Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 37

Kontak Admin.

email-kidemang

 (02a) Kaca 25 - 42

 

( Lampahipun tumuju dhusun Gunungsari )

12

2. Lampahipun tumuju dhusun Gunungsari, dalêmipun Ki Cariksutra. Mêdal pasabinan, lajêng lumêbêt wana. Kèndêl namung nalika salat Luhur lan Asar sarta dhahar. Ki Cariksutra kalihan adhinipun Ki Carikmudha, dalah para èstrinipun nampi tamu sarta atur pasêgahan langkung manfaat. Dhahar kêmbul sinambi gêgujêngan bab Ni Wilapa, semahipun Ki Cariksutra ingkang drêmba. Jayèngraga nyuwun piwulang Ki Cariksutra bab basa lan sastra Jawi: Kawiswara, Keratabasa, Panitisastra, Carakabasa, Candrasangkala, Candragêni dumugi Dasanama, sakêlangkung damêl rênaning para ingkang mirêngakên. Ugi bab wataking tiyang ingkang namanipun kanthi awaling aksara Jawi: Ha dumugi Nga. Lajêng kasambêt têrbang langkung rame, kawiwitan kanthi suluk Bathik, pralambanging ngèlmi raos. Bakda Subuh sami bidhal, cucuking lampah Sêtradrêma lan Monthèl. Ki Cariksutra tumut rombongan sowan Ki Bayi Panurta. Ki Carikmudha kadhawuhan kantun anjagi ngibadahipun para santri.


Kaca 25 - 44

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 12 - Kaca : 25

692 Kinanthi

7.
Sabên jog undhakan sinung |
jinèntra dèn-kêkêlèngi |
ramya lir gêndhing tinabah |
sri kapyarsa pangringinging |
yata wau kang lumampah |
Kae Sèh Malangkarsèki ||

8.
Lawan Sèh Mangunarsèku |
Anggungrimang Jayèngrêsmi |
Jayèngraga lan Sèh Modang |
Piturun lan Amongsari |
Ki Monthèl lan Basariman |
Jatingarang Man Sêcèki ||

9.
Miwah pra rubiyahipun |
Ni waela Rancangkapti |
Turida lan Rarasatya |
Pêlangi cèthi Cênthini |
pitulas sadayanira |
rolas priya kang limèstri ||

10.
Praptèng sor dènnya tumurun |
(n)jog margagung pinangantin |
parêrêman sêndhang Blara |
sêndhang gêdhe anyawêning |
enjang wus kambah pra janma |
kang ngangsu adus jalwèstri ||

11.
Ing wanci lagya sadhawuh |
trap karya jalma sasabin |
gumyah kèh warnaning karya |
maluku anglèr nampingi |
kang lagya ngêlêp tulakan |
kikirih amurih warih ||

12.
Kang mimijah ngêmbêng ranu |
alirab ombak maringin |
canthoka tusthèng gothaka |
kaplikaning toya sabin |
gambira kasranging toya |
kadya amangun kamuktin ||

13.
Anabah kapyuking banyu |
kasibo bêntaring rawi |
katungkul mungkul tan malat |
ring sarparsa amangsahi |
sinaut canthoka kêna |
pukange angulat alit ||

14.
Kinêroncal nora ucul |
wêktu (n)jrit kasêring-sêring |
waskitha tang pakswasi bang |
tangginas wêktu binukti |
kalap lan sarpane kêna |
si asuka lèh mangsèki ||

15.
Ge-yangge binêkta mabur |
mring panggalêngan angalih |
anjrah kang paksi putiyan |
kacubing wè mèk mangsèki |
trap nèng galêng jèjèr wayang |
lir puspa mênur mênuhi ||

16.
Sêlur wong magawe tandur |
tan ana mangsane siji |
anêbar mocong dautan |
kang nêba ambêbanjari |
kang lagya marapêk mudha |
mêrkatak angêmping kuning ||

Jilid 12 - Kaca : 26

17.
Kang ramya panèn andulur |
wong dêrêp nganèn-anèni |
yata wau kang lumampah |
arayat tataning margi |
nut tinunging pagalêngan |
jalma kèh samya ngaruhi ||

18.
Nilingkên ngawe andulu |
Kae Ki Malangkarsèki |
ana maring ngêndi baya |
de akèh têmên kang ngiring |
kang dêrêp parêking marga |
randha walanjar samyèksi ||

19.
Tumingal ingkang alangkung |
pating barisik ngling ririh |
e e kuwe Jayèngraga |
baguse kapati-pati |
mendah kang duwe lanangan |
tan ana warêge gandhik ||

20.
Ginuyu mring rowangipun |
jorogan gêpyokan pari |
paguywan acêcikikan |
Jayèngraga myat anolih |
kapranan kang tiningalan |
kang katrajang ing pangèksi ||

21.
Samya mitênggêng andulu |
pari sapocong lèhnèki |
gumrègèl runtuh ing lêmah |
suprandene tan tinolih |
kang nginang nyawang lambe bang |
ting cênanun anjèwèri ||

22.
Èstri kang sipêng ing dalu |
tutwuri kongsi atêbih |
ngalintangi pasabinan |
têgal pagagan palêstrin |
myang patunon patalunan |
yata kang samya lumaris ||

23.
Laju wau lampahipun |
kapungkur Ngardipalèki |
têgal gaga patalunan |
têgalan palêstrèn sabin |
kang samya wus kalintangan |
napak tratabing wanadri ||

24.
Ki Monthèl lawan pangulu |
Basariman anèng ngarsi |
kang dadya ngrêmaning marga |
nitik marga ing asungil |
umasuk ing wanawasa |
kèh buron wana maguti ||

25.
Singa andaka andanu |
kidang manjangan myang kancil |
sasakan samya kabrasat |
anêbas lumayu wingwrin |
tan ana wani nukarta |
marang kang andon lumaris ||

26.
Lampah sapakantukipun |
barkat parah lan pawèstri |
sring raryan ing sasinguban |
amucang wênèh nyanyamik |
lamun parêk ing padesan |
kewala raryan tan kampir ||

Jilid 12 - Kaca : 27

27.
Yèn pinuju manggya ranu |
wus wanci pidak mèh lingsir |
samya mahèran mukadas |
wêktu ngabêkti ing Widdhi |
bakda Luhur lumaksana |
myang Ngasar kadalon Mahrib ||

28.
Kewala anèng wana gung |
wêktu kalarèng ratri |
kajat tirakat jro wana |
kang asimpar mawa wingit |
ing Mahrib tumêkèng Ngisa |
Sèh Mangunarsa ngimami ||

29.
Wusing bakda Ngisanipun |
tan lèngsèr saking (ng)gyannèki |
wus prayoga amirantya |
nèng sala kumlasa rêsik |
kayoman wrêksa mandera |
tranggulun lawan kusambi ||

30.
Kang ngagar karya ruh-urub |
Monthèl Basariman sami |
anyamik sasangunira |
jadah jênang apêm bathil |
myang lèmpèng sabun krasikan |
sagon gêmblong pêlêm manis ||

31.
Samya angganing rarapuh |
katoran dènnya lumaris |
wau kang para waela |
kasayahên dènnya laris |
samya pêtêk-pêtêk pada |
paparêm sariranèki ||

32.
Langus wannahulu rukuh |
wau ni wadon Pêlangi |
duking waktu bakda Ngisa |
kalajon dènnira guling |
tan sêmbada niyatira |
duk sorene dènnya mikir ||

33.
Marang Ki Jayèngragèku |
mêngko samangsa wus ratri |
anèng wana sirêp jalma |
sêdyane anggêgrêmêti |
ginujêg manawa arsa |
sisinglon mriyêmbadani ||

34.
Anggêgêpok bae lothung |
saking sangêt dènnya kingkin |
tyasnya tansah nganta-anta |
ngahyun-hyuning siyang ratri |
cadhang paguting asmara |
yèn kalakyaning punagi ||

35.
Anging Ki Jayèngragèku |
wus wruh saliring pangapti |
mring Pêlangi lèjêmira |
Jayèngraga ngawekani |
lamun ta kalampahana |
Pêlangi kongsi anjawil ||

36.
Yèn nganti anyiwêl pupu |
tan wande katêmbèn tangi |
têmah anggugurkên lampah |
wus cipta amamarèni |
nalangsa sajroning nala |
pupuji luputing dêngki ||

Jilid 12 - Kaca : 28

37.
Doh nèng setan ngagu-agu |
guguyon margane sisip |
kang mugi sinung elinga |
Pêlangi aywa nêkani |
dudu mukriming agama |
anggege godhaning ati ||

38.
Kae Sèh Malangkarsèku |
Mangunarsa Jayèngrêsmi |
Jayèngraga Anggungrimang |
Piturun lan Amongsari |
tanapi Kae Sèh Modang |
samya rawatib ing wêngi ||

39.
Trap wirit Salsiyahipun |
Sabariyah Nakisbandi |
Muallah Barjah Jalallah |
samya sumungku amupit |
asuhul pan ahulpana |
pangasikirèng Hyang Widdhi ||

40.
Santosa dènnira junun |
ratri praptèng bangun enjing |
bakda dènnira wiritan |
ngulama jalu lan èstri |
kasubing sira Pangeran |
mahanucèkakên dhiri ||

41.
Tawakup panlangsanipun |
tapakur sukuring Widdhi |
kandhas rumangsaning driya |
kaslamêtaning aurip |
pasrah sêkadaring driya |
wus nir tan awalangati ||

42.
Wus anggagad wêktu Subuh |
suluh lintang panjêr-wêngi |
Sèh Malangkarsa ris mojar |
wêktu sêdhênging ngabêkti |
Subuh utami kang awal |
suwawi mahèrastuti ||

43.
Sèh Mangunarsa umatur |
inggih sumangga ngabêkti |
samya tumurun maring Lah |
kang aturu dèn-gugahi |
Ni wadon Pêlangi kagyat |
ginugah mring lakinèki ||

44.
Datan nyana nèng wana gung |
sinêngguh nèng wismanèki |
maksih mirurut netyanya |
gêgêtunnira tan sipi |
tan bisa sapagêpokan |
kalawan Ki Jayèngragi ||

45.
Dèn-yap-uyap dhadhanipun |
kaduwung dènnira guling |
aturu wit sore mula |
sawêngi nora ngalisik |
atine abuntayangan |
tambuh kang dèn-uring-uring ||

46.
Gya mèlu mèt toya wulu |
kabèh wus samya susuci |
adan sira Jayèngraga |
ririh swara rum amanis |
kadya dede swarèng jalma |
lir swaraning smarabumi ||

Jilid 12 - Kaca : 29

47.
Kumênyut ingkang angrungu |
kumêsar tyase Pêlangi |
mêngkarag gigithokira |
mêjên mêtokkên rahsèki |
saking sru dubilah setan |
brantane mring Jayangragi ||

48.
Sawusnya (n)dan sunat gupuh |
anulya kinèn ngamati |
wus kamat ngangkat parlunya |
Sèh Mangunarsa ngimami |
Surat sawusing Patekah |
Surat Sujadah ingapti ||

49.
Sinujudan adêgipun |
dungkap rêkangat kang akir |
surat sawusing Patekah |
Surat Kasar wacanèki |
adêge wus Kinunutan |
têkèng tahyat bakda nuli ||

50.
Ngamal pupujiyanipun |
dhikir sucining ngabêkti |
anumpa pandonganira |
Jayèngraga anasibi |
paragat wêtuning salat |
maksih rêmêng saput siti ||

51.
Ke Malangkarsa amuwus |
suwawi mangkat lumaris |
ywa kongsi kambang ing surya |
maruput mupung aenjing |
gya mangkat sadayanya |
pan maksih rêmênging ratri ||

52.
Lêstari dènnya lumaku |
lêstari tan na drigami |
marga kèh têrusannira |
timbuling Hyang Arun-enjing |
sring papagan ing lumampah |
priyayi manca-nagari ||

53.
Sudagar myang wong buburu |
kikitêr giwêr anggiling |
miwah kang wong dhadhampalan |
momot tan tarkadhang santri |
kang panggrêma nitik wana |
kalang-odhèg amêdhati ||

54.
Kalanya raryan ing ênu |
Sèh Malangkarsa ngling aris |
kang êndi marga simpangan |
kang marang ing Gunungsari |
manira ayun mampira |
panggih lan Cariksutrèki ||

55.
Monthèl Basariman matur |
ing mangke yèn sampun prapti |
ing wana Jêmbul marganya |
simpangan sidhating margi |
kang ngalor ngetan lajêngnya |
margi mring Wirasabèki ||

56.
Ingkang ngalèr-ngilèn laju |
inggih saking Gunungsari |
lah ya wis ayo umangkat |
ywa kongsi nananggung margi |
lamun kabancanèng jawah |
sayêkti nora dumugi ||

Jilid 12 - Kaca : 30

57.
(n)Dan samya mangkat lumaku |
ngambah wana jurang têrbis |
anusup ayamalasan |
andarung lampahira ris |
saenjing dènnya lumampah |
kongsi wanci surya lingsir ||

58.
Pidak ro akiring Luhur |
anon we lyah ing wanadri |
parungan sela malatar |
kayoman witing kusambi |
raryan ing ngriku asalat |
samya amahèr-astuti ||

59.
Lèrèhkên angganya rapuh |
wus aso dènnya ngangaring |
Sèh Malangkarsa ris mojar |
paran wus parêka iki |
watêse ing Jêmbul wana |
Basariman matur aris ||

60.
Pan inggih ing ngajêng ngriku |
wangkite Jêmbul wanadri |
yèn sampun malbèng talatah |
ing wana Jêmbul awingit |
tan kenging amunasika |
barang kèksi myang kapyarsi ||

61.
Yèn wontên kang salah dulu |
lampahe datan lêstari |
ka-arat marang dhadhanyang |
kaganggu kang marabumi |
kang pês musna ing wana |
kang lujêng kasasar margi ||

62.
Kongsi sapasar tan pangguh |
margi kang kambah ing nguni |
pan sampun mawining wana |
ing Jêmbul pan wus kadyèka |
sring angganggu wong aliwat |
kang sami asalah kardi ||

63.
(n)Dan mangkat mahawèng ênu |
ngambah grênging wana wêrit |
sarah ing Lêbakpundhungan |
lêstari dènnya lumaris |
randhat dening pra waela |
rèhning kasungilan margi ||

64.
Ni Pêlangi lampahipun |
samarga ngêrangu liring |
iriban paguting tingal |
arindhik lampah ing wuri |
mrih supaya kasandhunga |
tungkake mring Jayèngragi ||

65.
Jayèngraga wruhing sêmu |
ningali wadon Pêlangi |
amingkar ngingani lampah |
asabil micarèng ati |
wong iki lir wudun tuwa |
samangsa dèn-uthik-uthik ||

66.
Pêcah mêcothot nanah wuk |
nora kêna dènkikibi |
angajak-ajak kiyanat |
ngêmpakkên karêping eblis |
dene-dene yèn bodhoa |
ana pindhane sathithik ||

67.
Sanajan parawan kêncur |
mangsa kèngguha tyasmami |
yata lêpas lampahira |
têkèng wana Jêmbul nênggih |
tan na swabawaning wana |
sato-sato miwah pêksi ||

Jilid 12 - Kaca : 31

68.
Anyênyêt sêpên asamun |
tan ana walang ngalisik |
miwah kang samya lumampah |
adhêdhêp tan ana angling |
dèhèr pundhung paluhuran |
tumurun jurang acuri ||

69.
Ana swara kang karungu |
sasambat sarwi anangis |
angririntih amlasarsa |
sambat kasasar ing margi |
sanak liwat yèn awêlas |
tuduhna margi kang bêcik ||

70.
Monthèl Basariman ngayun |
lumaku anolih wuri |
sasmita ingkang lumampah |
yèn ana swaraning tangis |
aywa na kang salah karya |
tangis-tangising dhadhêmit ||

71.
Wontên malih kang karungu |
angelingkên wong lumaris |
lo lo sapa-sapa liwat |
aja angiwa lumaris |
niku dalan panasaran |
nut kang nêngên bae bêcik ||

72.
Pan kathah swara ngiridhu |
pèndah jalu èstri angling |
wênèh lir tangising bocah |
dèn-nêng-ênêng biyangnèki |
lir rarywa-ngon paguguywan |
ngalegungkên kêbonèki ||

73.
Yata laju lampahipun |
mituhu tan salah kardi |
dungkap wanci wêktu Sar |
ngantya tan amanggih warih |
laju lampah jurang pringga |
anitik warih ing margi ||

74.
Angrarantun lampahipun |
mangkana amanggih warih |
ambêlik pinggiring marga |
prasamya araryan sami |
ngambil mahèrashukadas |
awaktu salat Ngasêri ||

75.
Sêmbada akiring wêktu |
Sèh Malangkarsa ngimami |
gagêntyan sabên sêmbahyang |
lawan Sèh Mangunarsèki |
sawêktu edhang têrkadhang |
Jayèngrêsmi angimami ||

76.
Antara bakda Ngasar wus |
mumucang udud ngalinting |
sawusnya nulya umangkat |
têkèng patunon wanadri |
margi kang nyidhat simpangan |
kang marang ing Gunungsari ||

77.
Yata nimpang lampahipun |
angalèr-ngilèn nut margi |
wana tilas palagaran |
pagrêngan wana wus nipis |
babangkan wana ngunggaran |
gugul galêngan ginagi ||

Jilid 12 - Kaca : 32

78.
Ginarap wong Gunungsantun |
kang samya gaga wanadri |
ngambah pangalang-alangan |
patratabaning wanadri |
lêmpitaning palunguran |
lêlêngkan pèrènging pinggir ||

79.
Marga rumpil parang-parung |
silak-siluk siluk-sungil |
pacurèn wana rèncèkan |
tan rancag maring lumaris |
wit saya ing rapuhira |
lêpas kang samya lumaris ||

80.
Tatas panggrumbulanipun |
rakaro kasit kalampis |
katon pasawahanira |
pagagan têgal palêstrin |
miwah padhukuhanira |
kakalih ing Gunungsari ||

81.
Kang dhusun angapit punthuk |
dhukuh parapating dèsi |
asri patalunanira |
dhêndhêng wohira andadi |
gumantung mêndhêm kasimpar |
jajanganan amêpêki ||

82.
Tulus kang sarwa tinandur |
wontên sabate kakalih |
Sêtranaya Sêtradrêma |
samya dhangir matun sabin |
Ki Basariman tumingal |
mring Sêtradrêma adhangir ||

83.
Mèsêm guruh aruh-aruh |
e lah de kiye si adhi |
Sêtradrêma apa iya |
kang dhangir lagya ngadhuki |
kagyat (n)dêngèngèk Ki Sêtra |
-drêma anauri aris ||

84.
E e dene kang pangulu |
adika niku mariki |
akathah rowange lampah |
sarêng sintên kang priyayi |
nauri Ki Basariman |
(n)Jêng Kyai Ngardipalèki ||

85.
Mariki lampah martamu |
kathah sasarêngannèki |
dadya kandhêg lampahira |
Sèh Malangarsa ngling aris |
de iku Si Sêtradrêma |
sokur kapranggul nèng ngriki ||

86.
Lah sira matura lamun |
manira ayun papanggih |
akèh sasarênganingwang |
kang padha arsa martami |
kang liningan tur sandika |
agupuh lampahirèki ||

87.
Pan sami amêngkul pacul |
ge-age dènnya tur uning |
kang kèndêl lajêng lumampah |
tutwuri ingkang tur uning |
yata Kae Cariksutra |
lungguh lan arinirèki ||

Jilid 12 - Kaca : 33

88.
Carikmudha wastanipun |
lan para rubiyahnèki |
sakawan samya nèng ngarsa |
Ni Mintarsih Mintarêsmi |
Wratsari Ngronsari samya |
nèng kanan keringirèki ||

89.
Ki Cariksutra amuwus |
marang Ki Carikmudhèki |
ala nganggur cacaturan |
bab impèn duk mau ratri |
ngong turu mung saliyêpan |
katon ana ranu banjir ||

90.
Ngêlêbi sabin myang dhusun |
kongsi sadhadha jronèki |
ngalor-ngetan ilinira |
banyune kalangkung wêning |
iku priye wahananya |
wong ngimpi andulu warih ||

91.
Priye yèn mungguh sirèku |
apa tarbukane yayi |
Carikmudha aturira |
sumanggèng karsa pribadi |
kapantês kang sapunika |
mênggah parimbon pangimpin ||

92.
Sayêkti botên tartamtu |
nêtês kang cèplês nêtêsi |
Cariksutra mèsêm mojar |
ah ègèk têmên sirèki |
maido unining papan |
paranta mungguh sirèki ||

93.
Ki Carikmudha amuwus |
botên ta maibên tulis |
mênggah kawula piyambak |
punapa kang wus sayêkti |
sami-sami katingalan |
gêni angin banyu bumi ||

94.
Lawan wowohan lan manuk |
surya myang swara kapyarsi |
sasaminipun sadaya |
kadosta katingal warih |
satêngah tiyang satunggal |
ngalamat angsal rijêki ||

95.
Wênèh kadhatêngan ngèlmu |
ilham kabuka ing kapti |
wênèh kadhatêngan lara |
cilaka amêlarati |
wênèh angsal gurutama |
mila tan kenging pinasthi ||

96.
Wus makatên adadipun |
sami-samiya angimpi |
kang blènyèt tunggil impèn |
kang ngimpi tiyang kakalih |
pasthi sanès pamanggihnya |
kang janma satunggil-tunggil ||

97.
Sumangga badhe kadyèku |
Ki Cariksutra mèsêm ling |
ya wus bênêr sojarira |
angling tan nglêgakkên ati |
rada mêlasaki sarak |
tur ujarira sayêkti ||

98.
Wuwus têrus nora rurus |
jêmak pinarita ngèlmi |
kang patut kalawan |
sasmitaning rasèng kapti |
gumuyu Ki Carikmudha |
inggih lêrês atur kami ||

Jilid 12 - Kaca : 34

99.
Supêna ngalamtipun |
awon pênêd pan pinanggih |
sasmita lampah ngagêsang |
ngalamat wangsiting Widdhi |
kaetang ing wancinira |
sontên têngah dalu lingsir ||

100.
Tuwin enjing gagat-bangun |
kalamun sontên angimpi |
apan kalihdasa warsa |
yèn pênêd pinanggihnèki |
yèn rikat dwidasa dina |
bêgjane impèn kapanggih ||

101.
Yèn awon sawulan pangguh |
rikatipun tigang ari |
pinanggih cilakanira |
lamun têngah dalu ngimpi |
sadasa warsa kapanggya |
lamun pênêd rikatnèki ||

102.
Sadasa dalu kapangguh |
miwah sapêkên pinanggih |
yèn awon nêmu lan panggya |
yèn rikat tri ari panggih |
yèn wanci bangun supêna |
sataun pinanggihnèki ||

103.
Rikate sadintên pangguh |
punika yèn pênêd ngimpi |
yèn awon sawulan panggya |
myang sakala andhatêngi |
awon pênêd pan kapanggya |
makatên pamanggih-mami ||

104.
Ki Cariksutra gumuyu |
ana pindhane sathithik |
yèn anyupêna wruh toya |
agêng kalangkung awêning |
iya mbuh enggal laminya |
papanggih lan ngulama di ||

105.
Pra rubiyah nambung atur |
tan wanèh turira sami |
supêna lamun katingal |
yèn ta pangawaking èstri |
manawi wontên wanodya |
endah ngunggahi mariki ||

106.
Samya sarêng gêr gumuyu |
Ki Cariksutra anolih |
ih têrbuka ngêmu rasa |
dèn-pakolèhakên angling |
landhêpe gêcok wadonan |
yèn ana bab raja rêsmi ||

107.
Wus ora nganggo dèn-wuruk |
cumèmplêng tyase ngêthuli |
tan kari calêkitira |
dudu surup dèn-sambungi |
para rabine sakawan |
èsême sêmu ngèncêpi ||

108.
Eca dènnya imbal-wuwus |
Sêtradrêma ingkang prapti |
ngêdhêpêg sila turira |
kawula ngaturi uning |
punika wontên dhatêngan |
putranta Ngardipalèki ||

Jilid 12 - Kaca : 35

109.
Kae Sèh Malangkarsèku |
kathah sarêngan priyayi |
jal-wèstri ngulama tama |
katarèng cahya nêlahi |
tan pati rowang wong rucah |
kang sami nêdya martami ||

110.
Ing mangke ngantun nèng pintu |
Ki Cariksutra mèsêm ngling |
têmbe mênêng sun-rarasan |
tamuwan jalma utami |
angling mring rubiyahira |
sira ngruktiya sasaji ||

111.
Miwah gagêlaranipun |
kang samêkta sarwa suci |
miwah (ng)gyannira lah-olah |
karya-a nyamik kang bêcik |
aywa kuciwèng sugata |
sakadare grumbul adi ||

112.
Dhayohmu jalma linuhung |
nom-noman oliya sami |
wus ambêg bangsa kusuma |
kalakuhan olah wingit |
undangên para wongira |
jalu èstri supaya glis ||

113.
Manira amêthuk tamu |
aywa kadangon nèng jawi |
agupuh pra rabinira |
parentah pra santrinèki |
kinèn ngrêsiki pandhapa |
(ng)gagêlar kalasa lampit ||

114.
Ki Cariksutra lon muwus |
lah ta uwus payo yayi |
amêthuk kang sêdya prapta |
Ki Carikmudha turnya ris |
lah inggih kakang sumangga |
anggambuh mêthuk tatami ||

693 Gambuh

1.
Samya nganyarkên wulu |
Cariksutra lan Carikmudhèku |
maring pakadasan wusira susuci |
gupuh dènnya mêthuk tamu |
anulya wau kapanggoh ||

2.
Ki Cariksutra uluk |
-salam sinauran sadayèku |
samya padha ngalaekumu-salammi |
samya ingaturan laju |
mring pandhapa tata lunggoh ||

3.
Mirantya kalasa lus |
wus satata Ki Cariksutrèku |
jawat-tangan sirna satataning tami |
Mangunarsa langkung suhun |
myang Malangkarsa sru anor ||

Jilid 12 - Kaca : 36

4.
Pupuji rila sukur |
gantya-gantya tur salam mangayun |
wus warata sadaya jalu lan èstri |
ngancaran basukinipun |
winangsulan karahayon ||

5.
Myang Carikmudha sampun |
sasalaman sarya pambagya yu |
Cariksutra ngling aris mring santrinèki |
lah Sêtradrêma sirèku |
undangên nyaimu gupoh ||

6.
Kae Malangkarsèku |
nulya padha salaman sadarum |
nulya asung salamira aprahabi |
marang ing rubiyahipun |
gantya-gantya lanang wadon ||

7.
Sarta pambagyanipun |
mring pra putra kang samya martamu |
amangsuli pambagyaning kang basuki |
Ki Malangkarsa umatur |
punika putranta karo ||

8.
Jayèngrêsmi kang sêpuh |
Jayèngraga ingkang anèm nêngguh |
putranipun Kae Bayi Panurtèki |
ingkang dipun-upayèku |
ngayam-ayam jajahan doh ||

9.
Ingkang kalih puniku |
ingkang rayi Sèh Mongraga luhung |
semahipun Nikèn Tambangraras inggih |
punika ingkang rinuruh |
ing dangu mangkya kapanggoh ||

10.
Nèng Wanantaka dhukuh |
Sèh Mangunarsa sasananipun |
wus antara lami dènnira amurid |
ing mangkya arsa umantuk |
maring Wanamarta dhukoh ||

11.
Tandya tinutkên pungkur |
samya sêdya ing lampah tumutur |
rêke samya kewala nêdya papanggih |
Kae Bayi Panurtèku |
duk ing dangu wus kapanggoh ||

12.
Cariksutra gumuyu |
myarsa turira Malangkarsèku |
angling sukur rêke Alkamdulillahi |
sami anêkakkên kayun |
rèh kadang pan padha anom ||

13.
Ngling malih mring sang bagus |
Jayèngrêsmi Jayèngraganipun |
karannya ingulatan ring Kae Bayi |
lan Rubiyah mila nglangut |
saparan tan kêna adoh ||

Jilid 12 - Kaca : 37

14.
Duk lampahe angruruh |
maring putranipun èstri jalu |
kadèkneya bagus-bagus warnanèki |
sêmbada lan rabinipun |
ahli ngèlmu kang pasêmon ||

15.
Kampir marene pangguh |
lan manira sêbab duking dangu |
singgih ramanèki Bayi Panurtèki |
mitrèngngong saeka kalbu |
tan ana raos-rinaos ||

16.
Duk sami sih nomipun |
samya ngaji mring pasantrèn agung |
tan kêna sah ing siyang dalu lan mami |
sabyantu atunggal guru |
amêngku santri tuwa nom ||

17.
Tuwin anakmas bagus |
jêbèng Mangunarsa kalihipun |
Anggungrimang pun bapa angêpèk siwi |
rèhne kèh kiranganipun |
dados damêle wong anom ||

18.
Kang mugi aywa kadung |
kadung ing ngabêkti tiyang sêpuh |
mring pun bapa sabab balilu ing budi |
nanging namung lothung-lothung |
wontên ingkang dèn-dhêdhaplok ||

19.
Kang liningan andhêku |
sarêng dènnira samya umatur |
ingkang botên wontên paduka kawijil |
kawula kalangkung nuhun |
saking sih paduka rêngkoh ||

20.
Ki Jayèngrêsmi wau |
lan Jayèngraga ngandikang kalbu |
e lah iki kang tinutur rama nguni |
Cariksutra mitranipun |
(n)Jêng Kyai Bapa wong winong ||

21.
Nulya sugata mêtu |
wedang pawohan pangananipun |
Sêtradrêma Sêtranaya Sêtragati |
Sêtralèwo Sêtrarêmbun |
samya naosnakên sugoh ||

22.
Para rubiyahipun |
samya tata rampadan nèng ayun |
pan ambanjêng sangkêp sawarnining nyamik |
olahan di-adinipun |
myang wowohan kang sumaos ||

23.
Wusnya panatanipun |
Cariksutra ngancarani tamu |
lah suwawi punika sugatanèki |
bibinta akusung-kusung |
sung sarat jampi kalêson ||

24.
Sumapala tan mungguh |
mugi sampun kakirangan maklum |
samya bukuh umatur nuwun sihnèki |
tan sagêd mangsuli tanduk |
gênging sih paduka mring ngong ||

Jilid 12 - Kaca : 38

25.
Inggih kalangkung nuwun |
nulya samya nyanyamik sadarum |
sasênênge wedang papangananèki |
Cariksutra mèsêm muwus |
lan Sêtradrêma dèn-gupoh ||

26.
Timbalana nyaimu |
kang tuwa pisan têlu dèn-gupuh |
lan (m)bok ipe têlu pisan kon-mariki |
padha nêmonana tamu |
akakaruh padha wadon ||

27.
Ingkang liningan gupuh |
animbali pra rubiyah sêpuh |
tan adangu katrine prapta ing ngarsi |
Sudarmi Wilapa nêngguh |
Suratmi katrinya rêko ||

28.
Tan dangu rabinipun |
Carikmudha sami praptèng ngayun |
Ni Sukarsa kalawan Ni-mbok Sumilir |
ronggèng ojrat waunipun |
randha suka pinèt bojo ||

29.
Cariksutra ris muwus |
iku sutanta Ardipalèku |
lan ing Wanantaka Sèh Mangunarsèki |
karo iku putranipun |
kakang Rundaya sèyêktos ||

30.
Salamana sirèku |
mring nakira jalwèstri sadarum |
kang liningan gupuh sasalaman sami |
gantya-gantya kumarubut |
binagyan raharjèng lakon ||

31.
Cariksutra lingnya rum |
puniku nakmas bibinirèku |
ingkang sêpuh titiga pisan puniki |
dadya sadaya pipitu |
lan bibinta kang nom-anom ||

32.
Samya mèsêm andhêku |
Jayèngraga ngling sajroning kalbu |
nora jamak si paman Cariksutrèki |
patute duk sih nomipun |
rada bangêt (n)donne mondhol ||

33.
Tuwa-tuwa sih bêsus |
nora ilang labête gumagus |
kadurusan adêrês kêrêp arabi |
dhasar sêmbada abagus |
Ki Cariksutra duk anom ||

34.
Mangkana siking kalbu |
èngêt ring paman Kulawiryèku |
eman-eman tan panggih paman Wuragil |
yèn têmuwa kaya pundhuh |
satêkone nora adoh ||

Jilid 12 - Kaca : 39

35.
Yata ing wancinipun |
Hyang Arka tumitah (ng)graning gunung |
malbèng purwa-ima krêsna anjodhogi |
sêdhêng mangsanira wêktu |
Cariksutra lingira lon ||

36.
Ngancari tamunipun |
minggah marang patarubanipun |
masjidira munggèng sapucaking wukir |
tratagira sri ingapu |
sumilak tinon saking sor ||

37.
Pra tamu samya matur |
inggih sumangga utami wêktu |
nulya samya mudhun saking ing pandhapi |
laju minggah mring masjid gung |
sapucake ngarga Dhepok ||

38.
Wontên balumbangipun |
binot-rawi ing sela tinatur |
pakêmbêngan ing dhukur sing sela langking |
papêncêding kang amunggul |
andrawas tinirih anjog ||

39.
Yata sami awulu |
jalu èstri santri alit agung |
wusnya samya sadaya mèt toyastuti |
tinêngêran Mahribipun |
santri adan tumalawong ||

40.
Wong lilima ambarung |
langkung asri kapiyarsèng asru |
wusnya adan nulya sunat sadayèki |
sigra kamad ngangkat parlu |
Ki Sèh Malangkarsa kinon ||

41.
Angimami mangayun |
pan lênggana myang Mangunarsèku |
mopo miwah Jayèngrêsmi Jayèngragi |
kinèn ngimami ing wêktu |
samya lênggana ing pakon ||

42.
Sigra Cariksutrèku |
nulya mangarsa ngimami wêktu |
ngangkat niyat usalinira patitis |
takbiratul-ikramipun |
pèndah waja duk ingobong ||

43.
Kala cinubing ranu |
purnaning bang sanalikanipun |
datan anèng waja tan anèng ing warih |
ing jawi ewuh kinayuh |
tan kajaba tan kajêro ||

44.
Jumênênging awêktu |
wus andadèkkên ing salatipun |
wawacane sawuse Patekahnèki |
apan Surat Kulya-ayu |
Idaja-a rêkangat ro ||

45.
Dungkap tri rêkangat wus |
tahyat akir bakda salamipun |
laju pupujiyan alêlagon asri |
dhikir donga limang wêktu |
nulya surat Wabin mansoh ||

Jilid 12 - Kaca : 40

46.
Wus purna wabinipun |
antara wus panjinging kang wêktu |
laju Ngisa kinikis marang ing takbir |
-ratul-ikram suratipun |
wusing Patekah winaos ||

47.
Amal-nasrah puniku |
rêkangat kir wus Patekahipun |
suratira ingkang winaca Walèli |
praptèng rêkangat rata wus |
tahyat salam bakda gupoh ||

48.
Sru pupujiyanipun |
wus adhikir numpah donga luhung |
wus paragat saliring sunat myang dhikir |
salawat salaman gupuh |
wus warata lanang wadon ||

49.
Santri kèh samya mudhun |
Ki Cariksutra lingira arum |
lah suwawi kondur mring wisma prayogi |
pra tamu tan lêngganèng hyun |
nulya tumurun saking (ng)gon ||

50.
Pra waela nèng ngayun |
(n)dulur lampah marganya anikung |
santrinira Sêtranaya Sêtragati |
Sêtradrêma tiganipun |
apan sami bêkta obor ||

51.
Prapta pawismanipun |
wangsul (ng)gyannira atata lungguh |
Cariksutra lingira ris maring rabi |
paran wus gantya ngungukus |
lah mara saosna gupoh ||

52.
Pra rabinira catur |
miwah rubiyah kang sêpuh-sêpuh |
angambil kang rarampadannya pribadi |
pra rubiyahira gupuh |
tata rampadan mirantos ||

53.
Bubucu anèng ngayun |
sangkêp sarwa lam-ulamanipun |
sêsambêlan kêlalaban amêpêki |
tan na kuciwa ing sêmu |
Cariksutra lingira lon ||

54.
Sumangga atuturuh |
sawontêne ing pawanan gunung |
lah ta kono payo wasisan abukti |
kanca wadonan akêmbul |
kukumpulan padha wadon ||

Jilid 12 - Kaca : 41

55.
Ingkang liningan gupuh |
sarêng dènnira sami awisuh |
adan lêkas sadaya parêng abukti |
kêmbulan langkung pakantuk |
sêmada kaluwèn ator ||

56.
Katoran rèh lumaku |
para kakung tan pati pikantuk |
pan wus lantèh ahli siyam sabên ari |
kathah cacêgahanipun |
ulam miwah uyah êmoh ||

57.
Parèstri samya nutug |
rèhne samya kêmbul nadhah pundhuh |
amung Nikèn Turida lan Rarasati |
ukur wuwur-wuwur puluk |
ngenaki sarat kemawon ||

58.
Rubiyah nyai sêpuh |
bok Wilapa ing sapulukipun |
kokoh jangan ngambil lawuh mêratani |
sarwi anyandhing kalêmuk |
gutuk puluk ngombe atob ||

59.
Sêmbada awakipun |
anglêmbêrêg langkung agêngipun |
pra waela gumuyu dènnya ningali |
Wilapa pamanganipun |
ngathêkul kokoh acèkoh ||

60.
Myang sakèh para tamu |
samya mèsêm mula nyai sêpuh |
Kae Cariksutra gumuyu sarya ngling |
kang dènèsêmi puniku |
punapa andika tumon ||

61.
Marang (m)bok-(n)lika sêpuh |
pun Wilapa kalamun lir pêcuk |
sampun nate yèn drêmba mangan ngluwihi |
sarta mangan sabên minum |
gutuk puluk dènnya ngokop ||

62.
Pan dèrèng sampun-sampun |
yèn dèrèng têlas toya saklêmuk |
sarêng têlas sêkul jangan lawan warih |
salawuhane digêmpur |
gêr gumuyu sadaya wong ||

63.
Sadaya kang para rum |
dènnira bukti kèndêl gumuyu |
angling malih duk witne ramanta prapti |
Kae Bayi Panurtèku |
bibinta langkung pinoyok ||

64.
Nging bibinta puniku |
dhengah kang moyoki angguguyu |
wus watake nora duwe laranatin |
manahe nekad amupus |
tan wontên winalangatos ||

65.
Sadaya samya (ng)guyu |
mbok Wilapa anaturi wuwus |
kawula puniki bagi wus pinasthi |
ginanjar wak-kula lêmu |
gimblah nglêmbarah kalêmon ||

Jilid 12 - Kaca : 42

66.
Tansah sami ginuyu |
wus antara dènnya nadhah tuwuk |
aluwaran ambêng wus padha cinarik |
linorod sinungkên pungkur |
kulawangsa lanang wadon ||

67.
Warata sadaya wus |
royoman tuwuk pamanganipun |
wus luwaran sadaya ingkang abukti |
ganti dhaharan mangayun |
winuhan kang sampun kalong ||

68.
Ki Cariksutra muwus |
lah suwawi anakmas puniku |
nyamikane mangsêgane usap amis |
liningan sadayanipun |
tuwa anom lanang wadon ||

69.
Dalap nyamikanipun |
sasênêngira pamangsêgipun |
asasambèn Jayèngraga matur aris |
pantês putranta sadarum |
dene datan wontên katon ||

70.
Cariksutra lingnya rum |
inggih kathah rinta etangipun |
yèn gêsanga kalihdasa etangnèki |
mung gêsang sakawan jalu |
satunggilira kang wadon ||

71.
Sampun pêncar (ng)gyannipun |
kang jalêr wus suwitèng tumênggung |
inggih dados carik anama ngabèi |
Sastrawirêja wastèku |
antuk sih tan kêna adoh ||

72.
Inganggêp sasadulur |
ing dyan Suradiningrat Madiyun |
dipun-angkat patih maksih ngiras carik |
tinantun agal lan lêmbut |
tan wontên liya tinaros ||

73.
Marma tan sagêd pangguh |
lan manira saking datan kaur |
anjawi yèn wontên pêrlu kang lwih tunggil |
miwah kang samyèstri sampun |
mah-imah samya doh-adoh ||

74.
Pranaraga (ng)gyannipun |
mantri kasêntanan kang amêngku |
kakalih nèng Kalangbrèt myang Kadhiri |
sami dêmang kang amêngku |
marma tan wontên atinjo ||

75.
Rayinta ingkang sêpuh |
Mas Ngabèi Sastrawirêjèku |
sampun sêpuh kakang-adhi lawan mami |
sampun sami mawat dunung |
kalangkung kapengin-ingong ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (01b) Kaca 13 – 24
  • (02b) Kaca 43 - 59 >