| Makalah Pengombyong - (#16) |
|
Nuwuh Ngrembakakake Budi Pakarti Luhur Lumantar Kagiyatan Ekstra Kurikuler : Kethoprak, Teater Basa Jawa, Reyog Kendhang, Tembang, Nulis, Maca Guritan, Sarta Karawitan Dening: Ary Suharno I. PURWAKA
1. Undang-Undang Republik Indonesia No. 20 taun 2003 ngenaniSisdiknas ing BAB XI pasal 39 ayat (2) nyebutake: Pendidik merupakan tenaga profesional yang bertugas merencanakan, dan melaksanakan proses pembelajaran, menilai hasil pembelajaran, melakukan pembimbingan dan pelatihan, serta melakukan penelitian dan pengabdian kepada masyarakat. 2. Undang-Undang Republik Indonesia No. 14 taun 2005 ngenani guru lan dosen ing BAB I pasal 1 ayat (1) diandaharake: Guru adalah pendidik profesional dengan tugas mendidik, mengajar, membimbing, mengarahkan, melatih, menilai dan mengevaluasi peserta didik pada pendidikan anak usia dini jalur pendidikan formal, pendidikan dasar dan pendidikan menengah. Dene ing BAB VI pasal 28 ayat (1) lan (3) disebutake: - Pendidik harus memiliki kualifikasi akademik dan kompetensi sebagai agen 1. kompetensi pedagogik
Bab kasebut, salaras karo panemu, yaiku: dari pihak guru dituntut adanya unsur seni, ilmu dan teknologi, pemilihan nilai-nilai dan ketrampilan dalam proses belajar mengajar (J.J. Hasibuan 1986: 37-38).
4. Reyog Kendhang 1. Kanggo mekarake “potensi” siswa supaya bisa nduweni budi pakarti luhur kang sabanjure nduweni patrap lan tumindak kang salaras karo kapribadene bangsa. 2. Kanggo mikuwati kiprahe pendhidhikan nasional kanggo supaya bisa nggegem tanggung jawab sajroning mekarake “potensi” siswea kang luwih migunani lan anduweni martabat (Indonesia: lebih bermanfaat dan bermartabat). 3. Kanggo saringan (filter) budayaning bangsa dhewe sarta budaya manca kang ora salaras karo kapribadene bangsa kang duwe martabat.
V. ANCASE PENDHIDHIKAN BUDAYA LAN BUDI PAKARTI LUHUR
1. mekarake lan nuwuhake “potensi” kalbu tumrap siswa minangka manungsa lan warga negara kang nduweni kapribaden (budaya apadene bangsa). 2. nuwuh engrembakakake pakulinan lan tingkah lakune siswa kang pinuji lan salaras karo “nilai-nilai universal” lan tradhisine bangsa kang religius. 3. Nuwuh ngrembakakake jiwa kepemimpinan lan tanggung jawab tumrap siswa minangka generasi peneruse bangsa. 4. nuwuh ngrembakakake kabisane siswa supaya dadi manungsa kang mandhiri, kreatif lan nduweni wawasan kebangsaan. 5. nuwuh ngrembakakake lingkungan bebrayane sekolah minangka lingkungan pasinaon kang aman, ayom-ayem, tentrem, jujur kebak ing kreratifitas sarta nduweni rasa kebangsaan kang dhuwur lan nduweni kekuwatan tumuju: angudi lan angesthi luhuring budi, anjangka luhuring bangsa adhedhasar Pancasila.
VI. DUDUTAN
1. Nuwuh ngrembakake budi pakarti luhur, kajaba diwulangake ana kelas awujud kegiyatan intra kurikuler uga bisa lumantar kagiyatan ekstra kurikuler kaya kang katindakake ing SMP Negeri 1 Kalidawir. 2. Lumantar kagiyatan ekstra kurikuler: kethoprak, teater basa Jawa, reyog kendhang, temabang, nulis, maca guritan. lan karawitan; kajaba nguri-uri kabudayan bangsa kang adiluhung uga minangka sarana nuwuh ngrembakakake budi pakarti luhur kang salaras karo kapribaden bangsa 3. Kanggo nindakake kagiyatan ektra kurikuler kang tumuju tata krama, sopan santun utawa budi pakarti luhur kudu migunakake gegaran pedagogis lan “nilai-nilai” Pendidikan Karakter Bangsa, yaiku: religius, jujur, toleransi, dhisiplin, sregep makarya, kreatif lan mandiri. 4. Sawise setaun nindakake kagiyatan ekstra kurikuler kaya kang kasebut ana tulisan ing ndhuwur, para siswa SMP Negeri 1 Kalidawir katon banget owah-owahan kapribadene, yaiku: dadi luwih sopan, ngerti tata krama, luwih alus pangrasane, nduweni tanggung jawab, kreatif lan nduweni rasa kebangsaan lan nasionalisme kang luwih dhuwur. 5. Kagiyatan ekstra kurikuler kang anjurung marang luhuring budi, kapribaden bangsa kang nasionalis perlu ditingkatake. Kajaba angudi luhuring budi uga anjangka luhuring bangsa sarta nguri-uri budaya bangsa supaya ora kebethot didhaku dening bangsa manca. 6. Perlu dituwuhake sipat lan rasa: melu handarbeni, melu hangrungkebi lan mulat salira hangrasa wani. 7. Siswa iku sipate anon tiron, mula kita kudu bisa dadi tuntunan lan bisa ditiru, amarga angudi luhuring budi lan anjangka luhuring bangsa iku kuwajibane kabeh wae, ora mung pihak sekolah; nanging uga pamarentah lan masyarakat. Mula kabeh kudu nyawiji saiyeg saeka kapti mujudake gegebengan mau kanthi nyata.
VII. PANUTUP
|















