Sari Basa Jawa - 

 

10. Paribasan M - O


M

1. Maju tatu mundúr ajúr.

    Prakårå kang sarwå pakéwúh.

2. Matang tunå numbak luput.

    Tansah lupút kabèh panggayuhané.

3. Mbuang tilas.

    Éthok-éthok ora ngêrti marang tumindaké kang ålå síng lagi
    dilakoni.

4. Mênêng widårå ulêran.

    Katón antêng nanging sêjatiné ala atiné.

5. Mêntung kojå kêna sêmbaginé.

    Rumangsané ngapusi, nangíng sêjatiné malah kêna apus.

6. Mêrangi tatal.

    Mêntahi rêmbug kang wís matêng.

7. Mikúl dhuwúr mêndhêm jêro.

    Biså njunjúng drajat wóng tuwå.

8. Milíh-milíh têbu olèh bolèng.

    Kakèhan milíh, wêkasan olèh kang ora bêcík.

9. Mrójól sêlaning garu.

    Wóng kang lupút såkå bêbåyå.

10. Mubra-mubru mblabar madu.

    Wóng síng sarwå kêcukupan.

N

1. Nabók nyilih tangan.

    Tumindak ålå kanthi kóngkónan wóng liyå.

2. Ngagar mêtu kawúl.

    Ngójók-ngójóki supåyå dadi pasulayan, nanging síng diójók-ójóki
    ora mêmpan.

3. Ngajari bèbèk nglangi.

    Pênggawéyan síng ora ånå paédahé.

4. Ngalasake negårå.

    Wóng síng ora manut pranatan negårå.

5. Ngalem lêgining gulå.

    Ngalembånå kapintêran wóng kang pancèn pintêr/sugíh.

6. Ngaturake kidang lumayu.

    Ngaturaké barang kang wis ora ånå.

7. Nglungguhi klåså gumelar.

    Nindakaké panggawéyan kang wis tumåtå.

8. Ngóntragaké gunúng.

    Wóng cilík asór biså ngalahaké wóng luhúr/gêdhé, nganti gawé
    kagèt wóng akèh.

9. Nguthik-uthik macan dhédhé.

    Njarag wóng kang wís lilíh nêpsuné.

10. Nguyahi segårå.

      Wèwèh marang wóng sugíh kang ora ånå pituwasé.

11. Nucúk ngibêraké.

      Wís disuguhi mangan mulíh isíh mbrêkat.

12. Nututi layangan pêdhót.

      Nggolèki barang sêpélé síng wis ilang.

13. Nyangóni kawula minggat.

      Ndandani barang kang tansah rusak.

14. Nyólóng pêthèk.

      Tansah mlèsèt såkå pamèthèke/pambatang.

O

1. Obah ngarep kobèt mburi.

    Tumindaké panggêdhé dadi contoné/panutané kawula alít.

2. Ópór bèbèk, mêntas awaké dhèwèk.

    Rampung såkå rékadayané dhéwé.

3. Ora ånå banyu mili menduwúr.

    Wataké anak biasané niru wóng tuwané.

4. Ora ånå kukús tanpå geni.

    Ora ånå akibat tanpå sebab

5. Ora gonjå ora unús.

    Wóng kang ålå rupane ugå atine.

6. Ora mambu énthóng irús.

    Dudu sanak dudu kadang.

7. Ora tembúng ora tawúng.

    Njupúk barange liyan tanpå kåndhå dhisík.

8. Ora uwúr ora sêmbúr.

    Ora gêlêm cawé-cawée babar pisan.

9. Ora kinang ora udút.

    Ora mangan åpå-åpå.

10. Othak athik didudút angèl.

      Gunêmé sajak kêpéenak, barêeng ditêmêni jêbul angèl.


 kds penutup
wangsul-manginggil

mfx broker вывод средств

сковорода чугунная купить

александр лобановский харьков класс

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

    Jumlah Pengunjung

1105551
  Hari ini     :  Hari ini :1641
  Kemarin     :  Kemarin :2309
  Minggu ini   :  Minggu ini :3861
  Bulan ini   :  Bulan ini :57796
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6906
Online : 47

Kontak Admin.

email-kidemang