014. Kadhung Klebus
Pirang-pirang dinå iki langité suntrút. Wiwít ésúk nganti soré praéné kaya kalurúp pêtêng bêngi. Mênåwå tå udan blêbah. Móngsók mångså kêtiga ésúk-ésúk udan. Rak yå ora pantês.
 
Cêrita Cêkak -  

14. Kadhung Klebus

Pirang-pirang dinå iki langité suntrút. Wiwít ésúk nganti soré praéné kaya kalurúp pêtêng bêngi. Mênåwå tå udan blêbah. Móngsók mångså kêtiga ésúk-ésúk udan. Rak yå ora pantês. Malah sók ånå unèn-unèn mêndhúng ésúk kêtigå dåwå. Srêngéngé waé múng nginjên saklèlètan. Gèk hawané njêkút sisan. Åpå yå ora marakaké ati dadi ngêkês.
Kabèh wóng pådhå têmandang ngåpå tå ngåpå. Síng mênyang sawah yå mênyang sawah. Ora kétang ngubêngi galêngan thók. Banjúr lunggúh dhêlêg-dhêlêg. Síng mênyang wadhúk yå mênyang wadhúk. Najan uga múng mêgóg-mêgóg ånå mbranjang. Jalaran kêgåwå håwå síng angêt banyu gênthóng. Sêmono ugå síng mênyang sêkolahan. Guru-guru sêkolah iku múng pådhå nyêkukruk. Udad-udúd linthingan gawéyan.
Bédå manèh si Usúp. Amargå olèhé dódólan mênyang warúng ugå ramé wóng nggódhóg wédang, warúng banjúr ditutúp krêkêp. Ditinggal bali ngomah, banjúr thêngór-thêngór nyawang ingón-ingóné síng thêngór-thêngór nyawang Usúp. Adaté såkå warúng digawakaké rambanan kalanjånå. Nangíng iki blas ora digawakaké åpå-åpå. Gêdhèn-gêdhèn kalanjånå, gódhóng mlandíng sakcoklèkan íng pinggír dhalan waé babar pisan ora.
Síng wédók wís suwé ora ånå síng wêrúh parané. Upåmå ånå ngomah ésúk-ésúk åpå yå arêp jagóngan ngglênúk, wóng karo wóng lanang. Kåyå ora tau kêpêthúk waé. Túr manèh athík kåyå têmantèn anyar, olèhé posah-pasihan paribasan main kêtoprak.
"Ora lho, Súp. Iki mau kók olèhé risik. Åpå olèhé dódólan dibóróng uwóng apa piyé?" pitakóné êmbóké.
Êmbók? Lumrahé wóng jêjodhoan yå omah déwé. Lha kók isíh nggamblók karo êmbók. Nangíng piyé manèh, wóng êmbóké wís tuwå. Wís ora kuwat nyambut gawé, kamångkå Mbók Sutík isíh sênêng uríp. Åpå munggúhnå êmbók siji waé arêp dikono-kono. Êndi jêjêré dianak-anakaké uwóng yèn banjúr nyiyå-nyiyå wóng tuwå.
"Ora nggagas, Mbók. Atiku iki lagi ora karu-karuwan. Judhêg dhêg yèn wís ngéné iki."
Êmbóké ora mangsuli. Wóng Mbók Sutik iku jané ora kêpingín mudhêg åpå-åpå pêrkarané Usúp. Dhèk êmbèn mono, ndêk isíh roså tau élík-élík. "Wóng ora dhuwé mbók ora usah dhuwúr-dhuwúr angên-angêné. Sêpirå pêmêtuné wóng êbêr-êbêr. Kók ndadak mupu bocah nganti papat barang. Gèk karêpé kabèh karêbèn pådhå kuliyah."
Barêng wís mêncit ruwêt rêntêngé, ora lidók síng loro dróp out. Gèk iki síng kêmbar kèri mogak-magik. Pijêr mógók waé. Wragat nyaút kånå nyaút kono, tambah pupóné sambat lårå. Wêrnå-wêrnå waé. Síng durúng bayar SPP, síng êntèk kós-kósané, síng cumpèn sanguné, síng ora kåyå kanca-kancané, numpak sêpédha anyar, ora dhuwé hp síng anyar dhéwé, ora iki ora iku. Pungkasané mèlu-mèlu dróp out.
Usúp dhéwé mèlu-mèlu wêgah-wêgahan arêp ngåpå-ngåpå. Ngåpå répót-répót diréwangi rêkåså yèn síng diarêp-arêp wís séjé gagasané. Mbók wís gèk ménakké awak. Najan ora tau ongkang-ongkang kåyå wóng síng wís pikún. Géné ora ånå síng diurús awaké dhéwé yå pêrlu diurús.
***
Kahanané Usúp tambah susah, anggêr nyawang langité isíh bruwêt. Íng kånå kéné lamuké tambah kandêl. Najan ora tau dadi udan tênan. Saiki dhèwèké kèlingan karo Rati , síng wédók. Bênêré wís kirå-kirå sêpulúh taún Usúp karo Rati pisah ambèn. Pêgatan yå ora. Nangíng wóng jêjodhoan kok ora klóp iku yå gèk piyé. Wóng loro atèn-atènané pancèn padha atósé. Usúp yå múng ngguróni karêpé dhéwé, andan-andan gawé ngamal bêcík, wóng durúng duwé mómóngan dhéwé. Nangíng síng wédók ora cócóg. Kåyå panêmuné êmbóké Usúp. Gandhèng ora tau kêplók síng wédók pilíh ora awór karo Usúp.
Gêdhèn-gêdhèn opèn-opèn pupón nganti papat. Sêdhêng êmbóké ditêngênaké waé Rati ora tau sarujúk.
"Wóng ånå panti jompo lho, Mas Usúp. Mbók wís didókók kånå waé. Karomanèh awakmu ya ora isa nyujupi butúhé êmbókmu. Sêsasi åpå róng sasi pisan tilík mrånå rak yå biså. Bèn simbók dhéwé iså kawór karo kanca-kancané," kandhané Rati zaman têmantèn anyar-anyarané.
"Ora, Dhík! Móngsók dhuwé wóng tuwå siji waé arêp dipantèkaké. Gèk ånå ngêndi piwalêsé ånå diopèni wóng tuwå biyèn," wangsulané Usúp.
"Lha têrús aku piyé, Mas? Awan sliramu mênyang warúng. Bêngi ngopèni êmbókmu. Durúng síng pupón-pupónmu. Åpå aku kók dadèkaké batúrmu ngono waé?"
"Dhík, wóng jêjodhowan iku ora múng nggathúkaké aku ora sliramu. Najan simbók åpå sêdulúr yå kudu digathukaké. Yèn múng pêrlu aku karo sliramu nyat ora ånå bédané, Dhík!"
"Bédå síng kêpiyé hé, Mas? Síng ora ånå bédané iku panêmumu åpå panêmuku? Yèn sliramu ajêg ngono iku síng ora ånå bédané yå panjênêngan dhéwé tå, Mas?"
"Ora, Dhík. Yèn ora cócóg yå uwís!"
"Yå uwís! Mumpúng durúng kasèp aku yå wêgah yèn múng kókdadèkaké kåyå babumu waé. Jaman sakiki lho, Mas. Dudu jaman dhèk sêmånå. Jaman sakiki iku wóng wédók jaré wênang ngatúr awaké dhéwé."
Sangsåyå angêt ómóng-ómóngané Usúp karo Rati dhèk sêmånå. Rina wêngi anggêr ånå wêktu lodhang mêsti dibolan-balèni. Najan arêp mapan ånå paturón yå kobêr èyèl-èyèlan. Kèri-kèri omah-omah iku múng kajat patang dhina. Rati trimå urip ijèn karo awaké. Sêdhêng Usúp têtêp ngugêmi karêpé dhéwé. Ngabar-ngabaraké waé yå ora tau. Tånggå-tanggané nganti pådhå ngråså. Usúp iku kók olèhé ora ngawaki. Ora kèlingan åpå piyé jaman arêp éntuké Rati biyèn. Diréwangi bêngi-bêngi grumutan mènèki cêndhélå diurak wóng akèh. Disênggúh arêp malíng.
***
Kabèh síng tau ditakóni kåyå kétók ngéglå. Saiki Usúp lagi ngrasakaké tênan barêng kabèh síng digånthå-gånthå buyar. Mênêng-mênêng warúng ugå wís kadól.
Kanggo mbayari utangé olèhé ngragati pupón-pupóné. Usúp múng kari diwènèhi wêktu sêsasi manggón ånå kånå. Simpênan mas-masan tambah mokal. Bubar buyar. Pupón-pupóné ugå mèlu-mèlu bubar-buyar golèk uríp dhéwé-dhéwé. Kari êmbóké síng isíh sênêng nginang susuran mbako énak.
"Súp, ora kèlingan sisihanmu åpå? Mbók sók-sók iku diéndhangi. Wóng sisihan wís sêprono-sêpréné kok ora tau gêpók sénggól. Yèn pisahan ora pisahan. Yèn balèn ya ora balèn-balèn. Karêpmu iku piyé hé, Lé, Súp? Åpå tiru-tiru nggón tilipisi kaé? Jêr rabi jêr pêgatan? Gèk síng diburu iku åpå jan-jané? Gonta-gantiyå kaping sèkêt jaran kaé yå yå pådhå waé," grênêngané êmbóké.
Usúp tambah olèhé pêtêng ndhêdêt. Kåyå pêtêngé langít patang ndina iki. Nyobå nggléthak ånå lincakan ya múng kêlap-kêlóp ora bisa mêrêm. Gagasané mrånå-mrånå parané. Wóng tumindak, najan wís ditåtå mêning-mêning jêbúl sók ora mêsti lêmpêng dadiné.
Kêsandhúng-sandhúng íng waråtå kêbêntús bêntús íng tawang. Mênåwå tå ora jumbúh karo kêrsané Pangéran. Wís, pókóké nanggóri jaman kåyå ngéné iki åpå-åpå sarwa angèl. Bêgjané síng kêlakón dadi panggêdhé åpå wakilé rakyat. Kêpêrluan sêdinå-dinané ora dadi soal, najan ora ånå síng diwakili. Pancèné dadi pårå-pårå iku glèthèk pêthèlé múng pagawéyan kanggo ngurang-ngurangi pêngangguran. Dadi mokal duwé pangarêp-arêp gêdhé karo wakíl-wakíl iku.
"Súp! Ngåpå sliramu iku?" panyêluké êmbóké manèh.
"Ngåpå tå, Mbók. Aku lagi putêg. Urípku saiki kók kåyå ora ånå gunané ta, Mbók. Arêp ngåpå-ngåpå kók anané múng wêgah kåyå ngéné. Åpå aku iki lårå ta jané hé, Mbók. Wóng aku ora lårå. Apa manèh kók ndêlah åpå ngênglêng. Ora sudi ngênglêng aku lho, Mbók!"
"Lha yèn ora iku yå gèk élíng. Aku iki kangên tênan lho, Súp, karo sisihanmu. Biyèn omah-omah sliramu takragadi. Ora sithík. Lha kók pungkasané diêntèn-êntèni rêmbugé kók ora tau cablúng."
"Ora ngêndikå kangên lho, Mbók. Mêngko rak ndaraki aku síng diarani ngono. Síng tak ngonokaké waé apané. Wóng dhèwèké waé ora tau ngrasakaké åpå-åpå."
"Ora krasa ya bèn ora kråså. Nangíng wóng lanang iku wajibé ngluru, ora diluru. Aku kók tinggal ora åpå-åpå anggêré aku ora kók pantèkaké. Ora kók nggaya, api-api ora butúh wóng wadón."
Haaah! Aras-arasên, Mbók. Aku kuwatír yèn dhèwèké muni-muni kåyå ndisik manèh. Pancèn aku iki yèn karo wóng wédók wêdi lho, Mbók! Wís ora tau mènèhi åpå-åpå. Mêngko yèn têkå-têkå ditundhúng lungå åpå ora wirang?"
"Alah jabang bayik, Lé, Súp! Andikna ngaku dadi wóng lanang. Wêdi iku rak yå mapan nggåwå êmpan ta, Nang! Yèn karo sisihan kók banjúr wêdi iku gèk lanangmu kók dókók ngêndi? Karo macan waé paribasan kók wanèni barêng karo wóng wadón kók kåyå..."
Diunèni kaya mêngkono karo êmbóké Usúp dadi njênggèlèk. Ududé diguwang banjúr ngadêg. Ngongkak-angkèkaké bangkèkan. Ora suwé klithih-klithik njupúk sandal jêpít. Kók yå kêbangêtên wís sêpuluhan taún ora éndhang-éndhang sisihan. Åpå síh dibacútaké åpå ora. Yèn isíh yå gèk piyé mêsthiné. Yèn ora ya gèk kêpiyé ngono jaréné. Dadi wóng wadón iku yèn nanggúng suwé-suwé ora bêcík. Dirasani kiwa têngên. Mêngko gèk mênêng-mênêng wís suwé oléhé bukak dhasar.
***
Wóng yå múng nyangklêg. Pêrnak! Ngêpèk sanak. Mulå awan iku ugå Usúp wís têkan nggóné síng wédók. Rékaké yå karo nggåwå ênthil-ênthil warúng. Bèn kênå kanggo mbêsêli si Rati. Såpå ngêrti têkå-têkå ditundhúng lungå tênan. Niyat ingsún olèhé mlaku rådå ndhêlík-ndhêlík bèn ora kêsawang wóng. Kuwatír ugå yèn diarani arêp sêtór.
Têkan Panggónané síng wadón kók yå kaya dirancang. Si Rati yå wis tåtå-tåtå arêp mênyang panggónané Usúp. Ora bédå Usúp, Rati ugå nggåwå ênthil-ênthil apêl soklat sêkilo. Dhèwèké nggagas, åjå-åjå Usúp ora karênan ditêkani. Wóng wís suwé bangêt ora gêpók sênggól.
"Tujuné iki mau durúng budhal, Mas. Athukå rak yå kêcélík."
"Aku lagi ngandêl sakiki, Rat. Jêbúl sliramu duwé prasaan tå?"
"Síng takón iku sakjané dudu sliramu, Mas. Níng aku!"
"Yèn bêngi aku isíh limpang-limpung kèlingan sliramu dhèk êmbèn lho, Rat!"
"Uwah, gayamu!"
Wóng loro pådhå mèsêmé. Banjúr rangkúl-rangkúlan kêkêt! Wóng wís kadhúng klêbús gèk arêp piyé manèh. Thêlèk kêcêmplúng kalèn, tinimbang golèk yå aluwúng balèn. Awan iku mandhúngé sumilak padhang. Srêngéngéné bali mêncêngèh kaya adón-adón lêbar dikópóhi.


::Déníng: Sutarmanto::
Kapethik saking : Jagad Jawa - Solopos
http://www.solopos.co.id

 kds penutup
wangsul-manginggil

mfx brokerсковорода гриль икеа отзывыооо полигон адрес

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

9947304
  Hari ini     :  Hari ini :696
  Kemarin     :  Kemarin :1407
  Minggu ini   :  Minggu ini :6279
  Bulan ini   :  Bulan ini :3493
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6517
Online : 12

Kontak Admin.

email-kidemang