Ramayana - 
 
7. ÍNG NGALÊNGKÅ APIRÊMBAGAN BAB MÊTHUKAKÊN RÅMÅ.

Kacariyós Prabu Dåsåmukå, íngkang angratóni nagari íng Ngalêngkå, sampun amidhangêt pawartós, yên badhé kalurugan dhumatêng Råmå, såhå yèn Råmå sampún masanggrahan wóntên íng rêdi Maéndrå.
Prabu Dåsåmukå miyós, sinébå íng pårå bupati såhå pårå abdi danåwå, Patihipún sang nåtå anåmå Prahastå. Punggåwå tuwín bupatinipún anåmå Prajånggå, Pragåså, Mintragnå, Wilohitakså, Dumrakså, Maundårå, Gatodårå, Kampånå, Wirupakså, Putadaksi, Panaksi, Jambumangli, Båjråmústi, Sokåsarånå,
Sadèrèkipún kakung sang nåtå anåmå Kumbåkarnå, agêng såhå inggíl prasasat rêdi, Sajagat bótên wóntên íngkang animbangi kadígdajan sartå kasêktènipún. Sadhèrèkipún kakúng malíh anåmå Wibisånå, ambêkipún amandhitå
Putranipún sang nåtå sami kakúng, anåmå Indrajít, Trisirah, Trikåyå, Narantåkå, Déwatantåkå, Kumbåkarnå wau putranipún kêkalíh sami kakúng, anåmå Aswanikumbå akaliyan Kumbåkumbå, Sami agêng inggíl kadós rêdi.
Pårå santana såhå pårå abdi sami sowan íng ngarsanipún sang nåtå, amúng Wibisånå íngkang dèrèng sowan, awít sawêg sêmadi, Wibisånå sasampúning sêmadi, lajêng sowan dhumatêng íngkang ibu, íngkang sawêg ngrêdatós, awít sakíng rêsahíng kalakuanipún Prabu Dåsåmuka, amurang lêrês såhå ambêk niåyå. Karsaníng ibu, Wibisånå kapuríh anggéndhólånå tindakipún sang nåtå íngkang bótên prayógi, såhå amangsúlnå Dèwi Sintå dhumatêng Råmå, supadós sampún ngantós andadósakên risakipún nagari íng Ngalêngkå; awít Råmå titisíng déwå, bótên kéngíng dipún suwåwå, sampún saêstu Prabu Dåsåmukå badhé pêjah déníng Råmå.
Wibisånå mundúr sakíng ngarsaníng ibu, lajêng sowan dhumatêng íngkang råkå Prabu Dåsåmukå. Sasampuníng lênggah, sang nåtå angandika dhumatêng pårå punggåwå danåwå, yèn nagari íng Ngalêngkå badhé kalurugan dhumatêng Råmå, såhå Råmå sampún masanggrahan wóntên íng rêdi Maéndrå.
bagawan-sumaliPårå punggåwå kadhawahan sami amirantós sadêdamêlipún íng pêrang.
Aturipún pårå punggåwå danåwå, mêngsah íngkang kadós Råmå bótên pantês yèn kagalihå dhumatêng sang nåtå, awít såkå langkúng sakíng masahå apês. Kaupamêkakên angèl ambacúk pisang, tuwín amêcah sêmångkå kaliyan amêjahi Råmå. Kathah solahipún pårå danåwå sami angungasakên kawasisanipún angêmpakakên dêdamêl, sartå karósan tuwín kawantêranipún.
Wibisånå anyambungi ngandikå dhumatêng pårå punggåwå danåwå, anyêrêpakên íngkang dadós karsanipún Prabu Dåsåmuka, yên pårå punggåwå bótên katantún purúnipún pêrang, sami kapundhútan pirêmbag prayóginipún íngkang linampahan.
Pårå punggåwå danåwå íngkang angapêsakên dhumatêng Råmå wau sami kawêlèhakên, Kålå nagari íng Ngalêngka kadhatêngan utusanipún Råmå, angamúk wóntên íng Tamansokå, déné katah danåwå íngkang sami pêjah. Utusanipún kémawón samantên kadigdayanipún, mandah kasêktènipún íngkang angutús.
Sakèndêlipún Wibisånå angandika dhatêng pårå punggåwå wau, Prabu Dåsåmukå amundhút pirêmbag , prayóginipún íngkang linampahan, bab dhatêngíng mêngsah íngkang sampún masanggrahan wóntên íng rêdi Maéndrå,
Pirêmbagipún Wibisånå, sang nåtå sowanå dhumatêng Råmå såhå angatúrnå Dèwi Sintå. Pamanahipún Wibisånå lampah makatên punikå bótên angêsórakên panjênênganipun sang nåtå. Malah yèn sang nåtå amêmitran kaliyan Råmå, badhé andadósakên wêwahíng kaluhuranipún karatón íng Ngalêngkå. Kathah kathah aturipún Wibisånå, íngkang muríh karaharjaníng råkå såhå nagari saabdinipún sadåyå.
Prabu Dåsåmuka bótên amangsuli pangandikå, salêbêtíng galíh dukå dhumatêng íngkang rayi.
Anuntên énjangipún Prabu Dåsåmukå anåmå bagawan Sumali rawúh, apitutúr dumatêng íngkang wayah, yèn Råmå bótên kéngíng dipún suwåwå, awít titisipún batårå Wisnu, Pamrayoginíng éyang, Prabu Dåsåmukå amiturutå pirêmbagipún Wibisånå.
Bagawan Sumali lajêng anyariyósakên bab kadigdayan såhå kasêktènipún batårå Wisnu; kalanipún Bathårå Guru anitahakên danåwå, anåmå Wrêkå, punika purún amêngsah Bathårå Endrå. Bathårå Éndra kasóran. Anuntên Bathårå Wisnu íngkang angawónakên danåwå wau.
Wóntên malih titahipún Bathårå Guru, awarni danåwå anåmå Kasipu, pinunjúl íng kadigdayanipún, íng jagat têtigå bótên wóntên íngkang nyamèni. Lami lami danåwå wau angrisak Surålåyå, pårå déwå sami kawón sadåyå. Anuntên Bathårå Wisnu malíh warni simå, ajêjulúk Bathårå Nåråsingå, angawónakên danåwå íngkang nåmå Kasipu wau.
Sakatahíng pituturipún bagawan Sumali bótên angêgúhakên galíhipún Prabu Dåsåmukå, íngkang éyang mutúng, lajêng mundúr palarasan.
Sadangunipún bagawan Sumali pitutúr dhatêng íngkang wayah Prabu Dåsåmukå, Kumbåkarnå anilingakên. Sarêng bagawan Sumali sampún késah, Kumbåkarnå lajêng matúr dhumatêng íngkang råkå, kapuríh amiturutå íngkang dadós pirêmbagipún Wibisånå. Anangíng Prabu Dåsåmukå bótên andahar aturipun. Malah dukå, Kumbåkarnå mutúng, lajêng mundúr sakíng ngarsaníng råkå.
Anuntên Wibisånå matúr malíh kathah kathah dhumatêng Prabu Dåsåmukå, kapuríh amangsúlnå Dèwi Sintå, såhå amêmitråå kaliyan Råmå, awít Råmå bótên kéngíng dipún suwåwå, såhå bótên sandé adamêl risakipún nagari íng Ngalêngkå.
Prabu Dåsåmukå sangêt dukå amidhangêt aturipún Wibisånå, lajêng jumênêng sakíng pinarakanipún, andhupak wadananipún Wibisånå. Sarêng sampún kathah anggênipún anguwús uwús dhumatêng íngkang rayi, lajêng kadhawahan késah, anunggilå kaliyan Råmå,
wibisanaWibisånå bótên pisan katingal gêrah galíhipún amargi dipún dhupak såhå dipún uwús uwús dhumatêng íngkang råkå, malah taksíh sangêt íng panggêndólipún, amuríh karaharjaníng råkå sanagari santånå såhå têtiyangipún sadåyå.
Prabu Dåsåmukå sangsåyå sangêt dukanipún, íngkang rayi katundhung malíh. Sarêng Wibisånå aningali, yèn Prabu Dåsåmukå bótên kéguh dhatêng íng pawulang prayógi, lajêng pamít mundúr sakíng pasowan. Dumugi íng jawi awêwartós dhatêng balanipún, yên katundúng dumatêng íngkang råkå, Sasampuníng wêwartós, lajêng mumbúl dhatêng ngawang awang, balanipún sami andhèrèk sadåyå. Lampahipún mangalèr, íngkang sinêdya rêdi íng Maéndrå.


 kds penutup
wangsul-manginggil

Логофет Вадимкисточки для макияжа фотокернеса никас

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

9928112
  Hari ini     :  Hari ini :849
  Kemarin     :  Kemarin :1640
  Minggu ini   :  Minggu ini :8258
  Bulan ini   :  Bulan ini :27737
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6517
Online : 8

Kontak Admin.

email-kidemang