| Babad Tanah Jawi - |
ara Gouverneur Generaal kang wis wis racaké padha ngemong semu ngempèk ngempèk marang para ratu bangsa Pribumi, supaya aja diéwuh éwuhi enggoné laku dagang, karo manèh ing sabisa bisa padha nyingkiri perang; nanging yèn Daendels ora, awit pancèn watak keras lan kurang duga duga ingatasé karo ratu.Tindaké Daendels kang mangkono iku ndadèkaké kurang senengé para ratu marang Kangjeng Gupermen. Ora antara lawas GG. Daendels banjur congkrah karo Sultan ing Banten, prakara enggoné gawé dalan gedhé lan pelabuhan ing sunglob Meewenbaai. Sultan Banten wus mituruti pamundhuté GG. Daendels, ngladèkaké kuli gugur gunung kèhé 1.500 nggarap pelabuhan, nanging padha mati kabèh, jalaran kajaba pegawéyané rekasa, hawané ing kono pancèn ala banget. Karsané Sultan Banten wis aja njaluki manèh, nanging Daendels meksa isih njaluk bau kuli 1.000 ing sadinané. Kangjeng Sultan ora mituruti. Kyai Patih didakwa ngojok ojoki Sri Sultan supaya mbangkanga mangéran Paréntah Gupermen, mulané dijaluk menyang Betawi arep diadili GG. Daendeles. Wong Banten nepsu banget oleh dhawuh saka Daendels mengkono mau. Commandant Du Puy, yaiku utusan kang ndhawuhaké timbalané Daendels menyang Banten mau dirampok ing akèh, tumeka ing pati. Bareng Daendels mireng banjur nyalirani tindak menyang Banten mbekta prajurit 1.000. Kutha Banten digempur, kratoné dijarah rayah. Kyai Patih kapikut banjur didrèl. Sultan Banten dikéndhang menyang Ambon. Esuké kaondhangaké yèn karajan Banten wis dadi darbèké Gupermen, mung kang sapérangan digadhuhaké marang sang Adipati Anom, diangkat sebutan Sultan. Nalika Daendels dadi Gouverneur Generaal anyar anyaran ing Cirebon mentas éra éru, malah nganti dirawuhi Daendels iya durung sirep babar pisan. Saka panggalihé Daendels, ing Cirebon ora bisa tentrem yèn durung dicekel ing Gupermen, wasana banjur katentokaké baé yèn Cirebon dadi tanah Gupermen. Jajahan Cirebon kidul, Limbangan (Sukapura, Galuh) dirèh ing résidhènt. Jajahan Cirebon lor (parésidhènan Cirebon saiki) kagadhuhaké marang Sultan telu, kang kuwasané mung kaya panguwasané punggawa. Wong cilik kapasthèkaké enggoné ngladèkaké wulu wetu marang Kangjeng Gupermen. Kajaba iku kono uga banjur kadhawuhaké nandur kopi. Ora lawas Sultan kang sepuh katon arep mbangkang, iku banjur terus dicopot baé marang Dendels. Sarèhné Compagnie nyingkiri prakara kang magepokan karo pangrèh Ngayogyakarta lan Surakarta, dadi para résidhènt ngemong lan nglumuhi banget, yèn sowan menyang kraton iya manut apa tata carané kono. Bareng jamané Daendels ana dhawuh pangkat résidhènt ing Surakarta lan Ngayogyakarta diganti sesebutan minister, lan ana ing kono dadi sulihing Gupermen, wis ora wajib nganggo tata krama kaya uwis uwis tumraping para ratu. Mulané Daendels dhawuh kang mangkono, awit para ratu Jawa padha ngesoraké banget marang résidhènt, mangka pamanggihe Daendels ratu Jawa kudu ngretos yèn ratu Walanda lan Gupermen iku kuwasa, pantes diajènana, sesulihe ora kena disoraké (tahun 1808). Ora lawas Sultan Ngayogyakarta lan Surakarta padha derdah perkara watesing negara. Sultan Ngayogyakarta rada mempeng, nganti ngundhaki kèhing wadya bala. Daendels rada sumelang yèn prakara iku nganakaké bebaya gedhé. Wuwuh wuwuh Sultan Ngayogyakarta kagungan karsa mundhut kalenggahané Pangéran Adipati Anom, bakal diparingaké marang putra mantu. Daendels nuli menyang Ngayogyakarta mbekta prajurit sagelar sapapan. Kangjeng Sultan Hamengku Buwana II dilèrèhi, Sang Adipati Anom dijumenengaké ratu, apangkat Pangéran Raja (prins Regent). Saka panuwune Sang Pangéran, kang rama isih lestari ana ing kedhaton, sesebutan Sultan Sepuh. Sawusé iku Daendels nganakaké Commisie, kang dipatah netepaké watesing karajan Ngayogyakarta lan Surakarta. Wasana sawènèhing jajahan ana kang didadèkaké tanah Gupermen. Awit saka kaya kang kacritakaké ing dhuwur iku kabèh, terang banget yèn pangrèhé GG. Daendels ngentèkaké dhuwit, mangka tanah Indhiya ora bisa oleh pitulungan saka nagara Walanda., malah Paréntah Walanda kekurangan Dhuwit dhéwé. Wasana rekané GG. Daendels murih bisané oleh dhuwit, ngedol tanah Gupermen marang wong partikelir. Nganti tumekané saiki isih ana tanah partikelir kang durung ditebusi. Réka liyané manèh: a. meksa wong partikelir dikon ngutangi dhuwit, b. majegaké dagangan candu, c. nganakaké monopolie beras. Miturut anané pranatan monopolie iku, saanané beras kudu mbathèni. Lan manèh GG. Daendels nganakaké dhuwit kertas, mangka Gupermen ora duwè tanggungan sing kanggo nebusi. Mesthi baé ajiné dhuwit kertas iku ana ing pedagangan suda banget. Ewa déné Gupermen anggoné ambebayari iya nganggo dhuwit kertas mau diturutaké apa anané baé. GG. Daendels ora pati merlokaké marang pulo pulo liyané sajabaning Tanah Jawa. Mulané ing sajroné jaman perang Napoleon, akèh jajahan kang direbut ing Inggris. Pangrèhé Daendels kaya kang kacetha ing ngarep mau mesthi iya akèh paédahé, mung baé kekerasen tindaké marang punggawa, wasana ing tahun 1811 Daendels bali menyang negara Walanda digentèni Janssens. Janssens mau satemené mung kepeksa enggoné gelem dadi Gouverneur Generaal, jalaran tanah Indhiya kekurangan dhuwit lan para ratu bangsa Pribumi isih padha muring marang Gupermen, marga saka tindaké Daendels. Ora antara suwé Betawi ketekan mungsuh wong Inggris; kang nyénapatèni Lord Minto Gouverneur Generaal ing Indhu. Wong Walanda karoban lawan, Janssens keplayu menyang Semarang. Para ratu Jawa dijaluki bantu, nanging prajurit saka kejawan ora kena diendelaké ing gawé, malah Sultan Ngayogyakarta mbalik ngiloni Inggris. Wasana ing Tuntang kepeksa nungkul kanthi prajangjian tahun 1811. 1. Satanah Jawa dadi duwèké wong Inggris, 2. Sakabèhing prajurit dianggep tawanan, 3. Wong Inggris ora gelem ngakoni utangé Paréntah ing Betawi, ing sajroning tanah Walanda dadi golonganing Frankrijk. 4. Sakèhing punggawa kang gelem ngèngèr marang OIC. Inggris, dilestarèkaké ing kalungguhané. Sarampungé prajangjian Tanah Jawa dadi jajahané Oost Indische Compagnie Inggris. |
ara Gouverneur Generaal kang wis wis racaké padha ngemong semu ngempèk ngempèk marang para ratu bangsa Pribumi, supaya aja diéwuh éwuhi enggoné laku dagang, karo manèh ing sabisa bisa padha nyingkiri perang; nanging yèn Daendels ora, awit pancèn watak keras lan kurang duga duga ingatasé karo ratu.



























