra santri gupoh |
wusnya wulu adan sunat kabèh |
kinamatan ngangkat parlu Mahrib |
ngaturan Ki Bayi |
angimami ngayun ||

136.
Bakda Mahrib laju Ngisa-nèki |
praptèng akir rêko |
lungguh tahyat gya salam bakdane |
pragat saliring sunatirèki |
asalawat sarwi |
sasalaman gupuh ||

137.
Abubaran santri jalu èstri |
kang kari alunggoh |
Kae sira Bayi Panurtane |
Mangunarsa lan Malangkarsèki |
Gungrimang Mongsari |
lan Parimintèku ||

138.
Malarsih lan Nikèn Rancangkapti |
Monthèl lanang wadon |
Cênthini lan sakulawangsane |
Drêmadana Martaduta tuwin |
miwah Palakrêti |
lawan Ki Piturun ||

139.
Saloka Salodha Prakosèki |
sadayanira wong |
apan dadya pitulas kathahe |
Ki Sèh Mangunarsa ngandika ris |
lah Monthèl sirèki |
ruktinên upêtmu ||

140.
Pakutugan kang samêkta sami |
Cênthini sirèko |
anggawa-a kalasa lus putèh |
pasêbaran sawur sarwa sari |
padupan lênga mrik |
kang liningan gupuh ||

141.
Tan adangu samya wus rinukti |
dan lumaksana lon |
mring taman sêndhang Kalampeyane |
Monthèl ngarsa upête cinangking |
purnamaning sasi |
tan rêmêng sumunu ||

142.
Praptèng sêndhang Kalampeyanèki |
samya tata lunggoh |
anèng sela patumpukan lètèr |
samya nganyarakên tirtastuti |
ing wè sêndhang wêning |
wusnya sami wulu ||

Jilid 11 - Kaca : 224

143.
Wangsul (ng)gyanning palètèran nguni |
ing sela kinojor |
tinaman-taman ing sêkarane |
Monthèl laju andadèkkên api |
padupanira wis |
kinutug kumêlun ||

144.
Nulya samya mapan ing alinggih |
atimpuh mabukoh |
Mangunarsa ngimami ratibe |
lagunira rêmpêg tan sarênti |
laju traping dikir |
salasilahipun ||

145.
Catur wiwara pambukèng wirit |
mukyaning pawiyos |
pancakdriya katyungan mansohe |
ambuka dikir satariyahi |
nut lagu ubêding |
isimulah nêngguh ||

146.
Guyêring kepala pan anulis |
lan akir kang tinom |
wit sing pundhak kiwa panarike |
pinarêngkên lapal al-anafi |
isbate Hyang Widdhi |
ananing tan wujud ||

147.
Kusuk nanjèhakên ing pandêling |
lon narik maring sor |
mubêd maring pusêr pangguyêre |
marêngkên rapal ilaha nênggih |
makam napi jinis |
tan kêna angaku ||

148.
Kusuk mansohkên lan nyêkuthoni |
narik munggah alon |
nêngên maring pundhak marêngake |
lapal ilana pina kirai |
mungguhing Hyang Widdhi |
tan kêna dèn-tuduh ||

149.
Kusuk nashudakên ing pangèksi |
narik wangsul mingsor |
soring susu kang kiwa tibane |
lapal Allah nafi salat singgih |
Hyang Kang Maha Suci |
tan luyut tan wujud ||

150.
Kusuk suhulira majênuni |
mungguhing Hyang Manon |
datan antara ing pangiksane |
(n)dungkap ikrarira kang adikir |
winantu pan khosi |
satus têsbèhipun ||

151.
Tunggal palawanganing adikir |
ngunggahkên tyas mansoh |
dikir nakisbandiyah unggahe |
tan wawanèh tashudirèng Widdhi |
ilalah tinuli |
-tuli ing ngajunun ||

152.
Sapuluh èwu kêcap tinasbih |
ingunggahkên rêko |
saking dikir barjah panganggahe |
Allah-Allah suhulirèng Widdhi |
panggantêring dhikir |
salêksa (n)jotipun ||

153.
Pan (n)dungkap pan wawênganing dikir |
jalalah purnèng (n)don |
isim gaib uhu uhu rêke |
mulajamah tan pai-pinai |
wus mukis mustakik |
ngasik ing Hyang Agung ||

Jilid 11 - Kaca : 225

154.
Wus mangkana panungkuning kapti |
kang samya amansoh |
saking bakda Ngisa ing wancine |
têkèng lingsir dalu palilati |
ijabah lirnèki |
wanci bêdhug têlu ||

155.
Panggantêre puji dikirnèki |
tinarimèng Manon |
nalikanya bakda pangguyêre |
yata wau Ki Sèh Amongragi |
lan garwa para ri |
akarsa papangguh ||

156.
Mêdhar sarira kang among wingit |
myang garwa ari ro |
samya ngalela kawèntèhane |
uluk salam sang Sèh Amongragi |
sadaya nauri |
ngalekum salamu ||

157.
Sang Sèh Adi Mongraga ngabêkti |
mring rama myang êmbok |
wusnya tur salam maring ramane |
Mangunarsa tur salam ngabêkti |
maring Amongragi |
myang ring (m)bakyunipun ||

158.
Anggungrimang lan garwa ngabêkti |
marang raka karo |
Ki Sèh Mangunarsa tur bêktine |
mring Mongraga saha apupuji |
Pariminta tuwin |
Mongsari angujung ||

159.
Kulawangsa sami atur bêkti |
mring sang Adi kaot |
Jayèngrêsmi lan Jayèngragane |
lan garwanya sami angabêkti |
marang rama bibi |
kang putra rinangkul ||

160.
Wusnya nêmbah angabêkti maring |
Mangunarsa gupoh |
salaman rahab rèhning katêmbèn |
apapanggih lan kang rayi kalih |
Gungrimang ngrahabi |
pasalamanipun ||

161.
Malangkarsa salam tyasirèki |
wulangun ari ro |
nulya sadaya gantya salame |
Monthèl Cênthini samya ngabêkti |
wusnya nulya rakit |
pakutuganipun ||

162.
Rabuk ratus dinupa mrik minging |
angambar ma-ambon |
sang Sèh Amongraga kaèksane |
kadya katingal kalane ari |
pamuluning dhiri |
sarira sakujur ||

163.
Panglelanya ing sariranèki |
pratela dinulon |
pan sadayanira datan pae |
Jayèngrêsmi lawan Jayèngragi |
Trida Rarasati |
Tambangrarasipun ||

164.
Dene pawèntèhanira kèksi |
datan mantra tinom |
lamun ing kawistara dalune |
miwah cahyanira anyênênni |
sumunu dumêling |
dinulu abagus ||

Jilid 11 - Kaca : 226

165.
Samya kagawokan kang ningali |
wingiting pasêmon |
sang Sèh Adi Mongraga ature |
marang Kae Bayi Panurtèki |
Kiyai ing mangkin |
paran karsanipun ||

166.
Mangkya sampun panggya lawan siwi |
ingkang ingupados |
sisihing Hyang Sukma amanggihake |
rama ibu dènnya gung prihatin |
saking gênging kang sih |
-ipun asusunu ||

167.
Sira Kae Bayi Panurtèki |
awacana alon |
ngasih-asih mring putra mantune |
inggih anggèr sang sèh Amongragi |
ibunta myang kami |
langkung de wulangun ||

168.
Ring andika rinta garwa sami |
yèn parêng rumojong |
ring paminta kami amumurèh |
mugi Allah marêngakên ugi |
jêngandika mangkin |
kula turi kundur ||

169.
Marang dhukuh ing Wanamartèki |
lan arinta karo |
saking tyas tan kêna sah yêktine |
wêlasa ring bibinta lan kami |
myang wong sadesèki |
kulawangsa wuyung ||

170.
Samya ngarsa-arsa sadayèki |
jalwèstri tuwa nom |
tan lyan sihe mung marang dhèwèke |
mugi anggèr karsa-a umulih |
punika supadi |
nir kathahing wuyung ||

171.
Aprasasat sung rahmating kapti |
mring sadayaning wong |
sadhukuhing Wanamarta kabèh |
ingkang sami gung sutrêsnèng kapti |
yêkti luwar ing gring |
yan andika rawuh ||

172.
Marma kalintang kula angudi |
pinanggih supados |
mulya-a tyas kang pra susah kabèh |
yayah rênanta kulawangsèki |
kang samya prihatin |
supayènggar kalbu ||

173.
Wau sira sang Sèh Amongragi |
angandika alon |
kalintang de kasinggihanane |
anging atur kawula (n)Jêng Kyai |
mênggah angga-mami |
karsaning Hyang Agung ||

174.
Lan putranta Tambangraras inggih |
kang punika rêko |
kadi-kadi tan sagêd kukulèn |
ring paduka lan kulawangsèki |
bagi wus pinasthi |
takdiring tumuwuh ||

175.
Palalling Hyang Kang Amaha Suci |
ulun lan rabingong |
pinardikakakên pan-lindhunge |
saking pacawuhaning pangaksi |
sinung lan pribadi |
nèng kantêngan dunung ||

Jilid 11 - Kaca : 227

176.
Jamaning ngasêpi sapêniki |
pangalihaning (ng)gon |
ing anggana sonya ya priyangge |
sampun minungkin kinarsan dening |
Ingkang Maha Suci |
tan cawuhèng tuwuh ||

177.
Marma mugi ing mangke (n)Jêng Kyai |
kang narima ing (n)don |
amung mupus ing tyas supayane |
manpangate narimèng Hyang Widdhi |
pan khusuk utami |
ngênirkên kang wuyung ||

178.
Kang tumêkèng rilaning tyas kadi |
ambuncang tinja doh |
lêgawèng tyas caking sak-sêrike |
dèn-barêsih driyanta Kiyai |
myang ibu dèn-sami |
sukur ing Hyang Agung ||

179.
Angarilakakên angga kami |
lawan putra wadon |
tan mulat ing siwi sasikine |
malah ingkang suka rênèng kapti |
pamakkên ta kadi |
datan asusunu ||

180.
Rèhning wus kinarsan ing Hyang Widdhi |
pribadinya winong |
wus tan khufu lan paduka rêke |
pan saèstu saos makamnèki |
nalirah tan kalih |
paduka lan ulun ||

181.
Amung rêke kewala ing benjing |
(n)Jêng Kyai lan êmbok |
yèn wus jênêk nèng Wanamartane |
lamun wulangun arsa papanggih |
maring ulun tuwin |
Tambangrarasipun ||

182.
Paduka pêlêng anèng panêpin |
èstu ulun panggoh |
lan paduka samangsa-mangsane |
dene tarak sa-ari sa-ratri |
kang ayun hyun sami |
kadi ingkang sampun ||

183.
Duk kala nèng Jurang Jangkung nguni |
yêkti sih Hyang Manon |
ulun sinung ing sapatêmone |
lan paduka tuwin maring bibi |
tan pae lan benjing |
saèstu kadyèku ||

184.
De karsanta mumurih ing siwi |
pupuling pandulon |
aming putranta yayi kalihe |
Jayèngrêsmi lawan Jayèngragi |
sarubiyahnèki |
kèngang pinulih hyun ||

185.
Sagêd mantuk ing Wanamartèki |
golong lan bêndhoyot |
sagotrah lawan kulawangsane |
mung punika kewala (n)Jêng Kyai |
myang bibi kang mugi |
anarimèng pandum ||

Jilid 11 - Kaca : 228

186.
Yata Kae Bayi Panurtèki |
lawan ingkang wadon |
duk miyarsa ing putra wuwuse |
sinung palal tyasira Ki Bayi |
anarimèng takdir |
pinupus ing kalbu ||

187.
Cipta sukur karsaning Hyang Widdhi |
kang murbèng tumuwoh |
karya titah drajat gêng alite |
miwah pasiksaning dunya akir |
wus pasti binagi |
bagi sadayèku ||

188.
Dadya lulus panarimanèki |
kumambèng Hyang Manon |
kang lwir sarah munggèng lautane |
asrah karsaning Hyang Maha Suci |
akêcap Kiyai |
marang mantunipun ||

189.
Inggih tuwan sang Adi Piningit |
ngandika maring ngong |
yêkti sun tan lêngganèng karsane |
asru sukur kawula pupuji |
Alkamdulillahi |
wabarakalahu ||

190.
Tuwin kinarsan dera Hyang Widdhi |
kalanggênganing (n)don |
amêng] titip ing rayinta anggèr |
langgêngipun dènnya anyênyèthi |
pun bapa pinanggih |
wus rila jumurung ||

191.
Pintên-pintên kinarsan ing Widdhi |
wus bangsa kinaot |
saking tuwan kang anucèkake |
langkung dening sun narimèng Widdhi |
mangkana dènnya ngling |
maring Sèh Mongluhung ||

192.
Tan prabeda lan rabinirèki |
Malarsih rumojong |
tyas wus nir tan anggrantês sukure |
sadaya tan na kêcap pan angling |
pakurmatira jrih |
asêlan pandulu ||

193.
Mring sang Sèh Mongraga kang piningit |
kang wus winalios |
Sèh Mongraga ris pangandikane |
marang Kae Sèh Malangkarsèki |
yayi mungguhing ling |
ing gêsang puniku ||

194.
Amung sukur lan tawêkal yayi |
ugêr kang kinaot |
upaminya sumbul lan tutupe |
kang tawêkal pan wêwadhahnèki |
sukur kang supami |
apan tutupipun ||

195.
Tan pae lan pêthi pralambining |
wadhah tama amot |
isi sotya nama rêtna adèn |
kinunci lan panarimanèki |
akukuh tan watir |
sasimpênanipun ||

196.
Sukur tawêkal panrima yayi |
tri prakara rêko |
wiwit nih iktikad ing kadadèn |
ngilmu upami sêtya rêtna di |
ginêmèn nèng pêthi |
awèt tur linuhung ||

Jilid 11 - Kaca : 229

197.
Karana ngèlmi puniku yayi |
wahyu sih Hyang Manon |
ginêlar lwir bantala sèsine |
tuwin kadya angin siyang ratri |
tan na têlasnèki |
sihira Hyang Agung ||

198.
Kang durung antuk sihing Hyang Widdhi |
pamane kêkayon |
mobah dening angin sru lirihe |
yèn tan angin tan obah pribadi |
kang kadyèku janmi |
pan durung winahyu ||

199.
Rumangsa sru yèn dipituturi |
kadya ge kalakon |
langkung brangtanira kapengine |
lamun wus mungkur kang (m)bobolèhi |
tan ana samêndhing |
labêting pitutur ||

200.
Sarêng andhingkluk ingkang miyarsi |
sarya nor karaos |
kapalindêr aralira rêke |
rumangsa yèn ora angêdohi |
kang lir wijiling ngling |
Sèh Adi Mongluhung ||

201.
Angling malih janma tama yayi |
tan kadi mêngkono |
sayêkti elok salêlèjême |
lir ron obah tan kalawan angin |
mênêng yan kaidid |
dening bajra lesus ||

202.
Lirnya obah tan kalawan angin |
janma wus winahyon |
mintiring tyas kalawan boboleh |
anglêpaskên budi lan pribadi |
kang puniku yayi |
kandhanging ngaluhung ||

203.
Sawah wus wiwinih tri prakawis |
sukur tawêkal mot |
ping tri panarimanira tanjèh |
kang puniku wawadhahing ngilmi |
nèng pêthi upami |
santosa barukut ||

204.
Kang tan winih dhasar tri prakawis |
tangèh yèn kawahyon |
lir amanggih rukmi kathah bote |
winadhahan godhong jati aking |
duk ngangkat cinangking |
godhonge jur-mumur ||

205.
Tanggap ing tyas Sèh Malangkarsèki |
dènta kapanujon |
siwah ingkang myarsa sadayane |
cipta samya karahmatan ngèlmi |
tyasnya lir tinangi |
wus tan sêlang surup ||

206.
Sèh Mongraga angling abibisik |
mring kang rayi karo |
Jayèngrêsmi lan Jayèngragane |
sira yayi tumutura mulih |
rama (n)Jêng Kiyai |
wulangun kawlas hyun ||

207.
Pamudyanta mring Kang Maha Suci |
tinarimèng Manon |
saking dahatira subrangtane |
ngudi-udi panêdhanira ring |
Hyang kang ngudanèni |
sinungku rasèng hyun ||

Jilid 11 - Kaca : 230

208.
Marma yayi utama umiring |
marang rama êmbok |
mulih mring dhukuh Wanamartane |
ingkang rayi kalih matur ririh |
kang punika inggih |
amba lêngganèng hyun ||

209.
Tan kabuka tyas ayun amulih |
mring karajan dhukoh |
rêmên jênêk nèng asrama bae |
datan kaèngêtan yayah bibi |
wus rahmat manggyan ing |
jamaning asamun ||

210.
Yèn ta amba mantuk ing desèki |
têbih sêsanèng (n)don |
lawan tuwan tan pupul sanane |
aprasasat pêsat muftakami |
saking ahli sufi |
yèn kenginga nuwun ||

211.
Amba ngèstu padanta amukin |
aywa sah kukupon |
barkah tuwan kang andadèkake |
ahli kawula kawasa mufid |
ngasramèng mamidih |
sumungkyèng Hyang Agung ||

212.
Sèh Mongraga anauri aris |
aywa sêlang sênggoh |
kurmat yayi marang wong tuwane |
sami ugi atangat Hyang Widdhi |
ywa sumêlang kapti |
wus datan kaliru ||

213.
Ywa nikêlkên yayi ing ngatuding |
ambodhokkên lakon |
anut ing sojar kewala rêke |
benjang yèn wus sêmada marêki |
ring ari kang wuri |
akupu wor ingsun ||

214.
Duk liningan ingkang rayi kalih |
tan lêngganèng pakon |
kumambang ing wisesa sarèhe |
samya umatur anyandikani |
sang Sèh Amongragi |
malih ngandika rum ||

215.
Lah ta sira yayi Rancangkapti |
paran darbe sugoh |
sayah wong lulungguhan sasore |
datan ana nyamikan inapti |
wus (n)dungkap wanci (n)jing |
bêcike angukus ||

216.
Yèku ramanira (n)Jêng Kiyai |
angganya kalêson |
tarak puwasa kongsi kalungsèn |
sêdhêng padha ariyaya bukti |
Nikèn Rancangkapti |
liningan umatur ||

217.
Kadi sampun amba angrêrukti |
angukup pasugoh |
amba wus nuduh wau sontêne |
kinèn saji nulya Rancangkapti |
nêmbah lèngsèr ngarsi |
nèng wisma lèr gupuh ||

218.
Monthèl Cênthini samya umiring |
maring Nikèn wong ro |
praptèng wisma mriksa pangukuse |
bubucu sarampadanirèki |
Darêman turnya ris |
sampun sadayèku ||

Jilid 11 - Kaca : 231

219.
Nulya kinèn anampa tumuli |
anaoskên gupoh |
mring jurang sêndhang Kalampeyane |
Rancangkapti angirit nèng ngarsi |
santri jalu èstri |
prapta anèng ngayun ||

220.
Laju tinata rampadanèki |
aglar wus sumaos |
Sèh Mongraga aris andikane |
lah sumangga ing ngriku abukti |
kang liningan gipih |
samya atuturuh ||

221.
Jayèngrêsmi miwah Jayèngragi |
lan garwa tan wisoh |
cipta tan arsa nadhah karone |
sang Sèh Adi Mongraga ngling aris |
abuktiya yayi |
kurmat rama ibu ||

222.
Ingkang rayi jrih lêngganèng kapti |
dyan samya tuturoh |
nulya lêkas bukti sadayane |
Sèh Mongraga lan garwanirèki |
datan karsa bukti |
kewala aminggu ||

223.
Kang nadhah tan pati mikantuki |
kur-ukur kemawon |
wus tan ahli nadhah sadayane |
agung puwasa ing sabên ari |
têrkadhang yan ratri |
tan buka tan saur ||

224.
Jayèngrêsmi lawan Jayèngragi |
kinèn bukti royom |
mring kang raka pinrih supayane |
ywa kongsi bisa mêksa ka-aksi |
mulwèng wantahnèki |
kasujanmanipun ||

225.
Mijil saking kalêmbatanèki |
ganale minanon |
yèn ta aywa kinèn bukti age |
kadi tan bisa wantah ingaksi |
tan wun lir Mongragi |
kamuksananipun ||

226.
Yata ingantya-antya kang bukti |
tan ana kang dhokoh |
kadya kucing gêring pambuktine |
karowaking sêkul mung nyakêdhik |
sa-antigan pitik |
wênèh kang sajêbug ||

227.
Wus antara dènnya samya bukti |
luwaran linorot |
cinarikan ambêng sinungake |
marang pamburi kulawangsèki |
jalwèstri waradin |
kang ana ing ngriku ||

228.
Wusnya rumat sadayanirèki |
kang samya alunggoh |
Sèh Mongraga alon andikane |
maring rama ibu myang para ri |
ulun amit anis |
niscayèng asamun ||

229.
Samya nabda aturira sami |
sadaya rumojong |
nulya asasalaman gêgêntèn |
wus warata pasalamirèki |
Kae Sèh Mongragi |
uluksalamipun ||

Jilid 11 - Kaca : 232

230.
Sinauran ngalekum salami |
nulya muksa ing (ng)gon |
maring jaman kaantênganane |
wau Jayèngrêsmi Jayèngragi |
sagarwanirèki |
ingkang samya kantun ||

231.
Sira Kae Bayi Panurtèki |
lan Ni Malar rêko |
langkung dènnya ing suka-sukure |
dening kantun ingkang putra kalih |
sagarwanirèki |
langkung lêmbanèng hyun ||

232.
Wanci bakda ijabahing ratri |
basonkarsa ngayom |
sênêning sitangsu lir sabêne |
datan kadya duk maksih Mongragi |
ratri pindha ari |
jwaladipanipun ||

233.
Mangunarsa angandika aris |
mring arinya karo |
lah sumangga mring masjid gêng jêbèng |
utama majêmukan ngabêkti |
wus andungkap wanci |
pajar gidibipun ||

234.
Tuwin lah sumangga (n)Jêng Kiyai |
anglinggar saking (ng)gon |
miwah kakang Sèh Malangkarsane |
lah suwawi jwarah maring masjid |
kang liningan sami |
ngilèn mring masjid gung ||

235.
Lèngsèr sing taman sêndhang Kalampin |
sadayarsa Suboh |
mring pahèran ngambil toyastune |
wusnya wulu adan ngalik-alik |
pupujiyan asri |
ngantya imamipun ||

236.
Anulya kinamadan Ki Bayi |
Panurta agupoh |
ngaturan majêng ngimami rêke |
gya mara yun Ki Bayi ngimami |
angangkat suali |
pangikaling kalbu ||

237.
Pinarêngakên tibaning takbir |
-ratul ikram mansoh |
kadyantuk mina gogo jro warèh |
singsêt panêkêmira jro takbir |
tumèmpèl ngênani |
pacampuhing kalbu ||

238.
Datan mèngèng saking tingal jati |
nalikane kono |
wus wajaip titah tuminahe |
ilhar kewala wawacanèki |
tantara prapta kir |
asalam bakda wus ||

239.
Pupujian lagon sri kapyarsi |
swara lanang wadon |
sasmitaning lagu suka tyase |
Kae Bayi lan Nikèn Malarsih |
luwaring akingkin |
wus pangguh lan sunu ||

Jilid 11 - Kaca : 233

240.
Purna salirirèng pangabêkti |
pra santri manganjor |
bubar rêbut magawe sawahe |
wanci pajar sidik surya mijil |
ngujwalani salir |
sinrang Arunesuk ||

241.
Mangunarsa sakalangkung dening |
sukèng tyasira non |
mring kang rayi kalih rèh katêmbèn |
myat kang warna pamulunirèki |
Kae Jayèngrêsmi |
kalihe linuhung ||

242.
Mantiyantya surasaning galih |
trêsna lir tunggal (m)bok |
miwah Sèh Anggungrimang tan pae |
karênannya mulat ing sang kalih |
mangalêmbanèki |
trêsnanya gumantung ||

243.
Nikèn Rancangkapti tan atêbih |
dènnira alunggoh |
tunggal Nikèn nyaring sakalihe |
Ni Turida lawan Rarasati |
kapati dènnya sih |
lir sayayah ibu ||

244.
Ki Sèh Mangunarsa ngandika ris |
mring Jayasmara lon |
lah punika yayi suwarnane |
kadangipun kakanta Mongragi |
kang sêpuh anuli |
ngong sundhulanipun ||

245.
Nulya wuragilipun pawèstri |
puniku kang wadon |
karabi mring Sèh Agungrimange |
pupul nèng dhukuh ing Wanantèki |
purwanya nèng ngriki |
wirangrong sadulur ||

673 Wirangrong

1.
Miwah duk kalaning nguni |
bêdhahing Giri kadhaton |
samya nimpar paran têkèng purug |
samya rêbut laris |
duk cilik sih jajakan |
pisah ngulon myang angetan ||

2.
Kakanta Sèh Amongragi |
dènnya alaris mangulon |
priyangga mring Karang tanpa batur |
manira wong katri |
mangetan anrah paran |
lan (m)bakyunta Rancangkaptya ||

3.
Santri Monthèl katrinèki |
duk maksihe sami beyo |
dumugi ing mangkya panggihipun |
kakang Amongragi |
wus kalihwêlas warsa |
lagya papanggya punika ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (15b) Kaca 219 - 220
  • (16b) Kaca 234 - 246 >