20 Lampahan Bathara Brama Krama - 02 = 02 / 04 =
4. Madêging pråjå Gilingåyå, Prabu Kålå Iråmbå, Patíh Kålå Wisudhåyakså, êmban yaksi Nyai Tumênggúng Layarmêgå, bupati sêpúh Kålå Sindhúngriwút, lan pêpak pårå wadyå yakså. Prabu Kålå Iråmbå tansah gandrúng gandrúng Dèwi Supråbå. Manawi bótên dipún parêngakên, nêdya ngrisak Kahyangan. Nyai Tumênggúng Layarmégå tansah ambómbóng lan mrayógakakên, supadós langkúng rumiyín utusan wadyå punggåwå pangarså, nglamar dhatêng Kahyangan Surålåyå. Sang prabu andhahar ing atúr, lajêng utusan Dityå Kålå Pragålbå, mundhi nawålå panglamar. Bibaran paséwakan. 5. Ing pasowanan jawi dênåwå, Dityå Kålå Pragålbå, Kålå Sonåpracékå, Kålå Córómóndó, Kyai Téjåmantri, Såråhitå lan wadyå dityå. Ngrêmbag tåtå tåtå ing damêl, lajêng bidhal. 6. Madêgíng wånå Krêndhåwahånå, Bathårå Gånå kapati tåpå bråtå, sêmadi maladi hêníng, nyuwún dhatêng Hyang Måhå Kawåså, sagêda ruwat anggènipún salah kadadèn, rupi dênåwå muståkå dwipånggå. Bótên watawís dangu Bathari Durga rawúh, paríng sabdå, milanipún salah kadadèn rupi dênåwå múståkå dwipånggå, margi nalikå samantên nuhóni wêcaníng papasthèn, bilíh Prabu Kålå Nilårudråkå punika satuhu sakalangkúng sakti måndrågunå, bótên wóntên titah ing marcåpådå ingkang sagêd ngasórakên kasêktènipún, kajawi ing bénjíng putranipún Bathårå Guru ingkang miyós salah kadadèn, rupi dênåwå muståkå dwipånggå. Wêkasan kalaksanan, Prabu Kålå Nilårudråkå sawadya sagêd sirnå déníng Bathårå Gånå, sírna mêmalaníng Déwå. Nangíng ing sapunika sampún kalamangsanipún Bathårå Gånå rinuwat dadós rupi bagús, kanthi sarånå kapuríh têtulúng malíh karépótaning Déwå, nyirnakakên råjå dênåwå Prabu Kålå Iråmbå sawadyå ingkang nêdyå ngrisak Kahyangan Surålåyå. Bathårå Gånå ngèstókakên dhawúh, nyuwún pamít, lajêng bidhal. Lampahipún Bathårå Gånå samargi margi tansah têtulúng dhatêng pårå janmi ingkang ambêtahakên, inggíh punikå ingkang dipún wastani tåpå Ngramé. Kocap lampahipún Dityå Kålå Pragalbå sawadyå sampún ngambah èrèng èrèngíng wukír Jamúrdipå, kapapag Bathårå Citråråtå sawadyå. Sulayaníng rêmbag, dadós prang Bótên watawís dangu Bathårå Gånå dhatêng ambantu prang pårå Déwå, wêkasan pårå dênåwå kasór pêrangipún, sami lumajêng ngunduri. Bathårå Gånå lan Bathårå Citråråtå sawadya ngêmpal dadós satunggal, sami nutugakên lampah.
 Dityå Kålå Pragalbå
|