12. Medhar Pangandikan Wonten Sangangajenging Para Ibu - Ibu
edhar pangandikan wonten sangajenging ibu - ibu utawi saperangan ingkang rawuh punika kaum wanita, mila kedahipun kita ngatos - atos salebeting ngaturaken wedharing pangandikan. Langkung ingkang medhar pangandikan punika satunggaling priya. Sabab, manahipun Wanita / Ibu - ibu sanget landhep raos pangraosipun, gampil kecocok manahipun lan sanesipun. Pramila kedah nggatosaken dhumateng bab - bab: 1. Kautamekaken supados medhar pangandikan mboten ngengingi raosipun tiyang sanes. Medhar pangandikan ingkang cetha lan sampun ngantos ngginakaken basa ingkang ngandhut kathah pitakenan. Basa ingkang kaginakaken kedahipun basa ingkang sae lan sopan. 2. Busana ingkang sopan. Sabab satunggaling piyantun putri mboten badhe kasengsem miyarsakaken wedharing pangandikan kita, menawi kita ngagem busana ingkang namung punapa wontenipun lan boten rapi. 3. Kangge ngisi supados swasana mboten katingal nggekeng saged kaselingan guyonan. Nanging ingkang kedah kita gatosaken inggih punika sampun ngantos pisan - pisan ngaturaken guyonan ingkang mboten sae. Satunggaling wanita sanget mboten remen pangandikan ingkang langkung kathah lan nyrempet babagan seks utawi bab ingkang lebet tumrap pribadining wanita. Tuladha - tuladha ingkang kita aturaken wonten ing medhar pangandikan prayogi wonten ing lingkup sakubenging jagading wanita. Sampun ngantos ngunggulaken kaum pria, nanging salebeting medhar pangandikan wonten sangajenging para wanita punika kedah ngunggulaken darajating wanita.
Kapethik saking : Tuladha Panatacara Lan Tanggap Wacana Basa Jawi, Karakit dening : Purwadi