Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 34

Kontak Admin.

email-kidemang

(03a) Kaca 60 - 77

 

( Lajênging lampah tumuju dhusun Bustam )

12

3. Lajênging lampah tumuju dhusun Bustam, dalêmipun Ki Arsèngbudi, nglangkungi wana Jêmbul ingkang wingit, kathah godha rêncana, mila sadaya botên kenging salah damêl. Kapanggih dhêmit kadosdene panjak lan dhalang, wênêh kadi ronggèng kanthi sêsindhènan ririh. Dumadakan Ni Pêlangi katingal kagèt lajêng nubruk lan ngrangkul Jayèngraga wasana kasambêt, sêmaput, kaupakara para èstri. Sasampunipun èngêt, cariyosipun kadosdene badhe karudapêksa dening tiyang agêng-inggil. Dumugi ing dalêmipun Ki Arsèngbudi rombongan katampi kanthi kinurmatan pasugatan. Ki Cariksutra ngaturakên bilih ingkang sowan punika putranipun Ki Bayi Panurta, i.p. Jayèngrêsmi lan Jayèngraga ingkang mupit ing Wanataka, samangke badhe mantuk dhatêng Wanamarta. Ni Wiyadi, semahipun Ki Arsèngbudi sangêt karêrantan nyumêrêpi putra kakungipun Ki Bayi, karaos salêbêting manah dene botên kaparingan momongan. Sasampunipun kêmbul dhahar, Ki Arsèngbudi rêraosan ngèlmu raos kalihan Ki Cariksutra bab kanyataning Dat dumugi sajatinipun kawula Gusti. Rêmbagipun sangsaya gayêng sêsarêngan Sèh Malangkarsa lan Sèh Mangunarsa ingkang tuhu linangkung. Para tamu ngaso ing masjid, enjingipun sami bidhal nglajêngakên lampah. Ki Arsèngbudi tumut, badhe sowan Ki Bayi Panurta.


Kaca 62 - 81.

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 12 - Kaca : 60

106.
Carikmudha kadhadhung ing liring |
manahira dhat-dhatan kumêsar |
amêgat ati ulate |
mèh-mèh lali ing patut |
mring Pêlangi kêpalang dening |
rubiyahing ulama |
sirik ngambah dudu |
tansah amatili nala |
Carikmudha dhasar karêmênanèki |
wong wadon galak ulat ||

107.
Lawan swara kang angrêsi ati |
lepya mangsane awak wus tuwa |
kabêgèraning atine |
pan wus wawatakipun |
badan anut ênoming budi |
wong karêm swara rupa |
tyas korup ing ngriku |
yèn tan tawêkal ing driya |
datan bisa ahli tawakup ing ati |
kagulan ing pepeka ||

108.
Sèh Modang lan Ki Carikmudhèki |
batin pundhuh tunggal pakarêpan |
mring wadon kang rada sêmbèr |
Ki Sèh Modang andulu |
pandhulênge rabinirèki |
sasolah tingkahira |
wèh liring mring kakung |
tan ginita liring naya |
malah dadya sukane Sèh Modang mèksi |
marang rubiyahira ||

109.
(m)Bok Sumilir mulat (m)bok Pêlangi |
dènnya andhulêng sisingirira |
kaworan èyor atine |
ngalêm wiraganipun |
ngalêm swaranira rum manis |
ngalêm parikanira |
suluk tanèn mungguh |
angalêm pandhulêngira |
anging ewa ulate tan masajani |
anocog mring kang lanang ||

110.
Agaging tyas kaduga ngungkuli |
mring Ni Pêlangi sagêndhingira |
adu baut ngês wilête |
rada ngontoring kalbu |
Ni Sumilir mring Ni Pêlangi |
angancam wawalêsan |
marang bojonipun |
dhasar sirira kaduga |
mring Sèk Modang dhasar lèmèring pawèstri |
gampang gèbanganira ||

111.
Wus antara dènnya andhulêngi |
sêsêg sauran gobyog têrbangnya |
suwuk maca salawate |
kaping têlu ambarung |
samya raryya angaring-aring |
sambèn ngalap nyamikan |
papangananipun |
wedang myang udud anginang |
wus antara dènnira arèrèn sami |
Cariksutra ris nabda ||

112.
Mring tamune jêbèng sadayèki |
rèh wus awal ing wanci sêmbahyang |
utami Subuh wancine |
sadaya pan jumurung |
mring pahèran mèt toyastuti |
santri adan galikan |
nulya sunat sampun |
kinèn angamati sigra |
ngangkat pêrlu Cariksutra angimami |
kongsi sampating salat ||

Jilid 12 - Kaca : 61

113.
Wusnya sasalaman nulya mijil |
nèng surambi satata lênggahnya |
nulya lumadi dhahare |
ngancaran sèmèkipun |
samya wanting tuturuh aglis |
nutug dènnya dhaharan |
cinarikan sampun |
pra santri bukti sadaya |
ingkang arsa umiring lampahirèki |
Cariksutra anabda ||

114.
Mring kang rayi myang garwa kang kèri |
ingsun tumutur mring Wanamarta |
tilik Kang Arundayane |
dèn-bêcik sira kantun |
aywa wèng-wèng wawêkas mami |
lah wis ingsun pamitan |
samya-ndum rahayu |
kang rayi lan pra rubiyah |
apan sami umatur sandika sarwi |
majêng atur pranata ||

115.
Laju nikèn sasalaman sami |
maring para tamu èstri priya |
sêdaya atur pamite |
winangsulan sabdayu |
amumuji nutkên basuki |
warata gantya-gantya |
pasalamanipun |
Ki Cariksutra ris nabda |
lah suwawi anakmas mupunga enjing |
dèrèng babaring surya ||

116.
Malangkarsa Sèh Mangkunarsèki |
samya umatur sumanggèng karsa |
kawula dhatêng andhèrèk |
Cariksutra ris muwus |
sapa ingkang juru pangarsi |
iya si Sêtradrêma |
lan Monthèl nèng ayun |
Iman Sêcajatingarang |
grêmanana mangsa girisa nèng margi |
bangêt barkah nèng marga ||

695 Girisa

1.
Tandya umangkat saksana |
saking ing masjid Tatrukan |
pra waela anèng ngarsa |
kumpul andulur mèt marga |
ing pungkur kang para priya |
anggarêbêg pra wanita |
tumurun anut marganya |
garêmêtan saput lêmah ||

2.
Maksih kamamaran marga |
dadya randhat lampahira |
nampat pangèmpètanira |
kang wingking pundhung tutrukan |
tistis lir wrêksa katrêsan |
ron alum nyênyêt sêmunya |
asamun kadya sungkawa |
padhukuhan Gunungsêkar ||

 

Jilid 12 - Kaca : 62

694 Dhandhanggula

3.
Ing kali asri sadènta |
suwung kêkênyêping desa |
kirna datan kamarutan |
lir ngungun mring kang mahawan |
swabawèng pêksi munènjing |
sabawana awasita |
ajêgigèr ing pagagan |
ramya kang sawung karura ||

4.
Mraknya nyungong akrakakan |
amudhunnya kariinan |
lawan kolik cacaturan |
Kae guru Cariksutra |
mèt paran mring ngêndi baya |
pinèting dhadhayohira |
paran ta lawas enggala |
tuwu lir nauri ujar ||

5.
Ya layak lamun lawasa |
ujêr dhayohe kang mawa |
Jayèngrêsmi Jayèngraga |
yun mulih mring Wanamarta |
samya tinutan mring mitra |
samarga ingkang kampiran |
pasthi tumutur ing lampah |
yun pangguh lawan darmanya ||

6.
(n)Jêng Kyai Bayi Panurta |
akrajan ing Wanamrta |
bibidho darès garèndan |
lir manthuk-manthuk winartan |
Yata wau kang lumampah |
jalwèstri wong kalihdasa |
margèng galêng pasabinan |
lalamuk maksih angampak ||

7.
Pêdhut nanaputi kisma |
sri swaraning pêksi munya |
dhècu cucuwihun manyar |
baranjangan munyèng tawang |
asrang kang jangkrik-bring ngungkang |
barung klupakan balutak |
tulakan kumriwik anrang |
pêcuk cangak karêngakan ||

8.
Kadya ngaruhi kang mentar |
kang samya mahawèng marga |
anglintangi pasabinan |
patalun têgal pagagan |
nganjak patugaran wana |
tarataban pagrumbulan |
dungkap têbuh têmyèng wana |
lêngkèh gênêng palunturan ||

9.
Mijil Hyang Aruna anrang |
sumorot nipak kanangrat |
andipaning Hyang Karaba |
udayaning ron kabunan |
kasunar ujwalèng surya |
lir mutyara rinêmêkan |
tejaning matra koswara |
isningira pindha rêtna ||

Jilid 12 - Kaca : 63

10.
Kathah lamun winuryana |
lampahnya tumamèng wana |
anètèr tumurun jurang |
nut talêre margi gêsang |
têrusan kang anjog marga |
agêng kang kambah ing jalma |
papagan jalma papasar |
myang momot kang lampah dagang ||

11.
Kèh pinangkaning rêmikan |
wênèh papagan gilingan |
Kalang-odhèg asènangan |
ramya ing karênung lampah |
gamêlanane wong Kalang |
mung kênong kewala papat |
kalawan kêndhang sajuga |
tan ana malih-malihnya ||

12.
Wong roro ingkang anabah |
muktyaning Kalang-odhègan |
jadhug-jadhuge wong Kalang |
lamun wus anabuh cènang |
wau ta ingkang lumampah |
animpangi ing pagagan |
nglastari ungkur-ungkuran |
munggah tumuruning lêbak ||

13.
Jujurang pèrèng parungan |
parang curinya ya tiksna |
tinambah wadhak-widhikan |
dènnya parah ngarah-arah |
rèhning tan wruh karikuhan |
pra èstri rapuh rêkasa |
tan têkèng onjoting lampah |
dungkap sapranêman raryan ||

14.
Pra ngawirya awlas mulat |
mring lampahe pra rubiyah |
wus kalintang ing pèrèngan |
napak marga palêmparan |
anusup angayam-alas |
glagah pangalang-alangan |
sru kabêntaring surya nrang |
swanita kuswarèng keswa ||

15.
Riwe ngangga lir kadusan |
anêngka paonjotan |
ngantya yèn pangguh payoman |
wrêksa gêng myang pasêndhangan |
wanci nêdhêng surya nêngah |
lingsir pidak sarampangan |
sinampyêng ing lampahira |
mangsuk pagrênganing wana ||

16.
Wrêksa gung-agung sumahap |
sung ngayom ing sang nrang-paran |
ninitik wè turut marga |
tan antara nulya manggya |
pasêndhangan langap jurang |
kayoman wit karasula |
kadulwèng saking ing marga |
nulya samya ingampiran ||

17.
Tumurun kêdhik mring lêbak |
cipta sukur palaling Hyang |
dènyarsa samya sêmbahyang |
ing wanci wus pidak tiga |
praptèng (ng)gyanning kang pinaran |
sêndhang kang kayoman wrêksa |
ukur sêndhang pabêlikan |
cêthèk tan kêna kinuman ||

Jilid 12 - Kaca : 64

18.
Wus rèrèn sadayanira |
parèstri lukar gendhongan |
nèng tambyaning kang rasula |
karapuhan dènnya lampah |
samya pêtêk-pêtêk pada |
Wilapa langkung mlasarsa |
angêmpus unjal-ambêgan |
riwenira marawayan ||

19.
Sadaya wêlas tumingal |
marang ing Nikèn Wilapa |
Cariksutra gumuyojar |
marang ing rubiyahira |
katanggor Wilapa sira |
lumaku ing wanawasa |
munggah tumuruning lêbak |
anusup ing pagrumbulan ||

20.
Mendah rasane badanta |
ujêr awakmu kakeyan |
laku randhat dening sira |
Ni Wilapa aturira |
maklum paduka kewala |
saking tan rikat lumampah |
pintên-pintên jasat-kula |
botên rêntah anèng marga ||

21.
Sadaya gumuyu myarsa |
Malangkarsa nambung sabda |
sampun kang kadya rayinta |
inggih pun êmbok Wilapa |
ingkang kawratan sarira |
kula punika kang priya |
dadaging otot arosa |
raos rêkasa ing lampah ||

22.
Karumpilan anèng marga |
lwir badanta kawawa-a |
kawula kalangkung wêlas |
tumingal mring (m)bok Wilapa |
lampah têbih karepotan |
luhung pun (m)bok-nom kewala |
salah satunggal binêkta |
Cariksutra mèsêm nabda ||

23.
Alêrês andika sojar |
nging kêdhik kang dadya sabab |
punika êmbok andika |
dèn-trêsnani mring ramanta |
rêke kakang Arundaya |
marma parlu ingong-gawa |
tumungkul mèsêm sadaya |
Ki Carik malih ngandika ||

24.
Sêdhêng samya wêktu salat |
kang liningan gupuh samya |
angambil toyastu kadas |
tan na kari sadayanya |
anulya samya sêmbahyang |
makmum pra waela siswa |
wus antara dènnya salat |
bakda paragat wêktunya ||

25.
Rahab samya sasalaman |
maksih aso sawatara |
Ki Cariksutra ris nabda |
lah iki alas grêng tuwa |
alas ing ngêndi wastanya |
umatur Ki Sêtradrêma |
punika Siwiwangkitnya |
talatah ing Jêmbulwana ||

26.
Ing mênggêr ngajêng punika |
Ijêmbul tatêlêngira |
gawate kabina-bina |
tan kenging wong salah karya |
kang katingal kapiyarsa |
ing sawarni-warninira |
padhanyangan pakayangan |
mêgatruh ing jalan lampah ||

Jilid 12 - Kaca : 65

696 Mêgatruh

1.
Wana Jêmbul inggih sampun adatipun |
dhêmite sami angglidhig |
anggêgonjak wong lumaku |
damêl sasaraning margi |
kathah kang kalap kablaso ||

2.
Marma mangke yèn prapta têlênging Jêmbul |
sampun salah-damêl sami |
prayogi kewala minggu |
sampun sok ngaruh-aruhi |
sabarang ingkang kadulon ||

3.
Anjawi kang sampun kas jalma linuhung |
manawi dhumatêng maring |
ingkang apês purugipun |
kasadat dening dhêdhê-mit |
kathah kang dadi jarangkong ||

4.
Yèn têrkadhang sêtun lujêng-lujêngipun |
kasasar sadasa hari |
kèdêr ngêngêl nèng wana-gung |
datan manggih-manggih margi |
tan sagêd mantuk mring dhukoh ||

5.
Cariksutra mèsêm aris dènnya muwus |
bumi yèn wis ciri wingit |
pa-angkêraning wana-gung |
nora kêna ginagampil |
ya bêcik padha tinuhon ||

6.
Mêngko yèn wus (n)dungkap têlêng wana Jêmbul |
aywa na kang salah-kardi |
sadaya tumungkul bukuh |
samya mituhu ing kapti |
dèn-tulus lampah kemawon ||

7.
Yèn wus aso suwawi samya lumaku |
nulya dandan padanèki |
èstri sagendhonganipun |
(n)dan umangkat sadayèki |
nganjat palunguran alon ||

8.
Ngalor-ngetan nglintangi lêbak pupundhung |
mahas ing wana-wana writ |
sumyaking wrêksa katiyup |
ing angin asru swarèki |
krosaking ron aking rigol ||

9.
Sêmpaling pang garing kumrosak kasanggul |
milir lir janakan bênthik |
sumyur kumrosak tibèng wu |
swaraning pêksi wanadri |
podhang kudhong tumalawong ||

Jilid 12 - Kaca : 66

10.
Rangkok lawan kulilingan sunggilêsung |
tèngkèk buta lan bibintit |
bidho darès jakawuru |
bahah êngkak platuk gogik |
bubut manol jalak menco ||

11.
Amêlingi pêksi gonggongan munya sru |
Ni Pêlangi tanyèng laki |
pêksi punapa puniku |
asri lir kakêmpul muni |
kang kumandhang tumalawong ||

12.
Ki Sèh Modang amênging bibisik muwus |
aja sok sira ngaruhi |
paran pira nora ngrungu |
tan kêna asalah-kardi |
mênênga bae ywa takon ||

13.
Lamun ana bebeka ingkang tinêmu |
nulya mênêng Ni Pêlangi |
lumampah anamur-namur |
mrih parêk mring Jayèngragi |
minggir sarimpang sarimpong ||

14.
Parêk Jayèngraga ring-iringanipun |
kèh swabawaning wanadri |
swarane sato karungu |
bêngohing banthèng jajawi |
myang singa krura sru anggro ||

15.
Uwa-uwa warangutan bêdhès lutung |
kidang manjangan lan kancil |
myang kapyarsa swaranipun |
tan ana ingkang kaèksi |
sawarnining buron sato ||

16.
Ni Pêlangi samana marêm tyasipun |
parêke tan dèn-endhani |
Plangi nut pinggir dêlangung |
wontên sênggrut pinggir margi |
kagyat tan wruh yèn ana wong ||

17.
Sru anggêbrès aglis kumrosak malayu |
ngranguk kagyat (m)bok Palangi |
bilas bayas manas mênus |
gupuh ngrangkul mring Jèngragi |
pênêr pupu cêthik bokong ||

18.
Tangan têngên anyandhak ngisor kêkêmpung |
sêdyane gondhèlan jarit |
mak-mêg jêbul nyêkêl guthul |
nglèntroh prandene gêngnèki |
sagulune kucing mukok ||

19.
Jayèngraga anggronjal mêngkang kang ngrangkul |
sêmada maksih ngukuhi |
nulya dèn-culkên mak gandhul |
rada madêdêng sathithik |
Jayèngraga mèsêm mengo ||

20.
Bok Pêlangi mêrèngès sarwi amuwus |
e e kaliru sun iki |
jawane bagus ngong rangkul |
panyanaku kyai mami |
dene lèhku ngrangkul kukoh ||

Jilid 12 - Kaca : 67

21.
Pan sadaya sarêng dènnira gumuyu |
Jayèngraga angêdohi |
Ni Pêlangi batinipun |
dhasar wus panjaragnèki |
pi-api anyêngguh bojo ||

22.
Langkung lêga abungah dènnya kaliru |
kabênêran tanganèki |
anyêkêl guthul gumandhul |
pangrasane Ni Palangi |
gêng panjang salêngên aboh ||

23.
Adhêg-dhêgan tarataban manahipun |
tênta dudu kagètnèki |
cêge dènnya nyêkêl guthul |
pira pêtotongirèki |
ngèlêntroh mangang ginêpok ||

24.
Gêdhêg-gêdhêg batine kapengin wêruh |
surasanira rinèsmi |
sangsaya gêng brantanipun |
marang Kae Jayèngragi |
mêjên tyasira lir nglamong ||

25.
Sêleyoran (m)bok Palangi lampahipun |
Sèh Modang amarêpêki |
mring rubiyah mlas andulu |
sinêngguh duk kagyat ajrih |
tan anyana yèn wirangrong ||

26.
Yata wau lêstari ing lampahipin |
(n)dungkap têngahing wanadri |
têtêlênging wana Jêmbul |
anyênyêt tan na kumrisik |
myang bawane pêksi sato ||

27.
Nadyan angin tan ana samun sumrubut |
dhêdhêp tan na sabawèki |
[---] |
wrêksa gung ngayom ningêkbi |
margi rêsik lir sinapon ||

28.
Nulya ana papagan jalma andulur |
wong kang mikul kothak ringgit |
gamêlan ngangkring pinikul |
kêndhang tinatap samargi |
myang kêncure dèn-gêgêmbor ||

29.
Plak-blang plak-blang kêncure tinabuh jar-jur |
dhalange lumakyèng ngarsi |
mèrèt ikêt jingga madu |
nyathok ngêlangak dèn-irit |
kang angundang grigah-grigoh ||

30.
Panggêndère amêndèr sêmada ayu |
ngêmpit kêba gendhong kandhi |
dèn-gêgawe solahipun |
nèng wurine dhalangnèki |
nèng marga tansah têtakon ||

Jilid 12 - Kaca : 68

31.
Adoh têmên ramak êndi dhukuhipun |
ing Buntas kang nanggap ringgit |
dhalange nolih sumaur |
ya wus parêk saking ngriki |
lor kono tumuli katon ||

32.
Nimpang kene bae kang glis praptanipun |
yèn nimpang mau ing wuri |
(n)dadak mingêr turut lungur |
dalanggung runggud arumpil |
kasuwèn ingêre adoh ||

33.
Nulya nimpang ngalor-ngetan lampahipun |
sarwi mumrungu sru angling |
dimèn tinuruta laku |
sayêktine dudu jalmi |
pan dhêmit mrih sasaring wong ||

34.
Wontên malih ing wuri narêngi laku |
rènggèng sathuyulirèki |
badhut niyaga nèng pungkur |
mikul gambang kêndhangnèki |
rêbab kêthuk lan kênong gong ||

35.
Darèngèsan wèh ulat ingkang lumaku |
sarwi sindhèn angêringih |
ririh swara manis arum |
mêrit mêthit anjalirit |
amêlat ati lir gigol ||

36.
Tinabuhan cangkêm mring niyaganipun |
badhute anyênyênggaki |
ronggèng ngècèr adol ayu |
sarwi ngincang-ngincang alis |
sadalan-dalan guguyon ||

37.
Kang ginonjak ing liring sadayanipun |
tansah asabil jro ngati |
yèn wong tan kandêl ing kalbu |
pasthi kedanan kêkanthil |
mring dhêmit kang mindha gambyong ||

38.
Sabab uwus dèn-ati-ati ing wau |
ing sagodha dèn-kawruhi |
sadaya kewala minggu |
anêguhakên ing budi |
panggodhaning setan gonggo ||

39.
Wus rinêksa dening Hyang rahayunipun |
laju lampahira aris |
ronggèng dhanyang amumrungu |
payo padha nimpang ngriki |
marang ing Buntas glis rawoh ||

40.
Nulya nimpang kang mindha ronggèng lan badhut |
ujare mring Buntas dèsi |
lêstari datan kadulu |
pra ngulama lampahnèki |
akathah ingkang kadulon ||

Jilid 12 - Kaca : 69

41.
Wênèh ana turangga lir jaran ucul |
angobrog brag-abrag misih |
myang arupa mesa lêmbu |
myang kidang manjangan kancil |
mêrpêki tutut lir angon ||

42.
Tan dinulu panggodhanirèng lêlêmbut |
yata kang samya lumaris |
mèh kalintang wana Jêmbul |
nuju ana kang ngapêsi |
(m)bok Pêlangi kang wirangrong ||

43.
Marang Jayèngraga tyasira kalangkung |
kasmaranira tan sipi |
marma padhanyang ing Jêmbul |
akèh samya mikatoni |
ana kang mawi wong wadon ||

44.
Pan kagèbang mring wong lanang dahat wuyung |
manah garowah ingikis |
setan alasan jumrunuh |
mampêl wong gimir kagingsir |
anglanjingi wong anglamong ||

45.
Ni Palangi saya kagagas tyas nganyut |
kacipta têlênging ati |
baya-baya wong abagus |
dahat trêsnane ring kami |
yèn sun tiba ing jurang jro ||

46.
Anulung pangeman anggèn-ngong kaparung |
benjang sajroning kapatin |
atuduh marga kang ayu |
nèng wot siratul-mustakim |
tutulung nuntun maring ngong ||

47.
Pan sakala Palangi salah pandulu |
pangrasane kang kaèksi |
Jayèngraga arsa ngayuh |
ing jangga sarwi ngèsêmi |
nulya tan darana gupoh ||

48.
Kanyuting tyas pangrasa mara anggapyuk |
lir jorongên tibèng siti |
gumalinting kadya wuru |
netya mundêlik mucicil |
cangkêm malat mèlèt mèncos ||

49.
Lambe ngisor mèlèt ngiwa lambe dhuwur |
mèrot nêngên manggut ngalih |
Ki Sèh Modang gupuh-gupuh |
anulungi rabinèki |
sasambate bêkah-bêkoh ||

50.
Adhuh-adhuh lah piye Nikèn sirèku |
daruranira kadyèki |
dhuh yayi tan nyana tèngsun |
Ki Modang sarwi anangis |
anyandhak kang kantokèng (n)don ||

51.
Dadya kandhêg sadaya ing lampahipun |
angrubung mring kang tan eling |
Palangi lagya kaganggu |
klawan mring kang marabumi |
jalwèstri samya mlas tumon ||

Jilid 12 - Kaca : 70

52.
Mring Palangi kang kasêngkalèng dalanggung |
katulah dening dhadhêmit |
bilai nèng saba purug |
kasrakat anèng wanadri |
kulawangsanira adoh ||

53.
Nèng sandhape kusambi dènnira kantu |
parèstri gupuh nulungi |
kang nalusur salang gulu |
kang dududi athi-athi |
nimbok Wilapa adhokoh ||

54.
Ngêndhih mring kang lanang Palangi pinangku |
mring Wilapa dèn-popohi |
sarwi pinêtêk cinêluk |
palabohi palabohi |
sarta sirah dèn-gêgelo ||

55.
Ki Sèh Modang anangis tan bisa (n)dulu |
lir mèlu-mèlua mati |
saking gênging trêsnanipun |
Ni Plangi dènnya tan eling |
Ni Cênthini anggagotho ||

56.
Ni Turida Rancangkapti wlas andulu |
lan cipta samar pribadi |
nèng satêngahing wana-gung |
sira Nikèn Rarasati |
alêga tyase angontor ||

57.
Micarèng tyas lah sokur modar sirèku |
wong mèndrès drapon mèjèsi |
arêp nênêmpila iku |
tan mambu bojone ngalim |
tingkahe pêdhot (n)dhêrodhot ||

58.
Kêna walat rasakna sariking ngèlmu |
atine dipêdhot dhêmit |
kêjot-kêjot nèng wana-gung |
jêdhète sisan sirèki |
ujêr ngrangkul bojoning wong ||

59.
Ni Turida wus wruh lêlèjême sêmu |
sasmita mèsêm nudingi |
Rarasati namur-namur |
katuju ciptaning galih |
pasangkrip dènnira enyor ||

60.
Rarasati bibisik dènnira matur |
mring kang raka Jayèngragi |
puniku kula wlas dulu |
doh sanak wong tuwanèki |
nèng saba paran yun layon ||

61.
Bok dèn-grayang-grayang ngriku dipun sêmbur |
nèk slak seda Ni Palangi |
owêl warnanira ayu |
kang nguyuni wong sabumi |
yèn andhulêng mendrong-mendrong ||

Jilid 12 - Kaca : 71

62.
Jayèngraga ririh anambungi wuwus |
anyar têmên ujar iki |
nora pasaja ing sêmu |
sun pan ora ika-iki |
ing kono iku ta êmboh ||

63.
Dudu mukrim lawan dudu wajibipun |
kapindhone apan uwis |
bojone ngulama bagus |
tan kuciwa liring ngèlmi |
wus pasthi bagining jodho ||

64.
Datan kêna wong angrusak pagêr-ayu |
nadyan nyênyêmbura mami |
anggrayang saengganipun |
mangsa ngaraha punapi |
kaya tan ana sisikon ||

65.
Rarasati mèsêm sarwi (n)jawit pupu |
klêsik-klêsik anauri |
lae mendahne yanipun |
sêmangsa lêkas (ng)grayangi |
(ng)grayang dhadha kang lir aboh ||

66.
Jayèngraga kabrongot dènnira guyu |
sinamur nauri ririh |
ambakna wong duwe tangguh |
mêg bae gya anguyêri |
anggacêg kaya wong wus wroh ||

67.
Pra waela uning guthitaning wuwus |
samya mèsêm tutup lathi |
yata kang lagya tan emut |
adangu dèn-uli-uli |
Cênthini Wila wong ro ||

68.
Dèrèng wontên titike jalêre kantu |
Palangi jroning tan eling |
katon wong gêdhe adhuwur |
amêksa-mêksa ngramuhi |
sida kêna binalotong ||

69.
Ing gandarwo nimbok Palangi anjêpluk |
kagêghèn balotongnèki |
pangrasa-krasa mak blusuk |
kapêntut angolang-aling |
tan bisa sambat lara bot ||

70.
Tan bisa bah lir wong tindhihên aturu |
marêngut sarwi mundêlik |
sadaya wêlas andulu |
Wilapa lawan Cênthini |
(m)bênêrkên lambe kang mencos ||

71.
Angacêcêng amung êntute (n)dharudhut |
prat-prèt that-thut thut-thit thit-thit |
lan marêngut amacucu |
wontên rah tambas ing tapih |
ing ngandhap bênêring bokong ||

Jilid 12 - Kaca : 72

72.
Samya cipta kawatir sadayanipun |
tan wun sipêng (ng)gyan wanadri |
Ki Malangkarsa lon matur |
marang Ki Cariksutraki |
dospundi karsanta rêko ||

73.
Mangsa borong puniku usadanipun |
de langkung kawêlas asih |
Palangi nèng saba purug |
Cariksutra ngrês kang galih |
pangandikanira alon ||

74.
Anak Mangunarsa sumangga ing ngriku |
tutulung ing kawlas asih |
ingkang karidhu kaganggu |
kaparaging marabumi |
yèn sisip padhêm sayêktos ||

75.
Kang liningan Sèh Mangunarsa ta iku |
kapasuk awlas ningali |
nulya (n)donga Balasrèwu |
Têraca Basmah lan Sabit |
Sarangat Mujarad Jabo ||

76.
Pan istijab sakala pandonganipun |
atuntun napasirèki |
Palangi sajroning kantu |
nir gandarwo kang ngramuhi |
lir ngimpi wontên kang katon ||

77.
Mangunarsa kang kadulu jroning kalbu |
sasrêngên amituturi |
hèh Palangi sira iku |
kêna musibating laki |
lan babênduning Hyang Manon ||

78.
Kasiyasat awit maksiyat budimu |
anilip tyasira nisir |
pêcat iman kang rahayu |
tobata sira ing laki |
kalulunganing asinglon ||

79.
Kapindhone marang Hyang Kang Murba-wêgung |
tobata naro kang aglis |
dyanta ngayam-ayam kayun |
anjulu ing jinajidik |
mring Jayèngraga sirèko ||

80.
Ngajak tingkah palanahan nora patut |
jalma kêna ko(k)-gorohi |
pangrasamu tan na wêruh |
balik kuwasaning Widdhi |
wruh salire tingkah linyok ||

81.
Wus mangkana dènnya srêngên lan pitutur |
nulya musna tan kaèksi |
(m)bok Pêlangi kang akantu |
nulya mulya angalilir |
tangi mudhun saking pangkon ||

82.
Ni Wilapa kabêbêsan rah king njung |
Kae Sèh Modang agipih |
angrangkul mring rabinipun |
ngling paran sira wus eling |
nauri wus mulya ingong ||

Jilid 12 - Kaca : 73

83.
Cariksutra tanya mring kang mêntas kantu |
(m)bok adhi paran sirèki |
wus dhangan laranirèku |
kasambêt anèng ing margi |
kalawan apa kang katon ||

84.
Jroning kantu manawa ana kadulu |
Sèh Modang aris nauri |
lah yayi sira dinangu |
kang kèksi sajroning lali |
matura ingkang sayêktos ||

85.
Ni Palangi umatur sarwi rawat luh |
inggih kawula (n)Jêng Kyai |
kang kadulu jroning kalbu |
saking gêng duraka mami |
babênduning Hyang Lwih awon ||

86.
Langkung sangêt inggih botên pantêsipun |
mimirang lamun kawijil |
Sèh Modang ngling rabinipun |
yayi aywa wadi-wadi |
lah pasaja-a kemawon ||

87.
Ngarah apa sakaton-katone kantu |
Ni Palangi matur aris |
yaktosipun kang kadulu |
wontên tiyang gêng ainggil |
mêksa ngramuhi maring ngong ||

88.
Tan kawawa kawula sangsayèng lulut |
sèwu sasakit nampêki |
nulya kawula tan emut |
yatamba nuntên lir ngimpi |
wontên malih ingkang katon ||

89.
Dede dhêmit gandarwo kang katon wau |
sirna tan kadulu malih |
myat sang Sèh Mangunarsèku |
angandika mituturi |
duduka sangêt maring ngong ||

90.
Kinèn tobat kawula mring Hyang Maha Gung |
lan kinèn tobat mring laki |
sawusipun dènnya bêndu |
nuntên kawula ngalilir |
wus èngêt mulya ragèngong ||

91.
Kang miyarsa sadaya samya angungun |
gêgêtun lir wong kapatin |
Rarasati ngling ing kalbu |
abamu wong sundêl anjing |
diblêgo maring gardarwo ||

92.
Cariksutra aris dènnira amuwus |
lah Sêtradrêma kang êndi |
marga sisimpanganipun |
kang marang ing Buntas-ardi |
Ki sêtradrêma turnya lon ||

Jilid 12 - Kaca : 74

93.
Inggih mangke kêdhik ing ngajêng puniku |
lungur pajatèn kang garing |
margi kang nyidhat martêlu |
kang ngetan maring Kadhiri |
mring Wintênsowan kang ngalor ||

94.
Ingkang ngilèn marang Buntas lajêngipun |
marga dhatêng Sokawati |
mangkya yèn wus langkung Jêmbul |
sadungkapan nuntên panggih |
marginipun kang mangulon ||

95.
Lah ta payo umangkat sasêlotipun |
suwawi nakmas lumaris |
nyrêmpêng sawataranipun |
maklum mring kang maksih sakit |
saduginipun linakon ||

96.
Sadaya turira sumangga ing kayun |
saksana mangkat lumaris |
tan kapapag jalma laku |
kalintang kang wana wingit |
praptèng marga kang mratêlon ||

97.
Nulya laju nimpang ngalor nut lulungur |
ingiring jurang kapering |
marga karakal asiluk |
sungil tawing jurang trêbis |
nètèr gênêng nut tutunon ||

98.
Palataran patugaran wana sêpuh |
bêbangkaning alas nipis |
munggah tumurun atrêjung |
tatas pagrênganirèki |
taratab gêrumbul bondhot ||

99.
Palêbakan jurang pabêlikan ranu |
sri kayoman ing sulastri |
samyarsa raryyan ing ngriku |
mangguh (ng)gyan kumlasa rêsik |
wanci wus pidak sapuloh ||

100.
Samya arsa wêktu salat Ngasaripun |
nulya ngambil toyastuti |
samana kakirên wêktu |
wus bakda dènnya ngabêkti |
rahab salaman aroyom ||

101.
Tan umangkat tumuli ngantya kang ewuh |
wus bakda Ki Modang gipih |
ngrumati rabinirèku |
kang lagya amasuh tapih |
klêprèh dening rah (n)dêrodos ||

102.
Ki Sèh Modang bisik-bisik wuwusipun |
priya ta duwèkirèki |
apa katiwasan iku |
kang bubrah punapinèki |
kang jaba apa ta kang jro ||

Jilid 12 - Kaca : 75

103.
Ni Palangi lara-lara mèsêm muwus |
tan bubrah-bubrah sih bêcik |
pangrasa kewala kalbu |
lêbur rusak ting bêsasik |
panyana-kula wurung wong ||

104.
Botên ewah maksih kados sabênipun |
dene rah-kula puniki |
dhasar rah kèl garapsantun |
sakitipun awak-mami |
sakit dèn-li-uli rapoh ||

105.
Ki Sèh Modang manthuk-manthuk sarwi muwus |
sokur Alkamdulilahi |
dhuh ya Allah sira masku |
duke maksih waras wiris |
dhuh wong anom mênos-mênos ||

106.
Sarwi angudhari sabukipun wulung |
sinêbit rong kacu nuli |
sinungkên rubiyahipun |
tinampan kinarya pipih |
ampingan ingkang alêgok ||

107.
Ki Sèh Modang dhokoh mring rubiyahipun |
anggêpuk padhas kang aking |
lininting liruning awu |
tinrap pangawênging kêndhit |
gumuyu de misih wutoh ||

108.
Nulya tinapiyan bêngkungan sampun |
Sèh Malangkarsa mèsêm ngling |
layak yèn Ki Modang wiku |
dèn-trêsnana ing rabi |
lamun kawarisan wayoh ||

109.
Ki Sèh Amongsari gumuyu umatur |
yèn yayi Sèh Modang inggih |
trêsna ing bojo kalangkung |
puniku wau sun-dugi |
sabukipun dèn-kêkêthok ||

110.
Panyêbite dipun-kacu ngêrong kacu |
kirang priksa lajêngnèki |
anèng lêgogan kadulu |
kang myarsa gumuyu sami |
Mongsari dènnya miraos ||

111.
Nulya Ki Sèh Modang lawan garwanipun |
praptèng (ng)gyan sarêng-alinggih |
samya mèsêm sêmunipun |
Ki Mongsari angguyoni |
tan jamake duwe bojo ||

112.
Lir mintuna lan mimi tansah ruruntung |
Ki Modang sihirèng rabi |
kaya kêndhêla lan pulut |
tan kêna bênggang satugi |
alèngkèt lir gula lodong ||

113.
Pasabuke baya yayi Modang iku |
wong dadi gamêl gumati |
angêndhalèni trap apus |
ngabah-abahi pribadi |
ngambêni dhewe gumatos ||

Jilid 12 - Kaca : 76

114.
Wusing kinambilan turangga tinuntun |
gamêl ngiras anêgari |
Kae Sèh Modang anjumbul |
sangsaya ginuyu sami |
mulat marang kang pinoyok ||

115.
Ki Sèh Modang mèsêm anauri wuwus |
lo raka (ng)gêpok wawadi |
iku kapanane-wêruh |
Ki Amongsari nauri |
mung sun-duduga kemawon ||

116.
Ngling hêm dene duduga lir blènyè wêruh |
(ng)gih kakang dospundi malih |
rayat nandhang kawlas-ayun |
anèng paran tanpa kanthi |
yèn tan bojone katêmpoh ||

117.
Ki Mongsari nauri (ng)gih inggih sampun |
alêrês têmên pun adhi |
manira pan namung sukur |
sadangunya rèrèn sami |
Ki Modang dadya guguyon ||

118.
Kae Cariksutra lon andikanipun |
suwawi mangkat lumaris |
manawi tanggêl tan tutug |
ragi sinêrang sakêdhik |
daluwa Mahrib kemawon ||

119.
Kang liningan pan sumangga aturipun |
(n)dan samya mangkat lumaris |
nètèr palungguranipun |
grumbul babangkan wanadri |
tinugar tilas tutunon ||

120.
Ana rêmpêng anusup galagah rayung |
pakêtêpan wana nipis |
anjor kewala lumaku |
nampak ara-ara iring |
katon dhukuhe sih adoh ||

121.
Pamênggêraning wukir Buntas kadulu |
têgal pagagan palêstrin |
asêpa talunanipun |
grumbule dhusun awêrit |
ronning kamal lir sisinom ||

697 Sinom

1.
Ing wanci surya pancala |
prabane karaba misih |
kang ngatonni wawayangan |
suluhing surya muryani |
sahyèng kang arsa prapti |
mring Buntas amara-tamu |
sênênnira asunar |
ring radityarsa ngayomi |
mungal tejaning ngulama angusuma ||

Jilid 12 - Kaca : 77

2.
Kang mapan ing pasabinan |
tulus kang sarwa winiji |
gadhu myang tadhahan gaga |
patêgalanira asri |
patalunan palêstrin |
sangkêp kang sarwa tinandur |
pala-pêndhêm kasimpar |
pala gumantung ngêmohi |
samya pinagêran wuluh sarisigan ||

3.
Tinurut toya tirihan |
kumriwik toyanya wêning |
marga arêsik arata |
suka kang samya lumaris |
kascaryan aningali |
kang têgal pagaganipun |
kara kacipir kacang |
sêmangka timun kêrsi |
sêdhêng mangsa ngêmohi langkung andadya ||

4.
Wiyar pasabinanira |
pawukiran loh jinawi |
wus parêk kang pinaranan |
lêga tyasira umèksi |
dhukuh Parapat dèsi |
ing sakiwa-têngênipun |
jalma myang rare gumyah |
samya gusah-gusah pêksi |
anggêgêtak gonjèng sasawining sawah ||

5.
Sêdhêng suruping Hyang Arka |
jalma kang samya sasabin |
kukut mulih sowang-sowang |
kang samya mêntas makardi |
kang mêntas ngungundhuhi |
kang mikul garu waluku |
nuju wontên santrinya |
kakalih mêntas adhangir |
saking patalunan ngumbah paculira ||

6.
Santri Putih santri Bêlang |
samya mikul pacul mulih |
kapagutan kang lalampah |
Ki Sêtradrêma umèksi |
gupuh dènnya ngaruhi |
lo jêgge si adhi iku |
santri Putih pa iya |
lan Ki santri Bêlang iki |
kang ngaruhan samya kagyat saurira ||

7.
E dene iku kang Drêma |
punapi lampah pribadi |
punapi wontên tinuta |
wuri dhatênge mariki |
sêtradrêma nauri |
Cariksutrarsa martamu |
marang kiyai-ndika |
ing Buntas Ki Arsèngbudi |
tinutakên ing putra para ngulama ||

8.
Dadya kandhêg lampahira |
Ki Cariksutra nambungi |
lah ênggèh rika matura |
kyai-ndika Arsèngbudi |
yèn manira kang prapti |
parlu ngong arsa papangguh |
rèh wanci katanggungan |
ing waktu parluning Mahrib |
mangkya bakda Ngisa kewala matura ||

9.
Manirarsa angupaya |
(ng)gon salat ingkang asukci |
santri Putih aturira |
mangke kawula-aturi |
papan ingkang prayogi |
lèpèn ing ngajêng puniku |
papanta pasalatan |
-nipun Kae Arsèngbudi |
anèng pinggir lèpèn sela pinalatar ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (02b) Kaca 43 - 59
  • (03b) Kaca 78 - 89 >