02 Lampahan Manik Maya (Jagad Ginelar) - 02 = 02 / 05 =
ADRANG Srikatón. Madêg Bathårå Maník inggíh Bathårå Guru, lajêng nyiptå kadhatón minångkå Kahyanganipún, dipún wastani Kahyangan Junggríng Salåkå inggíh Kahyangan Ujúng Giri Kailåså. Nuntên mundhút garwå minångkå saktinipún, putrinipún Bathårå Umaran ing nagari Parasu, nåmå Dwi Umå. Ing salajêngipún Bathårå Guru kaliyan garwå Dèwi Umå pêputrå gangsal kakúng sadåyå, 1. Bathårå Sambo, 2. Bathårå Bråmå, 3. Bathårå Indrå, 4. Bathårå Bayu, lan 5. Bathårå Wisnu. Nalika punikå Bathara Guru Sakaliyan garwå nuju miyós siniwåkå, dipún adhêp pårå putrå lan para Déwå (Têmbúng Déwå asal sakíng basa Sanskrita Jawi-kina - Dew, têgêsipún Cahyå.) Nalikå punika pårå putrå dipún cariyósakên sampún kagungan kahyangan lan garwå piyambak - piyambak. 1. Bathårå Sambo ing Kahyangan Hargådaksinå, Swargådaksinå inggíh Kahyangan Swélågringgíng, garwanipún nåmå Bathari Siwagnyånå lan Dèwi Astuti. 2. Bathårå Bråmå ing Kahyangan Hargådahånå (Swargådahånå), garwanipún tigå, Dèwi Sad (Wasi), Dèwi Saraswati, lan Dèwi Rarasati. 3. Bathårå Indrå ing Kahyangan Surålåyå inggíh Kahyangan Indralokå, garwanipún nåmå Dèwi Wiyati, Bathårå Indrå kawajiban mranåtå pårå Déwå, lajêng nyíptå pagêlaran, nåmå Rêpat Kapanasan, Kadhatón Kênyapuri Tinjomåyå, titihan Dwipånggå nåmå Héråwåta inggíh Héråwånå, 4. Bathårå Bayu, minångkå déwaníng angín lan kêkiyatan ótót bayu, ing Kahyangan Pusêrbawånå inggíh Kahyangan Swargå Panglawúng, garwanipún nåmå Dèwi Sumi. 5. Bathårå Wisnu ing Kahyangan Uttåråsagårå inggíh Uttaraswargå, Déwå ingkang mêmayu hayuníng bawånå, garwanipún tigå, Dèwi Sri, Dèwi Pratiwi lan Dèwi Sriyuwati inggih Dèwi Pujåyanti, patamananipún nåmå Sriwêdari, titihanipún pêksi garudhå, nama Brihawan. Nalikå punikå Bathara Guru sakaliyan garwå nuju lênggah siniwåkå, dipún adhêp pårå putrå lan pårå Déwå, Bathårå Guru ngandikå, manawi ing wêkdal punika bumi pulo Jawi taksíh gonjing anjómplang, margi ing sisíh kilèn wóntên rêdinipun agêng inggíl, nåmå rêdi Jamúrdipå. Bathårå Guru dhawúh supadós rêdi Jamúrdipa dipún dhungkari dipún gêmpali, kausúng kawaradinakên mangétan. Sadåyå sami matúr sandikå, lajêng bidhal.
 Bathara Sambo
|