42. Wayang Wóng prêlu Magitå-gitå Cancút Taliwåndå
|
Dumadiné sêni ånå ing kabudayan Jåwå wús lumaku wiwít jaman kawuri nganti têkan wêktu iki. Babagan sêni pancèn orå bisa dipisahaké karo kabudayan. Lumakuné sêni ånå têngahíng bêbrayan mratandhani luhúr-asóríng kabudayan. Dumadiné sêni kalêbu ing kéné síng wujúd sêni tari dadi pratåndhå majuníng kabudayan. Ngrêmbakané sêni biså dadi lambang makartiníng cíptå, råså, lan karså síng nglairaké kaéndahan. Jagad kabudayan biså kawêntar amargå gumrêgahíng sêni lan budåyå. Sêni lan budåyå síng diuri-uri lan dilêstarèkaké biså dadi ’hartå-kåyå’ síng bisa ngluhúraké kabudayan bångså. Arumíng bångså biså kawujúd såkå ngrêmbakaníng sêni lan budåyå, kalêbu ing kéné sêni síng rupa sêni tari. Wêwatón sujarah síng wús lumaku, sêni síng kawêngku ånå ing budåyå Jåwå tinêmuné akèh bangêt. Manåwå ditêlusuri nduwèni sumbêr såkå kasusastran Jåwå síng cacahé ora sêthithík. Kajåbå såkå iku wóh-ing ’ngèlmu sêni’ ugå kawujúd såkå laku. Karana iku akèh bangêt sêni síng lair såkå laku utåmå. Manåwå dijingglêng ånå síng mêngku falsafah utåwå nilai-nilai (values) síng adi, éndah lan luhúr. Manåwå di-invêntarisasi akèh bangêt sêni síng nduwèni falsafah síng biså dadi sumbêr wulangan kanggo mbangún pribadhi lan watak utåmå. Adhêdhasar andharané Ibu Edi Sêdyawati, sêni tari Jåwå akèh síng laír såkå tradhisi ing Karatón Suråkartå lan Ngayogyåkartå. Sêni tari síng rinipta déníng Råjå-råjå ing Karatón Suråkartå lan Ngayogyåkartå akèh bangêt. Sêni tari síng nduwèni sumbêr såkå pêwayangan ugå tinêmu, jåiku kawiwitan såkå wayang wóng Sri Wêdari lan wayang wóng Mangkunagaran. Sêni tari síng laír ånå karatón banjúr mrambah lan mratah têkan sanjabané karatón. Pérangan sêni síng wujúd pêrtunjukan rakyat banjúr ngrêmbåkå têkan sanjabané karatón. Sawisé pêrang donya sêpisan nganti jaman kamardikan, akèh paguyuban síng nglêluri sêni budåyå Jåwå lumantar wayang wóng. Péntas wayang wóng orå winatês ånå ing Jawa Têngah nangíng mrambah têkan Jawa Timur, Lampúng, lan liyå-liyané. Kawitané såkå pêntas sawêtårå dinå banjúr pindhah papan liyané, síng banjúr sinêbút wayang wóng ’tóbóng’. Malah ånå síng pêntas nganggo sarånå gêbêr síng ambané múng pitúng mètêr. Kahanan wêktu iku sipaté prasåjå nangíng trús ngrêmbaka amargå disênêngi lan dikangêni déníng masyarakat. Saliyané Sri Wêdari, kacathêt paguyuban-paguyuban wayang wóng síng banjúr kawêntar, yaiku: Ngèsti Pandówó, Cíptó Kawêdar, Sêdyó Wandówó, Bharata lan liya-liyané. Anané wayang wóng síng wús lumaku udakårå saabad suwéné ånå síng ilang utåwå mati, nanging ugå ånå síng têtêp lêstari têkan wêktu iki. Déning parågå síng sinêbút sutradara, pangarså produksi, utåwå bintang panggúng síng ånå, wayang wóng dibudidåyå supåyå têtêp lêstari. Akèh bangêt kréasi utawa inovasi lumantar tèknologi síng didayakaké ånå péntas. Rupå-rupå garapan síng sinêbút sêni kitsch dikêmas ånå ing pagêlaran. Trík-trík tèknologi dicakaké ånå ing péntas supåyå disênêngi lan dikangêni déníng pênóntón. Kanggo nggayêngaké swasånå yayasan Sêkar Budaya Nusantara nyoba lumêbuné artis lan sélébritis ana ing pagêlaran wayang wóng. Gêgandhèngan karo obahíng jaman tinêmu pêpalang síng nggubêl wayang wóng. Sapérangan kawulå mudha ånå síng wús nyingkúr wayang wóng. Sêpiné pênóntón dadi pêpalang ’uripé’ wayang wóng. Film-film, sinêtrón, infotainmênt, lan program-program tivi liyané biså minggíraké wayang wóng. Wayang wóng wêktu iki kênå diarani lagi ngadhêpi krisis síng nguwatiraké. Supåyå biså têtêp lêstari ånå alam global wêktu iki, wayang wóng prêlu antúk kawigatèn déníng pamaréntah, pårå nimpunå ing karatón, pakar síng ånå ing Institut Sêni, sêniman, budayawan, swasta, lan stake holders liyané. Kabèh pérangan síng cakêt lan rakêt karo wayang wóng prêlu magitå-gitå cancút taliwåndå ngadhêpi prêkårå síng ånå.
Déníng : Ki Sutadi Pangarså Pêrsatuan Pêdalangan Indonésia Komisariat Jawa Têngah |