Ki-demang.com : Kongres Bahasa Jawa 5

Kaca Ngajeng

logo-kbj5


ikon-buku-tamu

Kesekretariatan

Alamat-Sekretariat
Badan-Pekerja
Rencana-Kerja
Jadwal-Kongres

Pendaftaran

Pendaftaran-(B-Indonesia)
Pendaftaran-(Bhs-Jawa)
Pendaftaran-(Carakan)

Data & Seleksi Makalah

Data-Abstrak-Makalah
Teknis-Penulisan-Makalah
Hasil-Seleksi-Makalah

Isi Makalah

Makalah-Kunci
Makalah-Komisi-A
Makalah-Komisi-B
Makalah-Komisi-C
Makalah-Komisi-D
Makalah-Komisi-E
Makalah-Pengombyong

Rekomendasi - KBJ 5

Isi-Rekomendasi-KBJ-5

Daftar Peserta

Peserta-Luar-Negeri
Peserta-Institusi-Lembaga
Peserta-DI-Yogyakarta
Peserta-Jawa-Timur
Peserta-Jawa-Tengah
Rekap-Peserta

Galeri Foto - KBJ 5

Galeri-Foto-KBJ-5

  Jumlah Pengunjung

1871686
Hari ini     :Hari ini :30
Kemarin     :Kemarin :62
Minggu ini   :Minggu ini :219
Bulan ini   :Bulan ini :3419
s/d hari ini   :s/d hari ini :1871686
Jumlah Kunjungan Tertinggi
10-29-2025 : 605
Pengunjung Online : 1

Kontak Admin.

email-kidemang

Makalah Komisi - C - (#24)

 

Wigatine “Wong Gendheng” Sajroning Sanggar Sastra Jawa

Dening : Sunarko Budiman


ABSTRAK

 

Kiprah lan solah sastrawan Jawa, utamane sastra Jawa Gagrag Anyar (modern), terus lumaku tanpa mandheg. Sastrawan Jawa (lan para pendhukunge) saka kelompok (paguyuban, sanggar, grup, langen, lsp), lan pawongan terus “gerilya” sajroning kahanan ngrembakaake kebudayaan kang sajake wiwit nggerus jatidhiri bangsa, mligine kaum mudha Jawa. Akeh pawongan lan lembaga pemerintah (embuh wis liwat uji panaliten lan mung nyawang gebyare njaba) kang “ngecap” jare jati dhiri kaum mudha Jawa wiwit luntur, tatakrama, muna-muni, lan unggah unggah wis ora alus lan mungguh maneh. Nilai adi luhung etika Jawa arupa andhap asor, lembah manah kang tumuju mring susila anuraga kudune wiwit dadi pakulinan dicakake sajrone kulawarga, sekolah, instansi pemerintah, lembaga-lembaga swasta (budaya, adat lan agama) sarta pemberdayaan masyarakat. Ing kamangka kanyatan wis mbuktekake yen basa lan sastra Jawa gedhe andhile kanggo ningkatake nilai moral lan etika masyarakat. Ngopeni lan nglestarekake nilai adi luhung etika Jawa mau ora mung pinter ngomong lan lanyahe maido nanging dibutuhake birokrat kang tanggap, loman, lan gelem ngopeni basa Jawa. Anane payung hukum arupa Unlang-unlang Dasar 1945 Amandemen Bab XIII Pasal 32 ayat (2), apadene Penjelasan Bab XV Pasal 36 lan Peraturan Daerah (layang kekancingane Gubernur) kang majibake pengajaran basa Jawa ing pawiyatan minangka muatan lokal wajib wae ora cukup. Salah siji sranane maneh anane organisasi (sanggar lan paguyuban) ing sajroning kono kudu ana (syukur bage yen akeh) “wong gendheng” kang sengkud gumregud nggulawenthah basa Jawa, kang wani isin ngrangkul sapa wae (slaras karo visi lan misine) sarta ikhlas korban apa wae kanggo nrubus lan mrajakake tunggak jati supaya bisa urip subur sanajan kudu semendhe tunggak jarak.

I. Cecala

Sejatine ukara kang dakanggo irah-irahan iki ora narik kawigaten blas. Wis kena dibatang yen ukara kang ana njero tandha petik kuwi, yaiku “Wong Gendheng” nduweni teges kang cetha, nggendheng. Nanging ana sawetara pawongan kang sajake merlokake katrangan. Mula, sadurunge ngaturake kanthi terwaca andharanku sateruse, luwih dhisik dakaturake babagan kang gegayutan karo istilah utawa tembung “Wong Gendheng” iki.

Manut Kamus Pepak Basa Jawa, tembung “gendheng” madeg dhewe sing nduweni teges ora ana. Anane malah wis negesi saka tembung gemblung kang ateges gendheng, elan (Sudaryanto dkk 1991:300). Kajaba kuwi, “gendheng” ing basa Indonesia uga ateges gila, elan (Sudaryanto dkk, 1991:94). Isih ing katrangan sateruse, yen “menggila” nduweni tegese nggemblung, ngelan. Lha, yen daktulis ana njero tandha petik kuwi mesthine ora nduweni teges wantah. Tembung “Wong Gendheng” bisa uga diteges nggendheng, pawongan sing ethok-ethok gendheng, rewa-rewa gemblung, utawa ngelan ngono kuwi mau. Dadi, pawongan sing nggendheng iku ora kok gendheng temenan, owah pikire, terganggu jiwanya (SA Mangunsuwito,2002:58). Genahe, “wong gendheng” iku wong kang waras jiwane nanging anggone tumanlang gawe, saking ngemban tanggungjawab sing temenan direwangi nggendheng mau.

Tembung 'sanggar sastra' bisa ditegesi omah utawa papan kang digunakake dening para pengarang lan pandhemen sastra (Jawa) kanggo ngalani kegiyatan lan diskusi babagan ilmu sastra, mligine sastra Jawa. Antarane,

 

◊ Sanggar Seniman 1955 (Madiun),

◊ Sanggar Sastra Nur Praba 1970 (Palur),

◊ Sanggar Parikuning, 1974 (Banyuwangi),

◊ Sanggar Sastra Brayan Muda, 1976 (Yogyakarta),

◊ Sanggar Bening Penulis Muda Semarang 1978 (Semarang),

◊ Sanggar sastra Triwida, 1980 (Tulungagung),

◊ Sanggar Sastra Gambir Anom 1986 (Godean),

◊ Sanggar Kalimasada, 1990 (Kutoarjo),

◊ Sanggar Sastra Penulis Muda Kudus, 1991 (Kudus),

◊ Sanggar Sastra Rara Jongrang, (1982) ing Yogyakarta, lan
   liya-liyane. (Hutomo,1988: 261-263 jroning Budiman, 2006:111))

 

Ana kelompok sastra kang migunakake jeneng liya, antarane, Puspita Mekar, 1955 (Tulungagung), Organisasi Pengarang Sastra Jawa, 1966 (OPSJ) Yogyakarta (nduweni 4 cabang: Komda Jateng, Komda Jatim, Komda DIY, lan Komda Jabar/Jakarta), Bengkel Sastra Sasana Mulya,1971 Surakarta, lan liya-liyane.

Kajaba iku, tembung sanggar bisa uga digunakake kanggo nyebut tembung “paguyuban' kang tegese 'pakumpulan'. Tuladhane Paguyuban Pengarang Sastra Jawa Surabaya (PPSJS), Sanggar Seni sastra Kulon Progo, lan Paguyuban Sastrawan Jawa Kabupaten Sleman (PSJKS) lan liyane maneh. Ana maneh kang dhemen nganggo tembung “grup” utawa pamarsudi. Upamane, Grup Diskusi Sastra Blora, 1972, lan Pamarsudi Sastra Jawa Bojonegoro.

Tembung sanggar minangka papan kanggo olah sastra wis madeg utawa wis ana wiwit taun 1890, rikala saselane pujangga R Ng. Ranggawarsita (Widati dkk, 1999:40). Papan paguyuban iki mau migunakake jeneng Paheman Radya Pustaka lan Paheman Panti Basa kang madeg ing tanggal 15 November 1941. Ing Kadipaten Mangkoenegaran uga njedhul paguyuban kang ngopeni sastra Jawa kanthi aran Gerombolan Kasusastran Mangkoenegaran. Paguyuban-paguyuban mau nduweni ancas tujuwan kang pada karo paguyuban sadurunge, yaiku kepengin ngopeni basa lan sastra Jawa kang wis dianggep rusak. Kajaba nerbitake kitab kasusastran Jawa, uga nerbitake majalah bulanan Sasadara lan Tjandrakanta. (Hutomo, 1988:81)

Paguyuban-paguyuban Jawa minangka asset basa Jawa bisa kagolongake dadi 3 pantha yaiku

 

1. Paguyuban keagamaan lan penghayat kepercayaan, utamane ing
    agama Islam lan Kristen. Tuladhane kelompok pengajian, yasinan,
    kegiyatan khotbah, lan ceramah,

2. Paguyuban seni panggung, kang dibedakake dadi paguyuban seni
    tari, paguyuban seni musik, paguyuban seni teater tradisional lan
    teater modern. lan

3. Paguyuban seni sastra (Suharmono, 2006).


andharan iki aku sengaja mung mbatesi ing paguyuban seni sastra kang sasurasa lan sawirama karo garapanku sasuwene 13 taun nggulawenthah murih tetep lestari lan ngrembakane sanggar sastra.

II. Nggulawenthah lan Ngrembakakake Sanggar Sastra Jawa

Ngungak satleraman sanggar lan paguyuban pengarang sastra Jawa dhek inguni. Ora adoh-adoh. Dakwiwiti saka mbukak cathethan taun sewidakan wae.
Taun 1966 ing Yogyakarta lair Organisasi Pengarang Sastra Jawa (OPSJ) kang nduweni ancas tujuwan

 

1. ngopeni lan ningkatkake nilai karang-mengarang jroning basa lan
    sastra Jawa;

2. menehi sumbangan lan pengabdian konkret jroning ngrampungake
    revolusi nasional Indonesia, khususe mujudake kebudayaan nasional
    Indonesia;

3. nglindungi lan memperjuangake kepentingan lan taraf panguripane
    para pengarang sastra Jawa; lan

4. ndhudhah panguripan rakyat minangka sumber cipta kang ora tau asat
    (Hutomo, 1988:258).

 

Kanggo nggayuh tujuwane mau, OPSJ mbentuk telung komisariat, yaiku Komisariat Jawa Tengah (N. Saklani, lkk), Komisariat Jawa Timur (Esmiet, lkk), lan Komisariat Jawa Barat/DKI (Trim Sutidja, lkk). Saka telung komisariat mau, mung komisariat Jawa Barat kang ora ngadani kegiyatan (Hutomo, 1988:259-260, jroning Budiman, 2006:111)

Karana OPSJ ora krungu kumandhange, taun-taun candhake banjur pating jumedhul sanggar lan bengkel. Taun 1970, Moh. Nursyahid P ngedegake Sanggar Nur Praba, banjur 1972 muncul Bengkel Sastra Sasanamulya Surakarta (Arswendo Atmowiloto, Ruswardiyatmo, lkk) lan Grup Diskusi Sastra Blora (Ngalimu Anna Salim, Poer Adhie Prawoto, lkk). Taun 1974 ing Banyuwangi lair Sanggar Parikuning kang didegne dening Esmiet. Surabaya wegah ketinggalan. Suripan Sadi Hutomo, sakancane ngedegake PPSJS (Paguyuban Pengarang Sastra Jawa Surabaya) ing taun 1977. Lagi ing taun 1980, Sanggar Sastra Triwida dibidhani Tamsir AS lair ing Tulungagung. Sabanjure muncul Kelompok Sastra Jawa Gunung Muria ing Kudus lan Jepara, Pamarsudi Sastra Jawa Bojonegoro (PSJB), Kelompok Pengarang Sasra Jawa Rara Jonggrang ingYogyakarta (1988, 261-263). Di antarane kelompok-kelompok iku kang isih aktif hingga saiki yaiku Sanggar Sastra Triwida (Riyadi, 1996:5). Kegigihan Sanggar Triwida anggone Amarsudi Basa lan Sastra Jawa uga diakoni Suparto Brata lan Suripan Sadi Hutomo. Kelompok-kelompok pengarang sastra Jawa kasebut mau, kajaba Sanggar Sastra Triwida, kahanane mrihatinake banget, karana kahanan sosial ekonomi para pengurus lan pengarange kurang mingsra (Brata jroning IKAPI, 1985:65-69; Hutomo, 1988:264-265, Budiman, 2006:112).

Tumekane taun 2011 iki sanggar-sanggar lan paguyuban mau uga isih kaya taun 90-an. Mung sawetara sanggfar lang isih keprungu gumontang lan kumandhange. Gumontang kridhane pengarange, lan kiprah solahe organisasi sing terus ngumandhang. Ing Yogyakarta (SSJY) sawise diculne Sri Widati, PPSJS (Surabaya) sawise ditinggal seda Suripan Sadi Hutomo, sanggar Parikuning (Banyuwangi) sawise Esmiet katimbalan, semono uga sanggar Triwida (Tulungagung) sawise Tamsir AS nututi seda, lan Pamarsudi Sastra Jawa Bojonegoro sawise Yusuf Susilo Hartono hijrah menyang Jakarta, kepriye “riwayatmu kini”?

Sanajan para penerus sejarah, generasi wis tumurun lan tongkat organisasi wis cinekel dening kang piniji, wondene ora kabeh organisasi pengarang (sanggar lan paguyuban) mau bisa urip kanthi tumata. Ora nganti ganep seminggu anggone ambegan, kepara malah mung karo rong ndina yaiku Senin lan Kemis.

Pola kepemimpinan jroning organisasi sastra Jawa nduweni pangaribawa tumrap laju lan maju, tuwuh ngrembakane sanggar lan paguyuban ana telung (3) jinis. Tuladha kapisan, ana paguyuban kang penguruse ngoyak lajune jaman, anggotane dikuya-kuya supaya katut iline jaman cyber, kacamaya, nanging ora ngopeni kepriye munggah kahanane para anggotane. Ora nate nglumpuk sapejagong. Ora nate sambung rasa lan angon rasa, anane mung rasan-rasan. Pangajake mau uga mung krana rerasanan wae. Jebule iya mung siji-loro sing gaduk mabur ing awang-awange donya maya. Nasibe organisasi banjur kaya gedhong magrong-magrong tanpa kaca, tanpa ventilasi, lan tanpa isi. Lha, para anggotane mabur sowang-sowang tanpa gondhelan lajere organisasi. Tanpa ngrumangsani dadi anggotane, awit tanpa melu organisasi kuwi wis isa dadio pengarang kondhang.

Kapindho, sanggar kang kerep kiprah ing jagade basa lan sastra tumemen banget. Para anggotane dikudokake nganggo basa lan sastra Jawa kang bener lan pener. Jamane Sang Paku isih jejeg ing Banyuwangi, ketua sanggar iku minangka guru (suhu) dene anggotane minangka siswa. Minangka pengarang senior, Esmiet taun 1974 wis mawanti-wanti marang pengarang mudhane kang sinau ajar ngarang ing sanggare, sapa wae ing sanggar Parikuning kudu nganggo basa Jawa, kajaba wong kang jujur kandha ora pinter basa Jawa (Esmiet, 1991:1). Pawadane Esmiet iku ana benere, sastrawan Jawa iku kudu weruh lan ngerti theg-kliwere (seluk beluk?) basa Jawa. Pawongan ora bakal kasil dadi sastrawan Jawa yen ora nyinaoni babagan basa Jawa.

Katelu, sanggar lan paguyuban kang kiprah sarta lajune organisasi manut anggaran dasar lan anggaran rumah tangga, cara saikine jelas visi lan misine. Antarane pemimpin lan anggotane ora ana jarak kaya dene guru lan siswa, ora ana jurang pemisah amarga penguruse kebat baud babagan IT njur anggotane cukup bisa nulis lan “payu” diwaca liyan. Sesambungan kanthi guyub rukun bisa kawangun srana anane tali silaturahmi kang wis rinancang kanthi jelas wektune. Saben rong wulan pisan ketemu, ngrembug lan nglelimbang babagan basa lan sastra. Bawa rasa lan ngesok rasa pangrasa anane pepalang sajroning ngengarang sasuwene ora ketemu.

Nitik kahanan kaya ndhuwur mau, (Hutomo, 1988:84 jroning Kasiyun, 2006:98-99) ngrinci organisasi pengarang sastra Jawa iku ana rong (2) golongan yaiku,
(1) organisasi pengarang kang sempurna, lan
(2) organisasi pengarang kang ora sempurna.
Oragnisasi kang sempurna iku nduweni anggaran dasar lan kepengurusan kang jelas. Dene organisasi kang ora sempurna iku amarga ora nduweni anggaran dasar lan kepengurusane uga ora jelas. Kepengurusan diarani ora jelas iku kalebu ana susunane pengurus nanging ora tau ana rapat utawa sapatemon rutin / berkala antarane pengurus lan anggotane. Dadi sing katon polah iku mung pimpinane wae, nganti sregepe pimpinan mau angel dibedakake iku makili organisasi apa krana sikep kepengarangane dhewe. Semono uga, saka para anggotane banjur tuwuh panganggep yen ora digepoksenggol dening penguruse. Malah anggotane nganggep yen ora ngerti organisasine mau isih ana penguruse apa ora. Sakbanjure, para anggota kiprah sowing-sowang, ora melu organisasi kuwi iya isih bisa ngarang, tulisane isih kerep muncul ing kalawarti lan wujud buku. Genahe ora cetha penguruse sapa, lan anggotane cacah pira, sapa ae. Kepemimpinan ngene iki sing karan kepemimpinan kono-kono, kene-kene (laisisfer).

Ana maneh organisasi sastra Jawa sing kaya lumrahe sekolahan utawa beguron. Anane suhu (guru) lan siswa (cantrik). Ing kene pimpinan minangka “penguasa tunggal” kang kudu dianut samubarange, amarga ora ana anggaran dasar lan anggaran rumah tanggane. Organisasi ngene iki urip sajroning suasana “dictator”.

Kang kalebu organisasi pengarang sastra Jawa sempurna manut Kasiyun (2006:98) yaiku sanggar sastra Triwida Tulungagung kang dirintis almarhum H. Tamsir AS. Sasuwene dipimpin Tamsir AS sanggar Triwida kerep banget ngadani kegiyatan pembinaan basa lan sastra Jawa. Sanggar triwida wis akeh ngasilake crita wacan bocah lan buku novel basa Jawa. Kawitane mung nyakup telung (3) wilayah yaiku Tulungagung, Blitar lan Trenggalek saiki mblabar tekan njaban telung wilayah mau. Wiwit muncule (1980), Sanggar Triwida wis ngalami kaping telu owah-owahan pimpinan. Tamsir AS (1980 – 1994), Tiwiek SA (1994 – 1998) banjur Sunarko “Sodrun” Budiman (1998 – saiki).

Sanajan aran sanggar sastra, nanging anggotane ora mligi sastrawan. Sanggar Triwida uga nduweni anggota saka penulis basa Jawa kang ngisi rubrik ing majalah basa jawa, upamane rubric keagamaan lan tanem tuwuh. Malah uga ana anggotane sing dokter kewan. Nitik pakaryane sing mawarna-warna, PNS, pensiunan, ustadz, dokter kewan, mahasiswa, swasta, lan seniman-budayawan Jawa mau, cetha yen sanggar Triwida njembarake laladane. Tumekane taun 2011 iki anggotane wis ngrambah tekan wolung (8) kabupaten, Tulungagung, Blitar, Trenggalek, Kediri, Malang, Ponorogo, Madiun, lan Ngawi. Njembarake laladan keanggotaan mau ora salah, kepara malah manut lajering anggaran dasar lan anggaran rumah tanggane kaya kang wis cinathet ing akte notaris nomor 89, tanggal 22 Maret 1990 nalika ngedegake yayasan Triwida.

Nguripi Sanggar Supaya Urip, Dudu Sanggar Kang Uripe Mung Urip-uripan.
Upaya kang wis dilakoni dening sanggar lan paguyuban sastra jawa kayadene Sanggar Parikuning, Sanggar Triwida, PPSJS, PSJB, lan SSJY jroning nggulawenthah basa lan sastra Jawa intine padha. Kegiyatan-kegiyatan mau yaiku diskusi, workshop, sarasehan, seminar, lomba karya tulis, lomba maca guritan lan deklamasi. Mligi ing sanggar Triwida anggone kiprah nggulawenthah basa lan sastra Jawa ing antarane yaiku nerbitake buku-buku sastra Jawa, seminar sastra nekakake pakar-pakar sastra, ngadani bengkel penulisan kreatif ngundang pakar sastra, sarta lomba ngarang. Sumbangsih sanggar Triwida jroning nggulawenthah basa lan sastra Jawa uga katon saka anane rencana kerja sanggar. (Hutomo (1988:103 ing Kasiyun, 2006:99) Kang mbedakake yaiku “frekuensi” lan “volume” kegiyatane wiwit madeg tumekane dina saiki. Isih aktif lan kreaktif apa ora?

Secara umum, nyawang lan njlimeti sanggar utawa paguyuban iku isih “urip” bisa kawawas saka maneka warna, ing antarane kaya dakaturake ngisor iki. Tembung “urip” tumrape gunung merapi ngono isih ana tandha-tandha gembulenge mega putih saka pucuke, ana watuk-watuke, ana krodhane, lan ana efek resikone saka kang dimusababake. Lha, yen sanggar utawa paguyuban mau diarani isih “urip” iku kang kepriye?

1) Kahanane sanggar lan paguyuban

Kaya sing wis dakaturake mau, sanggar iku upama bisa diupamaake gunung, saka kadohan isih ketara kukuse gembuleng apa ora. Isih katon ijo royo-royo? Isih nuduhake anane panguripan manungsa lan kewan apa ora? Lha yen isih ana tandha-tandha kaya mangkono kuwi karan gunung “aktif”. Embuh kuwi gunung merapi apa dudu. Tegese “aktif” mau, padunung sakiwa-tengene gunung mau nganakake kegiyatan.

Sanggar lan paguyuban kang kinaran aktif, giyat, iku ketara saka eguh pratikele pengurus (utamane pimpinan/ketua) minangka mesin motor penggerake. Pimpinan mau kudu bisa dadi promotor, motor, lan provokator. Promotor sing nyeponsori, motor dadi penggerake, provokator sing kudu sregep lan tlaten ngureg-ureg, ngobong semangate para anggota supaya sengkut anggone ngarang basa Jawa. Sanajan diarani honor (pituwase) ora bisa nggo cagak urip padinan keluwargane, nanging sakora-orane bisa melu ngurip-uripi basa lan sastra Jawa.

Para warga sanggar Triwida, amarga saking sregepe nekani sapatemon rutin rong wulanan ing sanggar, ketemu kanca-kanca, lan kulawarga Triwida ora ngermake yen banjur sregep ngarang lan karyane saben minggu ngrenggani majalah basa Jawa (JB. PS lan DL). Sanajan ora ana iuran, ora ana sumbangan sukarela, nyatane sanggar Triwida nganti saiki isih madeg jejeg, kiprah lan solah ing madyaning bebrayan Jawa. Iki nuduhake yen sajroning sanggar mau pancen ana “wong gendheng”. Nggendheng anggone ngajak-ajak wargane ngarang (provokator), nggendheng ngadani kegiyatan (motor) sanajan sok-sok kudu cucul dana pribadi, ora njaluk ijol lho (promotor). Nanging dudu guru gendheng, muride sableng lho? Awit ing Triwida ora ana guru lan murid. Sing ana iku keluwarga. Apa kiprahe pimpinan sing kasebut mau jumbuh karo sing katulis ing Sastra Gendhing yaiku gendhing, gendheng, lan gendhang?

2) Kegiyatane sanggar lan paguyuban

Kudu dimangerteni yen sanggar lan paguyuban iku dudu siji-sijine ajang lan piranti nglestarekake lan ngrembakake basal an sastra Jawa. Isih akeh tunggale. Sakora-orane ana limang (5) aspek kang nduweni kewajiban supaya basa lan sastra Jawa kuwi lestari, tuwuh, lan ngrembaka. Wiwit saka pemerintah (Bab XIII pasal 32 ayat (2) UUD 1945 Amandemen), birokrat, kulawarga, lembaga pendidikan, lan masyarakat.

Madegake sanggar lan paguyuban sejatine mbiyantu pemerintah. Sanggar iku papan kanggo cocok kango nunjang kreatifitas penmgarang. Ing sanggar, para pengarang “dibina” lan “membina” kanthi metode kang cocok, saling nglatih, ngasah pikire, lan nggelar kabisan. Pengarang kang wis nduweni jeneng (mesthine uga wis ngrasakake jenang?) nyritakake pengalamane lan proses kreatifitase. Bab iki migunani banget tumrap pengarang kang lagi nedheng-nedhenge mekar lan kepengin moncer. Kajaba iku fungsi kapustakan uga gedhe manfaate minangka pembandhing lan kanggo meguru (Tamsir, 1996:1)

Kegiyatan kang dilakoni Sanggar Triwida antara liya

 

1. diskusi lan bedhah sastra.

2. sapatemon rutin lan anjangsana warga (informasi kepenulisan lan
    keredaksian),

3. silaturahmi menyang sanggar liya,

4. bengkel sastra, seminar, workshop,

5. ziarah sastra lan budaya,

6. ngedegake kalawarti (Prasasti, Gayatri, lan Jemparing), lan

7. menehi bebana lan pangaji-aji sastra.


3) Pepalang ngopeni sanggar

Madege sanggar lan paguyuban sastra Jawa iku krana karepe masyarakat sastrawan dhewe. Ora aneh yen kudu diopeni dhewe. Upama ingon-ingon pitik, ya embuh kono anggone golek pakan (katul apa sentrat), embuh kono kandhangmu, embuh kono dhuwit dodolan endhog lan daginge, lan embuh kono nasibe ingon-ingonmu. Sing baku ana laporan yen stok endhog lan daging pitik cukup kanggo masyarakat.

Ingon-ingon kewan, open-open tanduran, nggulawentah sanggar lan paguyuban iku mbutuhake dana. Jer basuki mawa beya. Yen wis ngrembug prabeya, dana, dhuwit kanggo ngopeni sanggar, banjur tuwuh pitakon cetha, “saka ngendi lan dhuwite sapa?” Wangsulane sing kapisan uga cetha lan gampang, “embuh!”. Wangsulan kapindho, “ya golek!” banjur wangsulan katelu lan sateruse, “ya embuh,” maneh! Ateges, pantog!

Sasuwene 13 taun aku dipercaya nerusake nggulawenthah sanggar Triwida tilarane Pak Tamsir AS. Sadurunge, suwene 15-an taun mung cukup dadi “sekretarise” wae. Aku bisa gawe dudutan yen ngopeni sanggar iku pranyata ora baen-baen. Kanggoku minangka amanah, kapindhone minangka nglatih lan ajar ngulir budi ngudhal nalar. Ana telung (3) perkara gedhe sing dadi pepalang yaiku babagan dana, warga, lan pengurus.

Salah sijine upaya kang dilakoni pengurus sanggar supaya duwe dana yaiku ada-ada srana mancing para anggotane. Sanajan ing AD/ART wis ditulis anane 1% saka honor tulisan mlebu kas sanggar, ewadene nganti umur 31 taun iki panggah ora bisa lumaku. Pimpinane kudu jejer “promotor” dhisik. Yen ana tanggapan positif saka para anggota, nglumpuk dhuwit pira banjur dilebokake proposal kang bakal disuwunake tambah (biyasane luwih akeh) menyang birokrat lan pemerintah. Kaya kang wis dileksanakne dening PSJB ngadani seminar taun 2004 lan kepanggonan KSJ III Oktober 2011 (?) wis kasil ngundang Bupati Bojonegoro. Sanggar Sastra Jawa Yogyakarta malah oleh suntikan dana rutin saben taun saka Bale Basa Yogyakarta. Semono uga sanggar sastra Triwida saben seminar lan sarasehan mengeti ambal warsa Triwida saben limang taun uga ajeg oleh pambiyantu lan kawigaten gedhe saka bupati Tulungagung, walikota lan bupati Blitar. Bisane ngundang para sastrawan Jawa sa-Jawa, mapane turu ing hotel, lan papane kegiyatan uga ing hotel berkelas ing Tulungagung iku kabeh saka panyengkuyunge bupati lan birokrat Tulungagung. Taun 2005 kepungkur mapan ing pendhapa kabupaten sing nekani ora mung Muspida komplit nanging uga para camat, kepala dinas, lan kepala bagian ing jajaran pemda Tulungagung kerik lampit ngebaki pendhapa nyekseni srah-srahan bebana lan pangaji-aji sastra Triwida.

Sri Widati, lkk., (2001:84) ngakoni yen Sanggar Triwida lan PSJB minangka sanggar kang isih eksis,”Mung emane, saka lima organisasi kang muncul ing dekade 1980-an (Sanggar Parikuning, PPSJS, sanggar Triwida, PSJB, lan SSJY ), ketoke mung Sanggar Sastra Triwida (1980) ing Tulungagung lan Pamarsudi Sastra Jawi Bojonegoro (1982) ing Bojonegoro kang isih aktif”.

Kajaba babagan dana, sing dadi pepalang ngopeni sanggar sastra yaiku ngajak para penulis basa Jawa kuwi krasan dadi warga sanggar. Ana sawetara pangarang sing nduweni panemu ora mlebu sanggar wis isa dadi pengarang kondhang. Melu sanggar seprana-sperene ya mung ngana kae, tulisane malah arang dipacak ing kalawarti. Ana maneh kang ngarani melu sanggar iku mbuwang wektu lan tenaga, amarga kudu nekani sapatemon anjangsana warga ing njaba kutha. Minangka pengurus kang nggendheng kudu bisa ngiket rosa warga kang isih setya tuhu lan pinter ngrangkul warga kang monga-mangu diajak mlebu. Aja mung krana ngrungu bakal anane tarikan sumbangan sing ora mingsra, ana warga sing mundur alus. Pisan pindho ora nekani sapatemon rutin, katelune amblas tanpa tilas.

Kaping telune yaiku masalah pengurus. Masalah reorganisasi kuwi perlu lan kudu. Regenerasi lan refresing uga banget dibutuhake. Wiwit madeg 18 Mei 1980 sanggar Triwida wis ngalami telung kepemimpinan. Wiwit H tamsir AS, Tiwiek SA, tekan aku (Sunarko Budiman). Iki nuduhake anane demokratisasi ing Triwida. Sanajan ora ana watesan kang gumathok jabatan pengurus iku pirang taun, ora ana masa bhakti utawa periode, nanging katone golek ganti pimpinan kuwi sing angel. Yen mung jejere pengurus biasa wae, dudu pengurus harian, akeh sing gelem. Ora anane “rebutan” jabatan ketua (pimpinan) iki mesthi maneka warna alasan. Salah sijine yaiku ora ana bayaran, kepara malah tombok! Kudu wani nggendheng! Cucul dhuwit (dudu cucul klambi?) dhewe, wani blusukan pendhapa lan kantor-kantor golek sponsor.

Yen ora wani nggendheng saperlu ngajokne proposal menyang pemerintah apa iya klakon sanggar Triwida wiwit taun 1985 nganti 2005 ngadani rekreasi lan ziarah menyang makam tokoh sastrawan Jawa kanthi tajuk Ziarah lan Wisata Sastra-Budaya? Transportasi lan konsumsine para sastrawan sa-Jawa sapa sing nyadhong yen dudu saka Bupati Tulungagung utawa bupati lan walikota papane kegiyatan.

Poer Adhi Prawoto ing makalahe “Membangun Generasi yang Mencintai Bahasa lan Sastra Jawa” Karanganyar (1992:4) nyebutake yen Sanggar Sastra Triwida dadi ajang kreativitas para pengarang lan pandhemen sastra Jawa saka daerah Tulungagung, Trenggalek lan Blitar kang saben wektu tansah nggalang kerja bareng karo Pemerintah Derah lan instansi-instansi ing olah krida kegiatane. Saka sanggar kasebut wis nglairake nama-nama pengarang sastra Jawa kang kondhang, kang melu mikuati barisan pengarang sastra Jawa ing Jawa Timur.

III. Panutup

Wis kita prangguli anane kanyatan yen ta sawernaning organisasi pengarang sastra Jawa kang ana umume ora bisa tahan urip suwe. Malah organisasi kang wis suwe ngaku “urip” jebul wis ora ana kumandhang kridhane. Alasan utamane yaiku krana kurange dana, uga anane anggota kang repot lan direpotake dening urusan maneka warna. Ana sing merga penggaweyan kantor utawa wis ora tau dijawil dening penguruse. Saka pirang-pirang kelompok, sanggar, paguyuban, bengkel, lan grup kang sedya ngurip ngrembakake organisasine pranyata wis kuwagang nguripi maneh krana ora ana pawongan nekad utawa nggendhengi organisasine. Mung kari Sanggar Sastra Triwida Tulungagung (Triwida), Pamarsudi Sastra Jawi Bojonegoro (PSJB), Paguyuban Pengarang Sastra Jawa Surabaya (PPSJS), lan Sanggar Sastra Jawa Yogyakarta (SSJY) kang isih keprungu suwarane. Minangka pambandhing kang nyuleg yaiku anane organisasi mau 3 (Triwida, PSJB, lan PPSJS), ing Jawa Wetan, lan siji (SSJY) ing Yogyakarta.

Semono uga penerbitan penerbitan majalah berbahasa Jawa, saiki mung kari telu kang isih urip, yaiku Jaya Baya lan Panyebar Semangat, kalorone ing Surabaya, Djaka Lolang di Yogyakarta. Kasusul kang mentas lair ing Juli 2011, majalah pendhidhikan Jemparing kang dibabar dening yayasan Pamarta Triwida Tulungagung. Nitik saka anane sanggar kang isih aktif lan penerbitan pers berbahasa Jawa kang isih urip ing wilayah Jawa Timur mbuktekake yen tuwuh ngrembakane sastra Jawa wis wiwit ngalami pergeseran. Bukti nyata adhedhasar fakta yen wiwit taun 1970-an pengarang sastra Jawa ngrembaka ing wilayah Jawa Timur (Hutomo, 1988:89-91 ing Budiman, 2006:112)

Kanggone jaman saiki nggulawentah sanggar dudu pakaryan kang gampang. Mula, kudu didhasari ati kang tulus lan sabar. Tanpa didasari rasa kang tulus, ngopeni sanggar ora bisa lumaku kanthi rancak. Program-programe ora bisa kaleksanan. Lamun program-program kaya ing bab dhuwur mau bisa kaleksanan kanthi becik, budidaya ngrembakake sastra Jawa mesthi bisa kasil kanthi becik. Ananging, budidaya tumuju kaya mau mujudake pakaryan kang ora gampang marga ana pirang-pirang bab kang dadi sandhungan. Sandhungan sepisan bab kekurangan dana, sandhungan kapindho bab keaktifan anggota lan kinerja pengurus kang kurang kompak.

Dudutan

Saka andharan ing dhuwur iku aku bisa aweh dudutan yen sanggar mujudake papan kang cocok kanggo gladhen sastra utawa olah sastra Jawa. Kanthi anane sanggar sastra Jawa, diajab sastra Jawa saya mundhak ngrembaka. Kajaba iku, kualitas pengarang sastra Jawa saya mundhak onjo. Ora disangkal lamun sanggar uga minangka papan kanggo ajang silaturahim lan kangen-kangenan. Ananging diajab pengarang aja mung adreng anggone kangen-kangenan bae sebab yen mangkono bakal nglalekake fungsi sanggar minangka papan kanggo gladhen sastra. Kanthi cara iku, sanggar kudu dipepetri, digulawentah kanthi becik, mligine dening para anggota lan penguruse.

Anane pengurus lan anggota sing bener lan pener mujudake sakagurune organisasi. Pangurus kanmg bener lan pener ora bakal nylewengake dhuwit kas sanggar, nanging malah gelem tombok amarga saking olehe gendheng karo organisasine. Warga utawa anggota kang bener lan pener uga dadi moncer lan lestarine sanggar. Wargane sregep nulis lan aktif teka ing sapatemon sarta kegiyatan sanggar mujudake isi, ventilasi, lan rerenggane sanggar kang sinawang katon saka papan ngendi wae.

Golek lan njaluk sumbangan slaras AD/ART iku ora dilarang, awit kanggo nguripi wit jarak aja isin yen kudu semendhe ing tunggak jati.

DAFTAR PUSTAKA

 

♦ AS, Tamsir.1996. Sanggar Pelataran Pembinaan Bahasa lan Sastra
   Jawa (Makalah). Malang : KBJ II

♦ Brata, Suparto.1981. Jatuh Bangun Bersama Sastra Jawa: Bacaan
   Populer Untuk Perguruan Tinggi. Jakarta : Proyek Penulisan lan
   Penerbitan

♦ Budiman, Sunarko.2006. Sanggar sastra Lahan Barisan Pengarang
   sastra Jawa.” (Makalah). Yogyakarta: KBJ IV
♦ Esmiet. 1991. Partisipasi sanggar Parikuning Terhadap sastra Jawa
   Modern. (Makalah). Semarang: Panitia Kongres Bahasa Jawa.

♦ Hutomo, Suripan Sadi. 1988. Peranan Organisai Pengarang dalam
   Kehidupan Sastra Jawa: Sebuah Tinjauan Sosiologi. Dalam Bahasa,
   Sastra, lan Budaya. Yogyakarta: Balai Penelitian Bahasa.
♦ ----------------.1988. Bengkel Penulisan Kreatif Sanggar Sastra
   Triwida (Sebuah Pendidikan Luar Sekolah). Dalam Suripan Sadi
   Hutomo lan Setyo Yuwono Sudikan (Editor), Problematik Sastra
   Jawa. Surabaya: FPBS IKIP Surabaya. IKAPI Cabang Jawa
   Timur.1985. Buku Pameran. Surabaya: Bina Ilmu.

♦ Kasiyun, Suharmono, 2006. Upaya Pembinaan dan Pengembangan
   Bahasa dan Sastra Jawa Dalam Masyarakat. (Makalah) Yogyakarta:
   KBJ IV
♦ Prawoto, Poer Adhie. 1992. “Membangun Generasi Yang Mencintai
   Bahasa lan Sastra Jawa” (Makalah) Dalam Seminar Sehari Bahasa
   lan Sastra Jawa. Karanganyar.
♦ Panitia Kongres Bahasa Jawa. 2001. Keputusan Kongres Bahasa
   Jawa III. Yogyakarta: t.p.
♦ Poerwadarminta, W.J.S. 1939. Baoesastra Djawa. Groningen,
   Batavia: J.B. Wolters' Uitgevers Maatschappij.
♦ Sudaryanto. Ed.1991. Kamus Indonesia Jawa. Yogyakarta: Duta
   Wacana Press.
♦ Widati, Sri dkk. 1999. Sanggar-sanggar Sastra Jawa Modern di Jawa
   Tengah lan Daerah Istimewa Yogyakarta. Yogyakarta: Bagian Proyek
   Pembinaan Bahasa lan Sastra Indonesia lan Daerah DIY.

♦ Widati, Sri. 1994. Keterlibatan Penerbit lan Pembaca dalam
   Kreativitas sastra:Sebuah Studi Kasus. Dalam Widyagama No.42.
   Yogyakarta: Balai Penelitian Bahasa.


SINGKAT PEMAKALAH

Nama Lengkap : Drs. Sunarko Budiman, M.KPd.
                           (Narko “Sodrun” Budiman)
Tempat/tanggal lahir : Tulungagung, 21 Januari 1960
Instansi : Sanggar Sastra Triwida
Profesi : Sastrawan
Alamat : KRT Surenpaten I, Balerejo, Kec,. Kauman. Tulungagung, Jawa Timur 66261
Telepon : (*************)
Pos-el :(*************)

ikon pdf


kds penutup
wangsul-manginggil 

  • < 23 Rubrik “Calon Pengarang” Majalah Jaya Baya minangka Sarana Nggrengsengake Ngarang Basa Jawa Tumrap Siswa SD lan SMP
  • 25 Eufemisme sebagai Tindak Komunikasi yang Beradab dalam Bahasa Jawa Dwi Sutana >

Ki-demang.com : Kongres Bahasa Jawa 5, Dibuat oleh: Ki Demang Sokowaten About - Privacy