| Sêjarah Hånåcåråkå - |
|
|
|
05 Aksårå Pasca-Måjåpait Prasasti Ngadóman |
|
|
Sawisé jaman Måjåpait síng miturút tradhisi Jåwå nêgårå binêdhah ing taún 1478 (cåndråsangkalané sirnå ilang krêtaning bumi) nganti pungkasan abad kapíng 16 utåwå awal abad kapíng 17, kanggo sajarah aksårå Jåwå bisa diarani "jaman pêtêng". Sênadyan mêngkono ugå ditêmókaké prasasti síng wigati amêrgå dianggêp dadi "missing link" antårå aksårå Hånåcåråkå såkå jaman Jåwå Kunå lan aksårå Budå síng isíh diênggo ing Tanah Jåwå, utamané ing sakiwa-têngêning Gunúng Mêrapi lan Mêrbabu nganti abad kaping 18. |

Ing sajarah Nuswantårå mångså antårå taún 1250 - 1450 iki ditandhani karo dhominasi Måjåpait ing Jåwå Wétan. 




























