Sari Basa Jawa - 

 

14. Pepindhan


A

01. Abang kumpul pådhå abang - kåyå alas kóbóng
02. Abangé - kåyå gódhóng katirah
03. Agungé - kåyå samodra rób
04. Akèhé pêpati - kåyå babadan pacíng
05. Akèhé pêpati - kåyå sulúng lumebu gêni
06. Akèhé lêlara - kåyå kêna pageblúk
07. Ali-aliné - nggunúng sapikúl
08. Alusé - kåyå sutra
09. Antêngé - kåyå têmantèn ditêmókaké
10. Ayuné - kåyå Dèwi Ratíh

B

11. Bagusé - kåyå Bathårå Kamåjåyå
12. Bangoné - awangun gêdhang salirang
13. Banteré - kåyå angin
14. Bêbêdané - ngadhal mèlèt
15. Bédané - kåyå bumi karo langít
16. Bêgjané - kåyå nêmu êmas sakêbo
17. Bêgjané - kåyå nêmu cêmpaka sawakúl
18. Bungahé - kåyå kêtiban ndaru

C

19. Cahyané bingar - kåyå lintang johar
20. Cahyané nglêntríh - kåyå rêmbulan karainan
21. Cêp klakêp - kåyå óróng-óróng kêpidak
22. Cêthilé - kåyå cinå craki
23. Cumlórót - kåyå lintang alihan
24. Cumlórót - kåyå ndaru

D

25. Dalané - nggêgêr sapi
26. Dalane - mbathók mêngkurêb
27. Dawane barisan - kåyå séla brakithi
28. Dêdêgé - ngringin sungsang
29. Dhuwure - kåyå othak othak méga
30. (n)Dómblóng - kåyå sapi ómpóng

G

31. Gagah prakósó - kåyå Radèn Werkudårå
32. Galaké - kåyå macan manak
33. Galaké - kåyå butå
34. Gampangé - kåyå êmpal pinêcók
35. Gêlungané - ngadhal mènèk
36. Gêlungané - minangkårå
37. Gêlís - kåyå banyu sinaríng
38. Gêndhwané - awangun kadhal mêtêng
39. Gêrêng-gêrêng - kåyå singå antók bayangan

I

40. Ijo kumpúl pådå ijo - kåyå bèthèt sayutå
41. Irêng kumpúl pådhå ireng - kåyå gagak rêraton

J

42. Jangguté - pindhå tawon gumantúng
43. Jogedê - kåyå mêrak kasimpír
44. Jogedê - mucang kanginan

K

45. Kagèté - kåyå tinubrúk ing wóng lêpat
46. Kaku - kåyå kênå nggo pikulan
47. Kêkêjêré - kåyå manúk branjangan
48. Kênèsé - kåyå Dèwi Srikandi
49. Késité - kåyå kadhal
50. Kêpinginé - kåyå nyidham cêmpalúk
51. Klular-klulúr - kåyå tuma kathók
52. Kopat-kapit - kåyå buntút ula tapak angín
53. Kuning - kåyå êmas sinanglíng
54. Kuníng kumpúl pådhå kuníng - kåyå podhang reratón

L

56. Lakuné nusúp-nusúp - pindhå ayam alas
57. Landhêpé - pitúng pinyukúr
58. Lêlêwané - milangoni
59. Lír sato munggíng - rimbagan
60. Luruhé - pindhå Dèwi Sembådrå

M

60. Mêndhak-mêndhak - kåyå sato mèmèti
61. Midêr-midêr - kåyå undar
62. Milíng-milíng - kåyå jangkúng
63. Mlakuné mundúr - kåyå mungkúr gangsír
64. Mlakune - ngódhók

N

65. Nangisé ndrêngêngêng - kåyå rasé
66. Nangisé - ngóróng-ngóróng
67. Nuturi wong pintêr - prasasat ngajari bèbèk nglangi
68. Nyêngité - kåyå dhêmít

P

69. Padhangé - kåyå rinå
70. Pådhå plêg - pindhå jambé sinigar
71. Panasé - kåyå mêcah-mêcahnå sirah
72. Pênggalihé pådhå - pindhå suruh lumah lan kurêp, yèn dinulu
      séjé rupane, yèn ginigít pådhå rasané
73. Pariné - gumadhúng
74. Pariné - ngêmpíng
75. Pariné - nêdhêng gumadhúng
76. Pêtêngé - ndumúk irúng
77. Pintêré - kåyå biså njårå langít
78. Pinteré - kåyå biså nyancang angín
79. Pipané rókók - mênyu
80. Pipiné - kåyå tomat matêng
81. Polahé - kåyå gabah dèn interi
82. Polahé - kåyå kuthúk kélangan babón
83. Polahé - ngaru napúng
84. Polatané mbranyak - kåyå Radèn Kåkråsånå/Såmbå
85. Putíh kumpul pådhå putih - kåyå kúntúl nêbå
86. Putíh mêmplak - kåyå kapúk diwusóni

R

87. Rakêté - kåyå sadulur sinårå wèdi
88. Raméné - lir prahårå nêmpúh wukír
89. Raméné surak - mbåtå rubúh
89. Rikaté - kåyå angin
90. Rukunê - kåyå mimi lan mintunå
91. Ruruhé (wóng lanang) - kåyå Raden Janåkå
92. Ruruhé (wóng wadón) - kåyå Dèwi Sembådrå
93. Rupané kêmbar - pindhå jambé sinigar

S

94. Salaké- mêdhi (masír)
95. Sambaté - kåyå nggrantang
96. Sambaté - ngaru årå
97. Sênêngé - kåyå bubúk olèh lèng
98. Sêntoså bangêt - kåyå jangèet kinatêlon
99. Sowané mêndhak-mêndhak - kåyå satå manggíh kråmå
100. Suguhané - mbanyu mili
101. Sumbaré - kåyå biså mutúng wêsi g1igèn
102. Sumbaré - kåyå wani ndilat wêsi abang
103. Suwèké - nyangkêm kódhók
104. Swarané - kåyå gêlap ing mångåa kapat
105. Swarané - kåyå mbêlah-mbêlahnå bumi

T

106. Tandangé cukat - kadyå kilat, kesít kadya thathít
107. Tandangé - kåyå banthèng kêtaton
108. Tandangé - kåyå jangkrík mambu kili
109. Tandangé - kåyå sikatan nyambêr walang
110. Tåpå - ngalong; ngidang; nyantuka
111. Tékadé - kåyå gêni lan urupé
112. Tékadé - kåyå madu lan manís
113. Têpungé kalís (kêkancané) - kåyå banyu karo lêngå
114. Thingak-thinguk - kåyå kêthèk ditulúp
115. Tindaké - nusúp ngayam alas
116. Tulisanê - awangun kêtumbar (aksårå Jåwå)

U

117. Ulêsé - ngêmbang asêm (kucíng)
118. Ulêsé - ngêmbang durèn (jaran)
119. Untabé - kåyå samodra rob
120. Utangé - nyundhúl êmpyak
121. Utange - turút usúk

W

122. Wangsulané - saúr manúk
123. Wanguné - kåyå dårå gêpak
124. Wiragané - nênangi bråtå
125. Wrangkané - gayaman


 kds penutup
wangsul-manginggil

игровой автомат book of ra играть онлайн

блинница чугун

александр лобановский класс

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

9897258
  Hari ini     :  Hari ini :742
  Kemarin     :  Kemarin :1497
  Minggu ini   :  Minggu ini :6341
  Bulan ini   :  Bulan ini :42039
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6517
Online : 11

Kontak Admin.

email-kidemang