Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 34

Kontak Admin.

email-kidemang

 (03b) Kaca 78 - 89

 

( Lajênging lampah tumuju dhusun Bustam )

12

3. Lajênging lampah tumuju dhusun Bustam, dalêmipun Ki Arsèngbudi, nglangkungi wana Jêmbul ingkang wingit, kathah godha rêncana, mila sadaya botên kenging salah damêl. Kapanggih dhêmit kadosdene panjak lan dhalang, wênêh kadi ronggèng kanthi sêsindhènan ririh. Dumadakan Ni Pêlangi katingal kagèt lajêng nubruk lan ngrangkul Jayèngraga wasana kasambêt, sêmaput, kaupakara para èstri. Sasampunipun èngêt, cariyosipun kadosdene badhe karudapêksa dening tiyang agêng-inggil. Dumugi ing dalêmipun Ki Arsèngbudi rombongan katampi kanthi kinurmatan pasugatan. Ki Cariksutra ngaturakên bilih ingkang sowan punika putranipun Ki Bayi Panurta, i.p. Jayèngrêsmi lan Jayèngraga ingkang mupit ing Wanataka, samangke badhe mantuk dhatêng Wanamarta. Ni Wiyadi, semahipun Ki Arsèngbudi sangêt karêrantan nyumêrêpi putra kakungipun Ki Bayi, karaos salêbêting manah dene botên kaparingan momongan. Sasampunipun kêmbul dhahar, Ki Arsèngbudi rêraosan ngèlmu raos kalihan Ki Cariksutra bab kanyataning Dat dumugi sajatinipun kawula Gusti. Rêmbagipun sangsaya gayêng sêsarêngan Sèh Malangkarsa lan Sèh Mangunarsa ingkang tuhu linangkung. Para tamu ngaso ing masjid, enjingipun sami bidhal nglajêngakên lampah. Ki Arsèngbudi tumut, badhe sowan Ki Bayi Panurta.


Kaca 82 - 89.

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 12 - Kaca : 78

10.
Lèpèn alit nikung marga |
kayoman rêjasa-sari |
jajambaning Buntas desa |
pangangson padusannèki |
Cariksutra nauri |
lah ênggèh payo dèn gupuh |
têkèng ing pasalatan |
wêktu yèn kasêlak akir |
nulya samya lumampah agêgancangan ||

11.
Tan adangu nulya prapta |
kali sawêngkoning ardi |
raryyan ing sela malatar |
Cariksutra angling aris |
maring ki santri Putih |
manira raryyan awêktu |
rika laju matura |
ring kakang Ki Arsèngbudi |
ngong êntèni nèng kene bakdaning Ngisa ||

12.
Ki santri Putih turira |
inggih kawula tur-pèksi |
nulya munggah maring Bustam |
gupuh kang samya tur bêkti |
samya mèt toyastuti |
laju kewala amarlu |
Mahrib tan mawi sunat |
Sèh Mangunarsa ngimami |
bakda Mahrib wabin têkèng bakda Ngisa ||

13.
Wus samya asêsalaman |
yata kang anèng wismèki |
Ki Arsèngbudi wus bakda |
Ngisa saking Mahribnèki |
laju kewala maring |
wismanira tata lungguh |
kalawan rabinira |
sarta sabate kakalih |
santri Dhawuk santri Bêlang anèng ngarsa ||

14.
Wiyadi matur ring raka |
yèn parêng ngong saos bukti |
Arsèngbudi lon lingira |
mêngko wêngèn-wêngèn thithik |
lan rada sun-kêpengin |
age tawon lan bêtutu |
kalawan liwêt tambra |
sambêl rajangan kacipir |
kêmbang pêlêm kang pêpak lalabanira ||

15.
Sangsaya akèh kèlingan |
sêlot wuwuh ngong-karêpi |
lawuhan myang nyanyamikan |
sêgêran lan manis-manis |
myang jangan kang nyêgêri |
Ni Wiyadi ngling gumuyu |
nora têka nglêngkara |
sintên rewange abukti |
dalu-dalu têka mundhut rowan-rowan ||

16.
Arsèngbudi mèsêm nabda |
rêke kewala kapengin |
gumantung arsa mamangan |
tambuh wawane tyas-mami |
gajêg arsa abukti |
lawan wong akèh akêmbul |
Ni Wiyadi turira |
kewala ing benjing-enjing |
ngong cal-ucal lawuh lawan nyanyamikan ||

17.
Eca dènnya sosojaran |
kae santri Putih prapti |
ing ngayunan aturira |
kawula ngaturi uning |
mangke wontên tatami |
rinta ki Cariksutrèku |
ing Gunungsari sarta |
akathah ingkang umiring |
jalu èstri kados wontên kalihdasa ||

Jilid 12 - Kaca : 79

18.
Sêmune sami ngulama |
kêdhik santri kang pangiring |
akathah ngawiryanira |
maksih nèng têpining kali |
amba kinèn tur uning |
rinta ngantya bakda wêktu |
Mahrib prapta ing Ngisa |
nèng lèpèn (ng)gyannipun nganti |
Arsèngbudi mèsêm aris angandika ||

19.
Tan bodho osiking driya |
sun arsa kêmbulan bukti |
lawan sanak-sanak kathah |
kadya ana kang sun-anti |
angling marang ing rabi |
lah wus marata dèn gupuh |
sidakêna bêbêthak |
lah-olah kang sarwa pèni |
kang prayoga (ng)gyanta atata sugata ||

20.
Santri Dhawuk santri Pancal |
santri Bêlang santri Putih |
gêgêlara ring pandhapa |
rêsikana di-miranti |
lampit kalasa suci |
yèn wis milua nyaimu |
babêthak olah-olah |
ngundanga wong jalu èstri |
kang liningan santri sakawan agêpah ||

21.
Anggêgêlari pandhapa |
pinandaman kanan kering |
Ki Arsèngbudi ris nabda |
payo sira santri Putih |
padha-a mêthuk tami |
manira nganti nèng pintu |
pasangana didiyan |
agupuh ingkang sinung ling |
sigra mapag marang kang para dhatêngan ||

22.
Ingantu lan satrinira |
anèng ing kori sirèki |
santri Putih kang dinuta |
ngaturi kang para tami |
kang tinuduh nulya glis |
sarwi (m)bêkta oboripun |
tan dangu nulya prapta |
ing pinggir kali Ki Putih |
matur lah suwawi andika ngaturan ||

23.
Ingantya nèng paregolan |
ing rakanta Arsèngbudi |
agupuh Ki Cariksutra |
sarya ngling anak suwawi |
ngaturan laju sami |
nulya kerit lampahipun |
nganjat têkèng ing Bustam |
(n)dungkap padhadhahanèki |
malbèng dhukuh praptèng padhadhahanira ||

24.
Arsèngbudi uluk-salam |
sadaya samya nauri |
wa-ngalaekum salam |
ngancaran laju wis kerit |
anèng pandhapanèki |
wus samakta glaranipun |
samya tata alênggah |
kang pra tamu agipih |
majêng gantya-gantya samya sasalaman ||

25.
Miwah kang para waela |
samya tur salam ngabêkti |
binagyan basukinira |
sadaya matur nuwun sih |
Cariksutra ngling aris |
marma kawula papangguh |
lawan paduka kakang |
lampah kawula puniki |
nganutakên ing lampahipun putranta ||

Jilid 12 - Kaca : 80

26.
Jayèngrêsmi Jayèngraga |
putranipun Kyai Bayi |
Panurta ing Wanamarta |
nèng Wanantaka amupit |
sampun antara lami |
ing mangkya arsa umantuk |
maring ing Wanamarta |
punika putranta maksih |
Ki Sèh Mangunarsa lan Sèh Anggungrimang ||

27.
Kang (n)darbèni Wanantaka |
pan kadangipun taruni |
mring sang Sèh Di Amongraga |
Tambangraras swaminèki |
kang samya dèn-ulati |
ing Kae Bayi rumuhun |
pan wus samya kapanggya |
nging Tambangraras Mongragi |
dènnya pangguh anèng têlênging kanêngan ||

28.
Jalma wus ahli nujêmba |
ngulama bangsa Itadi |
tan cawuh cawêrah jalma |
pramilanipun puniki |
kadangipun pra sami |
tumutur kang samya mantuk |
kawula ka-ampiran |
mring pra putranta saratri |
pan panuju kajat kawula yun panggya ||

29.
Lan kakang Kae Rundaya |
singgih Bayi Panurtèki |
kawula mring Wanamarta |
sumêdya kampir mariki |
kadalon anèng margi |
marmanya kawula parlu |
nunukêri jarambah |
ing dalêm saratri mangkin |
Arsèngbudi gumuyu nauri sabda ||

30.
Dene kaya wong kadohan |
nênêmbung anunukêri |
bagi wus karsaning Sukma |
yayi lakune mariki |
kabênêran sayêkti |
suka pirênaning kalbu |
de yayi wèh uninga |
mring ngong yèn putranirèki |
Jayèngrêsmi Jayèngraga kang susuta ||

31.
Kakang Kae Arundaya |
singgih Bayi Panurtèki |
loro wus sami diwasa |
bagus aparamèng ngèlmi |
duk lampahe ngulati |
marang para putranipun |
kang samya alêlana |
dinuga tan bisa mulih |
nuju kampir mariki kang Arundaya ||

32.
Ngungun manira kalintang |
duk maksih jajaka cilik |
mitra wus saekapraya |
tan rasa rinasèng kapti |
cipta sayayah-bibi |
lami tan pangguh pinangguh |
saratri rarakêtan |
pajar kalamun ngulati |
putranira jalu èstri andon paran ||

Jilid 12 - Kaca : 81

33.
Jawane punika ingkang |
dèn-upaya andêrpati |
bot-bote wong susuta |
sudarma kalih ngulati |
ngayam-ayam wanadri |
tan etang durgamèng laku |
layak yèn gêng sihira |
mring putra asigid-sigid |
lah punika warnine bapa andika ||

34.
Anakmas kalihe samya |
ywa taha panganggêpnèki |
wong atuwa mring pun bapa |
nging bodho tan anyêkapi |
paribasan wong angling |
wong tuwa kakeyan taun |
kurang bisa wèh warah |
mring anak putu kang ahli |
ingkang putra samya noring palungguhan ||

35.
Miwah samudayanira |
tumungkul dènnira linggih |
Arsèngbudi malih nabda |
nuduh mring santrinirèki |
lah undangên dèn-aglis |
nyaimu nêmoni tamu |
kang liningan agêpah |
nimbali Nikèn Wiyadi |
tan adangu rubiyah prapta ing ngarsa ||

36.
Arsèngbudi ngling mring garwa |
sasalamana sirèki |
mring sadaya putranira |
samya para ngulama di |
roro iku kang siwi |
kakanta Arundayèku |
Jayèngrêsmi kang tuwa |
kang anom Ki Jayèngragi |
Ni Wiyadi liningan dhatêng kang raka ||

37.
Gupuh dènnira sung salam |
gupuh ingkang para tami |
angrahabi sasalaman |
gantya-gantya jalu èstri |
sarwi binagyan sami |
sadaya turira nuwun |
mangsuli karaharjan |
Wiyadi mulat tatami |
angrês-angrês dènnira nora susuta ||

38.
Kumêmbêng angêmu waspa |
sinamun mucang sêngadi |
Arsèngbudi wruhing cipta |
cêloring naya mèsêm ling |
marang ingkang pra tami |
singgih bibinta puniku |
yèn wruh para pulunan |
ngondhok-ondhok tyasirèki |
saking dening tan wruh rasaning susuta ||

39.
Panggih jaka lawan rara |
baginipun wus pinasthi |
tan sinung tuwuh susuta |
wikan bibinta lan mami |
kang datan anuwuhi |
manira salaminipun |
tan kabuka ing driya |
ayun liyaning pawèstri |
amung bibinta satungal thil kewala ||

40.
Ingkang samya sinambrama |
tumungkul ngunguning kapti |
sami milya anglong naya |
Ki Arsèngbudi ngling malih |
lah rubiyah paran wis |
mau (ng)gyannira ngungukus |
kalamun wus samakta |
saha saanane nuli |
saosêna ing ngarsa sugatanira ||

 

Jilid 12 - Kaca : 82

697 Sinom

41.
Ni Wiyadi sigra mentar |
marang ing wisma anuding |
paran wus pangruktinira |
rampadan payo dèn aglis |
ingkang liningan gipih |
angangkat dhudhulangipun |
tinup saji karangan |
tinampa ing jalu èstri |
apan patang dhulang rampadan amuncar ||

42.
Kang sêkul tumpêng mêgana |
liwêt tambra sêkul gurih |
sangkêp lalawuhanira |
age tawon basngèk pitik |
abon lan dhèndhèng-ragi |
dhèndhèng êmpuk (m)pal-wak duduh |
bêtutu pèsan tambra |
sujènan tambal akinyih |
babat-galêng ati limpa lan sêrêgan ||

43.
Kadhêle tempe srundèngan |
lombok kêncêng lawan pêtis |
gadhon rêmpah yêm manjangan |
gorèngan êmpal lan gangsir |
barongkos lawan masin |
krupuk miwah sambêl balur |
jangan ladha lan pindhang |
pêcêl-pitik jangan mênir |
lan lalaban sangkêp tan ana kuciwa ||

44.
Wus dènnya tata rampadan |
Ki Arsèngbudi ngling aris |
sumangga sami wijikan |
kewala sawontênèki |
anèng ing wana wukir |
bibinta kang kusung-kusung |
akarya lalawuhan |
krana Lah kewala sami |
nadhah kêmbul pikantuk lawan wong kathah ||

45.
Ingkang liningan agêpah |
sarêng dènnira wawanting |
(n)dan lêkas kêmbul anadhah |
jalwèstri ambêng pribadi |
pikantuk dènnya bukti |
dhasar mêntas alêlaku |
tan taha ingkang drêmba |
akokoh jangan sumalin |
Mangunarsa Jayèngrêsmi Jayèngraga ||

46.
Tan pati pikantuk nadhah |
lantih tan nutugi bukti |
myang Turida Rarassatya |
cicik angèmpêri laki |
Wiyadi ngancarani |
(m)bok sumangga kang pikantuk |
kang putra ro aturnya |
kawula tan nyipta singgih |
Ni Wiyadi ngrahabi para rubiyah ||

47.
Puniku yayi Wilapa |
dulune tan pati bukti |
Cariksutra nambung sabda |
bokayu rinta puniki |
pun Wilapa yèn bukti |
tan kenging têbih lan banyu |
awakipun grahuyang |
mangsa nêlasna sabithi |
malah palêkikên dènnya ngêlêt upa ||

48.
Puniku yèn wontên wisma |
tan têbih kalêmuknèki |
puluke dèn-gontor toya |
sapulukan nginum warih |
Wilapa mèsêm angling |
mendahipun gutuk puluk |
dhasar sagêd paguywan |
supaya ginuyu sami |
Arsèngbudi ngling pundhutên gênuk-ingwong ||

Jilid 12 - Kaca : 83

49.
Sandhingna kono ywa têbah |
lamun kasêrêtên bukti |
manira yèn katêmpuhan |
mangsa olèha ngulati |
wong sêmono gêngnèki |
madhani wong pitu wolu |
ginuyu ing ngakathah |
klêmuk sinandhingkên nuli |
Arsèngbudi mèsêm sarwi angandika ||

50.
Bok-ipe ywa walangdriya |
cipta wangwang isin-isin |
karana Lah ngarah apa |
wong wus padha mungkul ngèlmi |
paranta ingkang dadi |
ing kanikmatanirèku |
ywa (m)bok-adhi anyêgah |
wus ganjaranta pribadi |
kang anutug mrih manpangat angganira ||

51.
Wilapa wus tan riringa |
linadèn sakayun bukti |
akokoh lawuh caruban |
sapanjang ngurab-urabi |
lawuhan sawarnining |
dadi sapanjang cinarub |
pakolèh dènnya nadhah |
rong pulukan ngombe canthing |
bluwag-bluwêg tangane nora sumimpang ||

52.
Wus rampung nèng kokohira |
anutug dènnira bukti |
sadaya gawok tumingal |
sinamun nadhah ngingiwit |
Wilapa dènnya bukti |
andêmênakkên dinulu |
samya micarèng nala |
angêpenginakên ati |
wong amangan drêmba dulune a-enak ||

53.
Wus antara dangunira |
luwaran kang samya bukti |
ambêng nulya cinarikan |
sinungkên santri pêmburi |
warata jalu èstri |
sadayanya sami tuwuk |
gumantya kang sugata |
punang dhadharan mangarsi |
sangkêp salir wowohan lan lah-olahan ||

54.
Arsèngbudi ris wacana |
sumangga punika sami |
adhahar kang nyanyamikan |
pamangsêg pangusap amis |
ingkang liningan aglis |
angalap sasênêngipun |
wedang lawan dhaharan |
Arsèngbudi wacana ris |
yayi Cariksutra won kèndêl rarasan ||

55.
Pisapating ngèlmi rasa |
rinasa ujar kang ririh |
mungguh kanyatahaning Dat |
kang têtêp sajatinèki |
kawula lawan Gusti |
ciptaning wong kang linuhung |
dènnya pala buntala |
sagala sèsine iki |
êndi ingkang dudu Allah kabèh Allah ||

Jilid 12 - Kaca : 84

56.
Kawulane tan kuningan |
tan kasatmatèng pangèksi |
lumuh nèng dalêm Dattolah |
yèku sagara mulya di |
kathah upaminèki |
pan tumêka tanpa tuduh |
myang tulis tanpa papan |
rêke papan tanpa tulis |
papan anèng sajroning tulis punika ||

57.
Lan tunjung tanpa talaga |
têlaga nèng jroning sari |
ing sêmu amor lan solah |
solah tan wênang kawijil |
kita tan andarbèni |
tan ana dasih kang luhung |
lah yayi Cariksutra |
punika kadi-punêndi |
liring sabda samya rinasa jatinya ||

58.
Ki Cariksutra anabda |
lah anak Malangkarsèki |
miwah ing ngriku sadaya |
sami rinaos ing ngèlmi |
pambukaning ngarêmpit |
kang konon samya tumungkul |
Arsèngbudi wacana |
Ke jêbèng Mangunarsèki |
linirakên mungguh kajatèanira ||

59.
Sèh Mangunarsa lingira |
sawênyahipun Hyang Widdhi |
aib sênêting kawula |
sujalma kang wus linuwih |
sakèh sawiji-wiji |
wujuding Allah satuhu |
kang kèksi samadaya |
kenging ginêpok rinukti |
kaananing Hyang masthi wujud balaka ||

60.
Dene kang napi lan isbat |
isbat ananing Hyang Widdhi |
marma sakaliring sipat |
sadayanipun puniki |
inganggêp Allah yêkti |
sabab Dat wajibul-wujud |
pinasthi ananira |
singgih kang sawiji-wiji |
de kang napi-nipun sagala punika ||

61.
Angandika tanpa lesan |
amiyarsa tanpa kuping |
aningali tanpa netra |
ngambu tanpa grananèki |
akarsa tanpa budi |
tur langgêng salaminipun |
dènnya pala bantala |
sèsining sagara wukir |
tan kêna sat wukir datan kêna rata ||

62.
Sagara tan kêna sirna |
wa-kayatu bil karo kin |
urip tan kalawan wa |
karya rip kayun birokin |
kang urip lan nyawèki |
ingkang kapanjingan wêruh |
manungsa sato kewan |
gêgrêmêtan walang pêksi |
sakèh jirim saki mukin dadinira ||

Jilid 12 - Kaca : 85

63.
Kang murba amisesa |
marang ing kita puniki |
saking ing ngriku sadaya |
sababing kawula wingit |
kang dipun-pralambèni |
wrangka manjing curigèku |
kita puniki murba |
-misesa maring Hyang Widdhi |
pratandhanya asung tandha ing Pangeran ||

64.
Ingarani ingaranya |
donya kirna budanèki |
sèsining bantala kasa |
tan liyan saking kitèki |
apan kang amburhani |
mring kang maujud sawêgung |
marma sêmbah-sinêmbah |
lawan pribadinirèki |
singgih puji-pinuji ing dhawakira ||

65.
Makatên malih upama |
dhadhalang akarya ringgit |
carma cinorèk Arjuna |
walulange gudèl gudhig |
tinêtês sri rinujit |
ririntik gêmpuranipun |
ing ngapti panggaweyan |
wus dinêling pinalimping |
sasawining bodrèn katha wawalêran ||

66.
Pakolih pantês wandanya |
sari sêdhêng rimbagnèki |
pangadêge amardapa |
mèglèh lalambunganèki |
gêlung janthara mêthit |
darèh pawingkinganipun |
gumantung nglunging jangga |
liyêping netra alindri |
dèrèng pulas bagusipun wus kawangwang ||

67.
Pinulas prada adènan |
binabar dadosing ringgit |
apik susungginganira |
kalangkung dening rêspati |
ing sigit cinampurit |
Rêjuna tuhu binagus |
wingit pasêmonira |
lir bisa mèsêm pribadi |
apan saking dening sarwa kabênêran ||

68.
Mangka Ki Dhalang mangeran |
mring gaweaning pribadi |
ririh lir wêdi-wêdiya |
dènnira anyêpêng ringgit |
apan pinêtri-pêtri |
dèn-suhun pinuthun-uthun |
kang supadi angkêra |
wingita amrabawani |
dadya kae dhalang nut wahyaning wayang ||

69.
Makatên malih Hyang Sukma |
anon ing kita puniki |
tan pae dhalang mring wayang |
Rêjunane kang pinusthi |
sujanma kang linuwih |
kang wus man maring Hyang Agung |
wruh kabagusanira |
kang uning uriping pati |
kang makatên papan nèng jroning gurita ||

70.
Arêmpit yèn winastara |
ananging punika maksih |
apan kirang sadungkapan |
kasampurnaning kajatin |
tyas kang dèrèng maklumi |
katarucut salang sêngguk |
mangeran kang sawiyah |
-wiyah baranging sakalir |
apan samar mangeran sawiji rupa ||

Jilid 12 - Kaca : 86

71.
Kang kengang uga mangeran |
marang sagala puniki |
rêke kabèhe kewala |
sanalika aywa kari |
pangandêlipun maring |
ananing jagad sawêgung |
tan mimilih ing rupa |
anakdirakên sawiji |
tanpa sirna tanpa rupa tanpa swara ||

72.
Lir ngarah pupusing jala |
tampange datan sarênti |
tinarik tapakuring tyas |
bêrsih tan wontên kang kèri |
lamun datan kadyèki |
nganggêp ing brahala kupur |
sor-soring kawruh kasar |
nicir ciring maring pidhir |
tangèh dungkapipun maring kauwusan ||

73.
Arsèngbudi duk miyarsa |
lingnya Sèh Mangunarsèki |
tyasnya kadya pinalêkah |
cipta kasoran ing ngèlmi |
wasana angling aris |
jêbèng Sèh Mangunarsèku |
aywa tanggêl wasisan |
unggahing rasaning ngèlmi |
Ki Sèh Mangunarsa alon aturira ||

74.
Panganggêp ingkang mutamat |
ing ngèlmi patang prakawis |
ing sarengat lan tarekat |
kakekat makripatnèki |
mungguh Dading Hyang Widdhi |
apan pasthi ananipun |
rêke tanpa tuduhan |
antawis tarèng pangèsthi |
apan sênêt kijalêng anasir salat ||

75.
Pajênêmaning asalat |
catur prakara ginaib |
liripun jinêm patêmyan |
gêni angin banyu bumi |
angsal kalih prakawis |
singgih dhadhaupanipun |
tirta lawan bantala |
kang angin kalawan agni |
tanasube suhud-suhul-mulajamah ||

76.
Punika jatining jagad |
tangkêbing bumi lan langit |
tan kenging pinarinciya |
sèsining bumi lan langit |
wus tan kasaban bumi |
sawiji jagad rannipun |
kula kang tan kuningan |
makaling niyat sajati |
kang punika singgih sajatining jalma ||

77.
Kinawasakakên dènnya |
murbani sèsining Widdhi |
anasirira Hyang Suksma |
kapurba niyat sajati |
pinurna pinarinci |
tan pae pagêntyanipun |
sarupa rasaneka |
suhuling kawula Gusti |
purnaning ro nir woring jagad tan niyat ||

Jilid 12 - Kaca : 87

78.
Apan datanpa pinangka |
panjoring niyat sajati |
yèn wus tumancêp ing jagad |
makal Kalèk wus tan kalih |
kulane wus tan kèksi |
Gusti kewala kang mujud |
pinuji ing dhawaknya |
kalawan pribadinèki |
lamun niyat datan tumancêp ing jagad ||

79.
Tan (n)dungkap sawiji Asma |
nalirah kalimah kalih |
kulane maksih kawula |
bangsa ngaral apês dhiri |
Gusti sih têtêp Gusti |
tan wor tan têmu-tinêmu |
tan kengang kinayapa |
tan bisa langgatan Gusti |
marma kita jênêk nèng jaman kapêsan ||

80.
Tan tèyèng koripanira |
tan sumêdya angancangi |
niyat jatining kadadyan |
katungkul lalatahing ling |
punika atur-mami |
manawi kasaman kalbu |
wa-punika sumangga |
yèn wontên inggahe malih |
lamun saking kakirangan tur-kawula ||

81.
Arsèngbudi ris wacana |
Ki jêbèng Mangunarsèki |
kalangkung dening purna |
mumuradane patitis |
rahmat raosing kapti |
ingundhakakên tapakur |
angimpun tyas kang ura |
sung tatrap tyas kang kalêmpit |
mulyakakên ing manah ingkang kuciwa ||

82.
Yata ing ratri mangkana |
wus lingsir dalu kang wanci |
Arsèngbudi linging garwa |
sira tata-a lêlêmpir |
dimèn sami aguling |
kasayahèn kang alaku |
kang garwa tur sandika |
lèngsèr mring wismanirèki |
ngambil karangulu lan sisingêbira ||

83.
Tinampa lan rowangira |
tan dangu prapta ing ngarsi |
tinatalèn ulonira |
kampuh pasingêbanèki |
Arsèngbudi ngling aris |
sumangga lêlêswan ngriku |
sami sêsèmèk nendra |
ing wanci wus lingsir wêngi |
kang ngaturan èsmu wigih ing wardaya ||

84.
Samya lon ing aturira |
kalangkung nuwun ingkang sih |
sasêlotipun kewala |
singgih gampil lamun arip |
Arsèngbudi ngling aris |
lah yayi Cariksutrèku |
benjang-enjang manawa |
saèstu umangkat mulih |
manira yun tumutur ing lampahira ||

Jilid 12 - Kaca : 88

85.
Maring dhukuh Wanamarta |
wontên kang karasèng kapti |
kajat ngong arsa papanggya |
lan kakang Arundayèki |
lami wulangun-mami |
(ng)gyan-sun adrêng yun tatêmu |
mring kakang Arundaya |
Bayi Panurta lan mami |
wus ubaya ing dangu mring Wanamarta ||

86.
Mupung samya paparêngan |
ngalap nut kang arsa mulih |
mring karajan Wanamarta |
tirakat angêting margi |
pra tamu kang myarsa ngling |
samyènggar suka tyasipun |
Ki Cariksutra nabda |
yèn kakang parêng Kiyai |
maklum dhatêng para putranta sadaya ||

87.
Sarèh mring masjid kewala |
tan taha palêsmarannèki |
supaya sagêda sarap |
sasukanipun aguling |
sayêkti samya èring |
anèng ngarsane asêpuh |
mangsa antuka nendra |
gumuyu Ki Arsèngbudi |
singgih yayi kalangkung dening prayoga ||

88.
Nulya nuduh santrinira |
nata gêlaran nèng masjid |
agupuh ingkang liningan |
pra tamu lèngsèr sing ngarsi |
samya marang ing masjid |
ing dalu datan cinatur |
yata ing wanci pajar |
sidik wus sami atangi |
Arsèngbudi maring ing masjid sêmbahyang ||

89.
Asubuh lan santri kathah |
Ki Arsèngbudi ngimami |
tan kir'at wawacan balhar |
sawusing Patekahnèki |
apan Surat Watini |
ingkang sarakangatipun |
akir Inna-anjalna |
adêge wus dèn-Kunuti |
têkèng tahyat salam bakda sasalaman ||

90.
Laju samya pupujiyan |
dhikir donga limang bêkti |
paragat maca salawat |
sasalaman sadayèki |
tata dènnira linggih |
Ki Arsèngbudi ris muwus |
marang rubiyahira |
Wiyadi sajiya bukti |
kang liningan sigra nuduh pawongira ||

91.
Santri jalu èstri sigra |
ngambil pasunggatanèki |
mring wisma tan dangu prapta |
Wiyadi anglaladèni |
yata rampadanèki |
sarwa ngêt sadayanipun |
Arsèngbudi ris nabda |
suwawi sami awijik |
sêsèmèkan bukti wong arsa lumampah ||

Jilid 12 - Kaca : 89

92.
Agupuh ingkang liningan |
jalwèstri ambêng pribadi |
samya turuh wiwijikan |
(n)dan lêkas sarêng abukti |
pikantuk sadayèki |
antara nadhah anutug |
sami aluluwaran |
ambêng rampadan cinarik |
sinungkên pra santri pambudinira ||

93.
Samya nadhah angucapah |
jalwèstri tan ana kari |
sadaya wus kawarêgan |
gantya mangsêgan mangarsa |
cinaran anyanyamik |
angalap sasênêngipun |
wus mangkana luwaran |
Arsèngbudi ngandika ris |
lah rubiyah ingsun pamit marang sira ||

94.
Kantunna sira nèng wisma |
manira arsa umiring |
ring sutanta Jayasmara |
mulih mring Wanamartèki |
manira yun papanggih |
ring kakang Arundayèki |
wikan tari enggalnya |
sira kariya basuki |
sun tan-(ng)gawa santri mung si santri Sêtia ||

95.
Nikèn Wiyadi turira |
tan lênggana rèhing tuding |
arsa tumuturing raka |
datan linilan ing laki |
lah wus sira Wiyadi |
sasalamana ing ngriku |
Ni Wiyadi anêmbah |
angaras padaning laki |
wusnya nguswa sung salam marang pra putra ||

96.
Agêpah sadayanira |
sinung salam ring kang bibi |
rahab samya gantya-gantya |
samya tur pamitirèki |
winangsulan sabda ris |
pandonga nutkên rahayu |
Arsèngbudi lingira |
sumangga mangkat tumuli |
mupung enjang-enjang anjuru-dêmungan ||

698 Jurudêmung

1.
Yata kang samya umangkat |
kang liningan aturipun |
inggih sumangga ing kayun |
samya ngling mring rubiyahnya |
paran wus samêkta iku |
iya panggendhonganira |
pra waela turnya sampun ||

2.
(n)Dan lêkas samya umangkat |
mêdal saking masjid agung |
pra rubiyah anèng ngayun |
jalu èstri kathahira |
watara wong kalihpuluh |
kang pinatah anèng ngarsa |
anggrêmani ing dêlanggung ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (03a) Kaca 60 - 77
  • (04a) Kaca 90 - 106 >