Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434706
Hari ini     :Hari ini :106
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :172
Bulan ini   :Bulan ini :3335
s/d hari ini   :s/d hari ini :434706
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 7

Kontak Admin.

email-kidemang

 (04a) Kaca 90 - 106

 

( Nyabrang lèpèn Lumut, narajang pêdhut amun-amun )

12

4. Rombongan sampun dados tiyang kalihdasa. Lampahipun nyabrang lèpèn Lumut, narajang pêdhut amun-amun. Samargi-margi sêsawangan langkung nêngsêmakên, kalêbêt tingkah-polahipun kewan-kewan ing wana. Lèrèn salat Luhur ing pinggiring bêlik, lajêng dhahar sêsarêngan. Saking katêbihan katingal dhusun Ardimuncar, lajêng sami kampir ing dalêmipun Sèh Adimuncar tuwin Arundarsa. Bakda Mahrib sami kasugata, kasambêt têrbangan, singiran kanthi Suluk Bathik Rara Sukci, parlambanging ngèlmi raos cundhukipun kalihan agami Islam. Enjingipun bakda Subuh sami bidhalan. Sèh Adimuncar tuwin Arundarsa sami tumut dhatêng Wanamarta.


Kaca 90 - 108.

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 12 - Kaca : 90

694 Dhandhanggula

3.
Santri Putih Sêtradrêma |
Monthèl lan Iman Sêcaku |
Jatingarang gangsalipun |
têkèng pasawahanira |
anabrang ing kali Lumut |
pajamban watu palatar |
anètèr palataripun ||

4.
Maksih rêmêng saput kisma |
pêpêdhut angamun-amun |
andulur ingkang lumaku |
nut tikunging pagalêngan |
pasabinannya atulus |
asri swaranya enjingan |
cingcinggoling lan dhèdhècu ||

5.
Paksi manyar munyèng tawang |
baranjangan cucuwiyun |
manyura nyangungong mabur |
kringinging bêring lan jongkang |
anggantêr kokolik tuhu |
lir nambrama tanya lampah |
mring ngêndi (n)Jêng Kyai guru ||

6.
Tinubing para ngulama |
asêlur waela kakung |
baya doh dènnya nrah laku |
blêtupuk lir nambung sabda |
wus karuhan ta puniku |
doh pisan mring Wanamarta |
yun panggih kakaruhipun ||

7.
Lan Kae Bayi Panurta |
mitrane saeka kalbu |
wus lir sayayah saibu |
wau ta ingkang lumampah |
kapungkuring Bustam dhukuh |
sumirat kênyaring surya |
duk mijil anggraning gunung ||

8.
Ujwalaning Hyang Karaba |
nangsayèng (m)bun tiksnaning rum |
pradipta lir rêtna rêmpu |
lèn citraning ron wantara |
cawining nalaga mulu |
katrangan ing Hyang Raditya |
wèh waluyèng rat sawêgung ||

9.
Wau ta ingkang lumampah |
wus anglintangi patalun |
têgal pasabinanipun |
pêlêstrèn pagaganira |
patugaran bana tunu |
babanggan ra-ara wiyar |
nampak kêkêbing wana gung ||

10.
Mahasing wana wulusan |
tumurun jurang paparung |
pasêngkan pèrèng lulungur |
kèh buron kang katingalan |
kang kidang manjangan paul |
mong gogor sêgruk balacan |
jajawi banthèng andanu ||

11.
Uwa-uwa warangutan |
bangkan wanara lutung |
nèng wrêksa karsula timbun |
samya ngrêmusi pradapa |
ana kang lagya susunu |
lir jalma rêrèkanira |
kang lanang anyundhang gulu ||

Jilid 12 - Kaca : 91

12.
Mring lutung wadon kang manak |
ana gupuh ngundang dhukun |
lumaku rindhik anggriguh |
kang ngundang ngajak gya-agya |
dhukunne lir dumèh dhukun |
ngadi-adi pinilala |
weya-weya alêlêngut ||

13.
Lir kurang sajèn tindhihnya |
kang tutulung padha lutung |
parigêl pangolahipun |
ginêcêl akarya pêjah |
rinut ngoyot wêtêngipun |
pinopohan lan godhongan |
mulya lan pacêngukipun ||

14.
Wingwrin anon mangsa-mangsa |
aprawro mrêsmra swara sru |
katangguling kol kawangsul |
singsal tiba sing pènèkan |
cêthuke anuju julung |
bapa-biyunge agêpah |
yun ngambil cêthuk kang runtuh ||

15.
Kararah anèng ing lêmah |
ginèndholan para lutung |
yèn jalma-a sami muwus |
pitutur ing sanakira |
lutung kang kelangan cênguk |
lah wus aja sira alap |
pupusên bêgjanirèku ||

16.
(ng)Gènnira padha susuta |
ciptanên darma susunu |
yèn wus julunge pinulung |
dening mong mangsa kabla |
yèn wus pancinipun julung |
rinêbut mangsa kêna-a |
yèn pinarêng tombok umur ||

17.
Kuwatir nèng pangudhunan |
yèn anut wawaning napsu |
nora bêcik kang tinêmu |
maoni sira Pangeran |
karsaning Hyang pan wus bêstu |
babageyaning atitah |
tan kêna kinudu-kudu ||

18.
Slamêt-slamête kangèlan |
tuwas tan kêna rinêbut |
lir susulung lêbu latu |
lutung ingkang tinuturan |
lanang wadon ngusapi luh |
ngiwa nêngên surawèyan |
samya nangis kalihipun ||

19.
Saking gugon-tuhonira |
awêdi krungu pitutur |
(m)bobolèh ujar rahayu |
kinèn narima ing Suksma |
nanêdha yèn sinung liru |
mangkana pinaksa-paksa |
tyasira ingkang asunu ||

20.
Sadangunira udrasa |
anake kang tiba julung |
cênguke ro bisa wangsul |
mènèk witing karasula |
nurut madal saha nuntung |
sumyak-giyak lutung kathah |
bapa biyunge agupuh ||

21.
Myat suta awijah-wijah |
agègokan sugun-sugun |
wau kang samya lumaku |
Arsèngbudi Cariksutra |
Malangkarsa samyandulu |
lutung kadya sung sasmita |
sarêng dènnira gumuyu ||

Jilid 12 - Kaca : 92

22.
Pagut graitaning driya |
amèmpêr lêlèjêmipun |
Kae Bayi Panurtèku |
marma èsême mirasa |
tunggal sasmitaning lutung |
kapranan kadya ya uga |
Ki Bayi lalakonipun ||

23.
Yata wau kang lumampah |
wanci surya nrang malatu |
têtêngakan ing wana gung |
babangkan ra-ara wirya |
lang-alang galagah rayung |
gêlonggong plumpung sawuran |
grumbul tanwang kalampis pung ||

24.
Sumuk tampêking baskara |
tan ana wrêksa kang eyub |
adoh paonjotanipun |
ron kalamênta atiksna |
ngrujit pagêlanganipun |
karênjêm bung alang-alang |
samya karikuhan laku ||

25.
Laju nrang bêntaring surya |
rêkasaning lampahipun |
tan ana rèrènanipun |
bubulak ra-ara wiyar |
malbèng kêtêbing wana gung |
nut èrèng pèpèrèng jurang |
paranging curi aparung ||

26.
Kalimudaning lawêdan |
aririh tinapak lunyu |
wigih ngarah-arah laku |
mawèng têpining bambingan |
pringganing jurang atêrjung |
nètèr anjat palunguran |
wirangrongan lampahipun ||

699 Wirangrong

1.
Asrang swaraning wanadri |
pring-ori grêng sru gumêrot |
pring wungwang kanginan angaluwung |
kapyarsa lir tangis |
wor siyaking cêmara |
krosaking pang kang kasingsal ||

2.
Wanci wus lingsir pidak-tri |
samyarsa awêktu Luhor |
anon pabêlikan sri kang ranu |
satêpining margi |
kayoman ing mandera |
papan sela kumalasa ||

3.
Samya rêrêp sadayèki |
sukur pakolih dènnya so |
mahèrantuk kadas dènnya wêktu |
(n)dan lêkas ngabêkti |
antara dènnya salat |
bakda purna salatira ||

4.
Rêrêp dènnya ngaring-aring |
nèng sor mandera ayom |
sêgêr kamarutan mapan sèyub |
kasiliring angin |
jênêk pakantuk raryyan |
rasa-rasa tumindaka ||

Jilid 12 - Kaca : 93

5.
Kang (m)bêkta sasangunèki |
bubucu kalawan lawoh |
miwah nyanyamikan samya cucul |
pagendhonganèki |
Santri Putih kalawan |
Santri Monthèl santri Drêma ||

6.
Jatingarang Mansêcèki |
kang bêkta sangu ginendhong |
cinaoskên ngarsa sadaya wus |
papanganan bukti |
nulya sami anadhah |
kang sêkul sasangunira ||

7.
Waradin jalu lan èstri |
wus nutug samya linorot |
sinungkên santrinya samya muluk |
tuwuk sadayèki |
miwah dhadharanira |
wowohan myang lah-olahan ||

8.
Luwaran dènnira bukti |
Ki Arsèngbudi nabda lon |
yèn wus aso samya pênêdipun |
umangkat lumaris |
samya matur sumangga |
(n)dan samya sarêng lumampah ||

9.
Angayam-ayam wanadri |
andulur samya rèrèndhon |
tumurun lwah jurang nganjat lungur |
mahasing wanadri |
griting êpang ambêngok |
sru lir angsa akêlingan ||

10.
Myang krisiking cêmara ngrik |
gumrah lir suraking mugnsoh |
kèdidan ing braja gêrdêgipun |
lèn katêmpuh angin |
gumrêbêg magoraya |
yayah kadya tanpa rungyan ||

11.
Andarung lampahira ris |
nampak durgamèng jurang jro |
ngundhung palêbakan mangêp singup |
siluk-siluk sungil |
kangèlan ing karakal |
sakol-êkol matumpukan ||

12.
Kêmput lajêring wanadri |
pagrêngan tatas linakon |
nampak palêmparan bondhot grumbul |
têbaking wanadri |
tutunon patugaran |
babangkan kang dèn-gugulang ||

13.
Tinalun boga ginagi |
jinarak myang jagung ontong |
pan wus kalintangan kadhang grumbul |
tarataban nipis |
bubulak agênêngan |
kèksi padhukuhanira ||

14.
Tangga parapating dèsi |
katingal wilis saking doh |
dhikil Ardimuncar wus kadulu |
pasabinanèki |
tirah ing patalunan |
katêgal pagaganira ||

Jilid 12 - Kaca : 94

15.
Walêr pagalênganèki |
sabin suwangan anglorog |
samya kajomboran dening ranu |
tulus kang winiji |
tan nalêbaring mangsa |
saking kakolohing toya ||

16.
Talun myang têgal palêstrin |
wohira asri andados |
sangkêp jajanganan kang tinandur |
kara kacang cipir |
lombok terong bayêman |
kêrai timun sêmangka ||

17.
Myang pala kapêndhêm sami |
mangsa sêdhênge angundhoh |
asri katingalan yata wau |
kang samya lumaris |
anuting pagalêngan |
ing wanci wus akir Ngasar ||

18.
Mêmilih papan ngabêkti |
anon sêndhang babalong |
kayoman rêjasa bibis rau |
kalawan gayamprit |
padhas atos malatar |
sêndhang pangangson padusan ||

19.
Pinggir calangaping kali |
samya raryyan lanang wadon |
arsa wêktu Ngasar samya wulu |
wusira susuci |
antara dangunira |
bakda dènnira sêmbahyang ||

20.
Paragad saliring bêkti |
sawusira mucang gupoh |
laju lampahira pan adulur |
pagalênging sabin |
anuju Ki Samurca |
sabate Ke Adimuncar ||

21.
Dhangir patêgalanèki |
Ki Santri Putih duk anon |
marang Ki Samurca alon muwus |
lo apa ya kiki |
adhi-ngong Ki Samurca |
kang tinanya gêpah mulat ||

22.
Sarwi gupuh anauri |
ênggih kakang wak-ingong |
wus bage binage alon muwus |
Kaê Arsèngbudi |
lah sira Ki Samurca |
sutanta paran wontêna ||

23.
Kakang Adimuncar singgih |
kang tinanya turira lon |
paduka atanya Kae Guru |
inggih wontên ugi |
rakanta Adimuncar |
dangu anèng pasabinan ||

24.
Têmbe mantuk sapuniki |
Ki Arsèngbudi lingnya lon |
lah rika matura ring Kyaimu |
yèn ingong kang prapti |
kèh sasarênganingwang |
kang liningan tur sandika ||

25.
Ki Samurca mentar aglis |
andhingini laku gupoh |
tan adangu prapta ing dhudhukuh |
sainggiling dhikil |
sira Ke Adimuncar |
samyandulu |
lutung kadya sung sasmita |
sarêng dènnira gumuyu ||

Jilid 12 - Kaca : 95

26.
Lan garwa Ni Purnaningsih |
pangandikanira alon |
baya sun dhatêngan jalma luhung |
kèh praptèng mariki |
dene mau sun-mulat |
wong rantap anèng pagagan ||

27.
Sun-duga padha mariki |
samya sêdya amardhayoh |
nulya Ki Samurca praptèng ngayun |
umatur tur uning |
apan rinta ing Bustam |
kang prapta sêdya papanggya ||

28.
Akathah ingkang umiring |
tuwa anom lanang wadon |
tingalira samya jalma luhung |
kêdhik sabatnèki |
kawistara ing cahya |
Ki Adimuncar ris nabda ||

29.
Mèsêm sasmita ing rabi |
jarku apa nora linyok |
lah sira kudura èstri jalu |
karya-a sasaji |
akonna mragat menda |
lalawuhan kang prayoga ||

30.
Nyamikan kang adi-adi |
ywa kuciwa ing susugoh |
kang liningan sigra angungukus |
nuding pawongnèki |
kinèn samya lah-olah |
Kyadimuncar malih nabda ||

31.
Maring santrinira katri |
Ki Samurca Ki Murcaho |
Murcogo katrinya pan tinuduh |
samya (ng)gêgêlari |
lampit miwah kalasa |
anèng ing pandhapanira ||

32.
Tan adangu wus miranti |
Ki Adimuncar lingnya lon |
lah Samurca sira ingong tuduh |
timbalana aglis |
riningong Arundarsa |
tutura yèn sun dhatêngan ||

33.
Kang liningan mentar aglis |
tan suwe dènnya kinongkon |
Kae Arundarsa praptèng ngayun |
angandika malih |
mring santri Ki Samurca |
lah wus sira aturana ||

34.
Kae jêbèng Arsèngbudi |
ngong-papage kang mardhayoh |
nulya samya mentar praptèng pintu |
Ki Samurca aglis |
mêthuk wau kang prapta |
ngantos pawijilanira ||

700 Mijil

1.
Ki Samurca laju angaturi |
mring kang amardhayoh |
yata wau kapêthuk lampahe |
matur andika dipun-aturi |
ing rakanta nganti |
salêngkaning pintu ||

Jilid 12 - Kaca : 96

2.
Anganthuki Kae Arsèngbudi |
lampahira gupoh |
nètèr ing pancadan pupunthuke |
dhukuh Muncar sanginggiling dhikil |
wus andungkap prapti |
padhadhahanipun ||

3.
Tan pantara lampahira prapti |
parêgolan panggoh |
ingulukan-salam satêkane |
kang pra tamu samya angaturi |
ngalekum-salami |
nulya kèrit mangsuk ||

4.
Ingancaran lênggah ing pandhapi |
sadaya tuwa nom |
jalu èstri tata palungguhe |
Ki Arsèngbudi gupuh mangarsi |
atur salamnèki |
Adimuncar gupuh ||

5.
Sasalaman pupuji ing Widdhi |
sarwi nambrama lon |
pan binagyan ing karaharjane |
amangsuli basukyanirèki |
dangu paguting sih |
patêkêmanipun ||

6.
Wus rinahab gya Mangunarsèki |
tur salamira lon |
sinambrama saha basukine |
Anggungrimang tur salamirèki |
wus sinung pambagi |
karahayunipun ||

7.
Nulya sira Kae Jayèngrêsmi |
tur salam mabukoh |
rinahaban sarwi pambagyane |
wusnya nulya Kae Jayèngragi |
tur salamira ris |
binagyan sadarum ||

8.
Nulya pra waela ganti-ganti |
ngabêkti sarya nor |
nulya Pariminta Sèh Modange |
Ki Piturun miwah para santri |
samya atur bêkti |
sadayanira wus ||

9.
Tata dènnira sami alinggih |
jalwèstri samya nor |
Kae Arsèngbudi lon ature |
marma kakang kawula tutuwi |
mariki umiring |
putra kalihipun ||

10.
Jayèngrêsmi lawan Jayèngragi |
samya lalana-ndon |
lami anèng pangumbaran rêke |
kang punika para putra singgih |
kakang Rundayèki |
Bayi Panurtèku ||

11.
Ingkang dipun-ulati ing nguni |
suta lanang wadon |
panggya jênêk nèng Wanantakane |
kuwu lawan Ki Sèh Amoragi |
antaranya lami |
sampun gangsal ungsum ||

Jilid 12 - Kaca : 97

12.
Mangkya samyarsa mantuka maring |
Wanamarta dhukoh |
marma kawula lan sadayane |
samya tumuturing-putra kalih |
sami dènnirèki |
dènnyarsa têtêmu ||

13.
Marang kakang Kae Rundayèki |
Dimuncar lingnya lon |
manawi Allah amarêngake |
benjange yèn saèstu lumaris |
mumpung parêngnèki |
kawula tumutur ||

14.
Langkung suka kang samya miyarsi |
Kyai Muncar mêngko |
arsa marang ing Wanamartane |
Kae Adimuncar lingira ris |
mring kang putra kalih |
dhuh sutèngngong bagus ||

15.
Sampun tata-tata angakêni |
ambapa maring ngong |
nging pun bapa sangêt balilune |
dèrèng sagêd budi anyukupi |
pan dawaning angling |
sakèh anak putu ||

16.
Sukur kewala yèn kaki-kaki |
mring para nom-anom |
wau kang pra tamu sadayane |
samya anor palinggihannèki |
tumungkul èstu jrih |
kurmating sêpuh ||

17.
Ki Sèh Adimuncar ciptèng galih |
dangu dènnira non |
marang ingkang para tatamune |
langkung trustha sukanirèng galih |
aprasasat kadi |
kabanjiran madu ||

18.
Yata pasugatannya mangarsi |
tinampyèng wong wadon |
nyanyamikan lah-olahan adèn |
myang wowohan ingkang manis-manis |
miwah wedang kopi |
mamanisanipun ||

19.
Miwah dawêgan wilis sumaji |
Dimuncar lingnya lon |
ngancarani marang pra tamune |
lah suwawi yayi Arsèngbudi |
lan ing ngriku sami |
sarating alêsu ||

20.
Sawontênipun anèng wanadri |
parêrêming awor |
sumapala tan pati mungguhe |
kang liningan sami angalapi |
sasênêngirèki |
jalwèstri amulung ||

21.
Wusnya antara dènnya nyanyamik |
ing wanci surya yom |
nuksmèng kisma andungkap Mahribe |
Kae Adimuncar lingira ris |
sumangga mrih Mahrib |
nêdhêngira wêktu ||

22.
Kang ngancaran dhangan turirèki |
jalu èstri gupoh |
samya maring masjid pahèrane |
myang pra santri kathah sadayèki |
wus sira susuci |
mangsuk ing masjid gung ||

Jilid 12 - Kaca : 98

23.
Wusnya adan sunat pêrlu Mahrib |
Kyai Muncar gupoh |
ngancarani marang sadayane |
angimami lênggana turnèki |
gya Dimuncar nuli |
angimami wêktu ||

24.
Ilhar kewala wawacanèki |
surat kang winaos |
wusing Patekah Kulyak-kayune |
Idaja-a rêkangat kang akir |
antaraning Mahrib |
prapta Ngisanipun ||

25.
Têkèng wêktu Ngisa dènnya bêkti |
bakda amamansoh |
pragat puji dhikirira kabèh |
maca salawat salaman sami |
sakèh santri alit |
mudhun sing masjid gung ||

26.
Nulya samya kang para kinyyai |
luwaran saking (ng)gon |
kondur marang wismèng pandhapane |
miwah kang pra waela tan kari |
prapta tata linggih |
ring (ng)gyannira wau ||

27.
Ki Sèh Adimuncar ngandika ris |
ring garwanira lon |
e Purwaningsih paran wus mangke |
(ng)gènta ngrukti pasugatan tami |
lamun wis dèn-aglis |
(ng)gyannira ngungukus ||

28.
Saosêna saananirèki |
kang liningan gupoh |
mudhun saking pandhapa nulya ge |
nuduh santrinira jalu èstri |
kinèn nampa aglis |
rampadan mangayun ||

29.
Wus tinata sadaya nèng ngarsi |
magana mêgolong |
liwêt tambra lawan kêbuline |
jangan bècèk mênir pêcêl-pitik |
lan pindhang kêbiri |
brongkos tumtim mangut ||

30.
Susujènan srêgan limpa ati |
pal-puk dudu kolor |
dhèndhèng gêpuk gorèngan lan age |
dhèndhèng panjèn sarundèng lan ragi |
lidhah êmpal kisi |
bêtutu bon rêmus ||

31.
Ayèm manjangan asin sisili |
basngèk blêbêt opor |
sambêl-gorèng utak lan balure |
gêcok pêncok lombok kêncêng pêtis |
lalaban mawarni |
sangkêp sadaya wus ||

32.
Pra waela sinaji pribadi |
rampadan rinoyom |
Kae Adimuncar lon wuwuse |
lah suwawi yayi Arsèngbudi |
lan Cariksutrèki |
nak Malangkarsèku ||

Jilid 12 - Kaca : 99

33.
Anak jêbèng Mangunarsa tuwin |
Jayèngrêsmi karo |
Jayèngraga miwah sadayane |
jalu èstri suwawi awijik |
ing ngrikuwa sami |
kewala akêmbul ||

34.
Gupuh dènnira sami wawanting |
(n)dan bukti aroyom |
langkung pakantuk ing panadhahe |
wus antara dangunira bukti |
aluwaran sami |
sadaya tuturuh ||

35.
Gupuh ingkang samya nglaladèni |
jalwèstri anglorod |
sinungakên santri pamburine |
wus warata kabèh nutug bukti |
gantya kang sumaji |
nyanyamikanipun ||

36.
Tinatèng aglar anèng ing ngarsi |
mawarna sri tinon |
wowohan lan lah-olahan adèn |
Kae Adimuncar lingira ris |
lah ngriku suwawi |
mamangsêganipun ||

37.
Gupuh kang liningan ngalap sami |
sasênêngira lon |
lah-olahan miwah wowohane |
ingkang nginum wedang srêbat kopi |
nutug sakarsèki |
kang nginang myang udud ||

38.
Ki Sèh Adimuncar ngandika ris |
manira yun anon |
Kyarsèngbudi ingkang pundi mangke |
putranipun kakang Rundayèstri |
ingkang asisilih |
Tambangraras nêngguh ||

39.
Arsèngbudi wacananira ris |
paduka atakon |
putranipun kakang Rundayane |
ingkang sami lalanan-ndon anis |
kang dipun ulati |
ing sudarmanipun ||

40.
Kae Bayi Panurta ing uni |
lawan ingkang wadon |
singgih suta katiga èstrine |
Tambangraras kang garwa Mongragi |
jalu Jayèngrêsmi |
Jayèngraganipun ||

41.
Kalih sampun sami among-rabi |
trêsna tan kêna doh |
labuh mendra tan etang bayane |
anging Tambangraras kang piningit |
sihing jalma lêwih |
kang asih jujuluk ||

42.
Wastani waela Selabrangti |
winong ing Hyang Manon |
jalar saking laki nugrahane |
Mongraga kang siniyan ing Widdhi |
siswanta sawiji |
Ragasmara nênggah ||

Jilid 12 - Kaca : 100

43.
Wus tan bastu angganya inapti |
wênyahing pandulon |
anèng Jurang Jangkung Palanggate |
wus bangsa lus ganale kawuri |
piniji ing Widdhi |
lan pribadinipun ||

44.
Pangkating atitah wus Utadi |
nujêmba salihos |
kadwi jalu katiga èstrine |
Sèh Mongraga Sèh Mangunarsèki |
katri Rancangkapti |
dadya semahipun ||

45.
Ika Ki Sèh Gungrimang puniki |
ngulama nom kaot |
punapinggih mêkatên Ki Jêbèng |
Ki Sèh Mangunarsa turira ris |
kasinggihan ugi |
saèstu kadyèku ||

46.
Datan wontên kang ninang sasiki |
pan inggih sayêktos |
wus tan kengang ginampil panggihe |
Sèh Mongraga wus ahli awingit |
amba tan (n)dungkapi |
ahline ngaluhung ||

47.
Ki Sèh Adimuncar duk myarsa ngling |
tyasira sumrowong |
langkung sukurira ing angêne |
angling malih marang Arsèngbudi |
ênggèh ta lah yayi |
ngagêsang puniku ||

48.
Ingkang sinung kaluwiyan dening |
Hyang Ingkang Murba Non |
singgih datan wontên sanepane |
ingkang sinung kakurangan dening |
Hyang kang Maha Sukci |
tan na èmbanipun ||

49.
Sabab saking punapi kadyèki |
eloking Hyang Manon |
paran kodrat myang iradat mangke |
cara Jawa lir apasti pasthi |
ingkang pasthi êri |
pasthi sujènnipun ||

50.
Ala landhêp susujèn kinardi |
landhêping ri wus pon |
duk wêtune pan wus landhêp dhewe |
kodrat lawan lan dèn-iradati |
tan nganggo dèn-ngoti |
êri landhêpipun ||

51.
Kadi ta kang nokitakên sami |
kadarilah karo |
kajaba rilahing wong ambêge |
awit dening kadarilahnèki |
wontên ingkang dadi |
kaluhuranipun ||

52.
Miwah kang kajaba riyah jalmi |
dadya pês lwih asor |
ana kang dadya kaluhurane |
puniku yayi saking punapi |
kalihe pan sami |
tan kêna tinantu ||

Jilid 12 - Kaca : 101

53.
Arsèngbudi mèsêm turira ris |
singgih mangsa borong |
ingkang masthèkakên ing panggawe |
kabageyan sokur luhur pinanggih |
awon pênêd tuwin |
bênêr lawan luput ||

54.
Jalar saking takaburirèki |
saliring rumêngkoh |
tan pae lan ambêg kang prasendhe |
barang ing panggawe tan nglakoni |
darmi lumawani |
panggawe kang tinut ||

55.
Pan wus têpês titahe Hyang Widdhi |
kang samya linakon |
ing kawulaning Hyang sadayane |
Kae Adimuncar angling malih |
Sèh Mangunarsèki |
Ke Jêbèng ing ngriku ||

56.
Dugèkêna surasaning ngèlmi |
kang têkèng sajatos |
aywa ninang lan Dalil Kadise |
basa kang puniku wau ugi |
anor kang sinung ling |
turira lir madu ||

701 Dhandhanggula

1.
Ki Sèh Mangunarsa mêdhar jati |
rêke singgih sabda kang punika |
yèn winulad ing sarake |
apan pasthi puniku |
wus tan kengang awèh gumingsir |
tan kadarbe ing kita |
sadayaning makluk |
nèng pribadining Pangeran |
singgih sipat iradat kodrating Widdhi |
tan silih-sinilihan ||

2.
Kodrat ijadu kuli munkinin |
lirnya ingkang kodrating Hyang Suksma |
kang nganakkên sakathahe |
ing mungkin sadayèku |
iradat kubah sis suhulli |
mukinin têgêsira |
iradat puniku |
masthi sakèhing mukinnya |
kang papasthèn wontên ing kalih prakawis |
satunggil nèng mualak ||

3.
Mênggah papasthèn satunggal malih |
papasthèning ing dalêm mubaram |
luhuring mualak rêke |
punika kang wus bêstu |
datan kengang ninang sadêmi |
paningaling kawula |
tan têkèng ing ngriku |
liyaning janma kang wus man |
sinung ilham kinapasakên dening |
Hyang Kang Murbawisesa ||

Jilid 12 - Kaca : 102

4.
Yèn papsthèning kita puniki |
lamun maksih wontên ing mualak |
dèrèng bastu papasthène |
kenging sèos lan durung |
pae kang wus nèng mukarami |
papasthèn tan kêna wah |
kirang lawan langkung |
saking pasrah winalika |
datan kengang ing akal kalawan budi |
owahe kang mubaram ||

5.
Nging tan pisah ing antaranèki |
papasthèn mualak lan mubaram |
marma makluking Hyang rêke |
apês kalawan luhur |
datan kengang nampik amilih |
namung lawan ihtiyar |
pamilihing kalbu |
tiwas tuwas nèng ihtiyar |
karananya ihtiyar puniku aip |
tan kêna dinaliha ||

6.
Sangkaning dadya won pênêdnèki |
marma punika kawula ngaral |
tan wruh marang ihtiyare |
wijining ala ayu |
kang tumanêm ing dalêm budi |
tan na têkèng wêkasan |
paningaling kasdu |
mung wruh wiwite kewala |
datan uning wêkasaning ala bêcik |
tangèh dungkap ing tama ||

7.
Adimuncar kapranan tyasnèki |
manthuk-manthuk kaprananing driya |
kadya wastra tinarêsèh |
langkung trusthaning kalbu |
tyas tapakur sukur ing Widdhi |
miyarsa rasa sabda |
wus samya tawakup |
ing tanggap tan ana ninang |
Kyadimuncar ngling mring Kae Arsèngbudi |
lah yayi mangangguran ||

8.
Lagya ing wanci kaluruk siji |
pênêt sunat sambèn têtrêbangan |
nanambung lèk saprandene |
katanggungan aturu |
sami dikir maulud singir |
madya ratri sih awal |
dèrèng lingsir dalu |
Ki Arsèngbudi lingira |
singgih langkung prayogi sami adikir |
trêbangan dhinulêngan ||

9.
Angandika malih maring santri |
lah Samurca ngambila tarêbang |
têka pitu lan kêntrunge |
ingkang liningan gupuh |
ngambil trêbang tan dangu prapti |
katur mring Adimuncar |
alon dènnya muwus |
ngriku yayi Arsèngdriya |
narêbanga lan yayi Cariksutrèki |
myang anak Malangkarsa ||

10.
Mangunarsa Anggungrimang uwis |
Jayèngrêsmi lawan Jayèngraga |
sami kakêntrungan rêke |
lalungsèn awon nganggur |
sami ojrat madyaning ratri |
agupuh kang liningan |
nyandhak trêbangipun |
nulya samya sinêntakan |
wong pipitu mangku trêbangira sami |
ginêmbrang agêmbrungan ||

Jilid 12 - Kaca : 103

11.
Ki Sèh Adimuncar ngandika ris |
yayi Arsèngbudi lah sumangga |
andika bawa talune |
ingkang sinung ling gupuh |
Arsèngbudi sigra (m)bawani |
laila hailalah |
Allah Muhamaddun |
ya Rasul mandun Mukamad |
solalahu ngalahi wa askabihi |
salawatu ngalena ||

12.
Sinauran santri sadayèki |
jalu èstri ramya barung swara |
asru gumuruh arame |
gobyog trêbang myang kêntrung |
nganyut-anyut tan na sarênti |
ukêl sajake rampak |
rêmpêg tan (m)barênjul |
swara sora sru kapyarsa |
tangga desa parapat manca-limèki |
kagyat krungu tarêbang ||

13.
Kang wus turu kagyat padha tangi |
dharakalan jalu èstri samya |
nonton tarêbang myang rare |
kêlayu ngajak (n)dulu |
gumarudug aniningali |
trêbang mring Adimuncar |
kang saking lor kidul |
kulon miwah saking wetan |
miwah prapta linggih baturing pandhapi |
myang angadêg ing latar ||

14.
Talu wus antara dangunèki |
sinalahan suwuk kang tarêbang |
Kyai Muncar andikane |
saprayoganipun |
andhulêngi salawat dhikir |
ya bênêr si Samurca |
Murcabo sirèku |
lan Murcogo andhulênga |
gagêntèna lawan dhayohira santri |
Monthèl sakancanira ||

15.
Sêtradrêma lawan Santri Putih |
Basariman miwah Imansêca |
Jatingarang kabèh kuwe |
emprak katêlu-têlu |
kang liningan sandika nuli |
Arsèngbudi abawa |
Allahu Allahu |
abarakallahu sigra |
santri kabèh jalwèstri barung (m)bawani |
gumuruh sri kapyarsa ||

16.
Murcao Murcogo Samurca glis |
wong têlu emprak ababrongotan |
suka kang anonton kabèh |
kalangkung ramenipun |
sruning trêbang barung swara tri |
kêntrunge babanggènan |
pong-pêp tong-ting brang-brung |
thung-plêg thung-plêg plak-blang pak-blang |
pyung-pyêk pyung-pyêg pêp-pêp bah bah bah kupyik-pyik |
prung-prung-brang dhung-brang dhung-brang ||

Jilid 12 - Kaca : 104

17.
Monthèl Sêtradrêma santri Putih |
sumbu sinumbu dènnira emprak |
tan miyatani gênine |
dangu pandhulêngipun |
kang anonton bungah kapati |
dènnya ababrongotan |
tan pasah ing latu |
nulya gantya kang angemprak |
Jatingarang Basariman Mansêcèki |
ramya bakar-binakar ||

18.
Santri tani yutun empraknèki |
ya lir emprake santri balaka |
Jayèngraga ling jro tyase |
kêngètan duk ing dangu |
anèng krajan Wanamartèki |
kang rama darbe karya |
kala amamantu |
ing lakine Tambangraras |
lan Mongraga kasukanira nuwuki |
kang emprak salawatan ||

19.
Kang juroni santri Jamal Jamil |
ngutahakên kabudayan Karang |
bisa karyèraming akèh |
kathah sulapanipun |
ngirapakên tamu ripangi |
iku ukur kewala |
tan mantra pandulu |
prandene wong suka-suka |
agawokan pangrasane wus ngluwihi |
kang samya (n)dhulêng emprak ||

20.
Asasmita Kae Jayèngragi |
pagut kiringe marang kang raka |
ingèsêman lêlèjême |
antara dangunipun |
wrata santri kang andhulêngi |
suwuk maca salawat |
raryyan sadaya wus |
Ke Adimuncar ngandika |
anyarakkên nyamikan mring santri |
wedang lawan panganan ||

21.
Samya ngalap sasênêngirèki |
wusnya aso dènnira mamangan |
Adimuncar lon wuwuse |
sapa prayoginipun |
mêngke ingkang andhulêng singir |
Cariksutra turira |
anjawi puniku |
singgih rinta pun Wilapa |
Kyai Muncar mèsêm angandika aris |
dene têka utama ||

22.
Ipe-ngong si Wilapa ngojrati |
dhasar wus rahabe biyèn mula |
andhulêng ojrat singire |
lan (m)bok-ipe yèn rêmbug |
kang ngempraka salawat dhikir |
singir suluk rinasa |
sakadaring kayun |
Nikèn Wilapa turira |
amba kinèn inggih dhatêng anglampahi |
kawula tan lênggana ||

Jilid 12 - Kaca : 105

23.
Adimuncar mèsêm sukèng galih |
nulya anyandhak tarêbangira |
(n)dan lêkas bawa singire |
anglêlik swara êmpuk |
anggêragul gragul ngunani |
kalungsèn sawatara |
tilasing abêsus |
krêkêle maksih katara |
miwah gêtas rênyah rume maksih thithik |
kari-karèn pasaja ||

24.
Bawa tinampan sakèhing santri |
lailaha ilalahu Allah |
Muhkamad Rasullolahe |
asri sru swara barung |
jalu èstri rêmpêg tan sarênti |
anulya Ni Wilapa |
(n)dan andhulêng suluk |
suluk Bêthak kang rinasa |
nuju sèlèh ing bawa nampani singir |
mangkana kang winaca ||

25.
Lêkas adang Nikèn Rara Sukci |
lah ta apa kayunira adang |
kayu panggêtak kucinge |
kaya panata rambut |
lawan kayu panggugah santri |
myang kayu kapandheyan |
kayu prana kalbu |
kalawan kayu angkatan |
kayu mojar kalawan kang bêksa rangin |
lawan kayu kaotan ||

26.
Yèn binadhe wawangsalannèki |
kayu kang samya kinarya adang |
klampis panggêtak kucinge |
surèn panata rambut |
kayu wungu panggugah mantri |
kayu sêmpu pandheyan |
jatiprana kalbu |
pan kayu tanjung angkatan |
wunimojar dhadhap kang abêksa rangin |
kluwih kayu kaotan ||

27.
Lêkas ngambil banyu Rara Sukci |
lah ta paran banyunira kêlan |
banyu gêlang ing jênthike |
lan banyu anggung wuyung |
lawan banyu awèt ningali |
banyu kontul-anglayang |
banyu milyèng mungsuh |
lawan banyu kasêpuhan |
banyu gêntha-dara banyu busana-di |
lan banyu olèh-karya ||

28.
Yèn binadhe wangsalanirèki |
bok pêrawan banyunira kêlan |
kali gêlang ing jênthike |
udan kang agung wuyung |
banyu sumur awèt ningali |
sumbêr kontul anglayang |
bêlik mulyèng mungsuh |
banyu rawa kasêpuhan |
wangan gêntha-dara sêndang busana-di |
têlaga olèh karya ||

29.
Arêramban mipik Rara Sukci |
lah punapi janganira kêlan |
kang jangan wus sarwa duwe |
lan jangan kadang sêpuh |
miwah jangan para umiring |
myang jangan kapanasan |
jangan munggèng tênun |
lan jangan rèrèn lumampah |
jangan tungtung guyu jangan munggèng pragin |
jangan janma kang (ng)gêntang ||

Jilid 12 - Kaca : 106

30.
Dèn-badheya wangsalannirèki |
Rara Sukci dènnira rêramban |
jangan kluwih sarwa duwe |
gori kang kadang sêpuh |
kêmirine para umiring |
lodhoh kang kapanasan |
lompong munggèng tênun |
êso rèrèning lumampah |
asêm tungtung guyu loncom munggèng pragin |
mênir janma anggêntang ||

31.
Karya lawuh sira Rara Suci |
ulam punapi kang dipun-ulah |
ulam kang tanpa pamitte |
ulam katêmu suwung |
ulam datan awrat cinangking |
ulam solahing bedhang |
ulam pulih ngetung |
ulam kapisah ing rowang |
ulam sor-prang ulam angawula dadi |
ulam kucêm winada ||

32.
Dèn-badheya wangsalannirèki |
lalawuhanira kang dèn-olah |
balênyik tanpa pamitte |
sapi katêmu suwung |
banthèng datan awrat cinangking |
lele solahing bedhang |
cabuk pulih ngetung |
kancil kapisah ing rowang |
krawon sor-prang sêmayi ngawula dadi |
masin kucêm winada ||

33.
Ngupaya lalaban Rara Sudhi |
lah ta punapi lalabanira |
lalab tinutur padune |
lalab angabên dhuwung |
lalab tènging sarpa anênggih |
lalab jodhoning bapa |
lalab jaga mungsuh |
lan lalab ingkang gumanda |
lalab marga bunti kang sinjang kacakil |
lalab pakoning lurah ||

34.
Yèn binadhe wangsalannirèki |
Rara Suci kèh lalahanira |
kêcipir nutur padune |
kacang angabên dhuwung |
terong lènging sarpa puniki |
lombok jodhoning bapa |
têmu jaga mungsuh |
kêmangi lalap gumanda |
pête marga bunti jingkol kang kacakil |
cambah pakoning lurah ||

35.
Nakêr bêras sira Rara Suci |
bêras punapa kang sira êdang |
bêras agung bungah bae |
bêras kang paksi pingul |
bras pangundanging putrèstri |
bêras kang kalingsêman |
bêras sutèng ratu |
bêras tan gêlêm dinuta |
bêras angling bêras waluyaning agring |
bêras kêmbang tirisan ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (03b) Kaca 78 - 89
  • (04b) Kaca 107 - 117 >