|
09 Lampahan Lahiripun Bathara Kala - 04 = 04 / 04 =

9. Kocap kåmå salah sakíng Bathårå Guru ingkang dhawah salumahíng samodrå, têmah toyaníng samodra umób bêntèr mawalikan, swantên gumlêgêr gêmurúh, damêl gègèríng Kahyanganipún pårå Déwå. Sami nuwèni dunungíng kang gårå gårå. Ingriku katingal wóntên unthúk bundêr agêng, nyuwantên gorå gêmurúh lan måwå prabåwå sakalangkúng bêntèr ngê- bêgi saindêríng bawånå. Pårå Déwå énggal sami namakakên sanjatanipún piyambak piyambàk, amríh sirnanipún unthúk agêng kåmå salah wau. Nangíng kåmå salah kataman sanjatanipún pårå Déwå bótên sírnå, lajêng dadós gåtrå titah rasêkså sakalangkúng agêng, saranduníng badanipun kadadósan sakíng sanjatanipún pårå Déwå. Anggêrêng anggêro murugi pårå Déwå. Pårå Déwå sami kagègèran lumajêng ngungsi dhatêng pangayunaníng Bathårå Guru.
10. Madêg ing Kahyangan Junggríngsalåkå, Bathårå Guru nuju lalênggahan kaliyan Bathårå Narådå. Katungkå sowanipún pårå Déwå, matúr sadåyå kadadósanipún lêlampahan. Bathårå Guru sampun ngrumaósi bilíh punikå kadadósan sakíng kåmå salah. Bótên watawís dangu kåmå salah ingkang rupi raksåså sakalangkúng agêng, sowan wóntên ngarsanipún Bathårå Guru, nyuwún pitakèn, sintên ingkang andamêl piyambakipún. Bathårå Guru ngandikå manawi Bathara Guru punikå bapakipún. Kåmå salah lajêng ngaraspådå, katadhahan ilunipún ngantós tuntas, kacampúr lan toya Cålåkuthå, dadós wiså ingkang sakalangkúng mandi. Siyungipún kiwå têngên kacabút, ing bénjíng dadós lêlandhêpíng dêdamêl Pasopati sartå kuntå Wijåyåcåpå. (Ing bénjingipún, pêrang ingkang nganggé sanjata wasiyatíng Déwå, asríng dipún wastani ‘Ngadu siyúng Bathårå Kålå’) Rikmanipún kabêdhól satêkêman, ing bénjíng dadós kêndhêngíng sawarniníng gåndhiwå wasiyatíng Jawåtå. Awít sakíng karsanipún Bathårå guru sartå pamrayoginipún Bathårå Narådå, Kåmå salah kaparingan nåmå Bathårå Kålå, kapuríh angrabèni Bathari Durgå ing Kahyangan Krêndhåwahånå. (Ing jaman kinå makinanipún, jêjodhoanipún manungså taksíh kadós satataníng kéwan ayam lan sasaminipún, båpå biyúng angsal kaliyan anak utawi putunipún, sadhèrèk angsal sadèrèk tunggíl biyúng, lan sasaminipún) Kåmå salah Bathårå Kålå matúr sandikå, lajêng nyuwún pamit. Ing sakésahipún Bathårå Kålå, pårå Déwå sami prihatós, nyunyuwún parimarmå lan pangaksamanipún Hyang kang Måhå Kawåså. Tancêp Kayón.
 Bathara Kala
|