Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 5

Kontak Admin.

email-kidemang

 (02b) Kaca 43 - 59

 

( Lampahipun tumuju dhusun Gunungsari )

12

2. Lampahipun tumuju dhusun Gunungsari, dalêmipun Ki Cariksutra. Mêdal pasabinan, lajêng lumêbêt wana. Kèndêl namung nalika salat Luhur lan Asar sarta dhahar. Ki Cariksutra kalihan adhinipun Ki Carikmudha, dalah para èstrinipun nampi tamu sarta atur pasêgahan langkung manfaat. Dhahar kêmbul sinambi gêgujêngan bab Ni Wilapa, semahipun Ki Cariksutra ingkang drêmba. Jayèngraga nyuwun piwulang Ki Cariksutra bab basa lan sastra Jawi: Kawiswara, Keratabasa, Panitisastra, Carakabasa, Candrasangkala, Candragêni dumugi Dasanama, sakêlangkung damêl rênaning para ingkang mirêngakên. Ugi bab wataking tiyang ingkang namanipun kanthi awaling aksara Jawi: Ha dumugi Nga. Lajêng kasambêt têrbang langkung rame, kawiwitan kanthi suluk Bathik, pralambanging ngèlmi raos. Bakda Subuh sami bidhal, cucuking lampah Sêtradrêma lan Monthèl. Ki Cariksutra tumut rombongan sowan Ki Bayi Panurta. Ki Carikmudha kadhawuhan kantun anjagi ngibadahipun para santri.


Kaca 45 - 61.

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 12 - Kaca : 43

76.
Lamun darbeya sunu |
kandhêg bibinta tan darbe tuwuh |
marma ajêng ngogrèg-ogrèg kêdah rabi |
kuciwa kalangkung sêpuh |
kadho dene datan munggoh ||

77.
Samya mèsêm gumuyu |
myarsa dènnya abanyolan wuwus |
pra rubiyahira sami angèncêpi |
Cariksutra mèsêm muwus |
banène èsême bojo ||

78.
Rasane ting galuthuk |
ora enak lir wong mamah watu |
sambikala lir mamah manisan bêling |
lêgine nglêburkên untu |
tan pêsaja anjêlomprong ||

79.
Sangsaya sru gumuyu |
Ki Cariksutra malih amuwus |
lah anakmas punapèstu benjing-enjing |
mantuk mring Wanamartèku |
kang putra umatur karo ||

80.
Apan inggih saèstu |
lamun lujêng benjing bakda Subuh |
Cariksutra nauri wacana manis |
kongsiya sapêkênipun |
dumugi (ng)gyansun têtêmon ||

81.
Jayèngrêsmi turipun |
inggih agampil pawingkingipun |
manawi ta Allah marêngkên basuki |
kados tan wande kapangguh |
kula awangsul sumaos ||

82.
Cariksutra ris muwus |
lamun makatên anak puniku |
yèn pinarêng panuju dhanganing ati |
singgih manira tumutur |
mring Wanamarta yun panggoh ||

83.
Mring ramanta puniku |
manira kalangkung tyas wulangun |
maring kakang Kae Bayi Panurtèki |
duk mampir mring kang pra tamu |
andhandhang kinèn mardhayoh ||

694 Dhandhanggula

1.
Jayèngrêsmi miwah Jayèngragi |
langkung dènnira sukuring driya |
yèn Ki Cariksutra mangke |
karsa lampah tumutur |
maring krajan Wanamartèki |
panggih (n)Jêng Kyai Bapa |
pawong mitranipun |
duk maksih sami jajakan |
tan nêdya sah nêdya nglanggêngakên sami |
kumpul donya (ng)akerat ||

Jilid 12 - Kaca : 44

2.
Pan mangkana ciptanirèng ati |
Jayèngrêsmi Kae Jayèngraga |
miwah sadaya tan pae |
samya suka ing kalbu |
lamun Kae Cariksutrèki |
milya mring Wanamarta |
arsa apapangguh |
Ki Cariksutra ris nabda |
yayi Carikmudha kantuna sirèki |
sun karya wakilingwang ||

3.
Angimami Jumungah ing masjid |
sarta dèn-karêksa kêndhurinya |
ywa muadah Jumungahe |
rèhên wong dhukuh-dhukuh |
kanca santri myang magêrsari |
pêrdinên wêktunira |
ing Jumungahipun |
padha ngêgungna Jumungah |
lan yèn ana kanca santri nêdya kampir |
nèng kene kèh kêdhika ||

4.
Lah andhêgên ywa awèh lumaris |
rayatên kabèh gumatènana |
ywa kongsi kurang pangane |
priyên parêng sakayun |
narèhakên satêngah sasi |
utawa ing sawulan |
sokur langkungipun |
dimèn ngêtêpi Jumungah |
iya mangsa-bodhoa sirèku yayi |
manawa sun yèn lama ||

5.
Carikmudha aturira aris |
yèn kalamun parêng ingkang karsa |
kawula kêdah andhèrèk |
kaping kalihipun pangguh |
lawan kakang Arundayèki |
mupung sami sarêngan |
aywa na tan têmu |
Ki Cariksutra lingira |
besuk bae de lakuningong pribadi |
lamun lan bok-ayunta ||

6.
Si Wilapa lan santri sawiji |
amung si Sêtradrêma kewala |
rowangira kari rêke |
iya si Sêtrarêmbun |
Sêtranaya lan Sêtragati |
Sêtralewo adatnya |
iku ingkang kantun |
padha tungguwa ing wisma |
rumêksa-a ing wêktu Jumungahnèki |
aywa kongsi muadah ||

7.
Ingkang rumat pangrêksaninèki |
wisma miwah parentahanira |
ingkang liningan ature |
sandika sadaya wus |
pra rubiyah kang badhe kari |
sadaya yun tumuta |
kumêdah tan kantun |
datan linilan ing raka |
dadya samya ngungun tan tumut ing laki |
pinupus jrih ing raka ||

 

Jilid 12 - Kaca : 45

694 Dhandhanggula

8.
Ingkang samya lênggah jalu èstri |
asasambyan ngalap nyanyamikan |
Ki Cariksutra dêlinge |
anakmas sadayèku |
awon kèndêl sami alinggih |
wontên sabda rinasa |
wawadining wuwus |
kawaspadaning kasidan |
ing aurip puniku amanggih pati |
pati amanggih gêsang ||

9.
Mulya urip amurbani pati |
mulyaning pati amurwani gêsang |
sesa êsa wasesane |
tan muksa datan mujud |
tan kakalih datan satunggil |
kwula tan kawasesa |
Gusti tan sinuhun |
pundi kang aran kawula |
ingkang pundi inggih kang ingaran Gusti |
rèh Gusti tansèng kwula ||

10.
Kadipundi palimpinganèki |
anak jêbèng Kae Mangunarsa |
miwah nakmas sadayane |
sadaya samya-ndhêku |
Malangkarsa mèsêm lingnya ris |
yayi Sèh Mangunarsa |
sumangga ing ngriku |
linêjar linge kang rama |
Mangunarsa matur ring Cariksutrèki |
mênggah wuwus punika ||

11.
Sakalangkung dening rungsitnèki |
liyan sujanma ingkang uwus man |
pinitaya ing Hyang rêke |
nugraha ingkang agung |
lir Hyang Agung nugraha yêkti |
kang sampun kawimbuhan |
Sukma angganipun |
mulya tan kênaning rusak |
sabab tan na kuwasa pangangkatnèki |
awrat-awratanira ||

12.
Beda lan jalma ingkang sinung sih |
sinisiyan ing Hyang Maha Mulya |
tan wontên èwêd awrate |
singgih subrantanipun |
mring Hyang Widdhi panguningnèki |
tansah pangabêktinya |
ing Hyang Kang Maha Gung |
gagantunganing wêkasan |
wêkasaning agêsang amanggih pati |
matiya jroning gêsang ||

13.
Gêsang ingkang amurba ing pati |
pati wus kalimput ing agêsang |
gêsang wus tan na patine |
mulyaning pati uwus |
murba amisesa ing urip |
urip wus kalimputan |
ing pati sawêgung |
agêsang sajroning pêjah |
pan wus murba misesa pati lan urip |
langgêng kaananira ||

14.
Kang wus sipat ênggon sun ngalami |
wus tan manjangakên nusa sabda |
rèhne branta wus anungge |
marang Hyang Maha Agung |
tan abisa angapengini |
punika pratandhanya |
sor luhuring tuwuh |
datang kenging ginampila |
kawaspadan ing kasidan rèh kadadin |
babaring janma-tama ||

Jilid 12 - Kaca : 46

15.
Rungsiting ngèlmi pan dede uni |
dene sastra kang tumrap ing papan |
kojah wirayat pan dede |
tan sampun dening wuwus |
datan sampun dening angaji |
Kitab kalawan Kur'an |
tan wus dening guru |
tan rampunging patakènan |
amung purna kalawan pribadinèki |
kang datan patinang ka ||

16.
Cariksutra sumêdhot tyasnèki |
apan kaprananing nalanira |
pinalimping ring kajatèn |
panujwanira sukur |
mring Kae Sèh Mangunarsèki |
pandhita taruna trang |
bijaksanèng ngèlmu |
datanpa ngalêmbananya |
wus mupakat ing pangawruhira sami |
tan pae tangkêpira ||

17.
Pangrêsing tyas pan durung (n)dungkapi |
rumangsa ing kadununganira |
anor sajroning driyane |
alon dènnira muwus |
Kae jêbèng Mangunarsèki |
paran wus apatutan |
lan sutangong mantu |
Sèh Mangunarsa turira |
singgih sawêg Allah dèrèng amarêngi |
wruh raosing akrama ||

18.
Walhualam ing mangke manawi |
wontên karsaning Hyang Kang Misesa |
hajad dèn-ngamakên rêke |
dèntên ta ingkang sampun |
ing pandonganira Kiyai |
dèrèng girising manah |
tan kabukèng kalbu |
kayun langêning wanita |
saking dene kumambang karsaning Widdhi |
Alah tan mangga cipta ||

19.
Ngumum samya tawakup kang myarsi |
Ki Cariksutra ngartikèng driya |
Sèh Mangunarsa jawane |
wadad ngibadahipun |
awiwinih santosèng tokit |
trang trus ngèlmu kapasah |
kakandhanganipun |
(ng)alamat basa nujibah |
pan wus kawistara paprèjèngannèki |
cahya trahing ngawirya ||

20.
Jayèngraga wruh sandining liring |
alon umatur ring Cariksutra |
kawula nuwun wulange |
rèhing sastra Jawèku |
Kawiswara ingkang punêndi |
miwah Kerata-basa |
Panitisastrèku |
kalawan Caraka-basa |
tuwin Candrasangkala myang Candragêni |
kalawan Sandisutra ||

Jilid 12 - Kaca : 47

21.
Dasa-nama Krêtawirêjèki |
amung wruh babasane kewala |
dèrèng sumêrêp yêktine |
mugi Kae sung wêruh |
pangartine kang sastra Jawi |
kawula salaminya |
katungkuling dangu |
ulah kasantrèn kewala |
ukur sagêd maos waosan sakêdhik |
dèrèng dungkaping prana ||

22.
Cariksutra mèsêm lingira ris |
kenging paribasan basukila |
têkèk cihna sabawane |
nênggih patanyanipun |
nakmas Kae Jayèngragèki |
kacupaning wacana |
wicaksananipun |
ring Sastradirga ngayuta |
Kawikrama ulah Maha Pramakawi |
tan kêna kilapêna ||

23.
Jayèngraga mèsêm turirèki |
pan kawula nunuwun pasaja |
ngangsu toyèng jaladrine |
Cariksutra gumuyu |
ngèlmu kêpèk kula puniki |
tan paham lamun datan |
wontên sêratipun |
èngête abalêjatan |
sajêgipun Candrasangkalaning rêdi |
pinurwa ing sarkara ||

24.
Sangkalane ponang ardi-ardi |
kunir awuk tanpa jalu ika |
miwah kang tulup sumendhe(?) |
tuwin kang pring sadhapur(?) |
lele gêna lan cèlèng mati |
kalawan clêngan tiba(?) |
miwah jêbug awuk |
kêlèthèk tumpêr(?) kewala |
pan wus jangkêp sasanga sasaminèki |
sangkalardi punika ||

25.
Maksih angka: 6(nêm) kang sirah nênggih |
antaranipun nyandhak sadasa |
nungswa Jawa sangkalane |
Sirna Rupaning Dhuwur |
Candhi Sèwu sangkalanèki |
Naga Iku Angrusak |
Jagad kalanipun |
candhi Kalibêning ika |
Bujanggèku Anêmbah ing Bumi nênggih |
rêca Budhur babadnya ||

26.
Tanpa Ngrasa Tingale Wong Singgih |
Masigid-watu ing Salatiga |
Sirna Ilang Gunaning Wong |
Pajajaran ing dangu |
Sirna Ilang Gunaning Aji |
adêging Majalêngka |
de sangkalanipun |
Watu Mungal Katon Tunggal |
duk gêmpure Sirna Ilang Karyèng Bumi |
ngadêg kitha Bintara ||

Jilid 12 - Kaca : 48

27.
Gêni Mati Siniram ing Jalmi |
purwanipun trap agami Islam |
Sultan Bintara pupule |
lan pra wali linuhung |
ngumumakên sarengat Nabi |
supaya kèbêkana |
sanungsa Jawèku |
ing sarak (n)Jêng Rasullolah |
sinirnakkên agama Buda kang lami |
salin agama Islam ||

28.
Jayèngraga gupuh matur malih |
mênggah Kerata-basa punika |
lawan Raja-kusumane |
Cariksutra amuwus |
kang Kerata-basa puniki |
lawan Raja-kusuma |
sami dèntênipun |
mèt sêmon watêking nama |
yèn mênggaha ngèlmi Arab saminèki |
pan palak palakiyah ||

29.
Kadi ta yèn wontên jênêng nênggih |
aksara [ha] akèh wiraganya |
ingkang brêmara alênteh |
kèntiring maruta gung |
watêkipun pan datan kenging |
kungkulan budinira |
kumudu gumunggung |
datan kêna pinoyokan |
lamun nêpsu tan ana kang dèn-èringi |
yèn kabênbêran roba ||

30.
Keratane aksara [na] na ngling |
sang wira munggyèng tumamèng yuda |
supakya matêmpuh dene |
matyèng palagan nêngguh |
watêking wong pangucapnèki |
ngatokkên napsunira |
tan kêna sinayut |
maring sasamining jalma |
miwah maring payomane datan ajrih |
mring kaka yayah-rena ||

31.
Aksara (ca) keratanirèki |
cacaturan parang tumêmpuh kat |
tan kalok ing panuncange |
watêking ca puniku |
lamun èstri candhala wêngis |
kumèdhêp ing wong lanang |
amarentah kakung |
rumakêt lamun sasanak |
datan lana wani mring wong tuwanèki |
wawatêk bangsa sudra ||

32.
Lamun hê [hê-ra] dipun-keratani |
hê-ra rata sêmpal kaèdêgan |
jagad kèntir gumuruhe |
wong jênêng ra puniku |
apan pintêr datanpa ririh |
cupêt atine malam |
lamun duwe nêpsu |
pan gêlis ing lêjarira |
datan pandak barang karêpe sathithik |
waninira satêngah ||

33.
Aksara [ka] keratanya nênggih |
hê-ka kongkang munya ing pangrongan |
pantaka gêlêng dadya mrèh |
kamal sura makiwul |
watêking wong jênêng ka nênggih |
datan ladak pangucap |
atos yèn amuwus |
sêmbada guru-alêman |
tan têlatèn watak kau kurang budi |
kêdhik pasiyanira ||

Jilid 12 - Kaca : 49

34.
Yèn aksara [da] dèn-keratani |
ê-da daliwara munggwèng rana |
tekang turangga tumamèng |
yuda surat tumêmpuh |
sêtyèng laga watêkirèki |
wong jênêng aksara da |
wor mèsêm yèn muwus |
budi momot tur antêpan |
tan katara yèn karêp kalamun jurit |
sêndhu manis wuwusnya ||

35.
Aksara [ta] dipun-keratani |
tatawang sêkar sumawur kentar |
kadrêsan dening angine |
sami ruru katawur |
wor kumrisik kang wuluh gadhing |
wong jênêng aksara ta |
gapyak ing pamuwus |
nawangkên wasising nala |
nora kêna ngrungu ujar ala bêcik |
canggèh wani satêngah ||

36.
Keratane aksara [sa] nênggih |
sasêtya lairing puji rêja |
maharêpi kadhatone |
ngabyantara liripun |
wong jênêng aksara sa lantip |
sasmita sihing karya |
lêmbut budinipun |
lêpas marang pangawikan |
sêngsêm basa landhêp graitanirèki |
sêdhêng kuwanènira ||

37.
Aksara [wa] keratanirèki |
wawukir malela lir sêmara |
kumrusuk piyak pamore |
kumarisiking wuluh |
gadhing yèn wong jêjênêng mawi |
aksara wa watêknya |
angkuh ambêgipun |
anyênyêt pangucapira |
wong kawongan macan mring mitra tan asih |
yèn nêpsu ngangsa-angsa ||

38.
Aksara [la] dipun-keratani |
apan lali ing Sukma sarira |
mari karênga kêtabe |
tumangkul teja kuwung |
watêke wong jênêng la nênggih |
alalu sihing puja |
anduwèni angkuh |
yèn sasanak gêng sihira |
andhap asor yèn ana pangarahnèki |
yèn nêpsu lir rasêksa ||

39.
Aksara [pa] keratanirèki |
papunggêle kang buron wanara |
amangsa gugundhik rêke |
wong jênêng pa puniku |
pan cugêtan datan kawijil |
tan lana kinantêpan |
crobo budinipun |
tan ênang marang sudarma |
luruh ing prakara ing aprang jêjirih |
tan lulus asêsanak ||

Jilid 12 - Kaca : 50

40.
Aksara [dha] kerata winarni |
adhadha umpan guna lènira |
syuh anguwuh ing babune |
kètrêg kêdaya sing lum |
lambangira watêkirèki |
wong jênêng aksara dha |
asusahan kalbu |
asring kapêdhotan trisna |
anging budinira guna tur aririh |
tan duwe kasaguhan ||

41.
Keratane aksara [ja] singgih |
ji jiwata sang Narpati Rudra |
amanas sarira rêke |
taya amêngkul suku |
mangku kuwung teja lan thathit |
wong jênêng aksara ja |
lêmbut budinipun |
ana radane kagungan |
amêm rêgu pan kumingsun sumêdêgi |
tan rêna mor sasama ||

42.
Aksara [ya] keratanirèki |
yata yayah-rena kaèwêran |
girima rah umiline |
ararênguning parung |
parèjèngan watêkirèki |
wong jênêng aksara ya |
ambêgira lêngus |
yèn rècèh anggora-gadha |
tan wrin maring pakewuh marma prihatin |
kasangsayèng sasama ||

43.
Aksara [nya] dipun-keratani |
nyanyamikan panggah amingguwa |
tan na kewran ing atine |
katamaning margiyuh |
wong jênêng nya wawatêknèki |
kumawi yèn angucap |
kèh pamèting wuwus |
tur ta durung yèn (ng)guguwa |
tita dadi papangane wong abangkit |
gujih ati marassan ||

44.
Aksara [ma] keratanirèki |
mamayu nguyu mèk akênturan |
pancaka cala makêlèng |
wong jênêng ma puniku |
anastapa ambêge dhiri |
manggung panas-atènan |
kang adoh ginayuh |
tan pati nampani ujar |
mung wuwuse lumaku ginati-gati |
tan ayun karameyan ||

45.
Keratane aksara [ga] nênggih |
gagalih glan raga wèh magêlah |
mangikêt magêlungrate |
ing jagad raya wêgung |
widadara kang widadari |
padha mataya nêmbah |
anggusthiyèng luhung |
wong jêjênêng aksara ga |
jêmbar budi ing buda nyenapatèni |
mantêp lila ing srana ||

46.
Aksara [ba] keratanirèki |
ba binuncang ring pèrèng rèjèngan |
madalêm dinulu srine |
pinapah kapara puh |
ahyanèka watêkirèki |
wong jênêng aksara ba |
agêng nêpsunipun |
kadya padha kakanginan |
lair amêm micara alus amanis |
ambayani jatinya ||

Jilid 12 - Kaca : 51

47.
Aksara [tha] keratanirèki |
kang tha thathête kang mandraguna |
nguwuh bèjraning kalbune |
tiksna têkang tyas juwul |
kêtêr krisik kang wuluh gadhing |
wong jênêng aksara tha |
kêthul budinipun |
bodho ling-alingan bisa |
tur abodho tan sumurup barang-kardi |
lêson lumuh ing karya ||

48.
Aksara [nga] wêkasanirèki |
keratanya apan nga ngangungan |
kadya camêra gêgête |
makewraning atêdhuh |
kumrisiking kang wuluh gadhing |
wong jênêng aksara nga |
gramèh tanganipun |
pintêr marang gagaweyan |
budi asor anggêgusti marang èstri |
gêntèn olèh durcara ||

49.
Jayèngraga tumungkul turnya ris |
dasanamamba paduka wulang |
Ki Cariksutra wuwuse |
èngêt-ngong anak bagus |
dasanama ukur satêmplik |
anging trimah rêramban |
kêdhik-kêdhik lothung |
tinimbang kang botên pisan |
samya suka gumuyu kang para tami |
Cariksutra lingira ||

50.
Dasanama kang sawiji-wiji |
kang dhingin dasanamaning wulan |
sasangka candra sasine |
basanta rata èntung |
sasaddhara kirana nênggih |
sitangsu lan prabanca |
dasanamanipun |
sang srêngenge purbangkara |
diwangkara suwandagni arka rawi |
pradangga-pati surya ||

51.
Andangkara karaba mahari |
kalandara raditya talaha |
aruna bagaspatine |
lan dasanamanipun |
ingkang angin sadayanèki |
pawana samirana |
prabancana bayu |
pracalita lan tracanca |
wasawaha anila sindhung maruti |
gunandya bajratiksna ||

52.
Yèn dasanamaning gunung nênggih |
endragiri prawata ancala |
swela lan wanawasane |
basulingga lan mèru |
myang imawan ardi lan wukir |
dasanamaning mega |
kang rumuhun sawub |
ima kadada imanta |
imantaka akakara lan sasmiti |
jalana jaladara ||

Jilid 12 - Kaca : 52

53.
Himalaya gidada widagi |
lan kapura lèn dasanamanya |
banyu tirta tuya junèng |
toban isnisi iku |
we hèr toya usura warih |
utaka lan malatar |
luwata lan ranu |
swanina lawan wulusan |
yèn ta dasanamane sagara nênggih |
samodra kiralaya ||

54.
Jalanidhi tasik lan jaladri |
myang arnawa lan pasir saboga |
lèn gajah dasanamane |
matêngga gatha mutu |
brajamuka èsthi waniti |
dirada lan samaja |
liman nanggalèku |
dipangga gajwaksa muka |
lawan malih dasanamaning padhati |
widari sang grasena ||

55.
Salamuka swaninda sambiri |
sirat anwin anda lan dhudhula |
cithaka lan gindagundèk |
wawasthi kucu kudhuk |
lèn kang dasanamaning èstri |
kumbamula capana |
wanodya marmadu |
dyah waela lan mantasa |
myang carika madani arsa taruni |
lan dasanamèng sêkar ||

56.
Sari sidya pakaja lan malih |
kang kumuda kusuma prabasa |
tunjung padma wontên malèh |
tulis mungguhing watu |
pan rikaa yèn nèng panjalin |
wolat yèn mungguh nèng mas |
èndung wastanipun |
yèn anèng wêsi gurita |
lamun mungguh nèng salaka pandariwih |
yèn mungguh nèng ron sastra ||

57.
Wangsulane têkèng banyumuni |
titi wêdi angrês arismana |
lan malih awrat garbine |
diwikartili nêngguh |
kabèh ngaran amêtêng sami |
wontên malih winarna |
aranning awuru |
tispraya darsusujana |
pan wuruning dewa ratu miwah malih |
arja wawanagota ||

58.
Apan wuruning satriya nênggih |
dene isthaka kulamardawa |
wuruning mantri lan malèh |
mongmongwukmo puniku |
pan wuruning ditya rasêksi |
yolho wuruning wandhak |
wandakisuwiyu |
pan wuruning jalmacèh |
lan malih kawindi wuruning èstri |
mukduk wuruning macan ||

59.
Ingkang madra pan wuruning sapi |
dandaka wuruning atisika |
anjaran wuruning banthèng |
kêra wuruning wêdhus |
wagratulah wuruning gênjik |
kraka wuruning sura |
camrak onyil basur |
wuruning wanara kênas |
katiraca wuruning tikus mamêki |
ana sasaminira ||

Jilid 12 - Kaca : 53

60.
Kang punika nakmas Jayèngragi |
kathah lirnya yèn linajêngêna |
sadalu tan na pêdhote |
winangsulaning pungkur |
bok suwawi kèndêl nyanyamik |
kinèndêlan kewala |
pan mubadir wutuh |
ingkang liningan agêpah |
samya ngalap dhaharan sasênêngnèki |
Cariksutra ris nabda ||

61.
Paran wus (n)dungkap ing têngah wêngi |
santri matur sih kirang sakêdhap |
Ki Cariksutra ngling manèh |
pênêd sami won-ngangur |
kakêntrungan dipun-dhulêngi |
wong wadon kang angèmprak |
suluk singiripun |
lêlèjêming ngèlmu rasa |
tinêpakurakên kalawan birai |
tarêbang kêkêntrungan ||

62.
Karya cagak-lèk anamur ratri |
kang para tamu matur sumangga |
nulya nuduh mring santrine |
Sêtradrêma sirèku |
lah pundhutên trêbangku aglis |
nèng langgar karo pisan |
si Jangkrik kêntrungku |
si Nungmyang tarêbang-ingwang |
lan têrbange Ki Carikmudha dèn-aglis |
kêntrung trêbang si Guntang ||

63.
Lan golèka kêntrung têrbang malih |
kang liningan sigra nulya mangkat |
santri tri ngambil trêbange |
tan na dangu arawuh |
katur ponang trêbangirèki |
lawan kêntrung tinampan |
sinêntak ginêmbrung |
sinungkên ing tamunira |
trêbang kêntrung pra tamu samya nampèni |
sadaya mangku trêbang ||

64.
Malangkarsa Sèh Mangunarsèki |
Jayèngrêsmi miwah Jayèngraga |
Anggungrimang Piturune |
Sèh Modang Mongsariku |
trêbang sanga cukup ngijènni |
Cariksutra kalawan |
Carikmudha wau |
barung singir talu bawa |
la ilaha ilalah ilalah-lahi |
Mukamad Rasullolah ||

65.
Tinampan ing santri jalu èstri |
nganyut Sêkar-gadhung lagunira |
sru asri ing suwarane |
arêmpêg barung arum |
agêmbrangan trêbangirèki |
pong-pêg pong-pêg pong-pung brang |
pêg-pêg bah gur bah gur |
thung-plêg thung-plêg dhung-dhêng pung-brang |
kêtongtong têk plak-plak blang-blang |
tong-gring-pyak pyak-bêm pung-brang ||

66.
Tangga desa parapatirèki |
samya kagèt krungu salawatan |
sru asri gumrah swarane |
sadaya èstri jalu |
kang wis turu lir dèn-gugahi |
padha nonton tarêbang |
kiwa têngênipun |
(ng)gawa obor upêt mêrang |
rare cilik ting carêngèk padha nangis |
ngajak nonton slawatan ||

Jilid 12 - Kaca : 54

67.
(n)Dadak sakala nglatar mênuhi |
wong niningal suka dhêdhêsêkan |
wênèh mèlu sauranne |
sangsaya sru gumuruh |
wus antara babakannèki |
anêsêg gagobyogan |
iramanya landhung |
sinalahan suwukira |
nulya samya maca salawat kaping tri |
bêng bêng bêng sèlèh trêbang ||

68.
Cariksutra angandika aris |
lah Wilapa sira andhulênga |
suluk Rara-bathik bae |
lagone Sêkar-gadhung |
Ni Wilapa turira inggih |
anulya singir bawa |
Ki Cariksutrèku |
gya tinampanan ing kathah |
langkung ramya gumuruh trêbang lan singir |
nulya Nyai Wilapa ||

69.
Andhulêngi salawatan singir |
dènnira ngadêg langkung rêkasa |
akêmpusan ambêgane |
andhulêngi gat-migut |
rimong jingga bathik kumitir |
prandene têpung pisan |
saking agêngipun |
lêmu gimblah anglêmbarah |
têkèng solah-bawa nulya sindhèn ngêlik |
mangkana singirira ||

70.
Suluk Bathik kang pinurwèng singir |
lah ta wus babo bathikên pisan |
tênunan wus panêgase |
ywa tinggal polanipun |
lawan sira dèn-ngati-ati |
kang cinacad punapa |
dhasaripun alus |
malamipun malam pêthak |
wus dinuga lancêng sêdhêng sawatawis |
kang canthing parèngrèngan ||

71.
Myang panembok jêjêgulirèki |
waja ginênèn kayu-tos ika |
bandhulan pagawangane |
padha pêpak sadarum |
sapadandananing wong bathik |
dhasar alus utama |
tinulis jalêngut |
mangkana upamanèka |
yèn dhadhasar kêdhut wadhag tinul ngrêmit |
kayane yêkti ilang ||

72.
Datan pantês yèn tinulis bêcik |
wêlantênên dikongsi kaya pa |
mulih-mulih mring dhasare |
yèn awon dhasaripun |
babaranne nyêpêti ati |
(m)bok-prawan diprayitna |
aja dupèh baut |
sabarang karya bisa-a |
ayu rupa ayu gawe ayu ati |
aja kibir jubriya ||

Jilid 12 - Kaca : 55

73.
Apan iku yêkti ora bêcik |
yèku dadi sisikuning lampah |
nganggowa sawatarane |
luwih panggarapipun |
yèn tumêmên sayêkti bêcik |
yèn ati salèwèngan |
sanggup-sanggupipun |
prayoga mangsa bêcika |
sabab iku dèn-wori sukaning ati |
suwe ala dadinya ||

74.
Malah-malah cêpak tiwasnèki |
yèn maksiya pasthi dolle tuna |
tan wurung nambak dhingklike |
wa-dene rupanipun |
kang ambathik iya tan bêcik |
sapindha yèn atuwa |
ana kang pinupu |
adola dhidhis kewala |
pasthi payu adol gawe lamun wêdi |
bêrkate ayu rupa ||

75.
Ewa samantên guguyon sirik |
kang miyarsa angguguyu aywa |
klèru tampa mêningane |
yèn wêngi dhidhis ngèlmu |
pan lirune tiwasing kardi |
tinêbas ing riyalat |
mumuji ing dalu |
cabar tiwasing kawula |
lamun tan rumangsa yèn urip sirèki |
malarat tibèng karya ||

76.
Sêdhênging sasi purnama sidhi |
wong ayun lêkas ambathik sinjang |
gawangan ngalam jêmbare |
bandhul sèntêging kalbu |
wawajanne sêmune kandil |
malame rasa-jatya |
de lalancêngipun |
maningkêm pamoring rasa |
canthing kalam molah loh-kalam linuwih |
polanipun ingaran ||

77.
Akyan-sabitah ingkang dèn-liling |
kajêngipun apan kaharolah |
trap gêni roh-ilapine |
Nabiyolah kang kukus |
kêkêrênne pan alam sahir |
sawang têtêping iman |
sêmpronge tyas têrus |
asta kang kiwa anangga |
têkadira ing lair tumêkèng batin |
katon wayanganing Dat ||

78.
Sadèrènge tumiba kang tulis |
anèng papan pan sampun kawawang |
sakalir reka-rekane |
cinipta lawan ngèlmu |
tan salaya lan rupa jati |
lair têkèng batinnya |
katèlad sadarum |
tan inang mring ponang polang |
rèngrèngane manut satitising ati |
trus nitya kang sampurna ||

79.
Tinemboking suka-lila sukci |
anging aja angambah larangan |
apan wus ana walêre |
dipun masthi anurut |
ing watêse bibironèki |
putiye kang ngalela |
irênge kang lurus |
agawe gagang-gagangan |
ingkang lêmbut lan alus aywa na lilit |
kang dumêling tetela ||

Jilid 12 - Kaca : 56

80.
Salasarên dèn angati-ati |
nulya wêdêlên ing alam arwah |
dimèn angalih warnane |
srêpan luamahipun |
dipun-tumaninah ing ati |
sumampir ing Hyang Sukma |
sakarsèng Hyang Agung |
andhèrèk lawan satitah |
ing lakune kang manthêng wêktuning jisim |
dèn-tumêkèng wêkasan ||

81.
Sinêkulan wirang lawan isin |
sêdhêng-sêdhêng bibirone mangkya |
lamun katrapan sogane |
aja kagèt ing kalbu |
wus karsane Hyang Maha Lêwih |
karsa marang kawula |
kinarya bang-biru |
pan wus jamaking kawula |
swarga lan naraka gagadhanganèki |
tan kêna suminggaha ||

82.
Amung pira-baranipun mangkin |
lamun linorod susukêrira |
winèdang molak-malike |
anggilani mobipun |
sarèkna sawataranèki |
ywa sah prayitnanira |
dèn-sukur dèn-emut |
sira ngarêpkên pralaya |
têkènging kasidan babaring kadadin |
kanggeya ingawirya ||

83.
Linêbokkên ing naraka singgih |
anèng kubur (ng)gyanning patitisan |
kaelokaning Hyang rêke |
ingkang cêmêng karuhun |
pan ing mangke dados aputih |
ingkang putih waunya |
dadya irêng mungguh |
dumêling bibironira |
aja samar ing paningal kang sajati |
wêdêlane wus tuwa ||

84.
Kadi gambar wawangunan rêsmi |
wa-dene (m)bok-parawan utama |
dèn-isis madyèng latare |
kagawokan kang (n)dulu |
kèh kang nganyang para minantri |
pira rêgane baya |
wa-dene sang ayu |
sun palarangane rêga |
anauri tan sun-êdol êmas picis |
tukunên sabar-drana ||

85.
Kalawan wangsit ingkang sajati |
lan jawabên cangkriman-ingwang |
amung patang prakarane |
mantri utama muwus |
ucapêna kadi-punêndi |
Rasa Sukci anabda |
cacangkrimanipun |
wong pêjah lawan wong gêsang |
kathah pundi wong Islam lawan wong kapir |
myang priya lan wanodya ||

Jilid 12 - Kaca : 57

86.
Wong kang ala bêcik kathah pundi |
kadipundi jawabên kang nyata |
mantri utama saure |
jawabingsun wong ayu |
yèn wong mati lawan kang urip |
yêkti kathah kang pêjah |
lan kang urip wau |
nadyan punika uripa |
lamun datan uninga lungguhing urip |
tan wruh sababing pêjah ||

87.
Ingkang lanang lawan kang pawèstri |
kathah èstri sanajan lananga |
yèn tan wruh jênêng lanange |
sasat wong wadon iku |
wong kang Islam lawan kang kapir |
yêkti kathah kapirnya |
nadyan Islam iku |
tan wruh purwaning agama |
yêkti aprasasat iku wong kapir |
kang bêcik lan kang ala ||

88.
Yêkti kathah kang ala ting pringis |
nora lanang nora wanodya-a |
nadyan ayua alir Ratèh |
yèn kèdhè budinipun |
yêkti ala tan aran bêcik |
wong lanang dèn-akadya |
Kumajaya bagus |
yèn budine lucut nistha |
yêkti ala tan ana ngaranni bêcik |
marma wis kang utama ||

89.
Ni Wilapa dènnya andhulêngi |
langkung rêkasa pangèmprakira |
saking kabotan awake |
amigut ginuk-ginuk |
kringêtira adrês umili |
tansah dadya paguywan |
lir rêmbêng dinulu |
awak gimblah anglêmbarah |
anging swara alit mêrit anjêlirit |
tan sêmbada gêngira ||

90.
Kadi suling bêning sumariwing |
sêmu grathul-grathul barkat tuwa |
prigêl saking lêgutane |
tan ilang luwêsipun |
myang tan ilang dhêdhèmêsirèki |
tan ilang ngêssing swara |
gêtêr krêkêlipun |
tan ilang wiwilêtira |
wus antara dangu dènnya bawa singir |
suwuk kang salawatan ||

91.
Sadaya raryyan pangaring-aring |
samya ngalap nyanyamikanira |
sarêng ngambil sasênênge |
wedang pangananipun |
wus antara rêrêmirèki |
Cariksutra ris mojar |
sapa kang mêdhudhuk |
ganti andhulêngi ojrat |
Ki Sèh Modang cadhang sasmita ningali |
ngaliring mring rabinya ||

Jilid 12 - Kaca : 58

92.
Ni Pêlangi ngungal-ungal liring |
supaya kinèn andhulêngana |
mingsêt krêp aliyan linggèh |
ngowahi gêlungipun |
pan katara solahirèki |
miwah Kae Sèh Modang |
langkung ngayun-ayun |
mamèrkên rubiyahira |
ing wasise èmprak andhulêngi rawi |
Malangkarsa wruh cipta ||

93.
Mèsêm angling mring Sèh Modang aris |
yayi Sèh Modang rubiyahira |
kewala ing saenggane |
(m)bok-rabine tinuduh |
andhulêngi ojratirèki |
rêke sami krana Lah |
Sèh Modang sru sukur |
sumanggêm ing aturira |
kados inggih kalangkung dening prayogi |
rinta kinèn (n)dhulênga ||

94.
Ki Cariksutra mèsêm sarya ngling |
nak Sèh Modang puniku rabinta |
punapa sampun sabêne |
andhulêng brai ngèlmu |
Ki Sèh Modang amatur aris |
pan inggih sampun nêlas |
ojrat singir suluk |
gumuyu Ki Cariksutra |
ngling lan ênggèh Bismillah ing ngriku wiwit |
Ke Modang abawa-a ||

95.
Nulya Ki Sèh Modang bawa singir |
ngêlik tarampil dènnya narêbang |
pinasang bêsus swarane |
dhasare dhalang kêntrung |
saurane kalimah kalih |
binarungan ing kathah |
santri èstri jalu |
arampak swara sru raras |
nuju têkèng sèlèh sauranirèki |
Pêlangi nandhak bawa ||

96.
Misih Sêkar-gadhung lagunèki |
swara gêtas rênyah muluh rêmak |
bêning lir suling sasêlèn |
dènnya (n)dhulêngi baut |
kadya ronggèng gambyong narimpi |
amidêri kalangan |
ngrimong limar wungu |
sarwi ulate kinarya |
amêmêndir liring maring Jayèngragi |
mangkana singirira ||

97.
Atêtanèn sabinne sakikil |
alasira binabadan lapa |
tapa dèn-gring sarirane |
obongên lan pitêkur |
ingilènan kalawan bêkti |
enjing lêkasa karya |
maesane tuduh |
waluku iman lan Islam |
rakitane kayu sajatining puji |
mamanuke tawêkal ||

98.
Sambilane kang tan ewah gingsir |
sawêt cêgah tatalining cêgah |
kêndhali sabar dèn-age |
cacadane lumintu |
bubnuntute têka lumaris |
singkal eloking iman |
tinandhingan rukun |
kêjènne awasing tingal |
dèn-rumangsa sapira raga lan jisim |
dadi awasing tingal ||

Jilid 12 - Kaca : 59

99.
Ingingêran puji lawan dhikir |
kang rinêksa tutuwuhing dosa |
tinandhingan ing sarane |
linawêd lawan kawruh |
tinembokan manah tan gingsir |
anglèr pasrah Pangeran |
tinanêman ngèlmu |
wiwinih lampah sarengat |
lêkas tandur ing dina mêsak kang yêkti |
sarya madhêp ing keblad ||

100.
Wus anglilir tandure awilis |
lah dandana ngabêkti Hyang Sukma |
dipun gumolong ciptane |
badan mulya kumênyut |
kang sarengat tarekat-jati |
amêmpêng prasa tunggal |
dèn kêncêng ing laku |
rumagak asrah ing Sukma |
aywa kêna sira ewah lawan gingsir |
iku jatining jalma ||

101.
Ingaranan pantun ngingu takdir |
duk mêrkatak ngono jati tingal |
cumêthèt osik jatine |
kumandêl dipun-jumbuh |
mêmping kuning sêdhêng miwiti |
anêbut namaning Hyang |
kang murah donyèku |
amulunga sih ngakerat |
pan kinira kature kang sêmbah puji |
tumungkul suhuling Hyang ||

102.
Têkèng mangsa sêdhêng ani-yani |
sakathahe gumulung rêkangat |
dèn-angas ing sarirane |
tinigas lawan rukun |
tinalènan tobat sayêkti |
meme mèdhêp ing tingal |
pinulung dèn-alus |
pinikul kalawan tapa |
praptèng nêmbah asraha marang Hyang Widdhi |
angrasa-a kawula ||

103.
Sampun prapta pari saking sabin |
wajib jakat parincining sarak |
aja ko[k]-tinggal sunate |
aywa batalkên laku |
aja ngrasa yèn sugih pari |
aja kumêt dèn-loma |
yèn mungguh ing kalbu |
gulungên manah sampurna |
pan sakèhe kang amangan wohing dami |
angêpung marang sira ||

104.
Dèn-angrasa sira amongtani |
aja sira tinggal panggaota |
aja angrasa duduwe |
aja atinggal laku |
aja tinggal sêmbah lan puji |
rasane rasakêna |
kawruhana iku |
aja tuna ing agêsang |
panas pêrih rasaning wong amongtani |
tau bêgja tan cidra ||

105.
Dalèrèngan ulate (m)bok Plangi |
ngècèr liring kabèh kawaratan |
anyêndhal ati kincange |
kang mulat samya rikuh |
bêkah-bêkuh kèwuhan kapti |
yèn wruh liringing netya |
tyas tinumbuk-bêntus |
tan kuwat sawatan ulat |
yèn dinulu dadya rubiyahing alim |
kadho-kadho dhêmênnya ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (02a) Kaca 25 - 42
  • (03a) Kaca 60 - 77 >