24 Bathara Wisnu Krama 02 = 02 / 04 =
5. Madêg ing pratapan Ékåwarnå, Bagawan Késåwåsiddhi wóntên ing pacrabakan, dipún adhêp cantrík lan ingkang putrå putri Éndhang Srisumêkar, ingkang kagungan taman Sriwêdari ingkang katuwuhan sêkar Wijåyåkusumå panggêsanganipún tiyang sabumi, nangíng sêkaripún ing sapunikå katingal badhé layu, margi kapisah kaliyan cangkók lan dhangkèlipún. Kacariyós ing wêkdal punikå Éndhang Srisumêkar ingkang sampún ngangkat déwåså, ing dalu néndrå supênå kråmå kaliyan Bathårå Wisnu, têmah kasmaran. Anggubêl nyuwún dhatêng ingkang råmå, kapuríh andhaupakên kaliyan Bathårå Wisnu. Bagawan Késawasiddhi kétang trêsnanipún dhatêng ingkang putrå, mila lajêng bidhal nêdya ngupadósi Bathårå Wisnu. 6. Madêg satêngahing wånå wåså, Bathara Wisnu tåpå bråtå mêsu sêmadi wóntên sangandhaping wít mandirå krêsnå, margi sangêt pakèwêd anggènipún badhé kapanggíh malíh kaliyan Bathari Pratiwi. Kyai Bådråmåyå tansah nênggani anggènipún tåpå bråtå Bathårå Wisnu. Ingriku katungkå rawuhipún Bathårå Guru, mudharakên tåpå bratanipún, sartå paríng sabdå, bilíh gêgayuhanipún Batharå Wisnu badhé énggal kalaksanan, kanthi sarånå kadhawuhan anjangkêpakên sêkar Wijåyåkusumå kaliyan cangkók lan dhangkèlipún. Bathårå Wisnu nêdyå ngèstókakên sabdå. Bathårå Guru wangsúl dhatêng Kahyangan, Bathårå Wisnu bidhal lumampah kadhèrèkakên Kyai Bådråmåyå. Lampahipún wóntên ing margi kapapag Dityå Kålå Parangkróng sakancanipún. Sulayaníng rêmbag, dadós pancåkårå. Wêkasan pårå manggalaníng yakså sami pêjah sadåyå, Téjamantri lan Sarahita tuwín sakantuníng pêjah sami lumajêng wangsúl dhatêng nagarinipún. Bathårå Wisnu lan pånåkawan nglajêngakên lampah, kapanggíh Bagawan Késåwåsiddhi, ingkang lajêng matúr, manawi putranipún putri kasmaran kapéngín ngawulå dhatêng Bathårå Wisnu, lan sagah ngaturakên sêkar Wijåyåkusumå. Bathara Wisnu nyagahi, lajêng sami bidhal sêsarêngan.
 Bagawan Késåwåsiddhi
|