15 Lahiripun Bathara Gana - 02 = 02 / 05 =
3. Madêg ing pasowanan jawi Rêpatkapanasan. Bathårå Bråmå lan pårå Déwå, tåtå-tåtå siyågå ing damêl, lajêng bidhal. Prampógan Déwå ngråtå margi, pêpêdhút lan sasaminipún. 4. Madêg ing pakuwón Sénåpurå, Prabu Kålå Nilårudråkå, dipún adhêp Patíh Sénårudråkå, angginêm gêlaríng prang. Katungkå dhatêngipún pårå Déwå, ambangsulakên pikajênganipún Prabu Kålå Nilårudråka sawadyå. Sulayaníng rêmbag, dadós pêrang, pårå Déwå sami kasoran, lajêng sami ngunduri, tutúp sakèthèng, wadyåbåla yakså ngêpúng Kahyangan Surålåyå. 5. Madêg ing Kahyangan Krêndhåwahånå, Bathari Dúrgå dipún adhêp wadyå bajobarat, nampi sowanipún lêmbu Nandini, kalangênanipún sang Umaran ing nagari Parasu, matúr nêdyå sóróh amúk dhatêng Kahyangan Junggríng Salåkå, bótên narimahakên déné Dèwi Umå Umaran dipún pisakít lan dipún pêgat diníng Bathårå Guru, ing sapunikå dadós Bathari Dúrgå, rupi rasêksi. Bathari Durgå angrójóngi sêdyanipún lêmbu Nandini, lajêng sami bidhal, nêdyå malês ukúm dhatêng Bathårå Guru. Lêmbu Nandini dipún titihi Bathari Durgå dipun iríng pårå wadyå bajobarat. 6. Gårå-gårå Kyai Téjamantni sakíng tanah sabrang dhatêng tanah Jawi, ngongasakên kasêktèn kalangkunganipún. Sadåyå ingkang dipún tantang sami ajríh. Wusånå kapanggíh Kyai Bådråmåyå, lajêng tantang tantangan ngabên kasaktèn kalangkungan, lajêng tantang tantangan nguntal rêdi. Sintên ingkang sagêd kolu nguntal rêdi pusêr tanah Jawi, inggih punikå ingkang mênang. Kyai Bådråmåyå anggènipún nêdhå rêdi dipún puluki saking sakêdhík, wêkasan sagêd têlas. Déné Kyai Téjamantri rêdi satunggal dipún untal malang, bótên sagêd kolu, malah lajêng suwèk cangkêmipun, padharanipún mlêmbúng, dhawah kantåkå. Kyai Bådråmåyå lajêng késah sakíng ngriku. Kocap wóntên titah gólónganíng siluman sakíng jagad Wétanan, nåmå Bikíng, inggíh Kyai Såråhita, dhatêng ing pusêring tanah Jawi. Sumêrêp Kyai Téjamantri kantåkå, lajêng dipún usadani,têmah waluya. Sakalihipún lajêng sami nutugakên lampah, wangsúl dhatêng tanah sabrang.
Sigêg.
 Kyai Tejamantri
|