Pranåtå Cårå - ᭙

09. Tatacara Medhar Pangandikan Wonten
Sangajenging Para Pejabat Lan Piyantun
Ingkang Nggadhahi Palungguhan

iyantun ingkang anggadhahi palungguhan lan pejabat beda sanget kaliyan tiyang awam ingkang taksih andhap pangertosanipun.
Pramila menawi kita medhar pangandikan wonten ing sangajenging para pejabat kedah kita bentenaken kaliyan tata krama medhar pangandikan wonten sangajengipun tiyang awam (ingkang taksih andhap pangertosan pendhidhikanipun).
Bab-bab ingkang kedah kita gatosaken menawi medhar pangandikan wonten sangajenging para pejabat utawi piyantun ingkang nggadhahi palenggahan kedah nggatosaken dhumateng:
1. Kita utamekaken ngagem busana ingkang sopan, sampun ngantos
    ngagem busana ingkang sakwontenipun.
    Enget kita kedah angurmati dhumateng pribadi kita piyambak lan
    angurmati dhumateng para pamyarsa para pejabat utawi ingkang
    nggadhahi palenggahan, sanget angaosi pepanggihan ingkang sipatipun
    resmi.
    Semanten ugi busana inggih kedah ingkang resmi lan sopan.
2. Basa (Bahasa) ingkang kita ginakaken prayogi angginakaken Basa
    Indonesia / Jawi ingkang sae lan leres.
    Pangandikan ingkang sopan lan urut runtut.
    Prayogi kita selingi kaliyan tembung tembung ilmiah, crita-crita
    ngengingi pangertosan manca negari lan sanesipun.
    Enget sampun ngaturaken guyonan ingkang kirang bobotipun.
    Nanging wedharing pangandikan kathah ngaturaken pesen lan saran.
    Guyonan ingkang wonten bobotipun lan sampun ngantos kekathahen.
3. Isining pangandikan utawi bahan ingkang kita aturaken salebeting
    medhar pangandikan leres - leres dipun samektakaken kanthi sae.
    Isining pangandikan kedah kita jumbuhaken kaliyan palenggahan kita
    ing wekdal maraga wonten ing tata adicara sanesipun. Upaminipun
    tata adicara pembikaan Rapat ing Kecamatan lan kita ingkang kapatah
    minangka Panatacara (MC).
    Jumeneng wonten sangajenging podium utawi mimbar kanthi sopan.  
    Sampun ngantos kekathahen slaga, satemah badhe dipun gegujeng
    dening para pamyarsa, menawi kita (over akting).


Kapethik saking : Tuladha Panatacara Lan Tanggap Wacana Basa Jawi,
Karakit dening : Purwadi

 kds penutup
wangsul-manginggil

Игровой автомат Exposure Blackjackинтернет магазин кухонной утварименю никас

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

    Jumlah Pengunjung

1105555
  Hari ini     :  Hari ini :1675
  Kemarin     :  Kemarin :2309
  Minggu ini   :  Minggu ini :3895
  Bulan ini   :  Bulan ini :57830
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6906
Online : 33

Kontak Admin.

email-kidemang