|
Hånåcåråkå ugå diênggo nulís båså-båså liyå, saliyané båså Jåwå. Conto síng cêthå bangêt tamtuné båså Bali. Båså Bali Kunå ditulís nganggo sawijiníng aksårå síng biså diarani séjé. Nangíng mbókmênåwå sawisé jaman Måjåpait, aksårå Hånåcåråkå gaya Jåwå dadi kanggo nganti sêpréné. Dadi aksårå Bali modhèrn iku yèn dirunút sarasilahé asalé såkå aksårå Måjåpait lan ora såkå aksårå Bali Kuna.
Sabanjúré aksårå Hånåcåråkå síng diarani Carakan ugå dadi diênggo ing Tatar Sundhå wiwít abad kapíng 16 nalikå Mataram mbêdhah karajan Sundhå lan ngasta budåyå Jåwå såhå agama Islam ing Jåwå Kulón. Sadurungé iku wóng-wóng Sundhå nganggo aksårå Sundhå síng sênadyan isíh sakrabat karo aksårå Hånåcåråkå, nangíng séjé rupané. Aksårå Sundhå iki luwíh cêdhak lan luwíh mèmpêr karo aksårå Budå. Carakan disinaóni ing Tatar Sundhå nganti sawisé Pêrang Donya II. Ing sawêtårå pirang taún pungkasan iki ånå gêrakan ing Tatar Sundhå síng nyobå nrapaké panggunané aksårå Sundhå Kunå manèh.
Têrús såkå pulo Madurå akèh ditêmókaké naskah-naskah manuskrip ing róntal utåwå dluwang. Akèhé pancèn tinulís ing båså Jåwå, nangíng aksårå Hånåcåråkå ugå ditrapaké kanggo nulís båså Madurå. Utamané wiwit ing abad kapíng 19. Såkå pungkasané abad kapíng 19 lan wiwitan abad kapíng 20 ugå akèh buku-buku måwå båså Madurå ing aksårå Hånåcåråkå síng kacithak.
Banjúr ing wusånå, aksårå Hånåcåråkå ugå kadhangkålå diênggo nulís båså Mêlayu. Biyasané wujudé layang síng tinulís déníng wóng-wóng síng dudu kalêbu wóng pribumi ing Tanah Jåwå utåwå Bali lan dadi ora nguwasani båså lokal.
|