Ki-demang.com : Kongres Bahasa Jawa 5

Kaca Ngajeng

logo-kbj5


ikon-buku-tamu

Kesekretariatan

Alamat-Sekretariat
Badan-Pekerja
Rencana-Kerja
Jadwal-Kongres

Pendaftaran

Pendaftaran-(B-Indonesia)
Pendaftaran-(Bhs-Jawa)
Pendaftaran-(Carakan)

Data & Seleksi Makalah

Data-Abstrak-Makalah
Teknis-Penulisan-Makalah
Hasil-Seleksi-Makalah

Isi Makalah

Makalah-Kunci
Makalah-Komisi-A
Makalah-Komisi-B
Makalah-Komisi-C
Makalah-Komisi-D
Makalah-Komisi-E
Makalah-Pengombyong

Rekomendasi - KBJ 5

Isi-Rekomendasi-KBJ-5

Daftar Peserta

Peserta-Luar-Negeri
Peserta-Institusi-Lembaga
Peserta-DI-Yogyakarta
Peserta-Jawa-Timur
Peserta-Jawa-Tengah
Rekap-Peserta

Galeri Foto - KBJ 5

Galeri-Foto-KBJ-5

  Jumlah Pengunjung

1874115
Hari ini     :Hari ini :137
Kemarin     :Kemarin :73
Minggu ini   :Minggu ini :204
Bulan ini   :Bulan ini :1893
s/d hari ini   :s/d hari ini :1874115
Jumlah Kunjungan Tertinggi
10-28-2025 : 611
Pengunjung Online : 5

Kontak Admin.

email-kidemang

Makalah Pengombyong (#03)

 

PAUGERAN TATAKRAMI WICANTENAN BASA JAWI
MINANGKA BAHAN WUCALAN BUDI PEKERTI LAN WATAKIPUN TIYANG JAWI
dening
Drs. Y. Suwanto, M.Hum.
Jurusan Sastra Daerah Fakultas Sastra dan Seni Rupa
Universitas Sebelas Maret Surakarta


 
ABSTRAK


        Wicantenan basa Jawi boten namung nengenaken dhateng prekawis ingkang tekstual kemawon, nanging ugi sesambetan kaliyan prekawis ingkang sipatipun interpersonal. Minangka retorika tekstual, wicantenan mbetahaken paugeran makarya sesarengan (kerjasama, cooperative principle), dene ing retorika interpersonal, wicantenan mbetahaken paugeran sanesipun, inggih menika paugeran tatakrami (politeness principle). Jinisipun paugeran (maksim, prinsip) tatakrami inggih menika paugeran kawicaksanan/hambegdarma, paugeran panampi, paugeran bawa laksana, paugeran andhap asor, paugeran pasarujukan, sarta paugeran katresnan.

Tiyang ingkang wicantenan manawi nggatosaken nenem paugeran kasebat, setungal lan setungalipun badhe suka pangertosan utawi seserepan ingkang sae sanget dhateng T1 lan T2, badhe wonten sesambetan wicantenan ingkang laras, nggadhahi tindak utawi watak ingkang jumbuh kaliyan paugeran wicantenan ing basa Jawi. Laras tegesipun jumbuh kaliyan paugeran makarya sesarengan, inggih menika wicantenan ingkang

1. jumbuh kaliyan ingkang dipunbetahaken dening tiyang ingkang mirengaken,

2. adhedhasar bukti-bukti ingkang nyekapi,

3. jumbuh kaliyan prekawis ingkang dipunrembag,

4. kanthi wajar, sampun ngantos ambigu (taksa), boten kuwalik (kedah runtut).

Wontenipun pangertosan tindak utawi watak ing ngriki bilih anggenipun wicantenan tansah nengenaken tindak utawi watak tepa slira, legawa, bawa laksana, andhap asor, sarta asih mring sasama.

A. PRAWACANA

        Pragmatik minangka cabang linguistik ingkang madeg piyambak nggadhahi bidang kajian ingkang cekap kompleks, malah saged ugi asring tumpang tindhih antawisipun kajian pragmatik kaliyan cabang linguistik sanesipun. Tuladhanipun, panaliten babagan pengacuan (tembung sesulih) ingkang dipunsinau wonten ing wacana, wonten ing perangan sanes badhe dipunsinau ugi wonten deiksis ingkang kalebet wonten ing kajian pragmatik utawi kosok wangsulipun. Pancen boten gampil kangge matesi kanthi tegas antawisipun perangan ingkang setunggal kaliyan perangan ingkang sanesipun.

Miturut Kaswanti Purwo (1987: 7), bidang kajian ingkang dipunsinau wonten ing pragmatik wonten sekawan ingih menika :

1. deiksis,

2. praanggapan (presupposition),

3. tindak ujaran (speech acts), dan

4. implikatur percakapan (conversational implicature).

Levinson (1987: 27), ngandharaken bilih bidang kajian pragmatik nyakup bab deiksis, implikatur, praanggapan, tindak tutur, lan aspek-aspek struktur wacana. Kanthi makaten, Levinson nglebetaken satunggal perangan malih inggih menika aspek-aspek wacana wonten ing kajian pragmatik, dene Kaswanti Purwo boten nyebataken aspek wacana kasebat. Dene miturut Wijana (1996), nyebataken bilih ingkang kalebet ing kajian pragmatik langkung kathah malih, inggih menika

1. situasi tutur,

2. tindak tutur,

3. tuturan performatif lan tuturan konstatif,

4. Jenis-jenis tindak tutur,

5. presuposisi, implikatur, lan entailment,

6. Kalimat analitis, kontradiktif, lan konstatif,

7. Prinsip kerja sama,

8. Prinsip kesopanan, lan

9. Parameter pragmatik.

        Adhedhasar sakedhik andharan ing nginggil, seratan menika namung badhe nengenaken satunggal perangan ingkang cekap narik kawigatosan minangka satunggaling panaliten basa Jawi ingkang kacakup wonten ing pragmatik inggih menika prinsip kesopanan (Wijana, 1996), mliginipun paugeran tatakrami wicantenan (prinsip kesopanan bertutur) ing basa Jawi.

B. PAUGERAN MAKARYA SESARENGAN

        Manawi tiyang wicantenan dhateng tiyang sanes mesthi kepengin ngaturaken satungaling prekawis. Salajengipun tiyang sanes dipun-ajap saged nampi prekawis ingkang dipun-ucapaken. Kanthi wontenipun kalih ancas menika, pramila tiyang badhe wicanten kanthi gamblang, boten mbulet, ringkes, boten kekathahen, wicanten kanthi prasaja (kalebet suwanten ingkang wajar).

Salebetipun wicantenan, antawisipun T1 lan T2 kedah sami njagi paugeran makarya sesarengan (prinsip kerjasama, cooperative principle) supados sesambetan saged lumampah kanthi lancar. Menawi boten wonten paugeran makarya sesarengan, sesambetanipun badhe kaganggu. Paugeran makarya sesarengan menika mawujud ing salebetipun paugeran wicantenan. Grice ngandharaken paugeran makarya sesarengan menika dados 4 paugeran wicantenan (pirsanana Gunarwan, 1933: 11; Lubis, 1993: 11; sarta Wijana, 1996: 46-53). Sekawan paugeran wicantenan kalawau inggih menika.

(1)   Paugeran kuantitas (Maksim kuantitas):

a. Ngaturaken katrangan sacekapipun utawi jumbuh kaliyan ingkang
   dipunbetahaken dening T2.

b. Wicanten saperlunipun kemawon, sampun ngantos ngandharaken bab ingkang
   boten perlu.

Utawi saged dipun-tembungaken bilih wicanten jumbuh kaliyan ingkang dipunbetahaken dening tiyang ingkang mirengaken. Menawi wonten langkungipun ateges wonten ancas ingkang sanesipun. Tuladhanipun: Kongres Basa Jawi V mapan wonten ing Kitha Surabaya. (Ukara menika sacara kuantitas cekap gamblang). Kongres Basa Jawi V mapan wonten ing Kitha Sura...... Ukara menika dipunucapaken dening dwija, lajeng padatan para siswa atur wangsulan .....baya.

(2)   Paugeran kualitas (Maksim kualitas):

a. Wicanten bab ingkang sakleresipun.

b. Sampun wicanten bab ingkang boten dipunmangertosi.

c. Sampun wicanten bab ingkang tanpa bukti ingkang cekap.


Utawi paugeran menika ngajap supados para tiyang wicanten adhedhasar bukti-bukti ingkang nyekapi. Tuladhanipun: Buku menika dipundamel saking dluwang. Bukti nyekapi, nanging menawi wonten ukara *Buku menika dipundamel saking sekul, bukti boten nyekapi. Sesambetan kaliyan paugeran kualitas menika, wonten nalisir saking paugeran, tuladhanipun: Kangge kulakan kemawon boten saged lan Boten angsal bathi.

(3)   Paugeran relevansi (Maksim relevansi):


a.  Wicanten ingkang jumbuh utawi cocok.
b.  Wicanten jumbuh kaliyan bab ingkang dipunrembag.

Utawi T1 lan T2 wicantenan jumbuh kaliyan prekawis ingkang dipunrembag. Tuladhanipun:

T1  : Sakmenika tabuh pinten?
T2  : Tabuh 5.

Badhe boten jumbuh kaliyan prekawis ingkang dipun rembag menawi T2 menika atur wangsulan Menika tas penjenengan utawi Dhateng lepen.

(4)   Paugeran cara (Maksim cara):

a.  Wicanten kanthi gamblang.
b.  Nyingkiri wontenipun ujaran ingkang kabur.
c.  Nyingkiri ketaksaan.
d.  Wicanten kanthi ringkes, boten ngayawara.
e.  Wicanten kanthi runtut (sistematis).

Utawi tuturan kedah dipun-aturaken kanthi wajar, sampun ngantos ambigu (taksa), boten kuwalik (kedah runtut). Tuladhanipun:

T1  : Piyambakipun menika penyanyi solo, nggih?
T2  : Leres, piyambakipun asring siaran wonten ing RRI.

Nanging kadhangkala ing salebeting tuturan ingkang wajar kedadosan dis-ambiguasi, satemah tembung-tembung ingkang ambigu namung dipun-anggep nggadhahi setunggal makna. Tuladhanipun:

T1  : Mas, menika Dhusun Matamu, nggih?
T2  : We lha, sampeyan niki takon apa ngajak sulaya, ta?

T1  : Menika Dhusun Njenengan, nggih Pak?
T2    : Ampun ngenyek ta, mongsok kula tiyang kados mekaten gadhah
dhusun wiyaripun semanten.

Nanging nyatanipun wonten ing wicantenan kabukten bilih ing salebetipun tuturan saben dinten asring wonten ingkang nerak dhateng paugeranipun Grice kasebat. Namung kemawon, tumrapipun para pakar pragmatik, panerak kalawau malah ingkang narik kawigatosan saperlu dipuntaliti, kenging menapa T1 nerak dhateng paugeran tartamtu, wonten ancas ingkang kadospundi anggenipun nerak paugeran kasebat? Tuladhanipun, kenging menapa T1 ingkang kepengin nyambut arta utawi perlu nyuwun bantuwan dhateng T2 biasanipun dipunwiwiti kanthi nyariosaken kathah-kathah kawontenan dhirinipun sarta dipunkantheni janji-janji? Menapa menika lumampah sacara umum? Menika menapa boten ateges nerak paugeran kuantitas?

Miturut kula, ing antawisipun sekawan paugeran menika, paugeran ingkang kaping tiga utawi paugeran relevansi ingkang langkung wigatos sabab sanadyan katrangan ingkang dipun-aturaken menika cekap sarta kanthi cara ingkang cetha, urut, boten ambigu, bilih katrangan cocok (relevan) kaliyan prekawis, tetep badhe boten wonten ginanipun.

C. PAUGERAN TATAKRAMI

        Tatakrami inggih menika unggah-ungguhing ginem tuwin tindak-tanduk (Poerwadarminta, 1939: 595). Sesambetan kaliyan tatakrami, wicantenan menika wonten kalih bab ingkang boten saged pisah inggih menika pangucap lan patrap. Pangucap ketingal wonten ing wujuding basa ingkang dipun-ucapaken dening T1 lan T2, kados kacetha wonten ing paugeran wicantenan ingkang sampun karembag ing nginggil. Patrap badhe ketingal wonten ing anggenipun T1 lan T2 mapanaken dhirinipun, sarta anggenipun nggatosaken dhateng T3. Patrap ing ngriki jumbuh kaliyan paugeran tatakrami (prinsip kesopanan) ingkang sampun kaandharaken dening Leech (1983) ingkang cacahipun wonten nenem.

Sesambetan kaliyan paugeran tatakrami kalawau ing salebeting basa Jawi wonten tetembungan utawi ungel-ungelan ingkang saged dipunwastani minangka piwucal sopan santun utawi tatakrami, ingih menika:

1. Pamicara puniku weh resepe ingkang miyarsi (KGPAA. Mangkunegara IV
    dalam Serat Nayakawara).

2. Amemangun karyenak tyasing sasama (KGPAA Mangkunegara IV dalam
    Serat Wedhatama).

3. Andhap asor atau anor-raga.

4. Empan papan; lan

5. Undha-usuk atawi unggah-ungguhing basa.

Salajengipun supados saged nyekapi paugeran tatakrami, ing ngandhap menika kaandharaken 6 paugeran tatakrami (Leech (1983); Wijana (1996).

1. Paugeran kawicaksanan/hambegdarma (tact maxim).

Paugeran menika dipuntujokaken dhateng tiyang sanes (other centred maxim). Jinis paugeran menika kangge aprajanji lan nawekaken (impositif, komisif). Paugeran menika dipun-andharaken kanthi tuturan impositif lan komisif. Paugeran menika netepaken dhateng saben ingkang wicantenan supados nyekedhikaken ruginipun tiyang sanes, nanging langkung ngathahaken kauntungan tumrap tiyang sanes (memaksimalkan keuntungan orang lain, meminimalkan kerugian orang lain). Ing wicantenan basa Jawi paugeran menika saged dipunsejajaraken kaliyan tindakan tepa slira, satunggaling tindakan ingkang boten badhe ndamel ruginipun tiyang sanes.

Tuladhanipun:

T1 : Nuwun sewu Mas, menapa ingkang saged kula bantu?
T2 : O, inggih Mbak, nyuwun ngapunten nggih ngrepotaken, menapa wonten Buku Paramasastra Jawi, nggih?
T1 : Boten napa-napa mas, wonten kok Buku Paramasastra Jawi. Menika!


 

 

 

 

Wicantenan menika kedadosan wonten ing satunggaling toko buku. T1 minangka pelayan, dene T2 minangka ingkang pados utawi badhe tumbas buku Paramasastra Jawi. Nggatosaken tuladha menika saged dipuntembungaken bilih sangsaya panjang tuturanipun tiyang sangsaya ageng ugi tiyang menika kepengin ngaosi dhateng mitranipun (T1 lan T2). Makaten ugi tuturan ingkang dipuntuturaken kanthi boten langsung padatanipun langkung sopan manawi katandhingaken kaliyan tuturan ingkang dipuntuturaken kanthi langsung. Parentah kanthi ngginakaken ukara carita utawi ukara pitakenan langkung sopan katandhingaken kaliyan ukara parentah. Tuladhanipun:

T1 : Ruangan menika kok raosipun benter sanget, nggih.
T2 : O, inggih Pak, kipasipun dereng gesang kok. (Lajeng wonten ingkang nggesangaken kipas angin)

 

 


Wicantenan menika kedadosan wonten ing satunggalipun ruang kelas. T1 wicanten kanthi ngginakaken ukara carita ’Ruangan menika kok raosipun benter sanget, nggih’, lajeng T2 tanggap dhateng maksudipun ukara menika pramila lajeng nggesangaken kipas angin ingkang wonten ing ruangan kalawau.

Manawi T1 lan T2 sami-sami kepengin nyekedhikaken kauntungan piyambak-piyambak dipunwastani paradoks pragmatik (pragmatic paradox). Tuladhanipun saged dipun-gatosaken ing ujaran ngandhap menika.

T1 : Pundi kula bektakaken tas penjenengan!
T2 : Wah, boten sah.

 

 

 

2. Paugeran panampi (approbation maxim).

Paugeran menika dipuntujokaken kangge dhiri pribadi, boten kangge tiyang sanes (self centred maxim). Paugeran menika dipuntujokaken kangge nawekaken lan aprajanji. Paugeran menika netepaken dhateng saben ingkang wicantenan supados langkung ngathahaken ruginipun dhiri pribadi, lan langkung nyekedhikaken kauntungan kangge dhiri pribadi (memaksimalkan kerugian diri sendiri, meminimalkan keuntungan diri sendiri). Ing wicantenan basa Jawi, paugeran menika paugeran panampi menika saged dipunsejajaraken kaliyan tindak legawa, utawi nampi kanthi sukarila lan boten kumeren. Tuladhanipun:

1. Menapa saged kula bantu?
2. Mangga kula rencangi.
3. Manapa sampeyan purun mbektakaken?
4. Mangga kula dherekaken!
5. Nyuwun tulung inggih, menawi longgar kula dipunteraken!
6. Bekta menika!

    

 

 

 

 

 

 

Ukara 1-5 dipun wastani sopan, awit penutur mbudidaya kangge langkung ngathahaken ruginipun dhiri pribadi, boten damel rugi utawi repotipun tiyang sanes. Kosok wangsulipun ukara 6 kaanggep kirang sopan awit namung nengenaken kauntungan kangge dhiri pribadinipun piyambak, tanpa nggatosaken kauntungan kangge tiyang sanes.

3. Paugeran bawa laksana (kemurahhatian, generosity maxim).

Paugeran menika dipuntujokaken dhateng tiyang sanes (other centred maxim). Paugeran menika dipuntujokaken kangge kategori asertif dan ekspresif. Paugeran menika netepaken dhateng ingkang wicantenan supados langkung ngathahaken utawi nengenaken raos urmat dhateng tiyang sanes, lan nyekedhikaken raos kirang urmat dhateng tiyang sanes (memaksimalkan rasa hormat pada orang lain, meminimalkan rasa tidak hormat pada orang lain). Ing wicantenan basa Jawi, paugeran bawa laksana menika saged dipunsejajaraken kaliyan tindakan bawa laksana, inggih menika eklas salebetipun nindakaken satunggaling tindakan. Tuladhanipun saged dipun-gatosaken wicantenan ing ngandhap menika.

T1 : Wah omahe dheweke apik tenan ya!
T2 : Pancen omahme apik, ning emane cedhak pabrik.
     
T1 : Pekarangane jembar tenan.
T2 : Bener pekarangane jembar, nanging emene akeh sukete.

 

 

 

 

 


Kalih tuturan ing nginggil T1 lan T2 nggadhahi sikap bawa laksana, tegesipun eklas salebetipun nanggapi tuturan T1, sanadyan wonten bab utawi prekawis ingkang boten cocok nanging tetep saged nampi bab ingkang boten cocok kalawau saperangan kemawon. Ing ngriki cetha sanget bilih T2 langkung ngathahaken utawi nengenaken raos urmat dhateng tiyang sanes, nyekedhikaken raos kirang urmat dhateng tiyang sanes.

4. Paugeran andhap asor (kerendahhatian,modesty maxim).

Paugeran menika dipuntujokaken kangge dhiri pribadi (self centred maxim). Paugeran menika netepaken bilih ing wicantenan basa Jawi kedah nyekedhikaken raos urmat dhateng dhiri pribadi, lan ngathahaken raos kirang urmat dhateng dhiri pribadi (meminimalkan rasa hormat pada diri sendiri dan memaksimalkan rasa tidak hormat pada diri sendiri). Ing wicantenan basa Jawi, paugeran andhap asor menika saged dipunsejajaraken kaliyan tindakan andhap asor, sopan santun. Tuladhanipun kados ing wicantenan ngandhap menika.     

T1 : Kowe pancen pinter tenan.
T2 : Ah ora, biasa-biasa wae.
     
T1 : Mobilmu apik banget!
T2 : Ah, mobil kaya ngene wae kok apik.

    

 

 

 

 

 

Wicantenan ing ninggil ketingal bilih anggenipun nyekedhikaken raos urmat dhateng dhiri pribadi lan ngathahaken raos kirang urmat dhateng dhiri pribadi, kados tuturan T2 inggih menika ’Ah ora, biasa-biasa wae’ lan ’Ah, mobil kaya ngene wae kok apik’.

5. Paugeran pasarujukan (kesetujuan atau kecocokan, agreement maxim).

        Paugeran pasarujukan dipuntujokaken dhateng tiyang sanes (other centred maxim). Paugeran menika dipuntujokaken kangge nyatakaken pemanggih lan ekspresif. Paugeran menika netepaken wicantenan kedah langkung ngathahaken pasarujukan dhateng tiyang sanes, lan nyekedhikaken kirang sarujukipun dhateng tiyang sanes (memaksimalkan kesetujuan pada orang lain dan meminimalkan ketidaksetujuan pada orang lain). Tuladhanipun:

T1 : Omah kuwi apik temenan ya!
T2 : Iya, bener apik temenan.


    

 

Tuturan ‘Iya, bener apik temenan’ minangka bukti bilih T2 langkung ngathahaken pasarujukan dhateng tiyang sanes, lan nyekedhikaken kirang sarujukipun dhateng tiyang sanes. Pasarujukan menika mujudaken pararujukan ingkang wetah.

     Sanadyan makaten ing wicantenan basa Jawi wonten ingkang dipunwastani boten sarujuk kanthi wetah (total) dening T2, bab menika dipun anggep boten sopan ing wicantenan basa Jawi. Tuladhanipun:

T1 : Omah kuwi apik banget, ya!
T2 : Wah elek banget ngono kok.

 

 

 

Semanten ugi wonten wicantenan ing nedahaken bilih T2 kirang sarujuk nanging namung saperangan kemawon (parsial), bab menika taksih kaanggep sopan. Tuladhanipun:

T1 : Wah, ayu banget ya dheweke?
T2 : Iya bener, nanging rada .... (kéra).

 

 

 

 

6. Paugeran katresnan (symphaty maxim).

        Paugeran katresnan menika dipuntujokaken dhateng tiyang sanes (other centred maxim). Paugeran menika kangge nyatakaken asertif lan ekspresif. Paugeran katresnan netepaken bilih tiyang ingkang wicantenan kedah langkung ngathahaken raos asih dhateng tiyang sanes, lan nyekedhikaken raos boten tresna dhateng tiyang sanes (memaksimalkan simpati pada orang lain dan meminimalkan antipati pada orang lain). Ing wicantenan basa jawi, paugeran andhap asor menika saged dipunsejajaraken kaliyan tindakan asih mring sasama, nresnani dhateng sesamining manungsa. Tuladhanipun:

T1 : Yos, aku munggah klas 3 lho.
T2 : O ya, aku melu bungah banget.
     
T1 : Simbah nembe kemawon wae dipuntimbali dening Gusti Ingkang Maha Kuwaos.
T2 : O, kula ndherek bela sungkawa.

 

 

 

 

 

 

Adhedhasar andharan ing nginggil saged dipun-gatosaken bilih paugeran kawicaksanan/hambegdarma, paugeran panampi, paugeran bawa laksana, lan paugeran andhap asor sesambetan kaliyan untung lan ruginipun tiyang sanes lan dhiri pribadi. Dene paugeran pasarujukan lan katresnan sesambetan kaliyan prekawis awon-sae ingkang wicantenan dhateng dhiri pribadi utawi tiyang sanes.

D. BAHAN WUCALAN BASA JAWI

        Sasampunipun kaandharaken prekawis paugeran makarya sesarengan (tekstual) lan paugeran tatakrami (interpersonal) saged dipunwastani bilih bahan wucalan basa Jawi saged dipuntambahaken bahan kalawau. Bahan menika sakbotenipun saged nambahi seserepan prekawis wicantenan. Para siswa (kalebet sedaya tiyang Jawi) sangsaya saged nggadhahi seserepan lan saged ngecakaken anggenipun wicantenan ingkang (1) jumbuh kaliyan ingkang dipunbetahaken dening tiyang ingkang mirengaken, (2) adhedhasar bukti-bukti ingkang nyekapi, (3) jumbuh kaliyan prekawis ingkang dipunrembag, (4) kanthi wajar, sampun ngantos ambigu (taksa), boten kuwalik (kedah runtut).

Bahan ingkang gegayutan kaliyan paugeran tatakrami dipun-ajab murih para siswa (kalebet sedaya tiyang Jawi) sangsaya saged wicantenan ingkang tansah nggatosaken tindak utawi watak tepa slira, legawa, bawa laksana, andhap asor, sarta asih mring sasama. Makaten ugi anggenipun wicantenan tansah netepi paugeran ingkang (1) nyekedhikaken ruginipun tiyang sanes, nanging langkung ngathahaken kauntungan tumrap tiyang sanes, (2) langkung ngathahaken ruginipun dhiri pribadi, lan langkung nyekedhikaken kauntungan kangge dhiri pribadi, (3) langkung ngathahaken utawi nengenaken raos urmat dhateng tiyang sanes, lan nyekedhikaken raos kirang urmat dhateng tiyang sanes, (4) kedah nyekedhikaken raos urmat dhateng dhiri pribadi, lan ngathahaken raos kirang urmat dhateng dhiri pribadi, (5) langkung ngathahaken pasarujukan dhateng tiyang sanes, lan nyekedhikaken kirang sarujukipun dhateng tiyang sanes, lan (6) langkung ngathahaken raos asih dhateng tiyang sanes, lan nyekedhikaken raos boten tresna dhateng tiyang sanes.

Bab tatakrami wicantenan ingkang mujudaken warisan budaya Jawi, perangan ingkang boten saged uwal saking panggesanganipun tiyang Jawi, piwucal supados ngurmati tiyang sanes, sarta njamin lancaripun sesambetan, pramila ing wucalan basa Jawi prelu nengenaken bahan ingkang ngemot paugeran tatakrami wicantenan basa Jawi.

E. DUDUTAN

Adhedhasar andharan ingkang sampun kaaturaken ing nginggil saged dipun-aturaken sawetawis dudutan, inggih menika:

1. Wicantenan basa Jawi boten namung nengenaken dhateng prekawis ingkang
    tekstual kemawon, nanging ugi sesambetan kaliyan prekawis ingkang sipatipun
    interpersonal. Minangka retorika tekstual, paugeran tatakrami wicantenan
    mbetahaken paugeran makarya sesarengan (cooperative principle), dene
    retorika interpersonal, wicantenan mbetahaken paugeran sanesipun, inggih
    menika paugeran tatakrami (politeness principle). Jinisipun paugeran (maksim,
    prinsip) tatakrami inggih menika paugeran kawicaksanan/hambegdarma, 
    paugeran panampi, paugeran bawa laksana, paugeran andhap asor, paugeran
    pasarujukan sarta paugeran katresnan. Paugeran tatakrami menika gegayutan
    kaliyan kalih tiyang ingkang wicantenan, inggih menika T1 (self) saha T2
    (other). T1 inggih menika ingkang wicantenan, dene tiyang sanes inggih
    menika mitra ingkang dipun-ajak wicantenan, lan T3 (tiyang kaping tiga) inggih
    menika tiyang ingkang dipunrembag dening T1 lan T2.

2. Tiyang ingkang wicantenan manawi tansah nggatosaken nenem paugeran
    kasebat, setungal lan setungalipun badhe suka pangertosan utawi seserepan
    ingkang sae sanget dhateng T1 lan T2, badhe wonten sesambetan wicantenan
    ingkang laras, tuwuh tindak utawi lan watak ingkang jumbuh kaliyan kaidah
    wicantenan ing basa Jawi. Laras tegesipun jumbuh kaliyan paugeran makarya
    sesarengan, inggih menika wicantenan ingkang
    (1) jumbuh kaliyan ingkang dipunbetahaken dening tiyang ingkang mirengaken,
    (2) adhedhasar bukti-bukti ingkang nyekapi,

    (3) jumbuh kaliyan prekawis ingkang dipunrembag,

   (4) kanthi wajar, sampun ngantos ambigu (taksa), boten kuwalik (kedah runtut),
        dene prekawis tindak utawi watak ing ngriki bilih nalika wicantenan badhe
        tansah migatosaken tindak utawi watak tepa slira, legawa, bawa laksana,
        andhap asor, sarta asih mring sasama.

3. Kangge nyengkuyung pambudidaya kangge nuwuhaken saha sangsaya
    ngiyataken wontenipun tindak utawi watakipun para siswa (kalebet sedaya
    tiyang Jawi) ing bab tepa slira, legawa, bawa laksana, andhap asor, sarta asih
    mring sasama, pramila bahan wucalan basa Jawi perlu dipun-tambahi bahan
    ingkang gegayutan kaliyan paugeran makarya sesarengan (prinsip kerjasama,
    tekstual) lan paugeran tatakrami (prinsip kesopanan, interpersonal).


DAFTAR PUSTAKA

♦ Austin, J.L. 1962. How to do Things with Words. Cambridge: Harvard
   University Press.

♦ Gunarwan, Asim. 1993. “Kesantunan Negatif di Kalangan Dwibahasawan
   Indonesia-Jawa di Jakarta: Kajian Sosiopragmatik”. Makalah PELLBA
   VII, Unika Atma Jaya, Jakarta, 26-27 Oktober 1993.

♦ ______. 1993. “Pragmatik: Pandangan Mata Burung”. Bahan Penataran
   Linguistik I, Unika Atma Jaya, Jakarta, 4-17 November 1993.

♦ Ibrahim, Abd. Syukur. 1993. Kajian Tindak Tutur. Surabaya: Penerbit
   Usaha Nasional.

♦ I Dewa Putu Wijana. 1996. Dasar-dasar Pragmatik. Yogyakarta: Penerbit
   Andi.

♦ Kaswanti Purwo, Bambang. 1990. Pragmatik dan Pengajaran Bahasa:
   Menyibak Kurikulum 1984. Yogyakarta: Kanisius.

♦ Leech, Geoffrey. 1983. The Principles of Pragmatics. New York:
   Longman Group Limited.

♦ ______. 1993. Prinsip-prinsip Pragmatik. (terjemahan M.D.D. Oka).
   Jakarta: Penerbit Universitas Indonesia.

♦ Levinson, Stephen C. 1987. Pragmatics. (Cetakan kedua). Cambridge:
   Cambridge University Press.

♦ Lubis, A. Hamid Hasan. 1993. Analisis Wacana Pragmatik. Bandung:
   Penerbit Angkasa.

♦ Paina Partana, dkk. 2010. ”Kekhasan Prinsip Kesantunan dalam Tindak
   Tutur Bahasa Jawa (Kajian Sosiolinguistik Bahasa Jawa di Surakarta)”
   (Penelitian Kelompok). Surakarta: Fakultas Sastra dan Seni Rupa
   Universitas Sebelas Maret.

♦ Parker, Frank. 1986. Linguistics for Non-Linguists. London: Taylor &
   Francis Ltd.

♦ Sumarlam. 1995. “Skala Pragmatik dan Derajat Kesopansantunan dalam
   Tindak Tutur Direktif”. Dalam Komunikasi Ilmiah Linguistik dan Sastra
   (KLITIKA). No. 2 Th. II, Agustus 1995. Jurusan Pendidikan Bahasa dan
   Seni, FKIP Universitas Veteran Bangun Nusantara Sukoharjo.

♦ W.J.S. Porwadarminta. 1939. Baoesastra Djawa. Groningen, Batavia:
   J.B. Wolters’ Uitgevers Maatschappij N.V.

♦ Yohanes Suwanto. 2011. “Pragmatik Bahasa Jawa” (Buku Teks).
   Surakarta: Sastra Daerah fakultas Sastra dan Seni Rupa Universitas
   Sebelas Maret.

♦ Yule, George. 2006. Pragmatik. (Terjemahan Indah Fajar Wahyuni).
   Yogyakarta: Pustaka Pelajar.


BIODATA
IDENTITAS DIRI

Nama                                         : Drs. Yohanes Suwanto, M.Hum.
Tempat dan Tanggal Lahir         : Klaten, 12 Oktober 1961
Pekerjaan                                  : Dosen Jur.Sastra Daerah Fak. Sastra dan Seni Rupa
Perguruan Tinggi                       : Universitas Sebelas Maret
Alamat Kantor                            : Jalan Ir. Sutami 36A Surakarta 57126
Alamat Rumah                           : Perum. Josroyo RT 07 RW 16 Jaten, Jaten,
                                                      Karanganyar         
                    Telepon                  : (*************************)
Alamat e-mail                             : (*************************)

RIWAYAT PENDIDIKAN PERGURUAN TINGGI

Tahun

Lulus
Program Pendidikan (diploma, sarjana, magister, spesialis, dan doktor) Perguruan Tinggi Jurusan/

Program Studi
1986 Sarjana Universitas Sebelas Maret Sastra Daerah/Bahasa dan Sastra Jawa
1994 Magister Universitas Padjadjaran Ilmu-ilmu Sastra (BKU Linguistik) - Program Pascasarjana

ikon pdf


kds penutup
wangsul-manginggil 

  • < 02 Tembang Jawa sebagai Sumber Kearifan Lokal dalam Pengembangan Pendidikan Budaya dan Karakter Bangsa
  • 04 Dongeng : Sarana Ngenalaken Nilai - Nilai Moral, Pengajaran Budi Pekerti Lan Khazanah Budaya Jawi >