| Suluk Pedhalangan - |
| Atur Pangiring - |
![]() SULÚK PADHALANGAN ABÅSÅ JÅWÅ KINÅ ÍNGKANG LÊRÊS TUWÍN KATRANGANÍNG TÊMBÚNG - TÊMBÚNGIPÚN Kaimpún déníng : S. Padmósoekótjó Dhandanggulå Mamríh manís palêsthaníng tulis, pinèngêtan Slåså Paíng tanggal, píng pitulas wayah soré, Mèi sangkalan taún, SUKA WULANG THRUSTA SAJATI, jumbúh lan warså Jåwå, Jimawal íng windu, Kuntårå íng måså såddhå, madilawal píng wólulikúr marêngi, ARÚM LUHÚR TRÚS THÊNG TYAS. Nuwún, Sarèhníng pangêcapan durúng sagúh mènèhi tanꧤå tanꧤå aksårå kang samêsꧢiné tumrapíng panulisé aksårå båså Jåwå - Kunå, mulå pårå maós kêrsóå migatósaké sêratan tangan kang kapacak íng sabên íng sulukan. Sêmono ugå pênulisé pêpêt íng aksårå Latin, kang kuduné nganggo tånꧤå capíng, durúng bisa minangkani. Mugå åjå kurang íng pamêngku. Pênêrbit. Atúr Pangiríng. Nuwún, Anggèn kulå ngimpún ”Sulúk Padhalangan Abåså Jawi Kinå” kanꧢi katrangan têgêsíng têmbúng têmbúngipún,sasampúnipún kulå mirêng / mangêrtós bilíh : 1. Sulúk sulúk abåså Jawi Kinå íngkang dipún ucapakên déníng para ꧤalang, íngkang sampún naté kulå pirêng wóntên íng pagêlaran ringgít púrwå utawi sakíng giyaran RRI. umumipún sami kirang lêrês. 2. Sêrat sêrat ”Gêgaran Sinau Ndalang” íngkang sampún naté kulå waós, cakêpaníng sulúk sulúkipún íngkang abåså Jawi Kinå, umumipún inggíh kirang lêrês. 3. Para dhalang íngkang sampún naté kulå takèni, umumipún sami bótên mangèrtós dhatêng suraósíng cakêpanipún sulúk abåså Jawi Kinå íngkang dipún ucapakên. Sapunika jaman pêmbangunan. Padhalangan inggíh prêlu tumút dipún bangún. Íngkang kirang lêrês, prêlu dipún lêrêsakên. Sulúk Sulúkipún ꧤalang íngkang abåså Jawi Kinå kêdah kéngíng dipún têgêsi sêcårå ilmiah. Dhalang piyambak kêdah mangêrtós ꧤatêng suraósíng cakêpanipún sadåyå sulúk íngkang dipún ucapakên. Sulúk paꧤalangan abåså Jawi Kinå punikå, mèh sadåyå pêꧢikan sakíng Kakawín Bharatayuddha karyanipún Êmpu Sêdah lan Êmpu Panulúh íng jamanipún Prabu Jåyåbåyå (Kêdiri). Wóntên (1) íngkang pêꧢikan sakíng Kakawín Ramayana. Wóntên íng buku punika, sulúk sulúk abåså Jawi Kinå kasêrat íng aksårå Jawi kadós aslinipún. Ugi kasêrat íng aksårå Latin, kanggé para saꧤèrèk íngkang kirang pånå ꧤatêng aksårå Jawi. Kakawín punikå sabên 1 slokå utawi 1 padéswårå - 2 pådådirgå - 1 pådåpålå. Dhapukan-ipún Kakawín awêwatón Lampah lan Guru Laghu utawi ꧣóng ꧣing. Lampah punika kaꧢahíng wåndå sabên 1 (sêtungggal) pådåpålå. Guru (ꧤóng) punikå suwantên antêb (awrat). Lagu (ꧤing) punikå suwantên ampang (ènꧢèng). Íngkang kalêbêt Guru punikå ungêlipún wåndå íngkang : I) Aswantên panjang. II) Wåndå måwå ”e” utawi ”o”. III) Wåndå sigêg. Sanèsipún tigang warni punikå kalêbêt Laghu. Guru utawi Laghu punikå bótên namúng pinanggih wóntên íng sabên wêkasaníng pådåpålå, nangíng ugi pinanggíh wóntên íng wiwitan lan têngah têngahipún pådåpålå. Sarèhníng ꧤapukaníng Kakawín punikå nganggé wêwatón íngkang Gumaꧢók sangêt, cakêpanipún bótên kéngíng dipún éwahi íng sapurún purunipún kêmawón. Såyå bótên kéngíng, manawi anggènipún ngéwahi punikå njalari cakêpanipún Kakawín lajêng dadós ungêl ungêlan íngkang tanpå têgês. Punikå nåmå ngrisak utawi mbibrahakên Kakawín. Prêlu kawuningan : 1. Sulúk sulúk abåså Jawi Kinå íngkang kawrat íng buku punikå namúng miturút ungêlipun íngkang asli, tanpå wêwahan wåndå ”o” íngkang minångkå Kombangan. 2. Sulúk abåså Jawi Kinå íngkang kanggé ”Ådå ådå” (ådå - ådå grêgêt saút), limrahipún bótên ngantós dumugi wêkasanipún slokå. Wóntên íng pundi kèndêlipún (pêdhótipún), bótên prêlu kapratélakakên íng buku punikå, sabab pårå dhalang têmtu sampún ngrêtós. 3. Katranganíng têmbúng têmbúng íngkang kawrat íng buku punikå sapérangan agêng miturút ”Oud Javansche - Nederlandsche Woordenlijst door Dr. H. H. Juynboll. Satunggal kalih wóntên íngkang miturút Bausastra karanganipún J.F.C. Gericke lan T. Roorda. Sadåyå panyêdå (kritik) íngkang tumuju murih saéníng isinipún buku punikå, baꧤé katampi déníng pangimpún kanꧢi atúr panuwún. Pangimpún, S. Padmósoekótjó Sumber : Pustaka Wayang |



























