Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 11

Kontak Admin.

email-kidemang

 (08) Kaca 274 - 287

 

( Ki Bayi Panurta gêrah mbadal saliring usada )

12

IV. Ing Wanamarta, Ki Bayi Panurta gêrah mbadal saliring usada. Ing kaênêngan Sèh Amongraga rêraosan kalihan Ni Selabrangti bab gêrahipun Ki Bayi, sampun ndungkap dumugi janjinipun lan sakalangkung ngajêng-ajêng dhatêngipun Ni Selabrangti. Lajêng sami mahawan dhatêng Wanamarta, Sèh Amongraga nguntapakên sedanipun Ki Bayi Panurta, lajêng kasusul dening sedanipun Ni Malarsih. Gègèr têtangisan, layon kalih lajêng karukti sae lan kasarèkakên ing sawingkinging masjid. Jayèngrêsmi nggêntosi kalênggahanipun Ki Bayi Panurta, kabiyantu dening Jayèngraga ingkang nyêpêng paprentahan dhusun ing sadintên-dintênipun.

1. Sasampunipun para tamu sami wangsul, Ki Bayi Panurta kambuh gêrahipun, mbadal sakathahing usada. Watawis sawulan sampun botên karsa dhahar. Bilih sare tansah gêmrêmêng botên cêtha kadosdene ngucapakên namaning putranipun Nikèn Tambangraras. Ing kaênêngan Sèh Amongraga sampun pirsa bilih Ki Bayi sampun ndungkap sedanipun lan tansah ngarsa-arsa putra putrinipun. Mila Sèh Amongraga lan Ni Selabrangti lajêng dhatêng ing Wanamarta. Sèh Amongraga nguntapakên sedanipun Ki Bayi Panurta. Sarêng Ni Malarsih mangêrtos kakungipun seda, sanalika lajêng kantaka dumugi ing sedanipun. Mila sampun ubaya bilih badhe sarêng ing sedanipun. Gègèr têtangisan, layon kalih sami karukti lan kasarèkakên ing sawingkinging masjid.


Kaca 274 - 287

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 12 - Kaca : 274

718 Dhandhanggula

8.
Jatiswara asru pikirnèki |
ingkang cahya wau sampun ilang |
guwa padhang pêtêng manèh |
yata sru manahipun |
Jatiswara limput ing ati |
dhuh katuwone ingwang |
nalanira kanyut |
karasa-rasa tan pêgat |
saya asru ragane pinrih ngêmasi |
yèn jinurung ing karsa ||

9.
Wus jinurung ing karsaning Widdhi |
Jatiswara praptèng wijil sanga |
sotya kapanggih ing rêke |
ana linggih pitêkur |
Jatiswara dèn-pitambuhi |
dening sosotya mulya |
kewran manahipun |
KI Jatiswara angucap |
ing ciptane punika osiking ati |
mèsêm sosotya mulya ||

10.
Jatiswara anggraitèng ati |
paran marma ika angucapa |
ingsun asaloka rêke |
ing jro guwa puniku |
paran baya isine ugi |
lan pira warnanira |
yèn tan wruha iku |
kudu-kudu anèng guwa |
yèn wêruha ing raga rêke puniki |
iya guwa sampurna ||

11.
Ingsun iki midêr andêr-pati |
durung wikan bakaning sarira |
sajatining jati rêke |
baka-baka puniku |
ingkang baka ta kadipundi |
ingkang baka punika |
Ki Sèh Baka iku |
sajati jatining baka |
durung jati yèn tan wruha rupanèki |
lamat dèrèng sampurna ||

12.
Anèng guwa sirnaning anêpis |
pispi ênêng ênênge kewala |
tur ta dèrèng wruh jatine |
êndi ramon(?) puniku |
ing atapa prapta sirèki |
ing êndi pispi-nèka |
ing guwa puniku |
yèn sêpi durung sampurna |
ingkang prapta yèn rame agêlis iki |
ujare kang anggula ||

13.
Pan cinatur lampahirèng nguni |
Jatiswara dènnira lalana |
adrêng ngupaya arine |
Sajati parabipun |
mangkya panggih ingkang linuri |
wus luhung salin aran |
Ragasmara masud(?) |
anyisma(?) Ni Selabrangta |
wus pamitan ingajak wangsul nagari |
angrêbat nagri Cêmpa ||

Jilid 12 - Kaca : 275

14.
Sang kalih wus biniyantu dening |
para kadang santana myang wadya |
anundhung maring ratune |
nanêka prajanipun |
ing Pratokal ingungsir bali |
asor prabawèng yuda |
asrah putrinipun |
anungkul nata taruna |
madêg aji Jatiswara turun kaki |
Ki Sajati patihnya ||

15.
Kunèng ingkang wus umadêg aji |
Jatiswara nèng nagari Cêmpa |
Prabu Satmata juluke |
Sajati patihipun |
tata-harja ingkang nagari |
adil aparamarta |
ing pamêngkunipun |
menak tyasnya wadyabala |
de winêngku ing nata adil martani |
satuhu waliolah ||

16.
Pan wus krama kakalihirèki |
kèh garwane sang nata wanudya |
ayu endah suwarnane |
kalangkung muktinipun |
anutugi mangun karêsmin |
sih lulut para garwa |
mamarune rukun |
sangking bangkiting narendra |
dènnya amèt sihira kang para sori |
wasis ulah asmara ||

17.
Kawuwusa caritaning nguni |
ing karajan nênggih Wanamarta |
dèrèng lami antarane |
wangsulira pra sunu |
Jayèngraga lan Jayèngrêsmi |
saking ing Wanantaka |
wangsulira wau |
wus wangsul ing kasunyatan |
lan kang ipe Sèh Mongraga datan lirip |
laraping rèh sopana ||

18.
Gangsal warsa raharjaning janmi |
Wanamarta tan ana kawarta |
tinunggu para gurune |
Ki Bayi Panurtèku |
sru angêmong marang ing santri |
ajrih asih sadaya |
tyasira sumungku |
marang Ki Bayi Panurta |
mung sakêdhik kang antuk buntasing ngèlmi |
wulanging para putra ||

19.
Kacarita kèh kadang kang lalis |
para tuwa titiga wus lena |
Ki Sêmbagi lan arine |
kantun gangsal kang sêpuh |
kadangira wau Ki Bayi |
mangkana kang winarna |
nênggih gêrahipun |
Kiyai Bayi Panurta |
nandhang roga madal saliring usadi |
kongsi antara lama ||

20.
Ni Malarsih sru sungkawèng galih |
mulat marang gêrahe kang raka |
dhasar wus sêpuh wancine |
tan arsa nadhah nginum |
jroning cipta ingkang pinusthi |
amung putra Ni Rara |
Tambangraras iku |
lan garwa Sèh Amongraga |
pinrih prapta saking onênging kapati |
manawi dadya tamba ||

Jilid 12 - Kaca : 276

21.
Tigang candra gêrahe Kiyai |
datan suda malah wimbuh lupa |
ngalayung lapa anggane |
pra kadang samya tugur |
sarta putra kalih nênggani |
giliran pra santana |
siyang dalunipun |
jalu èstri wus tinata |
kakancuhan dènnira sami nênggani |
titindhih para kadang ||

22.
Kang ngladèni wau (n)Jêng Kiyai |
Ni Malarsih lan mantu kalihnya |
kang tansah anèng ngarsane |
ring ratri akapiluh |
Ni Turida lan Rarasati |
ketang mirmaning nala |
marang mara-sêpuh |
mulat pucating wadana |
asru nglayung sawang kunarpa (n)Jêng Kyai |
wus dangu tan ngandika ||

23.
Nahan ingkang nandhang nawung wingit |
Kyai Bayi Panurta sakadang |
miwah pra putra mantune |
sadaya bela wuyung |
datan ana kasukan sami |
silêp sêpên asunya |
tan ana sumêngkung |
tidhêm krajan Wanamarta |
tan kapyarsa sabawa têrbang lan gênjring |
tanapi kalênèngan ||

24.
Saking dènnya bela gung wiyadi |
mring gêrahe Ki Bayi Panurta |
dadya wong sakrajan mangke |
tan ana sukèng kalbu |
darbe karya parlune siwi |
tan amawi sabawa |
amung (m)buru pêrlu |
tidhêm tanpa pamiwahan |
sinamayan kasukanira ing wuri |
kalamun wus aludhang ||

25.
Sigêg ingkang sami nawung kingkin |
wong ing krajan Wanamarta mangkya |
wau kang nèng kanêngkane |
sasana sang Mongluhung |
lawan garwa Ni Selabrangti |
ris pangandikanira |
dhuh yayi sun-dulu |
para kadang Wanamarta |
waktu mangkin sami kandhahan wiyadi |
gerahe ramanira ||

26.
Baya uwus wangkiting pinasthi |
Kyai Bayi wangsul kamulyannya |
mung yayi sira dèn-ame |
sangking onênging kalbu |
paran mangkya karsanirèki |
miwah ingkang pamawas |
apa ta wus jumbuh |
matur Nikèn Tambangraras |
datan pae lawan paduka sayêkti |
saking paningal-amba ||

Jilid 12 - Kaca : 277

27.
(n)Jêng Kiyai wus arsa mungkasi |
alam kabir ngancas ing kasidan |
mung cipta anganti mangke |
rawuh paduka tuhu |
pinrih nguntapakên ing pati |
ywa kongsi sêmang-sêmang |
pamawasing kalbu |
Sèh Amongraga ngandika |
adhuh yayi apa wus wantala yêkti |
nguntapêna (n)Jêng Rama ||

28.
Yèn kadangon satuhu kaswasih |
(ng)gènnira gung anandhang roga |
lamun wus rila sira-nggèr |
dèn-tawêkal ing kalbu |
kudangane yayah lan bibi |
maring suta wanudya |
(ng)gumatèni tuhu |
duk kalane nandhang roga |
bubuhane suta pawèstri sayêkti |
mangka walêsing trêsna ||

29.
Wruhanira têmbe iku yayi |
ibunira prasêtya nut lena |
pan wus dadi pangidhêpe |
marmanta aywa giyuh |
ing tyasira nêmbe nungkuli |
lenane yayah rena |
utamèng tumuwuh |
antuk nugrahaning Sukma |
kudangane wanudya bêkti ing laki |
muksa barêng sadina ||

30.
Duk miyarsa wau Selabrangti |
andikaning raka kang mangkana |
tumungkul nahên waspane |
ketang ing trêsnanipun |
yayah-rena ingkang langkung sih |
salami pamongira |
mring putra sang ayu |
tinurut ingkang paminta |
datan kongsi kacuwan saking panggalih |
mangkyarsa tinilara ||

31.
Sèh Mongraga angandika aris |
adhuh nyawa mugi di-santosa |
tyasira ing mêngko anggèr |
wus jamake wong iku |
urip anèng dunya puniki |
pindha mampir ing desa |
kandhêg adhudhukuh |
tan lami tinilar lunga |
wangsul marang prajanira kang sajati |
mulih mulya pinanggya ||

32.
Ya pagene sira wus udani |
purwa madya wasananing gêsang |
ing awal miwah akire |
sadaya wus sumurup |
têka (n)dadak kogêl ing galih |
dhuh yayi ramanira |
gêrahe wus dangu |
rusaking kang sarira |
baya têmah karya rusaking tyas êning |
bawur pamawasira ||

33.
Lah ta mara parêngan tutuwi |
mèt wêkasan pamarêming prana |
aywa yayi ing kasuwèn |
mamêlas raganipun |
duk miyarsa Ni Selabrangti |
gadgadeng tyas sanega |
ambirat tyas wuyung |
nulya aris aturira |
dhuh pukulun suwawi amba umiring |
sampun sandeyèng driya ||

Jilid 12 - Kaca : 278

34.
Langkung suka Mongraga nut myarsi |
ing aturing garwa wus siyaga |
tan wangwang malih nalane |
samana sigra laju |
mêsat marang Wanamartèki |
kawuwusa samana |
malêm Sukra nuju |
ing wancine bakda Ngisa |
Kyai Bayi Panurta saya ngranuhi |
kadya praptèng antaka ||

35.
Para kadang putra garwa sami |
pêpak tugur ana ing pandhapa |
ingkang cêlak nèng gubahe |
Ni Malarsih nèng ngayun |
mantu kalih ingkang ngladosi |
Rarasati Turida |
kang tansah nèng ngayun |
lan kalih putrane priya |
para ari gangsal sami ngirid rabi |
cakêt marêg ing tilam ||

36.
Jayèngraga miwah Jayèngrêsmi |
Ki Panukma Panamar Suwarja |
Wiradhustha Ki Wiryane |
kalangkung wlas andulu |
maring raka gêrahirèki |
aris dènnya atanya |
Ki Suwarja wau |
maring Ni Malarsih ika |
dhuh kakangbok pintên laminira mangkin |
gêrahira kang raka ||

37.
Ni Malarsih aris anauri |
tigang lapan yayi gêrahira |
raka-ndika prapta mangke |
wiwite gêrahipun |
Sukra Krêsna nênggih marêngi |
wêdalannira raka |
jangkêp yuswanipun |
suwidak sakawan warsa |
amung kaot kawan wulan lawan mami |
ngênèmi sawatara ||

38.
Ki Panukma anambungi angling |
ing salami gêrahe rakanta |
dhahar punapa karsane |
ingkang taksih kinayun |
Ni Malarsih nauri aris |
ing nguni dhaharira |
bubur mawi madu |
duduhing ayam kêlêman |
nging sawulan punika tan ana bukti |
amung tajin kewala ||

39.
Miwah duduh êtim dara-piyik |
ing watara samangkok sadina |
datan arsa malèh-malèh |
wedang ingkang kaunjuk |
susuh paksi sandawa ugi |
miwah kêmbang têmpayang |
kalèngkèng cinampur |
gêndhis arèn sawatara |
mung sacangkir sadintên watara apti |
liyan datan kinarsan ||

Jilid 12 - Kaca : 279

40.
Langkung ngungun Ki Panukma tuwin |
para kadang miwah para putra |
Ki Panamar muwus age |
mênggah usadanipun |
raka-ndika punapa apti |
angunjuk lolohira |
Ni Malarsih muwus |
yèn usada warni toya |
pira-pira sakêdhik ingunjuk ugi |
miwah bobok borèhan ||

41.
Nging tan ana sudaning sasakit |
lamun nendra kadi awacana |
dede dalêmingan bae |
nanging tètèh kang wuwus |
angucapkên namaning siwi |
Tambangraras winêca |
anèng ing pamuwus |
anggrantês laguning kata |
nging tan cêtha wêdaling swara kapyarsi |
gumrêmêng mulung swara ||

42.
Wau ingkang samya amiyarsi |
kadang putra mantu ipe samya |
kalangkung angrês driyane |
Ki Bayi tuhu lamun |
onêng maring suta pawèstri |
dadya sadayanira |
gya angèsthi kalbu |
pênêt anggayuh sopana |
Sèh Mongraga kalawan Ni Selabrangti |
ingkang ciniptèng driya ||

43.
Sruning mupit suhuling tyas dadi |
ginêlêng mêsu ing pangèsthinira |
samana madya ratrine |
kawistara kang rawuh |
Ki Sèh Amongraga lan swami |
ririh auluk-salam |
wus lênggah nèng ngayun |
Tambangraras jajar lawan |
ingkang ibu kagyat putranira prapti |
mèh supe anyabawa ||

44.
Kadya anjrit sakala duk mèksi |
marang putranira Tambangraras |
manguswa pada ramane |
adrês dera kapiluh |
dangu dènnya nungkêmi sikil |
Sèh Mongraga sandhingnya |
nguswa astanipun |
sadaya mingsêr lênggahnya |
sasalaman warata aganti-ganti |
pra ari nguswa asta ||

45.
Tambangraras mingsêr dènnya linggih |
maksih waspa nyêlaki ibunya |
nulya anukup sukune |
mangèstu padanipun |
drêsing waspa kongsi ngêbêsi |
mangkana Sèh Mongraga |
ririh dènnya muwus |
dhuh bibi miwah pra paman |
yayi karo praptaningwang gung wiyadi |
dadya wêkasanira ||

46.
Ywa sungkawa sadaya puniki |
titah namung nut karsaning Sukma |
ri ratri kèntir iline |
lir sarah munggèng ranu |
kombak-kombul alun jaladri |
ana wêkasanira |
pangrurahing layu |
ambirat ingkang busana |
gagayuhan jasat saking Maha Suci |
wus pantog karyanira ||

Jilid 12 - Kaca : 280

47.
Nulya wangsul marang Maha Suci |
karsaning Hyang sumewa ing dhampar |
tansèng ngarsa pangadhêpe |
kamulyan kang pinangguh |
marma ugi dèn-rila sami |
kamulyaning (n)Jêng Rama |
ing mangke wus bastu |
praptèng jangjine tumitah |
datan kurang datan luwih (ng)gwan dumadi |
mangsane tilar raga ||

48.
Angèn-angèn ginèndholan sami |
karya sêmang samaring wardaya |
yêkti tan nana bêcike |
ingkang arsa amurut |
lir kacancang sukunya kalih |
kang tinilar sadaya |
karantaning kalbu |
karya pêtênging paningal |
raga lupa karasa sadaya sakit |
luhung sami lilakna ||

49.
Sa-antara sawusira angling |
Sèh Mongraga nyêlak ingkang rama |
ana ing kering prênahe |
lênggah nèng salunipun |
ingkang asta dipun-cêpêngi |
sami kering kang asta |
anulya tumêlung |
kadya ambisiki karna |
ingkang kering saksana wau Ki Bayi |
asêgu babar layar ||

50.
Nulya dhikir nut lêbu lan mijil |
uswanira lir èngêt sakala |
dhela-dhela ing èngête |
nanging katungka laju |
pangikise marang kajatin |
pangrasanira lir nendra |
wisata ngalangut |
ngingiring Sèh Amongraga |
alalana ananira jaman akir |
lêyêp laraping angga ||

51.
Sa-antara kumêclaping jisim |
wus palastra Ki Bayi Panurta |
wadana katon cahyane |
sumilak asumunu |
prabanira langkung nêlahi |
mubal arum suganda |
jro wisma amarbuk |
miwah padhang tarawangan |
lir kênyaring sasangka purnama siddhi |
sadaya kêkês ing tyas ||

52.
Sèh Mongraga dèrèng angingkiti |
anèng keringira kang palastra |
nulya anata astane |
sidhakêp kalihipun |
ingkang kanan nèng pulung-galih |
asta kiwa tumumpang |
tumindhih puniku |
kadya sidhakêping salat |
kaotira ing kanan dipun-tindhihi |
dening kering kang asta ||

Jilid 12 - Kaca : 281

53.
Liyêpira kang netra nyarêngi |
lawan tutuk ingkême samada |
wus rapêt kêjêpe |
padanira anjujur |
palandhungan datan jinêpit |
tumumpang ing wêntisnya |
adhêkêt ing suku |
jêjêg ujure kang sawa |
mujur ngalèr wiwit gêrahnya Kiyai |
Panurta wus lêgawa ||

54.
Madya ratri sedane (n)Jêng Kyai |
wus tetela (n)tuk nugrahèng Sukma |
katon ana prabawane |
ngalamat dadinipun |
ingkang laku kasidan jati |
lêgawa paramarta |
sasama sih lulut |
patitis praptèng wêkasan |
Kyai Bayi nugrahane dunya akir |
datan kuciwèng patrap ||

55.
Lêgèh lêga sèlèhing kang jisim |
suka rêna lir mèsêm kang nitya |
amung kadi sare bae |
mangkana kang nèng ngayun |
para kadang tanapi siwi |
tyasira lir sinêndhal |
marêgêl kang êluh |
kawuwusa garwanira |
Ni Malarsih kang nèng cakêtira linggih |
lan Nikèn Tambangraras ||

56.
Anggraita yèn raka wus lalis |
putêking tyas kapêtêking driya |
kabyatan nandhang wirage |
ketang ing trêsnanipun |
tuhu sêtya bêkti ing laki |
Ni Malarsih salama |
mring raka mituhu |
anut saliring rèh priya |
tan kumêdhap anyipta sarênga lalis |
pinêntog jro wardaya ||

57.
Nglêsing nala sumusup kalalin |
liyêp lêpas angganya marlupa |
kadya linolos ngalèlèh |
ngalumpruk kadya kapuk |
pêgat-pêgat uswanirèki |
kalaratirèng Sukma |
sumalah aluyut |
wus murcitèng kaênêngan |
Tambangraras waspada gita nadhahi |
saking pungkur sinundhang ||

58.
Kadya sèndhèn isthanira linggih |
suku kalih salonjor ngarêncal |
gugup kakalih mantune |
parêng dènnira nubruk |
Ni Turida lan Rarasati |
anyêpêng sukunira |
kakalih pinangku |
mangkana Malarsih nulya |
mancal sigra saking dunya têmah lalis |
layap lyêping netra ||

59.
Wus tetela Ni Malarsih mangkin |
lena labuh sarêng lakinira |
sadaya langkung gidhuhe |
Sèh Mongraga lon muwus |
para paman miwah para ri |
aywa guguping tindak |
iku tan pakantuk |
mapan wus pasthine samya |
pedah paran tandangira briga-brigi |
dipun-sarèh kewala ||

Jilid 12 - Kaca : 282

60.
Wus tetela rama miwah bibi |
samya tilar maring sagung putra |
tanapi ing kadunyane |
eklasing (ng)galih luhung |
paran malih dipun-ulari |
lêhêng sami (ng)galiha |
pangruktinya wau |
papan pasucianira |
ingsun pasrah marang sira yayi kalih |
ruktine samudaya ||

61.
Jayèngraga miwah Jayèngrêsmi |
mapanakên layone bu-nira |
wus jinèjèr anèng bale |
tinata ujuripun |
tinuguran kang para ari |
Basarodin samana |
nèng (n)jaba angrungu |
sabawa udrêging wisma |
paksa malbu marang wisma duk ningali |
layon maksih jinajar ||

62.
Anggraita kalamun Ki Bayi |
miwah garwa wus sarêng pralaya |
mangkya jinajar sawane |
saksana Ki Pangulu |
Basarodin anggro tan wigih |
andheprok anèng jogan |
panangise asru |
Sèh Mongraga lawan garwa |
sigra nilap marang panêpèn ing wuri |
mangkana kang tinilar ||

63.
Wus tan nana ingkang dèn-sigêni |
lir ambêdhah kang tirta bêbêgan |
parêng karuna kabèhe |
mangkana kang rumungu |
para kadang santana sami |
kang tugur nèng pandhapa |
gumrudug lumêbu |
mring wisma bela karuna |
mulat ingkang layon karo dèn-tutupi |
sasambat ngaru-ara ||

64.
Jalu èstri sadaya wus prapti |
giyuh umyung swaraning karuna |
lir gêrah jro padalême |
wus tan kêna binêndung |
baya iku rêngganing lalis |
sêdhêpe tinangisan |
lêganirèng kalbu |
pakurmate wong pralaya |
satêmêne iku malah amêtêngi |
margane anèng makam ||

65.
Lamun nora akèh kang nangisi |
anglairkên gêtuning wardaya |
kagugah mring sungkawane |
wau ta sang Mongluhung |
nabda maring paman myang ari |
dhuh aywa tinangisan |
kang murwèng (n)don luhung |
luhung nuli angruktiya |
-ing pasucèn aywa kadawa anangis |
gadgada kang liningan ||

Jilid 12 - Kaca : 283

66.
Kèndêl dènnya sami anangisi |
gya rumagang pra kadang lan putra |
Mongraga wus wangsul age |
marang panêpènipun |
lawan garwa Ni Selabrangti |
samya tangat palilah |
sakalih wus junun |
ananêdha ing Hyang Sukma |
sampurnaning ibu rama ingkang lalis |
sinunga marga padhang ||

67.
Lawan lêga jêmbaring pangaksi |
dipun-eklas saciptaning driya |
ruwat sagung kasmalane |
cedanira ing kalbu |
sinukcèkna ing dunya iki |
ywa kongsi karahatan |
lêkêting kalulun |
kawuwusa pra santana |
miwah putra rumagang ing kardi |
sami mijil ing (n)jaba ||

719 Mijil

1.
Ni Turida miwah Rarasati |
gung sungkawèng batos |
lawan sagung santana èstrine |
nambut-karya sarwi dènnya nangis |
kang waspa drês mijil |
tarlèn sênggruk-sênggruk ||

2.
Wênèh ana ingkang niba tangi |
tangise (ng)galolo |
kalèsèdan kêkitrang tangise |
gugulungan galungsar anangis |
ana ringik-ringik |
kang ngiyêng angguguk ||

3.
Langkung ramya swaranirèng tangis |
sasolahe kang wong |
santri Luci anabuh gêndhonge |
têtêg kaping tiga kang tinitir |
sung pratandha maring |
sagung santrinipun ||

4.
Lamun ana karya kang wigati |
kapyarsèng sagung wong |
gora andhar ngumandhang swarane |
langkung gugup kang sami miyarsi |
gupuh amiranti |
nungsung wartanipun ||

5.
Wus anduga lamun Kyai Bayi |
praptanirèng layon |
nging tan nyana yèn sarêng Nyaine |
Ni Malarsih ingkang bela lalis |
marma sagung santri |
duk myarsa sru ngungun ||

6.
Sami (n)jêtung gumunne tan sipi |
dadya dhêlog-dhêlog |
wênèh ana kang asru tangise |
ana ingkang mung (m)barêbês-mili |
gêdrug-gêdrug siti |
kèkèrog ambêkuh ||

Jilid 12 - Kaca : 284

7.
Ketang sami sih trêsanirèki |
(n)Jêng Kyai kang layon |
mari-mirma dahat pangêmonge |
maring para santri sadayèki |
santri jalu èstri |
tan wingang gêgêtun ||

8.
Dèrèng wontên ingkang nambut-kardi |
saking anggung lamong |
gya katungka ing têtêg unine |
bêdhug masjid awal Subuh prapti |
nulya Subuh sami |
maring masjid agung ||

9.
Mung amiji santri gangsal siki |
ingkang nêngga layon |
ngadhêp dupa kumêndhêng kukuse |
mênyan madu cêndhana têgari |
kayu garu minging |
andêdêl ing kukus ||

10.
Among pinèt parluning ngabêkti |
rinancang kang Suboh |
nulya wangsul sadaya ge-yage |
byar raina marbangbang purwa brit |
kumênyar kaèksi |
nèng pucuking gunung ||

11.
Bang-bang wetan sagung para santri |
dinum karyaning wong |
santri Luci lan karèrèhane |
mèt piranti kinarya nucèni |
kapat jêmbanganing |
ingisènan ranu ||

12.
Sabawaning wong kang nambut-kardi |
jalu miwah wadon |
tanpa ngucap ambêbêg waspane |
silêp sêpi swaraning kang paksi |
tan nana kang muni |
kadya bela giyuh ||

13.
Nèng wit-witan maksih samya mlangkring |
lir ngungun tumonton |
kwèh kukila angênês isthane |
ambêdhodhog sinambi salisik |
tan ngupaya bukti |
andulu pijêtung ||

14.
Anggarjita sagung para paksi |
mulat mring sagung wong |
ana paran iki ta wong akèh |
maksih enjang samya nambutkardi |
sinambi anangis |
tan nana amuwus ||

15.
Baya Kyai Bayi angêmasi |
marmane sagung wong |
gung karuna iku saparanne |
sruning trêsna marang (n)Jêng Kiyai |
dènnira ngayomi |
marang santrinipun ||

16.
Barubahing Wanamarta dèsi |
tyasira sagung wong |
kadi datan antuk sasulihe |
locitaning sagung para paksi |
gya mêsat anêbih |
ring pasabinanipun ||

17.
Basarodin lawan katib kalih |
anambut lalawon |
ulêsira kang layon kalihe |
tundha sapta lawon sami putih |
wau kang parèstri |
sêkar kang sinambut ||

Jilid 12 - Kaca : 285

18.
Gugubahan myang sêkar kang sari |
mlathi lan argulo |
rarajangan kang pandhan wangine |
kang kinarya isi lir tilamrik |
kara-ulu guling |
miwah isi kasur ||

19.
Tan antara dangu wus miranti |
pasucèning layon |
kalih prangkat sanega prantine |
nèng kumbaya bokor slaka sami |
landha mêrang tuwin |
toya sêkaripun ||

20.
Kokosokan ingkang warni-warni |
ron dalima kang nom |
ron widara kumuning samane |
tirta tawa nèng kalênthing kalih |
minangka ngêdusi |
siki sowangipun ||

21.
Dhingklik panjang kang cakêt rinakit |
sinandhing nèng kono |
pan kinarya kadang linggihane |
kang amangku jisime sinuci |
wus pinatah sami |
jalu èstrinipun ||

22.
Jisim jalu ingkang ngupakardi |
kadang priya kang wong |
jisim èstri kang angrukti kabèh |
para kadang pawèstri wus prapti |
sangkêp amiranti |
samana gya rawuh ||

23.
Sèh Mongraga lawan ingkang swami |
sing panêpèn kulon |
njênêngi yèku panyucinè |
rama ibu kang tinuting pangling |
sakèh kadang sami |
nut parentahipun ||

24.
Nulya dhawuh Ki Sèh Amongragi |
marang ari karo |
adhuh yayi punapi prantine |
wus sanega kang kinarya suci |
prayoga tumuli |
sinucèna iku ||

25.
Tur sandika ingkang rayi kalih |
Jayèngrêsmi manggon |
angling marang lilima pamanne |
lah suwawi paman malbèng panti |
angangkat Kiyai |
rakanta karuhun ||

26.
Ari gangsal ngangkat (n)Jêng Kiyai |
Panukma nèng kulon |
gya Panamar nèng têpak ênggone |
Ki Suwarja nèng lambung jinagi |
Wiradhustha wêntis |
Kulawirya suku ||

27.
Tan nyabawa kaangkat tumuli |
wau ingkang layon |
wusnya prapta nênggih ing unggyanne |
pasiraman kang ngangkat gya linggih |
ajajar nèng dhingklik |
kang sawa pinangku ||

Jilid 12 - Kaca : 286

28.
Ngungkang jêngku tumumpang nèng wêntis |
ri gangsal kang caos |
putra kalih anyirami age |
Sèh Mongraga ingkang anuruhi |
sing ulon lêstari |
tumurun mring suku ||

29.
Wali-wali dènnya anuruhi |
nèng gayungira lon |
Jayèngrêsmi lan Jayèngragane |
kang ngosoki toya warni-warni |
ron dalima tuwin |
widara ronnipun ||

30.
Lan kumuning sêkar toya wangi |
warata kinosok |
wus barêsih ing angga ujure |
nulya Ki Sèh Mongraga muloni |
kusuk lapal sukri |
wului Allahu ||

31.
Hu-akbaru mawantu kang warih |
sing ulon kinocor |
bibilasing tirta suci mangke |
pinasatan lawan lawon putih |
gya ingangkat sami |
ring pulunanipun ||

32.
Wong pipitu sutane pra ari |
ngangkat ingkang layon |
sinalahkên anèng busanane |
pasrah marang Kiyai Basarodin |
kang arsa ngulêsi |
lawon tundha pitu ||

33.
Gya sinumpêt sadaya lèng sami |
lawan kapuk mawor |
bubukaning candhana kayuning |
gya binungkus wastra seta nuli |
pipitu malipit |
tinalèn pipitu ||

34.
Jroning wastra tutup muka tuwin |
tutup jaja karo |
kang tinulis ing Arab sastrane |
wus tarêtib sinêbaran sari |
samana gya ganti |
nênggih layonipun ||

35.
Ni Malarsih ingangkat pra èstri |
pipitu pra wadon |
prapta prênah pinangku layone |
paripeyan gangsal kang parèstri |
siniraman nuli |
mawarna kang ranu ||

36.
Mujur ngetan sumalah ing jisim |
kapat para wadon |
mantu kalih wimbuh ing kadange |
anggosok warata kang jisim |
tiga kang nuruhi |
kongsi sucinipun ||

37.
Nyi Pangulu Basaruddin nuli |
muloni kang layon |
wusnya suci gya ingangkat age |
wong pipitu sadaya pawèstri |
miwah (m)busanani |
kalih Nyi Pangulu ||

38.
Layon kalih sampun sami suci |
pinasang amanggon |
krêndha-sawa rinêngga kalihe |
lurup sutra wastra seta adi |
rinacut malathi |
ginubah sadarum ||

Jilid 12 - Kaca : 287

39.
Sèh Mongraga nulya anyalati |
wau ingkang layon |
para paman lan ipe makmume |
samya kadas sadaya miranti |
nèng wetaning jisim |
madhêp keblatipun ||

40.
Anèng ulon prênah angimami |
sipat pundhak layon |
jèjèr kering kang makmum unggyanne |
ngangkat niyat imamnya rumiyin |
usali-ngaladli |
mayiti arbangu ||

41.
Takbiratin lilahi tangali |
allohu-akbar lon |
gya Patekah binatin sarênge |
kaping kalih takbirira sami |
salawat (n)Jêng Nabi |
nulya takbir têlu ||

42.
Salalahu ngalahi-salami |
takbir salam mengo |
ngiwa nêngên pan maksih adêge |
gya dinongan sadaya ngamini |
paragat salati |
nulya sami mundur ||

43.
Nulya pamit wau Sèh Mongragi |
lan garwa sang sinom |
ningit maring pasonyan dununge |
wus salaman sadaya pra ari |
pra paman anuli |
wus nilap asamun ||

44.
Ki Pangulu nulya ngatag aglis |
arsa salat gupoh |
Ki Panukma aris ing wuwuse |
kang Pangulu yogyane puniki |
salat janajahi |
mangke bibaripun ||

45.
Ing jam'ah kewala nèng masjid |
sagunging ponang wong |
sasarêngan nênggih nyalatake |
wus sarujuk sadaya suwawi |
kalawan wus mranti |
gya ingangkat gupuh ||

46.
Para kadang santana (n)Jêng Kyai |
Wanamarta kang wong |
kakêrigan umiringa kabèh |
layonira Ki Bayi nèng ngarsi |
ing wurine Nyai |
karo layon laju ||

47.
Gumarumung sadaya kang ngiring |
salawatan alon |
dhidhikiran samargi lampahe |
wus sadhiya kaluwatnya kalih |
nèng wurining masjid |
prênah kidulipun ||

48.
Lawan ingkang pangimamanèki |
jinajar kang manggon |
mujur ngalèr wau sakaliye |
angulonkèn pangimaman sami |
kang kulon Ki Bayi |
wus sami kinubur ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (07) Kaca 264 - 273
  • (09) Kaca 288 - 292 >