13 Lampahan Murwa Kala - 04 = 04 / 04 =
6. Madêg ing dhusún Dhadhapan (Namaníng dhusún lan sapiturutipún ingkang kagungan karså ruwatan), Kyai Dhadhapmantêp (Namanipún ingkang kagungan karså ruwatan, pún Kråmå, pún Dipå lan sasaminipún) sakaliyan garwå lan putranipún putri ontang-antíng (Namanipún laré ingkang dipún ruwat, putrå utawi putri sartå kawóntênanipún, lan sasaminipún), nåmå Ni Råråsati, sami lalênggahan manggihi ingkang paman nåmå Buyút Tåpåwangkêng (Buyút Tåpåwangkêng sagêd dipún gantós namaníng éyangipún lan sasaminipún) Ngrêmbag gêgêríng kawóntênan. Kathah tiyang dhusún ngadhusún ingkang sami girís mirís, margi sami kéngíng aradan dadós mangsanipún Bathårå Kålå. Buyút Tåpåwangkêng mituturi, bilíh wóntên sarananipún amríh kalís sakíng aradan. Inggíh punika kapurih sasaji pagêlaran wayangan Ruwatan, dhalang Kyai Kåndhåbuwånå. Kyai Dhadhapmantêp dalah kulawargå sami sêtuju, lajêng nyuwún tulúng Buyút Tåpåwangkêng, ngupadósakên dhalang Kåndhåbuwånå. Buyút Tåpåwangkêng nyagahi, lajêng bidhal. Lampahipún Buyút Tåpåwangkêng wóntên ing margi manggihi Dhalang Kåndhåbuwånå lan sadayanipún. Mrasajakakên kapêrluanipún Dhalang Kåndhåbuwånå nyagahi, lajêng nêrangakên sarat sarananipún sasaji Ruwatan. Buyút Tåpåwangkêng nyagahi. Sadåyå lajêng sami bidhal dhatêng wísmanipún Kyai Dhadapmantêp. 7. Madêg ing wismanipún Kyai Dhadhapmantêp, pêpak pårå kulawargå, katungkå rawuhipún Dhalang Kåndhåbuwånå lan sadayanipún. Sêsaji ruwatan sajangkêpipún sadåyå sampún kacawisakên. Dhalang Kåndhåbuwånå lajêng wiwít ngringgít. Nalikå sawêg ramé raménipún têtabuhan talu wayangan, ingriku wóntên wanitå ingkang nglahirakên jabang bayi, mêdal êstri, lajêng kapasrahakên dhatêng Dhalang Kåndhåbuwånå. Jabang bayi dipún tampèni, dipún pangku, dipún mantrani, dipún namakakên Kên Ruwati. Ugi nalikå punikå Bathårå Kålå kabrêbêgan mirêng swanténíng têtabuhan talu wayang. Tangi tilêm, nyandhak bêdhamanipún, lajêng murugi panggénaning ramé ramé. Dumugi panggênaníng ruwatan, Bathårå Kålå sumêrêp Jåkå Jatús wóntên ingriku, lajêng têrús dipún tubrúk. Dhalang Kåndhåbuwånå waspådå, Bathårå Kålå dipún balang tigan sajên, kéngíng tutukipun ingkang nuju mangap, tigan kolu ing padharan, anggênipún nyêpêng bêdhama mrucút. Bathårå Kålå sangêt dukå, lajêng bantah kaliyan dhalang Kandhåbuwånå. Rêhné kawón sêpúh Bathårå Kålå tansah kawón bantahipún. Mila lajêng manút dipún prayogêkakên, bilíh ing salajêngipún Bathårå Kålå kéngíng mêmångså aradanipún, manawi aradanipún wau bótên purún ruwatan lan awas élíng. Bathårå Kålå nyagahi, nyuwún pamít, lajêng késah têrús tansah ngupadós mêmangsan dhatêng sintênå ingkang lénå. Ing sakésahipún Bathårå Kålå, dhalang Kåndhåbuwånå wiwít ngringgít, kanthi pujåmåntrå sajangkêpipún. Binarúng ing gêndhíng ladrang Élíng élíng laras Sléndro pathêt Sångå, tabuhan sirêpan, kajantúr. Ngantós dumugi sapari purnanipún.
Tancêp Kayón.
|