Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434703
Hari ini     :Hari ini :103
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :169
Bulan ini   :Bulan ini :3332
s/d hari ini   :s/d hari ini :434703
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 14

Kontak Admin.

email-kidemang

 (22) Kaca 317 - 321

 

( Nikèn Tambangraras sampun kêmpal Sèh Amongraga malih )

11

2. Nikèn Tambangraras sampun kêmpal Sèh Amongraga malih, lajêng ndhèrèk lêlana midêr-midêr dumugi ing Guwa Langse pasisir kidul, kadhatêngan tiyang nama Ki Darmèngbudi. Ki Darmèngbudi kadhawuhan nggêbyur sagantên, rumaosipun ngadhêp Sèh Amongraga winêjang saliring ngèlmu kajatèn, nuntên mlêsat dhawah ing mêsjid Palembang ingkang sawêg wontên pagêblug, wêkasan pagêblug dados lan sirêpipun.


Kaca 317 – 321

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 11 - Kaca : 317

684 Kinanthi

2.
Mahawan mahawang turun |
kadyarsa nukma anitip |
ing janma di wirutama |
mamanon amiminihi |
wau Nikèn Selabrangta |
mawan sarta matur aris ||

3.
Datan anyana sarambut |
amba yèn papanggih malih |
lawan tuwan kang minulya |
Sèh Mongraga angandika ris |
darma ingsun sihing Suksma |
kang kaya ku rênaning sih ||

4.
Allah yayi umawan hyun |
ngrasakkên kang panas pêrih |
tirakat pidak bantala |
utama nglarani dhiri |
papa pan karya lampahan |
supaya sinor ing janmi ||

5.
Kang garwa tan lêngganèng hyun |
nut sakarsanirèng laki |
tumurun sing antariksa |
pracina mahawèng siti |
jor lêbaknikèng pundhungan |
mahas ing wana sunya writ ||

6.
Parah lyah rikuh ingangkuh |
lumangkah ing curi ringih |
têlatah katêtêracah |
cihna lampahira ririh |
rarah paranging atiksna |
amêlah padanta rujit ||

7.
Lan sarampading arunggut |
anrang kawêlèring ron ri |
citra rajahning pagêlang |
tar lana lêlanèng tawing |
wêwêng pangungaran jurang |
parang rong miring kapering ||

8.
Paparung lir tiksnaning hru |
minarah ririh sêlaning |
lêlana sêloting lampah |
rêkasa dènnya mara ris |
sinrang prabaning karaba |
swanita drês angêbêsi ||

9.
Kiswaning angga maruntus |
tumurusing wastranèki |
tar kasongan ing kèrana |
kasrangan ing Hyang Syandagni |
sang waela Selabrangta |
tinumuntur ing Mongragi ||

10.
Mangênu ing siyang dalu |
ngidul mangetan nut wukir |
pidak gronging pangunguran |
tan ketang durgamèng margi |
sêdya parahing Tunjungbang |
mawan wus kalihdasa ri ||

11.
Nèng Guwa Langse dinunung |
Sèh Mongraga lan kang rabi |
jênêk tulus mangun tapa |
lir sawênyahing sujanmi |
karing ring Parangkusuma |
sênêt nèng Parangtaritis ||

Jilid 11 - Kaca : 318

12.
Yata wontên kang winuwus |
sujanma alul martapi |
nèng kananing Parangwedang |
guwaning Parangtaritis |
lami wus sawidak warsa |
awasta Ki Darmèngbudi ||

13.
Rikalanira pitêkur |
kagyat paningalirèki |
ana murub sartambara |
dèn-sêngguh kancana adi |
Sèh Mongraga pan wus wikan |
mring kang sênêt amartapi ||

14.
Angartika jroning kalbu |
wong iki wus wanèng pati |
tapane pan wus tumêka |
alon dènnya marêpêki |
Sèh Mongraga angsung salam |
Darmèngbudi anauri ||

15.
Ngalaekum-musalamu |
satata angancarani |
rêke kang tan katambêtan |
ulun anêdha Kiyai |
sih pêndonga pakênira |
manira nunuwun ugi ||

16.
Sang Sèh Adi Amongluhung |
nauri wacana aris |
ênggèh kisanak mitrèngwang |
para anjawab ing kami |
pira-barane yèn ana |
sih palalira Hyang Widdhi ||

17.
Luwih paran para sêngguh |
mariki para yun panggih |
yata lênggah Sèh Mongraga |
mijilkên pangunahnèki |
sanalikanya kang guwa |
praptane Sèh Mongragi ||

18.
Saemba kadya kadhatun |
kawuryan sèsinira sri |
kumêndhung kadya kaswargan |
praba gung jinêmira mrik |
langkung ing kaendahannya |
lulungsir wastra di-adi ||

19.
Myang babanjaran anglajur |
andhatulaya inaksi |
babatur atundha-tundha |
tata matanêming kitri |
sangkêp saliring pra kirna |
woh muwah kang sari-sari ||

20.
Wijiling tirta umancur |
awêning mawa ganda mrik |
Darmèngbudi ciptèng driya |
wong iki sêmono sêkti |
katara darajatira |
karya eloking pandêling ||

21.
Sanyata wong wis linuhung |
jajanturane andadi |
tandhane janma kuwasa |
mawa tejane dumêling |
rumangsa yèn antuk tunggal |
ring sira Pangeran-jati ||

Jilid 11 - Kaca : 319

22.
Kadadyan sasêdyanipun |
wong iki winong ing Widdhi |
kang guwa dadi paseban |
mangkana (ng)locitèng ati |
baya ana sihing Suksma |
kadhatêngan wong linuwih ||

23.
Baya mêngko raganingsun |
antuk guru kang sayêkti |
nyangking sampurnaning raga |
kasucianing dunya kir |
sumêdya angèstu pada |
tan kêdhap angèksa kapti ||

24.
Wau ta Sèh Amongluhung |
wus wruh saciptanirèki |
Darmèngbudi anrap jiwa |
sumungku acadhang kapti |
cinupan wus têkèng mangsa |
lirira wus ambalègi ||

25.
(n)Dungkap ing biraènipun |
angayun-ayun pribadi |
katitisan ing surasa |
wani gati êtoh pati |
lir kaywa king wus katara |
ayun ingagar mêtyagni ||

26.
Mongraga wacana muwus |
asih marang Darmèngbudi |
Kae jêbèng mara tanya |
sapa sintên kang mastani |
umatur ingkang liningan |
Darmèngbudi kang mastani ||

27.
Mongraga ngêcupi wuwus |
paran yêkti sira yayi |
para (ng)guguru mring mara |
pan kasasar tan-tuk yêkti |
kalurung kadya cithoan |
purwa tanpa wasanèki ||

28.
Ki Darmèngbudi ngling kalbu |
pranyata janma linuwih |
uning saosiking driya |
nuksma ahli bangsa ati |
janma di wus jiwa Suksma |
wasana umatur aris ||

29.
Singgih tuwan atur-ulun |
nadyan sasar kawulapti |
angèstu pada ing tuwan |
Sèh Mongraga ngandika ris |
yèn para tuhu wong kêcap |
mijila sing guwa ngriki ||

30.
Ambyura ing samodra gung |
lamun uga para wani |
pratandha para sanyata |
angguguru ing sayêkti |
puniku dadalan swarga |
yèn para yun wruhing jati ||

31.
Ki Darmèngbudi umatur |
sandika darmi nglampahi |
sigra mijil saking guwa |
wêdalnya sing guwa wingit |
sung cipta mring Darmèngbudya |
lah ta mijila tumuli ||

32.
Lah Ki jêbèng anakingsun |
tampanana sihing Widdhi |
ing marga kalih prakara |
bêgja cilaka dèn-kèksi |
ywa parêk iman bangsa ngam |
kalêbêt iman kawasi ||

Jilid 11 - Kaca : 320

33.
Nèng ngriki pambagenipun |
kaluputan mung kadadin |
wurung tampa sida tampa |
anèng pribadinirèki |
puniku sakèthèngira |
ganjaran ala lan bêcik ||

34.
Mangkana kang sinung wuwus |
tan drana Ki Darmèngbudi |
sigra ambyur ing sagara |
tan ana parak kaliling |
asokur ing panarima |
maring Hyang Kang Maha Sukci ||

35.
Katampan têlêbing kayun |
wus kabongbong ing jaladri |
kalèmbak kambang-kambangan |
pralena kasrah ing warih |
pendah samaning kunarpa |
(n)dungkap kaênêngannèki ||

36.
Malap angganira luyut |
kasingêp wus tan kaèksi |
purna sanalikanira |
nèng jaman wilayat nênggih |
têgêse jagad walikan |
walaka ana kaèksi ||

37.
Paèksan sajroning luyut |
sira Kae DArmèngbudi |
lir alinggih anèng têpas |
myat kang kaendahan luwih |
sunar sarwa bramarkata |
nir tang rasane sak sêrik ||

38.
Mung sokur panrimanipun |
kikmah nikmat tanpa bukti |
karamatan ing pangiksan |
bungah tan bidêngah mèksi |
tan pae saciptanira |
lir surasaning pangimpin ||

39.
Sèh Mongraga mèsêm (n)dulu |
(n)dungkape Ki Darmèngbudi |
ingawe wahananira |
prapta sanalikanèki |
ing ngarsa atur pranata |
Sèh Mongraga ngandika ris ||

40.
Babo bagya anakingsun |
wus luwara (ng)gyanta nêpi |
muliya maring ing praja |
Darmèngbudi matur aris |
amba pan langkung lênggana |
yèn amba tuwan kèn nulih ||

41.
Singgih amba tan ta dunung |
tan raos sasana nênggih |
ajênêk anèng sih tuwan |
tan mèngèng wèngwèng ing kapti |
Sèh Mongraga ris ngandika |
nakingsun Ki Darmèngbudi ||

42.
Lah jêbèng karsanta uwus |
mirarèn (ng)gyanta awingit |
lungguh satataning praja |
prandene sira lan mami |
tinunggil rêke dening Hyang |
ywa sira apindho kardi ||

43.
Mapaning laku puniku |
karsèng Hyang asih ing dasih |
wus luwih kautamannya |
têkèng purnanèng sajati |
Darmèngbudi matur nêmbah |
mugi tuwan angindhaki ||

Jilid 11 - Kaca : 321

44.
Sèh Amongraga nabda rum |
nakingsun Ki Darmèngbudi |
dèn-wikan paranning tingal |
aywa samar ing pandêling |
ananing Hyang Maha Mulya |
ora beda lan sirèki ||

45.
Tunggale ananirèku |
ya uga Hyang Suksma jati |
bedane pan wawayangan |
kita lan Hyang Suksma luwih |
nyata yèn upamakêna |
ing manah kalawan mosik ||

46.
Pan suhuling sih Hyang Agung |
sadrah tan ana bedaning |
lir suruh lumah kurêpnya |
dinulu seje kang warni |
ginigit tunggal rasanya |
tunggal sajati sadhiri ||

47.
Wus sinêjang surasèng hyun |
mangkana Ki Darmèngbudi |
tan antara sigra muksa |
sing ngarsane gurunèki |
amalêtik tanpa suthang |
mabur tanpa êlar singgih ||

48.
Tandhaning wong wus winahyu |
atanggap kapti sajati |
luwih sihe gurunira |
wikan sakarsanirèki |
kuwasa ngambah gagana |
jlêg prapta sasêdyanèki ||

49.
Ing Palembang kang dinunung |
nèng mêsjid gung dènnya linggih |
sapraptanya ing gagana |
gègèr kang wong jalu èstri |
padha kagawokan mulat |
cahyane kang wau prapti ||

50.
Nagri nêdhêng lagya rêtu |
rusak kambah ing pagêring |
papati tanpa pêgatan |
sapraptane Darmèngbudi |
praja nulya lir tinamban |
nulak wawêlaking nagri ||

51.
Katumbal ing jalma luhung |
gring sore esuk basuki |
gring sore esok waluya |
samya suka tyasing janmi |
yèku margane prajarja |
olya amupangati ||

52.
Mangkya gantiya kang winuwus |
wontên janmèng tanah Jawi |
ngulama trang alul lampah |
wasta Kyai Ragarêsmi |
mendra anjalak paningal |
nglêlana ngêntèni pati ||

53.
Tansah ngayun-ayun lampus |
sokur nuli praptèng pati |
kabosên nèng ngalam dunya |
tan ayun amor ring janmi |
tan nana liyan kacipta |
mung (n)jajah andèrah pati ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (21b) Kaca 304 - 316
  • (23)Kaca 322 - 337 >