14. Warni Warnining Medhar Pangandikan
|
entuk utawi maneka warnining medhar pangandikan punika wonten pinten - pinten bab. Ing antawisipun inggih punika medhar pangandikan kanthi langsung utawi medhar pangandikan kanthi bebas, salajengipun wonten ugi medhar pangandikan ingkang kawengku dening teks, sahengga mboten pikantuk mlenceng saking teks. Lan wonten ugi medhar pangandikan kanthi langsung, ugi wonten medhar pangandikan ingkang kanthi cara ngapalaken langkung rumiyin, lan ugi wonten medhar pangandikan ingkang asipat negesaken saking wedharan ingkang kacathet garis agengipun kemawon. Prayogi pinten - pinten warni medhar pangandikan kasebut badhe kita onceki, kados ing andharan ngandhap punika.
a. Medhar Pangandikan kanthi bebas. Medhar pangandikan ingkang mboten ngginakaken teks babar pisan. Sipating medhar pangandikan punika saged biasa, amargi namung ngaturaken atur panuwun lan nyuwun pangapunten dhumateng para pamyarsa / para rawuh. Upaminipun wonten ing tatacara pahargyan temanten, wakil saking ingkang mengku gati amedhar pangandikan, ngaturaken panuwun kerawuhanipun para tamu lan nyuwun pangapunten awit ingkang mengku gati mboten saged ngaturaken papan palenggahan ingkang trep lan jumbuh kaliyan palungguhanipun para tamu sowang - sowang. Medhar pangandikan punika sipatipun biasa saengga dipun wastani medhar pangandikan bebas. b. Medhar Pangandikan ingkang ngginakaken teks / kawengku. Medhar pangandikan punika mboten bebas utawi medhar pangandikan ingkang winengku, awit punapa ingkang kita aturaken wonten sangajenging para rawuh winates ingkang wonten salebeting teks. Teks utawi naskah pamedhar pangandikan saderengipun sampun kasusun / karakit kanthi rapi, sae lan leres, upaminipun wonten ing tata adicara resmi. Tuladhanipun medhar pangandikanipun Presiden, medhar pangandikanipun Gubernur, medhar pangandikan laporan tanggung jawab, ingkang kapratelakaken kades dhumateng anggota/warga LKMD lan sanes-sanesipun. Menawi kita medhar pangandikan angginakaken teks, nanging sampun ngantos pisan - pisan kita angenggokaken pangandikan kita, kanthi angginakaken teks kasebat ngantos purna. Sampun ngantos dipun tambah lan dipun kurangi, supados saget ngaturaken kanthi lancar mila tebih saderengipun kedah kita sinau / kagladhi caranipun ngucapaken, kagatosna titik lan koma sarta tandha maos sanesipun ingkang wonten ing salebeting teks kasebat. c. Medhar Pangandikan kanthi dadakan. Medhar pangandikan kanthi dadakan ingkang langsung tanpa dipun rancang saderengipun / spontan, bab punika asring dumados lan kathah ingkang kita panggihi, upaminipun nalika wonten resepsi dumadakan MC manggihi kita rikala tata adicara badhe dipun leksanakaken amung pinten dhetik malih. Kita kasuwun supados paring tanggap wacana pinangka wakilipun para tamu, lan sanes- sanesipun, menawi kita mboten kulina paring tanggap wacana utawi medhar pangandikan mila badhe kedadosan kados ingkang kasebat ing nginggil, mila temtu kita badhe adhem panas lan gumrobyos wijiling riwe. Malah-malah kita mopo lan tetep lenggah ing kursi kita, sinartan pikiran ingkang meneng, awit saking punika, kedahipun kita tekun hanggladhi ing babagan medhar pangandikan, supados ing satunggaling wedal menawi kasuwun paring tanggap wacana / medhar pangandikan kanthi dadakan, kita boten badhe nguciwani / demam panggung. d. Medhar Pangandikan kanthi apalan. Medhar pangandikan kanthi apalan inggih punika satunggaling kegiatan medhar pangandikan ingkang medharaken isi wedharing pangandikan ingkang tebih saderengipun sampun kaapalaken, piyantun ingkang medhar pangandikan kanthi cara ngapalaken punika padatan tebih saderengipun sampun ngrancang naskah / teks medhar pangandikan, salajengipun kaapalaken. Lan nalika tata adicara kawiwitan lajeng panjenenganipun medharaken satunggaling apalan ingkang sampun kagladhi, medhar pangandikan ingkang makaten asring sanget katindakaken dening para - para ingkang nedheng gladhen bab medhar pangandikan. Kirang prayoginipun medhar pangandikan punika salebeting medharaken isi utawi bahan kangge medhar pangandikan asring katindakaken kanthi. tembung - tembung cepet, lan maraga ingkang kirang menep / kirang wening malah menawi ngantos kesupen apalanipun mila badhe mandheg pedhot ing tengah kados dene boneka / pepethan ingkang ngadeg wonten sangajenging para rawuh. Malah-malah badhe dados gegujenganing para rawuh. e. Medhar Pangandikan lan ngandharaken maknaning bahan / materi. Medhar pangandikan kanthi makna punika mujudaken medhar pangandikan ingkang asring katindakaken dening piyantun ingkang lebda medhar pangandikan wonten ing sangajenging para piyantun kathah, medhar pangandikan makaten punika namung anyiagakaken pokok - pokok / garis ageng bab satunggaling masalah ingkang badhe kita wedharaken. Salajengipun saben wosing pangandikan punika mangke kita andharaken wonten ing sangajenging piyantun kathah / para tamu lan pangandikan ingkang rinengga sinartan tetuladhan lan guyonan, kangge ingkang sampun kulina, mila gangsal pokok pangandikan kemawon badhe saged kaandharaken lan kathah bumbunipun ngantos pinten - pinten jam dangunipun. Dados kathah para lebda medhar pangandikan namung nyerat bab ingkang penting wonten sanginggiling dalancang kanthi urut runtut salajengipun dipun tegesi / kajarwakaken piyambak nalika sampun medhar pangandikan wonten sangajenging para rawuh / para tamu. Kita ugi badhe wikan maraga medhar pangandikan ingkang makaten punika, kanthi cathetan manawi kita asring gegladhen lan marsudi, tartamtu mbetahaken tebaning pangertosan ingkang wiyar, sahengga pangandikan kita mboten badhe pedhot wonten ing tengah - tengah. Lan satunggal bab malih ingkang mboten kita tilaraken inggih punika tujuan medhar pangandikan sak jenis punika, nun inggih supados para pamyarsa kapilut murih saged nampi punapa ingkang sampun kita wedharaken dhateng para pamyarsa.
Kapethik saking : Tuladha Panatacara Lan Tanggap Wacana Basa Jawi, Karakit dening : Purwadi |