10. TÊLUKIPÚN PRABU DÅSÅMUKÅ KADÊNGANGAN. DÅSÅMUKÅ DIPÚN ANTÊP.
|
Kacariyós Prabu Dåsåmukå, andawahakên paréntah dhumatêng pårå punggawanipún, amanjêr daludag saurutíng radinan, sartå íng ngajêng griyanipún pårå bupati, punåpå déné angêríg sawarniníng bålå danåwå, kakarsakakên sami pacak barís. Sang nåtå lajêng animbali bålå danåwå satunggíl, anåmå Sukåsrånå, punikå andêl andêlipún Prabu Dåsåmukå íng bab lampah sandi, kadawahan anêlík dhumatêng rêdi Suwélå, anacahakên bupati tuwin balanipún Råmå. Sukåsrånå énggal mangkat, mêdal íng ngawang awang. Sadhatêngipún íng rêdi Suwéla, lajêng amalíh warni kêthék; anunggíl lênggah pårå punggåwå kêthèk. Bótên wóntên íngkang sumêrêp. Bótên antawís dangu Wibisånå sumêrêp, yèn Sukåsrånå malíh warni kêthék, anunggíl pårå punggåwå, lajêng andhawahakên paréntah anyêpêng såhå ambêstå. Sukåsrånå sasampuníng kacêpêng sartå kabêstå, kasowanakên íng ngarsanipún Råmå. Kadangu angakên kémawón, yèn kautús dhumatêng ratunipún, anêlík kathah kêdhikíng punggåwå sartå bålå kêthêk. Pirêmbagipún Wibisånå dhumatêng Råmå, prayogi yèn Sukåsrånå kapêjahånå. Anangíng Råmå bótên karså, awít panggalíhipún nísthå, yèn ngantós amêjahånå utusan. Sukåsrånå lajêng kaluwaran sartå kalilan mantúk. Sukåsrånå sawangsulipún sakíng rêdi Suwélå, sowan íng ngansanipún Prabu Dåsåmukå, amratélakakên lampahipún kautus anyandi wau, tuwín nalikanipún kacêpêng. Sasampuníng têlas aturipún, lajêng anyaósi pirêmbag dhumatêng sang Prabu, sampún ngantós amêngsah Råmå, malah kasêbút nåmå utami yèn amangsúlnå Dèwi Sintå, supadós sang nåtå sampún ngantós manggíh dêdukaníng déwå, têtêpå amêngku nagari Ngalêngkå. Anangíng Prabu Dåsåmukå bótên andhahar sakathahíng aturipún Sukåsrånå, malah andadósakên rêngatíng galíhipún.
Kacariyós Råmå, íngkang masanggrahan wóntên íng rêdi Suwélå; apirêmbagan kaliyan pårå punggåwå kêthék, mênggah prayoginipún íngkang linampahan. Pamrayoginipún Råmå, badhé angantêp karsanipún Prabu Dåsåmukå, punåpå íngkang katartamtókakên: anyiyósakên pêrang utawi bêdhami lajêng amangsulakên Dèwi Sintå. Wóndéníng íngkang pinilíh lumampah dhumatêng Ngalêngkå, sowan íng ngarsanipún Prabu Dåsåmukå, putranipún Prabu Subali íngkang sampún séda, anåmå Anggådå. Anggådå sarêng sampún anampéni dhawah, énggal mangkat dumatêng Ngalêngkå, sowan íng ngarsanipún Prabu Dåsåmukå, såhå amratélakakên lampahipun kautús wau, Prabu Dåsåmukå kêkah bótên karså amangsulakên Dèwi Sintå, amilalah pêrang akaliyan Råmå. Anggådå lajêng wangsúl dhatêng rêdi Suwélå, angatúrakên angsal angsalé anggènipún kautús.
|