Puspåwarnå - ᭙

24. Payúng Hukúm Båså Jåwå, Åpå wis prêlu?

Pangandikané Pak Gub bênêr alias ora klèru.
Isih ånå bab sing prêlu ditliti lan di-analisis kanthi prêmati.
Prêlu lan orané Pêraturan Daérah ngênani båså Jåwå pancèn gumantúng masyarakat lan pamaréntah.
Gumantúng karo institusi èksêkutif, lêmbaga législatif, lan masyarakat.
Brayan, komité, partai, paguyuban, patêmbayan lan liyå-liyané ånå ing masyarakat têbané jêmbar bangêt.
Ånå sing asipat sosial, budåyå, ékonomi, politik, hukúm lan liyå-liyané.
Kabèh brayan mau duwé wakil-wakil ånå ing DPR lan DPRD.
Lumantar manékå warnå brayan kasêbút åpå wis ånå aspirasi prêluné payúng hukúm kanggo nglêstarèkaké lan handayakaké (empowerment) båså lan sastrå Jåwå. Pitakónan sabanjuré, åpå kulåwargå lan kabèh braya(n) masyarakat isih nguri-uri båså Jåwå.
Åpå kawulå mudhå isih sênêng, nyinau, lan nggunakaké båså Jåwå?.
Ngênani bab iki, kawulå mudhå lan båså Jåwå dadi babagan pênting sing prêlu di-survey luwih dhisik.
Sawisé kabèh dingrêtèni banjúr ditimbang-timbang åpå pancèn prêlu payúng hukúm arupå Pêraturan Daérah.
Ånå ing ranah pêrundang- undangan duwé syarat sing prêlu dicukupi.
Tuladhané, manåwå arêp gawé Undang-undang sing têbané jêmbar prêlu wêwatón data sing akurat.
Data dikumpúlaké, dipilah-pilah têrús dianalisis.
Asilé rupa buku sing dijênêngi naskah akademik.
Buku sing sipaté ilmiah wêwatón data sing gayút karo kaanané båså Jåwå wêktu iki.
Maju munduré lan owah gingsiré båså Jåwå, ånå ing tangané pakar sing nggilút båså lan sastrå Jåwå.
Pårå sarjana båså lan sastrå Jåwå prêlu nliti bab iki.
Wêwatón naskah akadêmik kasêbút, tumuli dadi têtimbangan prêlu lan orané Pêraturan Daérah sing mayungi ayahan handayakaké båså Jåwå.
Lêlandhêsan karo bab iku, minångkå ayahan sêpisan, kudu ånå asil studi sing motrèt kaanan aktual båså Jåwå wêktu iki.
Åpå wis ånå asil pênêlitian ngênani bab iki?
Skripsi utåwå tésis lulusan S1 jurusan båså Jåwå ånå ing UNS, UNNES, UNY, lan liyå-liyané, akèh sing biså dadi réfêrènsi.
Pênêlitian sing komplit ugå wis ditindakaké déning Båpå Prof Dr Edi Subrótó.
Mêthik såkå buku asil studi pakar såkå UNS kasêbút pancèn wis trawåcå mênåwå kaanan båså Jåwå wêktu iki wis mlórót kualitasé.
Åpåmanèh ånå ing kuthå-kuthå gêdé. Têmbúng-têmbúng sing digunakaké campúr båså Indonesia.
Båså Jawané akèh sing wis ora têmåtå. Båså Jawané wis gadho-gadho.
Nanging ånå pakar sing ngêndika: gadho-gadho ya ora åpå-åpå.
Manåwå ‘dirasakaké' malah kêpara pêpak lan énak (?). Kaanan nggunakaké båså Jåwå ing brayan kuthå pancèn wis mlórót kualitasé.
Åpåmanèh ånå ing bêbrayan ‘Anak Baru Gêdé' (ABG). Basané wis campúr bawúr.
Mulå yå sah-sah waé mênåwå ånå usulan utåwå tulådhå ånå ing båså gaul, têmbungé: nganggo båså Jåwå plis (please) dhèh.
Kênå åpå klèru? Biså lan lan sah waé.
Åpåmanèh ånå ing jagad pasrawungan nganggo têmbúng pisuhan bisa lan lumrah.
Tuladhané, arèk-arèk Suróbóyó ajêg misúh nganggo uni ‘..dancúk kówé'.
Nggunakaké pisuhan wis mratah lan lumrah ånå ing swasånå sing égalitèr lan akrab supåyå luwih rakêt lan rumakêt.
Nggunakaké båså Jåwå sing campúr nganggo båså Indonesia utåwå båså måncå yå sah-sah waé.
Sing pênting bisa dingêrtèni. Mulå manåwå ånå ing giyaran TV ånå pambiwårå (pênyiar) sing nganggo têmbúng '.... rainé ...( jênêng pêjabat) awan mau kétók sumringah..'.. ‘dhèwèké mbèk bojoné ..' lan satêrusé, ya biså ditampå.
Båså pêsisiran pancèn tinêmu bèdå karo båså Nêgari Gúng sing têbané ånå tlatah Surakarta lan Ngayogyakartå Hadiningrat.
Tumrap brayan Surakartan biså waé mênåwå tulådhå mau dianggêp båså Jawané wis rusak kurang trêp karo kaanan. Kaanan ngêndi ?
Mênåwå ånå ing pêsisir åpåmanèh sing wis égalitèr ora åpå-åpå.
Nanging mênåwå ånå ing tlatah Surakarta utamané njêro Kratón pancèn ora trêp.
Luwih prayogå nganggo têmbúng ‘... pasuryané (jênêng pêjabat) kawistårå rênå ing pênggalih.....' lan satêrusé.
Kaanan båså Jåwå ing kuthå tinêmu bédå karo kaanan ing padésan.
Sabên dinané (mèh) kabèh bocah utåwå kawulå mudhå nggunakaké båså Jåwå.
Båså Jåwå isih dicakaké kanggo komunikasi sabên dinané. Kaanan båså Jåwå ing padésan isih urip, diuri-diuri lan digunakaké kanggo komunikasi sabên dinané.
Survey sing nyakúp kaanan båså Jåwå wêktu iki dadi pênting kanggo nyusún têtimbangan prêluné payúng hukúm arupå Pêraturan Daérah.
Sabanjuré wêwatón dudutan utåwå kêsimpulan Kongres Båså Jåwå III taún 2001 ing Ngayogyakarta ånå rékomèndasi prêluné Pêrda kasêbút.
Nanging amargå kêpalangan karo kaanan sing manékå warnå niat lan ayahan kanggo nyusún payúng hukúm dadi kandhêg.
Wêktu iki tumrap brayan ing bumi Nuswantårå wis duwé payúng hukúm sing luwih antêp lan mantêp yåkuwi pasal 32 UUD sing wis di-amandemen. Uniné: ' 'Nêgara mênghormati dan mêmêlihara bahasa daérah sêbagai kêkayaan budaya nasional'.
Bab anané payúng hukúm arupå Pêraturan Daérah pancèn prêlu sinau ånå ing brayan lan tlatah Pasundan.
Pamaréntah tataran Provinsi Jawa Barat wis duwé Pêraturan Daérah cacah têlu. Yåkuwi:
(1) Perda Nomor 5 Tahun 2003 tentang Pemeliharaan
Bahasa, Sastra dan Aksara daerah;
(2) Perda Nomor 6 Tahun 2003 tentang Pemeliharaan
Kesenian;
(3) Perda Nomor 7 Tahun 2003 tentang Pengelolaan
Kepurbakalaan, Kesejarahan,
Nilai Tradisional dan Museum.
Masyarakat lan kabèh brayan ing tlatah Pasundhan wis duwé payúng hukúm rupå Pêrda cacah têlu sing mantêp.
Landhêsan hukúm kanggo handayakaké båså, sastrå lan aksårå Sunda wis ånå.
Payúng hukúm sing ngatúr kêsênian, kêpúrbakalaan, kêsêjarahan lan nilai tradisi wis ånå.
Pêrda têlu-têluné wis nyakúp lan ngukúp bab båså, sastrå lan budåyå.
Åpå pamaréntah Jawa Têngah sing dumadi såkå pêrangkat êksêkutif lan législatif prêlu sinau mênyang Jawa Barat?
Tak kirå ora ånå alané sinau lan nyinau pamaréntah provinsi liyå sing wis 'maju'.
Malah kapårå prayogå, apik lan bêcik.
Kapan Jawa Têngah duwé payúng hukúm bab baså, sastrå, lan budåyå?
Såpå sing kawogan handayakaké båså lan sastrå Jåwå?.
Åpå luwih bêcik sawisé Kongres Båså Jawa IV taun 2006?
Mugå-mugå waé.


Déning : Ki Sutadi

 kds penutup
wangsul-manginggil

mfx broker выплатыказан с крышкойооо полигон украина

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

    Jumlah Pengunjung

1105511
  Hari ini     :  Hari ini :1244
  Kemarin     :  Kemarin :2309
  Minggu ini   :  Minggu ini :3464
  Bulan ini   :  Bulan ini :57399
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6906
Online : 43

Kontak Admin.

email-kidemang