01. manís èsêmé = èsêm ngrêsêpakaké ati 02. manís rêmbugé = guneme nyênêngaké ati 03. mårå tangan = sênêng gawé lårå/milårå 04. måså bodhoå = pasrah 05. måtå dhuwitan = srakah marang dhuwít 06. måtå loro = mangro tingal 07. matèni pangané = gawé ilang panguripané 08. matêng kawruhé = mumpuni; kawruhé wis tutúg 09. matêng rêmbugé = gunêmé wís disarujuki 10. mati sandhang pangané = ilang dalané golèk panguripané 11. mati rågå = prihatin; tåpå, tirakat 12. mêdhót dalan = ora ditêrusaké 13. métani luputé = nggolèki salahé 14. mêrês kringêt = nyambut gawé mêmpêng 15. mêrês pikír = têmênan anggone mikiraké 16. mogèl ilaté = mangan sing sarwa énak 17. mógól sinauné = ora tutúg sêkolahé 18. murang tåtå = kurang ajar, ora duwé dugå
N
01. nandhang sungkåwå = lagi susah 02. nandur kêbêcikan = gawé kêbêcikan 03. ngadu wulêding kulít = adu kêkuwatan 04. ngangsu kawrúh = golèk ngèlmu/mêguru/sekolah 05. ngatonaké siyungé = nuduhake kêkuwatané/ kuwanèné 06. ngatonake dhadhané = umúk, sumbar 07. ngêkêp dhêngkul = nganggur ora nyambut gawé 08. ngêndhalèni håwå napsu = nyêgah kêkarêpan ålå 09. ngêpuh kringêt = nyambut gawé mêmpêng 09. ngêmut driji = ora oleh åpå-åpå 10. nyolok måtå = kêtårå banget
O
01. olèh ati = disênêngi 02. olèh gawé = kalêksanan 03. olèh wirang = kisinan 04. olèh lårå = kalaran 05. ora duwé ati = kuwatir bangêt, wêedi 06. ora mêlèk = ora ngêrti 07. ora ngundhuh = ora oleh åpå-åpå